• Tidak ada hasil yang ditemukan

Kumpulan Pawarta Bahasa Jawa

N/A
N/A
Protected

Academic year: 2021

Membagikan "Kumpulan Pawarta Bahasa Jawa"

Copied!
16
0
0

Teks penuh

(1)

Kumpulan Pawarta Bahasa Jawa

Pawarta Basa Jawa Maulid Nabi Muhammad (Berita

Bahasa Jawa Maulid Nabi Muhammad)

Assalamuallaikum Warahmatullahi Wabarakatuh.

Para pemirsa, tasih kaliyan kula Mirta Hanindya

Resanti ing acara pawarta enjang punika. Salajengipun

injih punika pawarta saking kutha Grobogan injih

babagan ‘Maulid Nabi Muhammad’. Sumangga kita

simak pawartanipun.

Sewunan warga saking maneka kutha ngrayakaken

tradisi ‘Maulid Rasul’ ing Grobogan dibarengi iringan

musik Islam rebana lan dipandu kaliyan Habib Syech

Asegaf, warga sing rawuh padha njoghet kaliyan

ngumandangake salawat Nabi.

Iringan rebana lan syair-syair jawa kaliyan salawat

kang dipimpin Habib Syech Qodir Asegaf narik

kawigaten warga dingge hanyut kanggo nglantunaken

salawat Nabi. Tradisi Maulid Nabi dilaksanakake kaliyan

masyarakat Grobogan secara turun temurun lan

nglantunaken salawat sareng-sareng kangge bentuk

penghormatan ingkang Nabi Muhammad. Warga yakin

peringatan Maulid Nabi bakalan maringake keberkahan

kanggo warga.

(2)

Sabubare nglantunaken salawat, ritual do’a lan

permohonan keslametan akhire dipanjataken. Selain

kangge mempererat kerukunan kanggo warga uga

ngeyakini tradisi Maulid Rasul sing berlangsung

turun-temurun, yaiku tradisi ingkang agung lan bakalan terus

dilestarikaken.

Sampun cekap sakmenten pemirsa, kula Mirta Hanindya

Resanti melakili kru lan kerabat kerja ingkang bekerja

nyuwun pamit, menawi wonten kalepatanipun nyuwun

samudra pangestu.

Wassalammualaikum Warahmatullahi

Wabarakatuh.

Proyek Rel Ganda Nemahi Perkawis Gantos Rugi Tanah

Tim pembebasan tanah proyek rel ganda Kabupaten Kendal, Jawa Tengah, nemahi perkawis. Ingkang dados sebab, wonten warga ingkang nyuwun gantos rugi tanah kanthi regi inggil, inggih punika ngantos 10 juta per

meter. Mila ngantos sakniki, pembebasan tanah ing Kendal nembe kalaksanan 50%.

Miturut pangandikanipun Kepala Bagian Tata

Pemerintahan Kabupaten Kendal, Agung Budi Cahyono, tanah ingkang sampun dibebasaken namung 45 hektar.

(3)

Kamangka, tanah ingkang dipunbetahaken kangge proyek rel ganda kirang luwih 98 hektar.

Tanah ingkang taksih dados perkawis inggih punika

wonten ing Weleri kaliyan Kaliwungu. Ing Weleri,wonten tigang tiyang ingkang nyuwun tanahipun dipun pundhut kanthi regi 6 juta per meter. Sawetawis, warga Desa Krajan Kulon, Kaliwungu, nyuwun Pemkab mundhut tanahipun kanthi regi 10 juta per meter.

Miturut kateranganipun Agung tanggal 8 Januari 2013, regi ingkang dipun suwun warga punika inggil sanget. Sebab, regi ingkang dipun temtuaken dening tim saking 800.000 ngantos 2 juta per meter. Punika namung regi tanah, dereng kalebet regi bangunan.

