• Tidak ada hasil yang ditemukan

UNDUH SOAL BAHASA JAWA - TO4

N/A
N/A
Farinda Kusuma

Academic year: 2024

Membagikan "UNDUH SOAL BAHASA JAWA - TO4"

Copied!
16
0
0

Teks penuh

(1)

UNDUH SOAL BAHASA JAWA - TO4

Jumlah Soal : 40

1) Waosen geguritan ing ngisor iki kanthi premati ! Rukun Agawe Santosa Anakku . . . . Donya iki dudu duwekku Donya iki dudu duwekmu Mula aja rebutan panguwasa Aku lan kowe ora bisa urip ijen Aku lan kowe kudu urip bebarengan Sayuk rukun Gotong royong Jroning geguritan ing nduwur ana tembung “bebarengan” sing tegese . . . .

a. mlaku bareng b. urun rembug

c. guyup rukun d. jejer bareng

Jenis Soal :Pilihan Ganda Jawaban Benar :C

2) Waspadakna pachelaton ing ngisor iki ! Ina         : "Mbak ngapunten kulo badhe tanglet." Triya      : "Apa Dhek?" Ina         : "……….Bu Mariam nggih?"

Triya      : "Griyane Bu Mariam ana ing daerah Deso Plosorejo." Ina         : "Inggih, maturnuwun Mbak." Ukara kang trep kanggo ngganepi pachelaton ing dhuwur yaiku…

a. Omahe b. Ing ngendi

c. Nopo panjenengan pirso d. Wonten pundi nggriyanipun Jenis Soal :Pilihan Ganda Jawaban Benar :D

3) Waspadakna wacan ing ngisor iki kanthi premati !      Ana ing sawijining dina urip keluarga nelayan ana pinggiran segara daerah Sumatra kana. Malin mung urip karo Simbok. Nalika gedhe Malin kepingin golek kauripan sing luwih becik banjur   Malin lunga ngumbara ing negara liya, ananging Malin lali marang Simboke  lan nalika lelakone dadi sodagar sugih ora sengaja kapale kadampar ing daerahe, nalika ketemu Simboke Malin ora gelem ngakoni, amarga isin Simboke mlarat lan wis

tuwa, Simboke nesu Malin  di sedakake dadi watu amarga ora duwe ati lan ora bekti marang wong tuwa. Latar cerita lan paraga utama saka cerita ing ndhuwur yaiku…

(2)

a. negara liya - Malin b. negara liya - Simbok

c. daerah Sumatra - Malin d. daerah Sumatra - Simbok Jenis Soal :Pilihan Ganda Jawaban Benar :C

4) Gatekna tabel ing ngisor iki ! No. Ciri-ciri Teks Informasi 1 Teks kang nggambarake kedadean tartamtu 2 Pemaos kaya ndeleng, ngrasakake lan ngrungokake dhewe 3 Nduweni struktur : Idhentifikasi, Klasifikasi, Dheskripsi bagean 4 Teks utawa wacan kang disusun kanthi runtut saengga mbentuk alur crita  Saka tabel ing dhuwur, kang kalebu ciri-ciri saka teks dheskripsi yaiku nomor…

a. 1, 2, 3 b. 1, 3, 4 c. 1, 2, 4 d. 2, 3, 4

Jenis Soal :Pilihan Ganda Jawaban Benar :A

5) Gatekna tembang dolanan ing ngisor iki ! Gambang suling kumandhang swarane Thulat tulit kapenak unine U… uu… nine mung nrenyuh ake Barreng lan kentrung ketipung suling Sigrak gambange Isi kang trep saka tembang ing dhuwur yaiku…

a. ora seneng marang piranti lagu tradhisional kang nduweni nada sing endah b. remen marang piranti lagu tradhisional kang nduweni nada sing endah

c. ora weruh marang piranti lagu tradhisional d. ora gelem ngrungokake lagu tradhisional Jenis Soal :Pilihan Ganda

Jawaban Benar :B 6) Image not found

https://penilaianakademik.min1kotamalang.sch.id/__statics/gudangsoal/7/images/TO4-6(1).png

Aksara ing dhuwur gunakake

sandhangan kang arane SUKU lan WULU.

