• Tidak ada hasil yang ditemukan

Modul bahasa jawa. Kelas : XI SEMESTER GASAL TEMBANG POCUNG NOVEL SESORAH UPACARA ADAT JAWA AKSARA REKAN ENDAH KIRANA SURYANDARI

N/A
N/A
Protected

Academic year: 2021

Membagikan "Modul bahasa jawa. Kelas : XI SEMESTER GASAL TEMBANG POCUNG NOVEL SESORAH UPACARA ADAT JAWA AKSARA REKAN ENDAH KIRANA SURYANDARI"

Copied!
32
0
0

Teks penuh

(1)

Modul bahasa jawa

Kelas : XI

SEMESTER GASAL

TEMBANG POCUNG

NOVEL

SESORAH

UPACARA ADAT JAWA

AKSARA REKAN

▸ Baca selengkapnya: guneman nganggo boso kromo iku kanggo guneman karo wong kang luwih

(2)

MATERI I

TEMBANG POCUNG

Maca serat wedhatama pupuh pocung.

Serat Wedhatama kaanggit dening Kanjeng Gusti Pangeran Adipati Arya (K.G.P.A.A) Mangkunegara IV ing Pura Mangkunegara Surakarta.Piyambake kang jumeneng minangka Pangageng Pura Mangkunegara kang kawentar minangka Pujangga Agung ing Surakarta.

Serat Wedhatama isine wedha (panuntun) marang kautaman.Kautaman ing serat kasebut dibabar lumantar satus pada kang kagelung dadi limang pupuh. Dene pupuh lan pada kasebut kaya ing ngisor iki :

1. Pupuh Pangkur : 14 pada

2. Pupuh Sinom : 18 pada

3. Pupuh Pocung : 15 pada

4. Pupuh Gambuh : 35 pada

5. Pupuh Kinanthi : 18 pada

Saiki semaken tembang Pocung kang ditembangake dening Bapak utawa ibu gurumu! Sabanjure tembangna bebarengan karo kanca kancamu sakelas!

Tuladha tembang Pocung ing serat Wedhatama : Pocung

Pada I Pada IX

Ngelmu iku kalakone kanthi laku uger lugu den ta mrih pralebdeng kalbu

Lekase lawan kas yen Kabul kabuka

Tegese kas nyantosani ing drajat kajating urip

Setya budya pangekese dur angkara kaya kang wus winahya sekar Srinata

Pada II Pada X

Angkara gung neng angga agung gumulung Basa ngelmu mupangate lan panemu

Gegolonganira pasahe lan tapa

Triloka lekere kongsi yen satriya tanah jawa

Yen den umbar ambabar dadi rubeda kuna-kuna kang ginilud tri prakara Pada III

Beda lamun kang wus sengsem reh ngasamun Semune ngaksama

Sasamane bangsa sisip

(3)

Pada IV

Taman limut durgameng tyas kang weh limput Kerem ing karamat

Karana karoban ing sih

Sihing sukma ngrebda sahardi gengira Pada V

Yeku patut tinulad-tulad tinurut Sapitudhira

Aja kaya jaman mangkin

Keh pra mudha mudhi dhiri rapal makna Pada VI

Durung pecus kesusu keselak besus Amaknani rapal

Kaya sayid weton mesir

Pendhak pendhak angendhak gunaning jalma Pada VII

Kang kadyeku kalebu wong ngaku-ngaku Akale alangka

Elok jawane den mohi

Paksa ngangkah langkah met kawruh ing mekah Pada VIII

Nora weruh rosing rasa kang rinuruh Lumeketing angga

Anggere pada marsudi

Kana kene kaanane nora beda

Semaken tembang pocung ing dhuwur mau,sabanjure ayo digoleki guru gatra,guru wilangan lan guru lagune.kanggo pangeling eling guru gatra yaiku cacahing gatra saben sapada.guru wilangann yaiku cacahing wanda saben sagatra.lan guru lagu yaiku tibaning swara ig pungkasan gatra.Dene watake tembang pocung yaiku duwe surasa sakepenake ,sembrana parikena.gunane tembang pocung kanggo sembranan,cangkriman lan nyenengake ananging tembang pocung uga kerep di gunakake kanggo menehi piweling luhur kang becik.