Agung nambahaken, ing pungkasan Maret 2013, perkawis pembebasan tanah kangge proyek rel ganda

dipunkarepaken sampun rampung. Wonten Kendal, paling mboten wonten 25 desa ingkang badhe dipundamel

proyek rel ganda. Tanah ing 15 desa sampun bebas. Nanging, tanah ing 10 desa sanesipun taksih

dipunrembag. Menawi tetep mboten nemahi kesepakatan gantos rugi, tim badhe nglebetaken perkawis punika

dhateng pengadilan, supados enggal-enggal dipungelar sidang konsinyasi.

KRUPUK ABANG PUTIH jogja

Bantul, www.jogjatv.tv – Ing taun 70-an, krupuk pohung,

ingkang namanipun krupuk abang putih, mujudaken nyamikan ingkang mirunggan. Sinaosa bahan bakunipun glepung tapioka

(4)

lan cara ngocalipun prsaja, ananging krupuk punika,

sakelangkung miraos, boten kawon kaliyan krupuk damelan pabrik. Ananging awit pangrembakaning jaman, krupuk punika tansaya kadhesuk, satemah cacahing perajin kantun sekedhik. Padhukuhan Klisat Srihardono Pundong Bantul, wiwit jaman kamardikan kawentar minangka teleng produksi krupuk abang putih. Warga ing desa kasebat, rikala samanten racak

makarya minangka perajin krupuk pohung punika. Nanging samangke cacahing perajin krupuk abang putih, kantun sekedhik. Mratahipun krupuk damelan pabrik njalari krupuk abang putih, kirang dipun pikajengi masyarakat.Sabar,

satunggaling perajin krupuk abang putih, mratelakaken, saben dinten ngocal 50 ngantos 70 kg glepung tapioka, kangge damel krupuk, suda kathah tinimbang 15 taun kapengker. Rikala

semanten Sabar damel krupuk ngantos sa-ton saben dinten, dipun biyantu dening welasan tanaga karya. Samangke Sabar ndamel krupuk nasionalis punika namung kaliyan semahipun. Regi krupuk abang putih mentah Rp 18.000,00 saben kilo . Samangke panyadenipun saya winates, namung dipun sade dhateng Imogiri iring kidul lan Kecamatan Panggang.Awit saking punika, para perajin ngajab pemerintah cawe-cawe milujengaken produksi krupuk mirunggan saking Pundong punika.

Dalan Rusak, Ora Ono sing Ndandani

Dalan kabupaten saka wilayah kecamatan Sreseh tumeko kutha Sampang rusak lan podho growok,

(5)

kendaraan roda 2 utawa roda 4 sing arep liwat ing dalan iku kudu ati-ati lan waspodo. Sampek saiki dalan iku

durung di dandani karo pemerintah daerah Sampang. Saiful (25 taun) warga sing sering liwat dalan iku

ngeluhkake bab dalan sing rusak iku,” sampek saiki isih rusak padahal dalan iku wes suwe rusak nanging durung di dandani”. Ucape Saiful wektu di temoni radar Jawa Pos kala wingi. Akibat dalan sing rusak iku mau, ndadekno akeh wong sing nganggo kendaraan roda 2 utawa roda 4 ngalami kecelakaan ana ing dalan iku.

PAWARTA

(6)

Lengene Bayi digunting Ibune Dewe

Jombang.Miris banget kelakuane Nur Inani

Ana,33,warga dusun Ngudirejo kec.Diwek.marang putrine dewe.dheweke tega ngunting tangan bayine kang isih umur 7 wulan dek wingi(25/8).nyebabake lengen kiwo bayine meh pedhot.

“Otot lengene pedhot,sawise diwenehi

pangrumatan,bayi kasebut terus dirujuk menyang RSUD dr.Soetomo Surabaya,”atur dr.Agung,dokter jaga UGD RSUD Jombang.

Agung ngrujuk bayi kasebut menyang RSUD dr.Soetomo sawise nyuwun palilah menyang dokter spesialis.”sawise tatune ditutup,bayi langsung karujuk menyang RSUD dr.Soetomo.”ujare.kahanan balunge pedhot opo ora during iso menehi katrangan kang

rinci.”kawulo dereng ngantos mreksani kahanan balunge langsung kawulo rujuk.”ujar dr.Agung.