(3)

a. Benar b. Salah

Jenis Soal :Salah Benar (True/False) Jawaban Benar :A

7) Dadi bocah bodho iku ojo sok ……….. mundhak ora disenengi kancane. Tembung kang oleh seselan sing trep kanggo ngisi ceceg-ceceg ukara ing ndhuwur yaiku…

a. rinasa b. ginaris

c. sumunar d. kuminter

Jenis Soal :Pilihan Ganda Jawaban Benar :D

8) Ilatku ngene iki wis ora bisa ngrasakake panganan enak. Tembung “ngrasakake”

oleh ater-ater ng.

a. Benar b. Salah

Jenis Soal :Salah Benar (True/False) Jawaban Benar :A

9) Waspadakna wacan ing ngisor iki kanthi premati ! Akhire, dina iki teka. Sari lan keluargane arep menyang Planetarium Jakarta. Sari tangi jam 05.00 esuk, banjur ngewangi ibune nyiapake piranti sing arep digawa. Sadurunge budhal, sarapan nganti jam 07.00 budhal menyang Planetarium. Ati Sari bungah banget amarga bisa budhal bareng keluargane. Wacan ing nduwur iku kalebu jenise wacan...amarga...

a. Teks Pesuasi – amarga ana paraga lan latar b. Teks Persuasi – amarga ana ukara pangajak

c. Teks Narasi – amarga diceritakake kanthi runtut

d. Teks Narasi – amarga ana bagean kang diidhentifikasi Jenis Soal :Pilihan Ganda

Jawaban Benar :C

(4)

10) Waspadakna wacan ing ngisor iki kanthi premati ! Akhire, dina iki teka. Sari lan keluargane arep menyang Planetarium Jakarta. Sari tangi jam 05.00 esuk, banjur ngewangi ibune nyiapake piranti sing arep digawa. Sadurunge budhal, sarapan nganti jam 07.00 budhal menyang Planetarium. Ati Sari bungah banget amarga bisa budhal bareng keluargane. Ide pokok kang trep yaiku…

a. Sari tangi jam 05.00 esuk b. Sarapan nganti jam 07.00

c. Nyiapake piranti sing arep digawa

d. Sari lan keluargane arep menyang Planetarium Jakarta Jenis Soal :Pilihan Ganda

Jawaban Benar :D

11) Waosen wacan ing ngisor iki kanthi premati ! Indonesia minangka negara kepulauan sing nduweni kekayaan alam sing akeh banget. Iki amarga lemah sing subur lan lokasi sing strategis. Sayange, masyarakat Indonesia durung bisa ngatur sumber daya kasebut supaya bisa dimanfaatake dening negara liya. Geneya Indonesia diarani negara kang sugih ?  Jawaban kang trep saka ukara pitakon ing dhuwur yaiku…

a. amarga Indonesia nduweni lemah sing subur lan lokasi strategis b. amarga Indonesia ora bisa ngatur sumber daya alame

c. amarga Indonesia ora bisa manfaatake kekayaane d. amarga Indonesia nduweni masyarakat kang akeh Jenis Soal :Pilihan Ganda

Jawaban Benar :A

12) Waosen wacan ing ngisor iki kanthi premati ! Indonesia minangka negara kepulauan sing nduweni kekayaan alam sing akeh banget. Iki amarga lemah sing subur lan lokasi sing strategis. Sayange, masyarakat Indonesia durung bisa ngatur sumber daya kasebut supaya bisa dimanfaatake dening negara liya. Tembung kang ora bisa digawe ukara pitakon saka wacan ing dhuwur yaiku Kepriye...

a. Benar b. Salah

Jenis Soal :Salah Benar (True/False) Jawaban Benar :B

13) Tembung gagah prakosa kalebu tembung camboran.

(5)

a. Benar b. Salah

Jenis Soal :Salah Benar (True/False) Jawaban Benar :B

14) Para warga padha … ndandani dalan ing desane. Wit-witan ing desane katon ...

