• Tidak ada hasil yang ditemukan

aja dumeh sugih banda

N/A
N/A
Protected

Academic year: 2017

Membagikan "aja dumeh sugih banda"

Copied!
4
0
0

Teks penuh

(1)

www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK Culture Library

www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK Culture Library

1

AJA D UMEH SUGIH BAND A

ALLAHUMMA SHALLI’ALA MUHAMMAD SAFI’IL ANAM WA’ALIHI WASAHBIHI

WASALLIM ’ALADDAWAM

Eling-eling sira manungsa, Temenana lehmu ngaji, Mumpung durung katekanan,

Malaikat juru patiLuwih susah luwih lara, Rasane wong nang naraka,

Klabang kures kalajengking,

Klabang geni ula geniRante geni gada geni, Cawisane wong kang dosa,

Angas mring kang Maha Kwasa,

Goroh nyolong main zinaLuwih beja luwih mulya, Rasane manggon suwarga,

Mangan turu diladeni, Kasur babut edi peni.

Cawisane wong kang bekti, Mring Allah kang Maha Suci, Sadat salat pasa ngaji,

Kumpul-kumpul ra ngrasani.

Omong jujur blaka suta, Niliki tangga kang lara, Nulungi kanca sangsara, Pada-pada tepa slira.

Yen janji mesthi netepi, Yen utang kudu nyahuri, Layat mring kang kasripahan, Nglipur mring kang kasisahan.

Awak-awak wangsulana, Pitakonku marang sira, Saka ngendi sira iku, Menyang endi tujuanmu.

Mula coba wangsulana, Jawaben kalawan cetha, Aneng endi urip ira, Saiki sadina-dina,

(2)

www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK Culture Library

www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK Culture Library

2

Gesang kula sapunika,

Inggih wonten ngalam donya, Donya ngalam karameyan, Isine apus-apusan.

Yen sampun dumugi mangsa, Nuli sowan kang Kuwasa, Siyang dalu sinten nyana, Jer manungsa mung sa’derma.

Sowanmu mring Pangeranmu, Sapa kang dadi kancamu, Sarta apa gegawanmu,

Kang nylametke mring awakmu.

Kula sowan mring Pangeran, Kula ijen tanpa rewang, Tanpa sanak tanpa kadang, Banda kula katilaran.

Yen manungsa sampun pejah, Uwal saking griya sawah, Najan nangis anak semah, Nanging kempal mboten wetah. Sanajan babanda-banda,

Morine mung telung amba, Anak bojo mara tuwa,

Yen wis ngurug banjur lunga.

Yen urip tan kabeneran, Banda kang sapirang-pirang, Ditinggal dinggo rebutan, Anake padha kleleran.

Yen sowan kang Maha Agung, Aja susah aja bingung,

Janjine ridhone Allah, Udinen nganggo amalan.

Ngamal soleh ra mung siji, Dasare waton ngabekti,

Ndherek marang kanjeng nabi, Muhammad Rasul Illahi,

Mbangun turut mring wong tuwa, Sarta becik karo tangga,

Welasa sapadha-padha, Nulunga marang sing papa.

(3)

www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK Culture Library

www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK Culture Library

3

Rakib ngatit sing nulisi, Gusti Allah sing ngadili.

Karo putra sing permati, Kuwi gadhuhan sing edi, Aja wegah nggula wentah, Suk dadi ngamal jariyah.

Banda donya golekana, Metu dalan sing prayoga, Yen antuk enggal tanjakna, Mring kang bener aja lena.

Aja medhit aja blaba,

Tengah-tengah kang mejana, Kanggo urip cukupana,

Sing akherat ya perlokna.

Aja dumeh sugih banda, Yen Pangeran paring lara, Banda akeh tanpa guna, Doktere mung ngreka daya.

Mula mumpung sira sugih, Tanjakna ja wigah wigih, Darma ja ndadak ditagih, Tetulung ja pilah-pilih.

Mumpung sira isih waras, Ngibadaha kanthi ikhlas, Yen lerara lagi teka,

Sanakmu mung bisa ndonga.

Mumpung sira isih gagah, Mempeng sengkut aja wegah, Muga sira yen wus pikun, Ora nlangsa ora getun, Mula kanca da elinga,

Mung sapisan aneng donya, Uripmu sing ngati-ati,

Yen wis mati ora bali, Gusti Allah wus nyawisi, Islam agama sejati, Tatanen kang anyukupi, Lahir batin amumpuni.

(4)

www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK Culture Library

www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK Culture Library

4

Dhuh Allah kang Maha Agung, Mugi paduka maringi,

Pitedah lawan pitulung, Margi leres kang mungkasi.

Nggih punika marginipun, Tetiyang jaman rumuhun, Ingkang sampun pinaringan, Pinten-pinten kanikmatan, Sanes marginipun tiyang, Ingkang sami dinukanan, Lan sanes margining tiyang, Kang kasasar kabingungan.

Gesang kita datan lama, Amung sakedheping netra, Maena sami andika,

Rukun Islam kang lelima.

AMIN AMIN AMIN AMIN YA ALLAH ROBBAL ‘ALAMIN

Referensi

Dokumen terkait

R.. Delta Sidoarjo memiliki daya tarik tersendiri untuk masayarakat melakukan aktivtas di GOR Delta Sidoarjo. Namun, permasalahan yang terjadi yakni kurangnya

Parameter yang dapat digunakan untuk melihat kestabilan suatu sediaan gel yaitu dengan dilihat ada tidaknya perubahan warna pada sediaan seperti terjadinya pemucatan warna

Pemberian pupuk hayati mikoriza dengan dosis 9 g/tanaman (M3) mampu memberikan pertumbuhan dan produksi yang lebih baik pada tanaman kacang tanah, pemberian limbah padat

1. Bubur kertas Teknik coil dan cetak.. Dari tabel diatas yang bukan merupakan teknik pembuatan karya kerajinan dari bahan lunak.. adalah... Beragamnya jenis kayu yang ada di

Dari keempat pengertian di atas dapat disimpulkan bahwa modal kerja merupakan dana yang ditanam pada aktiva lancar seperti kas, sekuritas, piutang dan persediaan

Banyak penelitian yang menghubungkan antara variabel Locus of Control dengan Burnout dan menjadi variabel yang sering diteliti korelasi keduanya dalam ilmu psikologi,

Hal ini juga sesuai dengan hasil penelitian yang didapatkan oleh peneliti dimana variabel dukungan sosial memiliki nilai Odds Ratio sebesar 0,893 yang artinya siswa

Tujuan dari penelitian ini adalah untuk mengetahui pengaruh dari stres kerja dan motivasi kerja terhadap kinerja karyawan pada PT.. Perusahaan gas Negara