Aisyah(jenenge bayi kasebut) digawa keluargane menyang RSUD Jombang jam 10.00 kahanane parah

banget. Awake lemes,amergo ngetokake getih waras saka lengen kiwone. Nganti ora bisa nangis naming

misek-misek lan luh mripate dredes terus.

Tekan rumah sakit Aisyah gak kesuwen terus di infuse liwat sikile,sedelo banjur iso nangis.tangis Aisyah leren amergo bakake menehi dot susu formula.

Aisya putri kang kapisan pasangan.Arifin,31 lan Nur Inani Ana. Kedadean diwiwiti saka tangise Aisyah,ora ngerti sebab opo kok nangis terus saka isuk. Ing omah gedhe iku,ana mung Aisyah,ibune lan simbah

putri,Sa’adah,48. Arifin bapake Aisyah wiwit isukwis budhal menyang pasar cukir dodolan sayuran.”aku

keprungu tangise wiwit jam 05.30”kandane salah sijine paman Aisyah omahe ora adoh saka omah korban.”tak kiro nangis lumrah.”tangise kok ora kaya

(7)

biasane,tangisane kok suwe banget,padahal biasane bocah kuwi ceria banget.”Ature pamane.

Jam 09.30, dheweke ngajak Sa’adah niliki Aisyah ing kamare,sakarone kaget banget eruh tangane Aiayah

ngetokake geteh nganti nelesi seprei lan jogan. Ibune dhewe mung mandeng wae.

Ora kepingin putune tambah parah,Sa.adah lan putrane(paman Aisyah)gawa Aisyah menyang RSUD Jombang. Sawetara Aiyah dirujuk menyang RSUD dr.Soetomo Surabaya di kancani bapake dhewe jam 11.30, Sa’ada mulih niliki kahanan ibune korban.

Arifin kaget banget weruh kahanan kaya

mankene.”wektu kadadean aku isih ning par.saka pasar aku langsung budal mrene”kandane Arifin.

TUGAS

Ndoleki unsur 5W + 1H ing PAWARTA nduwur : 1. What(apa) :Lengene bayi di gunting ibune dewe

2. When (kapan):tanggal 25 agustus 2012

3. Who (sopo) :

a. Nur Anani Ana :pelaku

b. Aisyah :korban

c. Arifin :Garwa pelaku

d. Sa’adah :mbah korban

e. Paman :pamane korban

4. Why (kenapa) :Aisyah di infus amarga mari ngetokake

darah akeh teka tangan sing di gunting ibune

(8)

6. How (piye) :Aisyah di gawa keluargane menyang RSUD

Jombang kahanane parah banget

BANJIR LAN LARANG PANGAN

Pirang-pirang dina iki, ing ngendi-endi papan keprungu pawarta banjir, ora mung kutha-kutha ing pulo Jawa, kayata Yogyakarta, Solo, Bandung, Jakarta, Surabaya, lan Semarang, nanging uga ing pulo-pulo liyane kaya dene kedadeyan banjir ing Kalimantan, Sumatra, Sulawesi, lan Papua. Kedadeyan mau

kaya-kaya bareng. Bab kang kaya mangkono iku bisa dumadi, amarga ora mung sebab alase sing wis gundhul, nanging sejatine luwih akeh disebabake cuaca ekstrim. Cuaca ekstrim bisa

dumadi saka pengaruhe “pemanasan global” kang dumadi sa-donya. Malah kedadeyan udan salju nggegirisi uga dumadi ing tlatah Benua Eropa, kang ndadekake akeh penerbangan batal. Semono uga Benua Australia sing sejatine mangsa ketiga, uga kena udan salju sing nggegilani.

Akeh udan uga bisa nyebabake tetanduran padha gagal

(9)

kayata pari uga keterak banjir, saengga panene gagal.