Tembung saroja kang trep kanggo ngganepi ukara ing dhuwur yaiku…

a. guyup rukun – abang mbranang b. colong jupuk – ijo royo royo

c. guyup rukun – ijo royo royo d. edipeni – abang mbranang Jenis Soal :Pilihan Ganda Jawaban Benar :C

15) Gatekna Tembang Macapat ing ngisor iki ! Bapak Pucung saben dina tansah bingung, Badanira panjang, Tutukira pan persagi, Saben dina pucung nguntal buntutira Guru lagu lan guru wilangan saka tembang ing dhuwur yaiku…

a. 12u, 6a, 8a, 12i b. 12u, 6a, 8i, 12a c. 8u, 6a, 8i, 12a d. 8u, 8a, 8i, 8a

Jenis Soal :Pilihan Ganda Jawaban Benar :B

16) Gatekna Tembang Macapat ing ngisor iki ! Bapak Pucung saben dina tansah bingung, Badanira panjang, Tutukira pan persagi, Saben dina pucung nguntal buntutira Tembang macapat ing dhuwur arane tembang Pucung.

a. Benar b. Salah

Jenis Soal :Salah Benar (True/False) Jawaban Benar :A

(6)

17) Waspadakna cerita singkat ing ngisor iki ! Nalika perang Baratayuda kang dumadi ing Tegalkurusetra ngancik dina kang kaping wolulas. Abimanyu kapilih dadi

senopati perang. Senajan abot merga kudu ninggalake Dewi Utari kang lagi ngandhut tuwa. Nanging tugas suci dadi Senapatine Pandhawa kudu ditindakake Abimanyu. Weruh kang maju dadi senopati ing pihake pandhawa iku Abimanyu.

Pihak Kurawa langsung nganggo formasi perang kang aran cakrabyuha kanggo ngalahake Abimanyu. Saka wacan singkat ing dhuwur kang duweni watak wicaksana yaiku…

a. Kurawa b. Abimanyu

c. Dewi Utari

d. Dewi Siti Sendari Jenis Soal :Pilihan Ganda Jawaban Benar :B

18) Semaken crita wayang ing ngisor iki ! Pandawa yaiku Yudhistira, Bima, Arjuna, Nakula, lan Sadewa. Wong lima yaiku anak saka Pandu lan Kunti. Diarani Pandawa amarga duwe limang anggota. Minangka titisan para dewa. Para Pandhawa duwe kekuwatan sing luar biasa. Kabeh Pandhawa kasebut duwe kekuwatan sing beda lan duwe keahliane dhewe-dhewe. Ing sisih liya, ana Kurawa, bocah-bocah saka

Destsarastra sing ora becik lan meri. Sepisan nalika Destrarastra minangka raja lan bapak saka Kurawa nyoba supaya adil ing kabeh. Kalebu karo anak Pandu sing sadulure. nanging Kurawa, sing diwakili Duryudana minangka anak pertama saka Destrarastra, ora setuju karo kekarepane bapake. Klebu ing pesta Duryudana yaiku Sengkuni. Wong licik sing dadi kepengin ngrusak kerajaan. Amanat kang bisa

dijupuk saka wacan singkat ing dhuwur yaiku…

a. marang sadulur amrih nduweni sikap adil lan rukun b. marang dulur amrih nduweni rasa gumedhe

c. marang dulur amrih nduweni sifat kang ala d. marang dulur amrih mbeda-mbedakake Jenis Soal :Pilihan Ganda

Jawaban Benar :A

19) Ing ngisor iki kang gawe pasangan “RA” yaiku…

(7)

a. Image not found

https://penilaianakademik.min1kotamalang.sch.id/__statics/gudangsoal/7/images/TO4-19A.png

b. Image not found

https://penilaianakademik.min1kotamalang.sch.id/__statics/gudangsoal/7/images/TO4-19B.png

c. Image not found

https://penilaianakademik.min1kotamalang.sch.id/__statics/gudangsoal/7/images/TO4-19C.png

d. Image not found

https://penilaianakademik.min1kotamalang.sch.id/__statics/gudangsoal/7/images/TO4-19D.png

Jenis Soal :Pilihan Ganda Jawaban Benar :C

20) Ukara “Rawon Malang” yen ditulis nganggo aksara Jawa yaiku…

(8)

a. Image not found

https://penilaianakademik.min1kotamalang.sch.id/__statics/gudangsoal/7/images/TO4-20A.png

b. Image not found

https://penilaianakademik.min1kotamalang.sch.id/__statics/gudangsoal/7/images/TO4-20B.png

c. Image not found

https://penilaianakademik.min1kotamalang.sch.id/__statics/gudangsoal/7/images/TO4-20C.png

d. Image not found

https://penilaianakademik.min1kotamalang.sch.id/__statics/gudangsoal/7/images/TO4-20D.png

Jenis Soal :Pilihan Ganda Jawaban Benar :D

21) Teks utawa wacan kang isine ngajak, nglarang, ngilingake, mamerake utawa nawarake produk kanggo pemaos kalebu jenis teks Persuasi.