Gladhen :

I.Negesi tembung ing pupuh pocung.

Tindakna kegiyatan ing ngisor iki ,gaweya kelompok, saben kelompok bisa 3-4 siswa !

Temtokna tegese tembung utawa tembung liyane tembung – tembung ing jero tembang pocung kasebut!

(4)

Pada I

Tembung Basa Indonesia Tegese /tembung

liyane

Ngelmu Mencari ilmu Golek ilmu

Laku Cara perbuatan ………..

Lawan Dengan ………..

Kas Teguh dalam niat ………..

Setya Setia ………..

Budya Akal budi ………..

Pangekese Mengalahkan ………..

Dur angkara Perbuatan jahat ……….

II.Mangsuli Pitakonan Kang gegeyutan karo isine pupuh pocung Wangsulana Pitakonan –pitakonan ing ngisor iki migunakake krama !

1. Tembung ngelmu iku kang murwani pupuh pocung ing pada I kasebut apa karepe? 2. Apa tegese tembung ka sing pada I pupuh pocung kasebut?

3. Ing pada II disebutake apa Manawa diumbar bisa bakal dadi rubeda? 4. Apa tegese paribasan durung pecus keselak besus ing pada VI? 5. Apa karepe gatra luruh ala ardane ginawe gada ?

III. Gawe Pitakonan Kang gegayutan karo Isine Pupuh Pocung

Gaweya pitakonan kang gegayutan karo isine pupuh pocung migunakake basa krama! Karma cacahe lima bae sabanjure ijolno pitakonan mu mau karo kancamu sabangku utawa ngarepmu!Wangsulana pitakonan pitakonan mau !Manawa wis rampung anggone mansuli pitakonan ,tumpuken marang Bapak /ibu gurumu kareben diteliti lan dibiji!

Tuladha :

Pitakonan : Punapa tegesipun tembung ka sing gatra kaping tiga pada I pupuh pocung? Wangsulan : Tegesipun tembang kas inggih punika teguh ing niat.

Nanggapi isine serat Wedhatama pupuh pocung

Menehi tanggapan iku panemu utawa panyaruwe marang sawijining bab utawa prastawa.Tanggapan utawa panemu mau bisa tanggtanggapan sarujuk ,bisa uga ora sarujuk.Sing baku tanggapan Iku kudu di kantheni aalesan kang mathok.Kudu did eling eling ,tanggapan mau kudu migunaake basa lan ukara kang sopan ,tumata lan ora gawe larane ati wong kang di tanggapi. Tanggapana bab-bab kang gegayutan karo isine Serat Wedhatama Pupuh pocung ing ngisor iki migunakake basa ngoko ! Sabanjure owahana nganggo basa Krama !

(5)

1. Ing pada II diandhharake manawa hawa napsu lan tumindak angkara murka iku diopeni utawa ditindakake terus bakal bisa nuwuhake kasengsaran urip.

Panemuku :………. Pamanggih kula :………..

2. Ing pada III Kita bisa ngendhaleni watak kang ala ,kita bisa sabar lan iklas menehi pangapura marang liyan kang natoni kita.

Panemuku :……….. Pamanggih Kula :………

3. Kepriye panemumu Manawa wong kuwi sejatine durung ngerti apa-apa,nanging selak kepingin mamer mamerake kaluwihane kaya paribasandurund pecus keselak besus ing pada IV ? Kepriye uga tumindhake kang trep ditindakake?

