NILAI-NILAI LUHUR YANG TERKANDUNG DALAM SERAT NITIPRANA kajupuk saka kadedayan-kadadeyan sabendinane pangripta lan uga saka critane wong liya. Sastra yaiku wujud lan asil pakaryan seni kreatif kang obyeke yaiku manungsa lan panguripane lan nggunakake basa kang dadi mediume (Semi, 1998:8). Mula ana kang ngandharake yen sastra iku kaca benggalane kedadeyan masyarakat ing jaman iku. Mula saka iku saben karya sastra mesthi nduweni ciri lan sabanjure bisa diteliti saka ngendi sastra iku, nggambarake kadadeyan ngendi sastra iku lan sapanunggalane. Ndonya iku sayektine kasusun saka sesambungan-sesambungan kang bisa nggawe endahing wujud. Sajrone sesambungan iku saben unsur nduweni makna lan ora lali saben unsur iku ana sesambungane maksud karo unsur liyane, dadi bisa kadudut yen unsur-unsur iku ora bisa nduweni makna dhewe kang ngadek ananging nduweni sesambungan karo liyane kang ana sajrone struktur.
▸ Baca selengkapnya: apa saja nilai-nilai yang terkandung dalam novel
(2)B. ANDHARAN
Ing ngisor bakal kajlentrehake ngenani teori kang digawe ana sajrone panliten iki.
1. Biografi Yasadipura
Raden Ngabei Yasadipura Tus Pajang utawa biasa kasebut Yasadipura I lair taun 1729 lan seda taun 1802. Yasadipura pujangga saka Kasunananan Surakarta kang ana awit ngadeke kerajaan iku.Jeneng asli saka Yasadipura yaiku Bagus Banjar, putra Tumenggung Padmanegara bupati Pekalongan. Kang rama isih kalebu tedhak turune Sultan Hadiwijaya raja Pajang. Cilikane Yasadipura I nate meguru marang Kyai Honggomoyo salasawijining ulama saka padepokan Magelang.
Yasadipura I nduweni kalungguhan minangka pujangga nalika jamane Pakubuwana III lan Pakubuwana IV. pannggonane diarani Yasadipuran, banjur diwarisake marang putrane dan nduweni gelar Yasadipura II.
Yasadipura I tilar ndonya taun 1802 kang uga minangka taun laire putune kang jenenge Ranggawarsita.ing mbesuke Ranggawarsita kang marisi kapujanggan Yasadipuran saka mbahe Yasadipura II. Yasadipura I disarekake ing tlatah Pengging, sawetara 15 Km kulone Surakarta.
Asil reriptane Yasadipura I
Yasadipura dianggep minangka pujangga gedhe ing pulo Jawa nalika abad ke-18.Panjenengane ngasilake asil reriptan karya sastra kang nduweni nilai dhuwur.papat karya kang kawentar yaiku minangka saduran saka karya sastra Basa Jawa Kuna kawentar, yaiku :
2. Serat Bratayuda minangka sadhuran saka Kakawin Bharatayuddha
3. Serat Mintaraga minangka sadhuran saka Kakawin Arjuna Wiwaha.
4. Serat Arjuna Sasrabahu minangka sadhuran saka Kakawin Arjuna Wijaya
Nanging serat iki bakal nganalisis sanjabane serat papa ting ndhuwur kang ngenani serat pewanyangan.Mula ing makalah iki bakal ngandharake ngenani serat Nitiprana kang uga
minangka anggitane Yasadipura.Dene kang ditliti yaiku ngenani nilai-nilai luhur kang kinandhut sajrone serat Nitiprana.
2. Nilai- Nilai Luhur Sajrone Serat Nitiprana
Ing ngisor iki bakal kaandharake ngenani nilai-nilai kang luhur sajrone serat nitiparana.ana saperangan kang bakal diandharake lan iku jumbuh karo kasunyatane lelaku urip ing ndonya iki.