a. Benar b. Salah

Jenis Soal :Salah Benar (True/False) Jawaban Benar :A

(9)

22) Waosen teks pawarta iki kanthi premati ! Wis adat saben tekane mangsa rendheng kang tumiba ing sasi Desember nganti tekan tengah – tengahing April, dibarengi karo pawarta – pawarta kang ana gegayutane karo banyu udan, kayata banjir, lemah longsor, lan liyane. Kang kelebu banjir gedhe ing wiwitaning taun iki yaiku banjir kang dumadi ing pesisir lor Jawa utawa kondhange disebut pantura Jawa.

Banjir kang dumadi ing tlatah iki meh rata saka tlatah kulon kang kelebu dhaerah Jawa Barat nganti pesisir isih wetan kang kelebu ing daerah Jawa Timur. Ing sasi – sasi kaya ngene iki, ngancik sasi Juni nganti tekan Agustus, wis bisa dibedheg, inflasi luwih dhuwur tinimbang ing sasi – sasi sadurunge. Amarga ing sasi -sasi iki akeh warga masyarakat padha ngoyak butuh lan akeh ngetokake wragad. Saka wacan ing dhuwur ana tembung “mangsa rendheng” kang artine yaiku…

a. wulan b. banjir

c. banyu

d. musim udan

Jenis Soal :Pilihan Ganda Jawaban Benar :D

23) Waosen teks pawarta iki kanthi premati ! Wis adat saben tekane mangsa rendheng kang tumiba ing sasi Desember nganti tekan tengah – tengahing April, dibarengi karo pawarta – pawarta kang ana gegayutane karo banyu udan, kayata banjir, lemah longsor, lan liyane. Kang kelebu banjir gedhe ing wiwitaning taun iki yaiku banjir kang dumadi ing pesisir lor Jawa utawa kondhange disebut pantura Jawa.

Banjir kang dumadi ing tlatah iki meh rata saka tlatah kulon kang kelebu dhaerah Jawa Barat nganti pesisir isih wetan kang kelebu ing daerah Jawa Timur. Ing sasi – sasi kaya ngene iki, ngancik sasi Juni nganti tekan Agustus, wis bisa dibedheg, inflasi luwih dhuwur tinimbang ing sasi – sasi sadurunge. Amarga ing sasi -sasi iki akeh warga masyarakat padha ngoyak butuh lan akeh ngetokake wragad. Saka pawarta ing dhuwur, topik kang diberitakake yaiku…

a. masyarakat b. Jawa Timur

c. mangsa rendheng d. Pesisir Lor Jawa

Jenis Soal :Pilihan Ganda Jawaban Benar :C

(10)

24) Waosen wacan iki kanthi premati ! Njaga karesikane lingkungan iku sejatine wis dadi kewajibane saben-saben wong sing urip ing ndonya iki. Nanging saka akehe wong kang urip ing ndonya iki, mung sethithik kang sadhar marang pentinge njaga lingkungan supaya tetep resik, asri, lan endah. Ing ngendi-ngendi akeh wong kang malah dadi pangrusak lingkungan. Kayata sing wis kerep diweruhi yaiku ngguwak larahan (sampah) ing sak sembarange panggon, nebang wit sembarangan,

pamburuan liar, lan liya-liyane. Lakon-lakon kaya kuwi mau yen terus-terusan ditindakake bisa gawe ekosistem ing ndonya ora stabil. Akhire nyebabake bencana alam sing ngrugikake. Manungsa, kewan, lan wit-witan sing urip ing njerone ya bakal keganggu. Mula saka iku, awake dhewe kudu sadhar marang pentinge njaga lingkungan wiwit saka barang kang cilik. Amanat saka wacan ing dhuwur yaiku…

a. ayo padha sadhar marang pentinge njaga lingkungan wiwit saka barang kang cilik

b. ayo padha ngguwak larahan ing sembarang panggonan c. ayo padha ngilangi kewan lan tanduran