Tetanduran sing akeh gagal panen kayata rambutan, duren, apa dene lombok. Malah, nganti pawarta iki katulis, rega lombok tansaya ndedel ora karu-karuwan. Sekilone –yen wingi isih kawartakake mung tekan 60 ewu rupiyah—saiki nganti punjul saka satus ewu sekilone, kanggo lombok jemprit abang. Dene lombok abang gedhe nganti sewidak ewu sekilone. Kamangka lombok mono klebu bumbu dhapur sing kudu ana kanggo

mangsak. Yen nganti lombok regane larange ora mekakat, ateges nambahi sengsarane wong cilik anggone arep nyukupi kebutuhan pangane. Durung maneh rega beras kang isih ndedel tansaya mundhak, nambahi masarakat cilik padha ora bisa tuku beras. Kamangka negara Indonesia kondhang kanthi jejuluk “gemah ripah loh jinawi, tata titi tentrem kerta raharja, kang sarwa tinandur bakal thukul”.

Larange pangan ing wiwitane taun iki, ndadekake tansaya akeh warga miskin sing padha kaliren, amarga ora bisa tuku beras. Mangan sega kanggone dheweke dianggep panganan kang istimewa. Barange pancen ana, nanging dheweke wis ora kuwat tuku maneh. Pancen memelas banget. Kamangka dheweke uga kudu tetep mangan kanggo nyambung urip. Mula gandheng beras larang, dheweke padha milih tuku panganan liyane sing luwih murah, kayata sega aking, thiwul, sega jagung, oyek, lan liya-liyane. Panganan kasebut regane luwih murah tinimbang beras. Pancen sejatine panganan kang regane murah kasebut kurang ana gizine. Nanging kepriye maneh, kepeksa dituku amarga sing kuwat dituku. Tinimbang mati kaliren, dheweke tuku panganan sing tanpa gizi amarga kepeksa.

(10)

Suwalike, sebageyan masarakat liyane malah tetep padha udur politik. Sebageyan maneh, kayata para pejabat padha nggedhegake anggone padha korupsi. Sebageyan masarakat liyane malah kerep dhemo, njaluk bayarane mundhak sing luwih akeh. Kamangka bayaran saben tahune wis diundhakake.

Sebageyan maneh uga nganakake dhemo supayane bisa diangkat pegawe negri. Kamangka dana APBN lan APBD ing wektu iki, wis luwih saka separone mung entek kanggo mbayar blanjane pegawe negri kang cacahe mung saiprit. Banjur

masarakat liyane keduman apa? Mangkono iku gambarane rakyat Indonesia ing taun 2011 iki sing durung akeh owah-owahane karo taun-taun sadurunge.

"MUSIBAH SANGAREPE PEMILIHAN PRESIDEN"

Pemilihan presiden lan wakil presiden 5 Juli wis saya cedhak. Sapa wae sing arep nyalon presiden lan wakil presiden

sebageyan wis ketok, antarane Megawati, Hamzah Haz, Susilo Bambang Yudoyono, Wiranto, Amin Rais, Yusuf Kalla, lan liya-liyane. Wektu-wektu iki akeh-akehe para calon presiden lan wakil presiden mau wis padha njajagi antarane siji lan sijine kanggo pasangane utawa istilahe koalisi. Sapa ngerti kanthi koalisi bisa entuk panyengkuyung sing luwih gedhe saka rakyat. Pawarta ngono kuwi sing lagi rame-ramene ngrenggani layang kabar sing sumebar ing Indonesia bab politik.

(11)

Bab politik mono adate dadi caturane wong gedhe. Yen wong cilik nyatur politik adate mung melu-melu. Amarga biasane arang banget wong cilik sing kecipratan muktine. Dene yen bab musibah racake sing kena wong cilik. Kayata sing lagi wae

kedaden ing Sumatera Barat Jumuwah tanggal 23 April kepungkur, wong sak bus kurugan lemah longsor nganti wong sing nemahi mati nganti 39 gunggunge. Racake sing mati mau mesthi wae wong cilik. Kedadeyan mau penere ngenani bus ALS sing dumadi ing Hutan Lindung Panti ing Kuburan Nanduo,

Nagari Panti, Kabupaten Pasaman, kira-kira 211 km sisih lore kutha Padang.