2. 1 Njejegake Hukum lan Aturan Politik
Negara iku bisa jejeg upama hokum kang ana bisa dilakokake kanthi adil.Iku kaya kang diandharake ana ing serat Nitiprana pupuh Dhandhanggula pada 2 kang kacuplik ing ngisor iki.
“ Kuwating nagara gegirisi/ kuwating sarak sabab rumeksa/ wajib ngreksa hukum kabeh/ kukum pan kuwat kukuh/ angukuhi prakareng buri/ yen mangkono ta padha/ wedia mring kukum/ patrapna yudanagara/yen ketemu
Cuplika kang ana ing ndhuwur ngandharake yen negara iku bisa jejeg yen bisa lan wajib ngreksa hukum kanthi sekabehane lan ora mbedakbedakake. Lan aja lali nglakokake “yudanegara (politik)” lan njumbuhake karo hukume. kabeh kudu dilakokake kanthi adil lan bebarengan, kaya kang katulis “yen ketemu karono dadia becik”.
2. Nganut Ajarane Para Ulama
Masyarakat Jawa ing lelakune urip manggonake ulama minangka guru amarga nduweni kaluwihan ing babagan ngilmu.Ajaran kang diandharake dening para ulama didadekake pedoman ing lelakune urip. Iki kaya kang katulis ana ing serat nitiprana ing pada 3 kang kacuplik ana ing ngisor iki :
“ Lah punika sarjuning kang nulis/ mantheng ing tyas susetya ngulama/ nglapasken panggraitane/ graitane wong punggung/ anggung gawe agunggung dhiri/ dhirinira keweran/ tan weruh ing kawruh/ warah wuruk pan
tinerak/ nerak sarak nora wande nemu sarik/ rusuh rusak keprangkat// “
Saka cuplikan kang ana ing ndhuwur cetha banget pangripta mantheng ing tyas susetya ngulama yaiku prasetya marang ngulama lan prasetyane saka ati. Lan sapa kang ora mituhu marang ulama, nerak apa wae kang didhawuhi bakal rusak sekabehane. Lan wong sing ora ngerti marang ilmu lan amung sombong iku tandhane wong kang punggung (bodho).
Ing serat Nitiprana uga ngandharake ngenai pawongan kang seneng ngapura marang liyan.Iku katulis ana serat Nitiprana ing pupuh dhandhanggula pada 7 kaya kang kacuplik ing ngisor iki.
“Jroning Kitab Sipatul Ngulaki/ tandhaning wong kang kurang budinya/ ana pratandha awake/ solah pangucapipun/ kang kanggonan jatining budi/ yen
katekanan balak/ ing sariranipun/ winales ing kabecikan/ mring kabuka marang ing sasami-sami/ wong luput ingapura//”
Saka cuplike kang katulis ing ndhuwur ngandharake yen nduweni budi kang apik upama dilarani pawongan dibales kebecikan lan bisa ngapurani pawongan sing nglarani iku.
4. Sabar dan Iklas
Sabar lan iklas uga diandharake ana ing serat Nitiprana ing pada 16 kaya ing kacuplik ing ngisor iki:
“Wong kang sampun binuka ing ngelmi/ datan ana ingkang kinareman/ amung madhep ing nguripe/ ngreksa sakehing lacut/ laku sabar madhep ing Gusti/ tan arsa dhinginana/ Karsaning Hyang Agung/ tan duwe daya upaya/ amung
rila mring Hyang ingkang Mahasukci/ iku tekad kang nyata”
lanmituhu marang dhawuhe Gusti. Ora ndhisiki kersane gusti dadi bisa ditegesi yen pasrah marang kersane Gusti.
5. SregepNgibadah
Sregep ngibadahlan manembah ing ngarsane Gustiuga ana ing serat Nitiprana ing pada 19 kaya kang kacuplik ing ngisor iki.
“Antepana denira ngabekti/ miwah pasa ing sakira-kira/ lungguh pitekur lan melek/ kibir sumungah ujub/ iya iku utangen kaki/ adohna kang ngabetah/ drubiksa tetelu/ iku panggodhaning manah/ yeku angel pambuwange iku kaki/
kudu kraket kewala//”
D. Kesimpulan