d. ayo dadi pangrusak lingkungan Jenis Soal :Pilihan Ganda

Jawaban Benar :A

25) Waosen wacan iki kanthi premati ! Njaga karesikane lingkungan iku sejatine wis dadi kewajibane saben-saben wong sing urip ing ndonya iki. Nanging saka akehe wong kang urip ing ndonya iki, mung sethithik kang sadhar marang pentinge njaga lingkungan supaya tetep resik, asri, lan endah. Ing ngendi-ngendi akeh wong kang malah dadi pangrusak lingkungan. Kayata sing wis kerep diweruhi yaiku ngguwak larahan (sampah) ing sak sembarange panggon, nebang wit sembarangan,

pamburuan liar, lan liya-liyane. Lakon-lakon kaya kuwi mau yen terus-terusan ditindakake bisa gawe ekosistem ing ndonya ora stabil. Akhire nyebabake bencana alam sing ngrugikake. Manungsa, kewan, lan wit-witan sing urip ing njerone ya bakal keganggu. Mula saka iku, awake dhewe kudu sadhar marang pentinge njaga lingkungan wiwit saka barang kang cilik. Kesimpulan saka wacan ing dhuwur yaiku…

a. Akehe bencana ing Indonesia amarga dampak saka mangsa kang wis ganti b. Njaga karesikane lingkungan iku sejatine wis dadi kewajiban

c. Kebiasaan negor wit smebarangan bisa dadikake bencana d. Indonesia misuwur negara kang resik, asri lan endah Jenis Soal :Pilihan Ganda

Jawaban Benar :B

(11)

26) Waspadakna tembang macapat iki ! Negriku Indonesia, Nut jaman kapungkur tetep nyawiji, Nunggal ingkang den ginayuh, Karaharjaning bangsa, Loh jinawi subur kang sarwa tinandur, Murah sandhang lawan pangan, Karukunan kang jinagi. Tembang ing dhuwur kalebu tembang…lan guru gatrane yaiku ana...

a. Maskumambang – 7 gatra b. Maskumambang – 6  gatra

c. Pangkur – 7 gatra d. Pangkur – 6 gatra Jenis Soal :Pilihan Ganda Jawaban Benar :C

27) Waspadakna tembang macapat iki ! Negriku Indonesia, Nut jaman kapungkur tetep nyawiji, Nunggal ingkang den ginayuh, Karaharjaning bangsa, Loh jinawi subur kang sarwa tinandur, Murah sandhang lawan pangan, Karukunan kang jinagi. Tembang ing dhuwur kang dadi sasmitane yaiku…

a. karukunan b. kapungkur c. Indonesia d. Bangsa

Jenis Soal :Pilihan Ganda Jawaban Benar :B

28) Waspadakna tembang macapat iki ! Sekar gambuh ping catur Kang cinatur polah kang kalantur Tanpa tutur katula-tula katali Kadaluarsa kapatuh Kapatuh pan dadi awon Tembang Macapat ing dhuwur arane … lan guru wilangan-guru lagune ing gatra ke papat yaiku...

a. Tembang Gambuh – 8u b. Tembang Pangkur – 8u

c. Tembang Gambuh – 8h d. Tembang Pangkur - 8h Jenis Soal :Pilihan Ganda Jawaban Benar :A

29) Unen-unen kang ajeg panganggone, mawa teges entar (kiasan) lan ora ngemu surasa pepindhan diarani Paribasan.

(12)

a. Benar b. Salah

Jenis Soal :Salah Benar (True/False) Jawaban Benar :A

30) Adigang, adigung, …. Tembung kang trep kanggo ngganepi paribasan ing dhuwur yaiku…

a. ketara b. adiguna

c. kapradah d. keselak becus

Jenis Soal :Pilihan Ganda Jawaban Benar :B

31) Becik ketitik ala ketara Ukara ing dhuwur kalebu saloka.

a. Benar b. Salah

Jenis Soal :Salah Benar (True/False) Jawaban Benar :B

32) Gatekna tabel ing ngisor iki !       No Cangkriman Jenis Cangkriman   Nasgithel Awujud wancahan   Ora usah mutung, mutung apa? Awujud pepindhan   Dikethok malah dhuwur Awujud plesedan   Bapak pucung renteng-renteng kaya kalung, Dawa kaya ula, Pencokanmu wesi miring, Sing disaba si pucung mung turut kutha. Awujud sinawung ing tembang   Wit thoyung Awujud sinawung ing tembang   Wong

wudunen kuwi sugih pari, pari apa? Awujud plesedan   Bapak pucung dudu watu dudu gunung, Sangkamu ing plembang, Ngon-ingone sang Bupati, Yen lumampah si Pucung lembehan grana. Awujud wancahan   Sega sakepel dirubung tinggi Awujud pepindhan Saka tabel ing dhuwur, tuladhane cangkriman kang bener jenise yaiku nomor…