Liyane iku kedadeyan tawur antarane pendukung NKRI lan Republik Maluku Selatan sing dumadi Minggu tanggal 25 April kepungkur, racake sing kena musibah uga wong cilik. Miturut layang kabar Kompas nganti tekan tanggal 27 April wingi, sing tiwas wis nganti wong 21. Malah anggota Brimob wis melu tiwas ana wong loro. Kedadeyan mau dumadi ing Talake lan Waringin ing kutha Ambon, pulo Ambon, Propinsi Maluku.

Durung maneh kedadeyan-kedadeyan liyane sing racake uga ngenani wong cilik kayata kerampokan, kecopetan, kobongan, kebanjiran, lan liyane-liyane. Musibah tetep wae ngenani wong cilik. Muga-muga wae kanthi anane pemilihan presiden lan wakil presiden kanthi langsung ora nambahi musibah marang wong cilik.

(12)

SALAH MANGSA?

Ngancik sasi Mei taun iki, pirang-pirang dhaerah isih akeh udan. Malah akeh sing kepara kebanjiran lan kena banjir bandhang. Kaya sing durung suwe kedadeyan ing dhaerah Trenggalek Jawa Timur. Ana wong papat sing tiwas amarga banjir bandhang kasebut. Banjir lan banjir bandhang uga nerak dhaerah-dhaerah liya ing pulo Jawa, Sumatra lan liya-liyane. Kamangka ing padatan, ngancik sasi Mei iku, udane wis suda akeh lan mlebu ing mangsa mareng (pancaroba) lan sabanjure mlebu ing mangsa ketiga. Malah miturut Badan Meteorologi Klimatologi dan Geofisika (BMKG) Nasional, ing mangsa ketiga taun iki luwih dawa lan hawane luwih garing. Kenapa kok malah suwalike, ing mangsa pancaroba kaya ing sasi Mei iki isih akeh udan? Kedadeyan apa iki?

Jare-jarene wong pinter, saiki iki donya lagi keterak

“pemanasan global”. Mula kadhangkala ramalan iku ora cocog lan malah kepara mleset. Apa ya isih akehe udan ing sasi Mei iki klebu salah sijine ramalan sing mleset. Bisa uga mangkono. Mula kanthi anane ramalan sing sok mleset kasebut, kabeh manungsa kudu akeh waspadane, supaya ora kena kacilakan awujud apa wae, kayata raga, bandha, utawa liyane. Apa maneh tumrap warga sing manggon ing pereng-pereng gunung, kudu tambah tansaya waspada, amarga akeh alas-alas kang ditegori, dadine gundhul. Yen wis ngono, kanthi anane akehe banyu udan,

(13)

gampang wae ndadekake lemah longsor, gedhene banjir bandhang.

Akeh papan-papan perenging gunung kang saiki wis padha gundhul malik ditanduri sayur-sayuran kayata, kobis, wortel, kenthang, lan sapiturute. Kayata kang ditemoni Tembi nalik durung suwe sanja menyang Malang, Jawa Timur. Pas ngliwati dhaerah Pujon, Malang, ana sebageyan dalan kang padha

longsor keterak banyu kali. Kiwa tengene dalan, akeh-akehe lemahe rawan longsor, amarga wis dikebaki tanduran sayuran lan woh-wohan. Malah ilining banyu kali sebageyan wis ora ngliwati dalane banyu, nanging nerak dhaerah sawah-sawah. Pancen nggegirisi banget. Iku mertandhani yen dhaerah Pujon, Malang pancen wis rawan longsor. Ora beda karo

dhaerah-dhaerah perenging gunung ing pirang-pirang dhaerah-dhaerah ing Jawa Tengah, Jawa Barat, lan liya-liyane. Apa iki mertandhani yen manungsa iku saiki mung mburu bandha thok?

SEKATEN LAN GREBEG MULUD 1944 TAUN JAWA

Kaya adat saben, ing sasi Mulud taun Jawa, Kraton Kasultanan Ngayogyakarta (uga ing Kraton Kasunanan Surakarta) padha ngadani sawijining acara tradhisional yaiku kang aran Grebeg. Acara grebeg kasebut diadani kanggo mengeti wiyose Kanjeng Nabi Muhammad SAW ing tanggal 12 Rabiul Awal. Sasi Rabiul Awal iku petungan sasi ing taun Hijriyah, petungan Islam. Yen ing petungan Jawa, sasi kasebut diarani sasi Mulud, amarga dijupuk saka wiyose Kanjeng Nabi Muhammad SAW. Mulud dhewe saka tembung milad, kang ateges wiyos utawa lair. Mula ing masarakat Jawa, pengetan wiyose Kanjeng Rasul iku

(14)

dipahargya kanthi nggelar Grebeg Mulud. Puncak grebeg diadani pas ing tanggal 12 Mulud utawa 12 Rabiul Awal. Ing acara puncak kasebut, pehak kraton kekarone padha gawe gunungan arupa panganan, jejanganan, lan ubarampe liyane

minangka sedhekah kanggo kawulane. Ing taun iki, grebeg arep diadani ing dina Slasa tanggal 15 Pebruari 2011 (ngepasi

tanggal 12 Mulud 1944 J utawa 12 Rabiul Awal 1432 H). Seminggu sadurunge upacara grebeg, adate pehak kraton padha ngetokake gamelan Sekathi (ing Kasultanan

Ngayogyakarta arane Kyai Guntur Madu lan Kyai Nagawilaga). Gamelan kasebut sasuwene seminggu ditabuh ing Masjid Gedhe Kauman. Adate akeh para warga kepengin padha ngrungokake gamelan sing padha ditabuh. Miturut sejarahe, nalika gamelan padha ditabuh, sing diangkah supaya kawula Mataram padha gelem mlebu agama Islam kanthi maca “Syahadatain”, kanthi manasuka ora dipeksa. Amarga, gamelan iku minangka daya tarik nekakake wong. Lan ing sela-selane nabuh gamelan Sekathi mau, adate diadani dakwah Islam.

Ing masarakat Jawa ana kapercayan kang wis turun-tumurun, yen para kawula sing padha melu rebutan gunungan nalika

grebeg, utawa nginang lan dhahar sega gurih nalikane gamelan Sekathi ditabuh, bisa ndadekake tambah berkah, sempulur rejekine, utawa awet enom. Kuwi kabeh mung kapercayan. Sing cetha, kanthi anane tradhisi kasebut mung dadi pratandha, yen sejatine kraton iku nduweni kuwajiban gawe makmure

kawulane. Mula antarane kraton lan kawulane iku kudu padha golong-gilig. Padha kaya wektu saiki, nalika ana kasus sing lagi dialami dening kraton, kanthi anane ontran-ontran bab

(15)

kawulane uga kudu melu nyengkuyung mbela kraton. Ora malah suwalike, tinggal glanggang colong playu.

SEKOLAH SBI LAN RSBI, KANGGO SAPA?

Sekolah Bertaraf Internasional (SBI) lan Rintisan Sekolah Bertaraf Internasional (RSBI) wiwit mratah ing Indonesia limang taun pungkasan. Pancen tujuane apik yaiku kanggo ningkatate kualitas pendhidhikan ing Indonesia supaya ora kalah karo kualitas pendhidhikan ing negara manca. Salah siji cirine sekolah SBI lan RSBI yaiku ing pengantar pelajarane nggunakake sethithike rong basa, yaiku basa Indonesia lan basa Inggris. Mula ora mokal, pamarentah dhewe ngesok anggaran kang gunggunge nganti atusan yuta saben sekolah SBI lan RSBI saben taune. Dana kang disokake nganti

gunggunge atusan yuta mau kanggo ningkatate sarana lan prasarana pendhidhikan. Kanthi komplite sarana prasarana, diajap supaya kualitase tambah apik lan yen bisa sekolah-sekolah liyane bisa melu nyonto.