(13)

a. 1, 2, 3, 4 b. 1, 4, 6, 8 c. 5, 6, 7, 8 d. 2, 4, 6, 7

Jenis Soal :Pilihan Ganda Jawaban Benar :B

33) Gatekna tabel ing ngisor iki !       No  Cangkriman   Emboke dielus-elus anake diidak- idak   Lampu apa yen dipecah metu uwonge ?   Pitik walik saba kebon   Ana gajah numpak becak, ketok apane?   Sapi, sapi apa sing werna-werni ? Saka tabel ing dhuwur, kang kalebu cangkriman awujud plesedan yaiku nomor…

a. 1, 2, 3 b. 2, 3, 4 c. 2, 4, 5 d. 3, 4, 5

Jenis Soal :Pilihan Ganda Jawaban Benar :C

34) Waspadakna cangkriman ing ngisor iki ! Bapak pucung renteng-renteng kaya

kalung, Dawa kaya ula, Pencokanmu wesi miring, Sing disaba si pucung mung turut kutha. Cangkriman ing dhuwur batangane yaiku gajah.

a. Benar b. Salah

Jenis Soal :Salah Benar (True/False) Jawaban Benar :B

35) Dikethok malah dhuwur, batangane yaiku…

a. buku     b. kresek

c. celana d. sepatu

Jenis Soal :Pilihan Ganda Jawaban Benar :C

(14)

36) Waosen teks sesorah ing ngisor iki ! Assalamu’alaikum warahmatullahi

wabarakatuh. Bapak Ibu pengasuh ingkang kula hurmati, Bapak Ibu guru ingkang dhahat kinurmatan, saha para kanca panti asuhan ingkang dipun mulyakaken Gusti Ingkang Agung. Mangga sesarengan muji syukur ing ngersaning Allah ingkang sampun paring rahmad lan kasarasan. Sholawat sarta salam mugi tansah

linuberaken dhumateng Rasulullah Muhammad SAW. Bapak Ibu ingkang dhahat kinurmatan, kita sedaya kempal sesarengan wonten ing panti asuhan punika

mboten sanes supados kita nggadhahi masa depan ingkang sae. Pramila kita kedah kanthi tumemen ngangsu kawruh ilmu pengetahuan lan ketrampilan saengga ing mangke saget gesang mandhireng pribadi. Bapak Ibu sarta para kanca ingkang kula hurmati, kula gadhah idhe kangge nglatih wirausaha tumrap warga panti mriki, inggih punika mbikak usaha damel piscok (pisang coklat). Dhasaripun, ing tlatah mriki kathah ngasilaken pisang, reginipun mirah, prosesipun gampil. Kanthi makaten sesampunipun dados piscok saget dipun sade wonten alun-alun, utawi kita titipaken wonten wande. Etangan kula menawi satunggal piscok kasade Rp.800,- saget

pikantuk kauntungan Rp.300,-. Menawi sedinten saget nyade 300 iji, sampun kathah kauntungan ingkang saget kita kempalaken. Bapak Ibu ingkang dhahat kinurmatan, lintunipun pikantuk kauntungan, usaha punika saget kangge latian wirausaha. Mugi ing tembe kita saget gesang mandhri, mboten naming gumantung dhumateng peparingipun tiyang sanes. Syukur menawi saget mbikak lapangan kerja enggal kangge nggayuh masyarakat ingkang tumata ekonominipun. Wusana naming mekaten ingkang kula aturaken, mugi saged migunani tumrap warga panti asuhan mriki. Menawi wonten lepat anggen kula matur, nyuwun agungipun pangaksami.