Nanging banjur kepriye kabare sabanjure? Nyatane kanthi anane sekolah SBI lan RSBI akeh sing sambat utamane kawula cilik, amarga ora gampang mlebu ing sekolah kasebut. Yen ta upamane bijine apik, durung karuwan bisa klebu, amarga kudu isih tetep mbayar larang, malah kepara yutan. Durung maneh SPP sasen uga ngancik atusan ewu rupiyah. Kamangka saliyane wis entuk dana saka pamarentah atusan yuta, sekolah SBI lan RSBI uga isih entuk dana Bantuan Operasional Sekolah (BOS)

(16)

lan Bantuan Operasional Pendidikan (BOP). Jarene kabeh biaya kasebut kanggo ningkatake kualitas pendhidhikan. Mula saka iku, gandheng mlebu neng sekolah SBI lan RSBI angel, utamane saka dhuwit sumbangan sing nganti yutan kasebut, mula sekolah kasebut akeh sing mlesetke jenenge kanthi sebutan Sekolah Bertarif Internasional lan Rintisan Sekolah Bertarif

Internasional. Sing cetha sekolah kasebut, jan-jane mung kanggo bocah-bocah anake wong sugih. Dene kanggo anake wong-wong mlarat cukup ing sekolah biasa wae.

Emane sekolah-sekolah kasebut saiki kaya-kayane malah entuk palilah saka pamarentah. Dene sekolah-sekolah biasa liyane, klebu sekolah swasta ecek-ecek kaya-kayane tambah dijarake. Urip ya sokur mati sakarepmu. Sekolah-sekolah saiki tansaya tambah dikothak-kothak lan dipilah-pilah. Wong mlarat labele sekolah A, dene wong sugih labele sekolah B, lan sapiturute. Endi sing gelem mbayar larang bisa mlebu sekolah SBI lan

RSBI, ora ketang kurang pinter. Kamangka sejatine kuwajibane pamarentah ngopeni sekolah-sekolah pinggiran supaya kualitase tambah apik, lan ora suwalike malah mateni. Rak sejatine

tugase pamarentah menehi pendhidhikan sing padha tumrap kabeh warga negarane tanpa mbedak-bedakake. Yen wis carane ngene iki, nganti kiamat wong mlarat ora bakal bisa sekolah ing sekolahan-sekolahan sing kualitase apik, lan wis tinakdir kudu dadi wong cilik, dadi babu, nerusake saka trahe wong tuwane. Sengsara banget yen ngono kuwi!

Referensi

Dokumen terkait

Dene sing kalebu tembang dolanan yokuwi, ana : jamuran, gajah-gajah, menthok-menthok, suwe ora jamu, tikus pithi, padhang bulan, cublak suweng lan sak liyane1. Sing

Sanasaban dening dayaning Triguna, wong sajagad iki padha kablinger kabeh, lan ora padha bisa nyekseni Kahanan Ingsun, ingkang jumeneng tanpa magepokan karo sakeh

Menawa matur marang wong sing luwih tuwa kudu..... Wong seng nglakokake wayang

nahan panggalihe maneh ana ing ngarepe kang padha sowan, banjur ngandika seru: “Wong kabeh padha konen metu saka ing kene!” Dadi ing ngarsane Sang Yusuf wus ora ana wong

Lungo terus jarang mulih nganti biyung lan adhike kuwatir menawa ana kedaden kang ora apik kalakoni dening Raden Sahid.Saiki Raden sahid ora trima maling nanging dadi begal sing

Sapa wae sing percaya nang reang, masia mati, bakale tangi teka pati, terus urip sak'lelawase ning swarga... Maringono Yesus, Marta, Maria, katek wong akeh ndengok nang

Cerkak akeh dipublikasekake lumantar medhia massa, kayata: kalawarti (majalah), ariwarti utawa koran tabloid, utawa diwacakake ing pasamuan sastra, uga

Kesimpulane Tembang, yaiku : 1 Kabeh bocah sing padha sekolah kudu sregep sinau lan aja nakal lan kemaki sombong sebeb iku sing bisa marakke/ndadekke bodho!. Paragraf sing bener