Wassalamu’alaikum warahmatullahi wabarakatuh. Bab sing di andharake ing pidhato kasebut yaiku…

a. ngejak warga panti bukak toko gedhe

b. menehi bantuan kanggo warga panti kabeh c. nglatih wirausaha kanggo warga panti asuhan

d. nuturi warga panti supaya padha sregep nyambut gawe Jenis Soal :Pilihan Ganda

Jawaban Benar :C

(15)

37) Waosen teks sesorah ing ngisor iki ! Kawula ngaturaken gunging panuwun

dhumateng Bapak Ibu Guru saha Bapak Ibu wali murid bilih sakmenika para putra sedaya nyuwun pamit badhe nglajengaken wonten pawiyatan sanginggilipun inggih menika MTs/SMP ingkang sampun kawula daftar. Mugi-mugi kasil katampi ing

MTs/SMP Negeri. Nyuwun pangapunten ingkang agung dene kawula sampun nindakaken kenakalan-kenakalan. Ukara ing dhuwur kalebu perangane sesorah utawa pidhato yaiku bagean pambuka.

a. Benar b. Salah

Jenis Soal :Salah Benar (True/False) Jawaban Benar :B

38) Waosen teks sesorah ing ngisor iki kanthi premati ! Bapak Ibu ingkang tansah kinurmatan, sumangga kita . . . ingkang tansah paring berkah dumateng kita sedaya, saengga ing wekdal punika saged pepanggihan wonten panggenan punika kanthi sehat walafiat. Ukara sing mathuk kanggo njangkepi pidato ing ndhuwur yaiku…

a. ngaturaken sugeng enjing dumateng para rawuh

b. ngaturaken sugeng rawuh dumateng panjenengan sedaya c. matur nuwun sedaya saged rawuh wonten adicara punika d. ngaturaken puji syukur dumateng Gusti ingkang Maha Agung Jenis Soal :Pilihan Ganda

Jawaban Benar :D

39) Waosen teks sesorah ing ngisor iki kanthi premati ! Gegayutan kaliyan acara

magayubagyo HUT RI ingkang kaping73, kawula minangka ketua panitia kaperanga ngaturaken gunging panuwun dhumateng Bapak/Ibu ingkang sampun kersa paring sumbang surung kagem kelampahanipun acara menika. Cekap

semanten………​

Kanggo njangkepi perangane panutup sesorah ing dhuwur yaiku...

a. Para rawuh sedaya, kula nyuwun ngapura lan nyuwun tambahan biaya b. Atur kawula, wonten kirang lintunipun nyuwun agunge pangeksami

c. Atur kawula, para rawuh kulo nyuwun sepura  d. Maturnuwun

Jenis Soal :Pilihan Ganda Jawaban Benar :B

(16)

40) Gatekna tabel ing ngisor iki ! No. Ciri-Ciri Pidato   Intonasi swara dhatar   Ukarane ora jangkep   Migunakake tembung baku   Migunakake tembung ora baku   Intonasi swara munggah-mudhun   Ukarane jangkep Kang kalebu ciri ciri pidato resmi lan pidato ora resmi saka tebel ing dhuwur yaiku nomor…

a. pidato resmi : 1, 3, 6 lan pidato ora resmi : 2, 4, 5 b. pidato resmi : 2, 4, 5 lan pidato ora resmi : 1, 3, 6 c. pidato resmi : 1, 2, 3 lan pidato ora resmi : 4, 5, 6 d. pidato resmi : 4, 5, 6 lan pidato ora resmi : 1, 2, 3 Jenis Soal :Pilihan Ganda

Jawaban Benar :A

Referensi

Dokumen terkait

Yanti melu lomba nari ing desane Sing melu lomba akeh banget Yanti menang lomba nari Yanti juara siji. Wangsulana pitakon ing

Ing ngisor iki pratelan kang mawa basa ngoko alus yaiku….. Kowe lungo menyang Sala arep tuku apa

Ukara ing ngisor iki sing bener panulise aksara kapitale yaiku………... Ana

tuku buku, menawa ditulis kanthi aksara jawa yaiku ….. Ceceg-ceceg ing ngisor iki isenana nggo tembung

Iki ora ateges kok awake dhewe banjur rumangsa beja amarga akeh wong sing luwih mlarat, nanging kanthi nyumurupi kanyatan mau kita banjur duwe panarima, ora mung nelangsa terus..

Rasulan iku ditindakake duwe ancas minangka sarana caos atur panuwun marang Gusti Kang Maha Kuwasa, amarga sasuwene setahun kepungkur wus diparingi kasarasan, keslametan, rejeki

Tanggapana bab-bab kang gegayutan karo isine Serat Wedhatama Pupuh pocung ing ngisor iki migunakake basa ngoko.. Sabanjure owahana nganggo basa

cecak, wignyan, layar Sandhangan kang digawe ukara mawa aksara jawa ing ngisor iki kanthi urut yaiku ..... taling, wignyan, pepet, suku, layar