Panemuku :……… Pamanggih kula :………. Ngarang lan nyunting te mbang pocung anggitane siswa

Manawa kita arep ngarang sawijining tembang macapat kudu kita mangerteni paugeran utawa aturan kang gumathok utawa mesthi .Dene paugerane utawa aturan kang mesthi kaya kasebut ing ngisor iki :

1. Akehe gatra ing saben pada 2. Pungkasane swara ing saben gatra 3. Cacahe wanda kudu pas

4. Watake saben jinising tembang

5. Pigunane saben jinis tembang macapat Tuladha tembang Pocung kang isine cangkriman :

1. Bapak pocung cangkemu marep mendhuwur Sabamu ing sendhang

Pencokanmu lambung kering

Prapteng wisma si pocung mutah kuwayasaking 2. Bapak pocung saking kajeng asalipu

Karas Wujudira

Wisma tumrap wastra yekti

Aneng senthong si pocung siyaga karya

Tuladha tembang pocung kang prasaja : Becik tuhu dadi siswa sing mituhutu Prentahe wong tua

Karo guru aja wani

(6)

Nah,sawise mangerteni paugeran lan tuladha tembang pocung ,tindakna kegiyatan iki ! Coba ngaranga tembang pocung sapada Wae !

Isine bebas nanging sing baku kudu nggatekake isine tembang pocung mau kudu pas karo watak lan gunane tembang pocung kasebut!

Ulangan padinan

A.Wenehana tandha ping ( X ) aksara a,b,c,dutawa e sangarepe wangsulan kang bener ! 1. Serat Wedhatama kaanggit dening………

a. K.G.P.A.A Mangkunegara IV b. K.G.P.A.A Mangkunegara V c. K.G.P.A.A Mangkunegara VI d. K.G.P.A.A Mangkunegara VI e. K.G.P.A.A Mangkunegara VII

2. 2.Saliyane pujangga agung paraga kang ngangggit serat Wdhatama iku uga jumeneng minangka……..

a. Bupati Anom b. Bupati Mandrapura

c. Bupati Praja Mangkunegaran

d. Punggawa Parentah Kraton Pura Mangkunegaran e. Pangaggeng

3. Serat Wedhatama pupuh pocung dumadi saka……….. a. 10

b. 15 c. 18 d. 20 e. 12

4. Cacahe gatra ing tembang pocung ana……. a. 4

b. 5 c. 8 d. 10 e. 12

5. Angkara gung neng angga agung gumulung.Tembung liyane angga yaiku……… a. Watak

b. Ati c. Awak d. Sirah e. Gulu

6. Tembung ing ngisor iki minangka tembung liyane besus yaiku………. a. Pinter

(7)

c. Seneng tetulung d. Seneng nglarani e. Seneng dandan

7. Nora weruh rosing rasa kang rinuruh.Tembung liyane rinuruh yaiku……….. a. Gelem

b. Ayem c. Gela d. Seneng e. Salah

8. Gancaran setya budya pangkese dur angkara yaiku ……… a. Tansah tumindak becik

b. Setya marang watak ala

c. Mbudi daya supaya keenak uripe d. Tumindhak kanthi bener

e. Mempeng anggone ngendhaleni

9. Gancaran sarwa sareh saking mardi martotama yaiku……….. a. Tindake sarwa grusa grusu

b. Tindake ora kesusu lan sabar

c. Tindake sarwa ora grusa grusu amarga tansah ngupaya kautamanlan lembah manah d. Tindake sarwa ora grusa grusu lan alon alon supaya ora salah

e. Tindake sarwa tansah grusa grusu lan sarwa kesusu

10. Gancarane beda lamun kang wus sengsem reh ing asamun yaiku…….. a. Beda yen wis lagi nepsu

b. Beda nalika lagi nepsu

c. Beda tumindhake Manawa lagi kesengsem d. Beda tumindhake yen nepsune wis lerem e. Beda sipate yen lagi nepsu

B.Golekana guru gatra guru wilangan lan guru lagune uga isine tembang pocung ing ngisor iki !

Sakeh luput ing angga tansah liniput Linipet ing sabda

Narka tan ana udani

(8)

MATERI II NOVEL

Novel yaiku salah sawijining sastra gancaran kang asipat fiksi duwe crita kaya kadadeyan riyata lan nyritaake saperangan lakon paraga utamane.Novel iku kalebu golongane satra jawa gagrak anyar utawa satra jawa modern.Novel lumrahe awujud buku sanajan ana sing dibabar arupa crita sambung ing majalah utawa kalawarti.Novel kang kamot wujud sambung lumrahe kacekak,dawane ora kaya sing wujud buku .Novel cendhak ngene ik karan novelette ( novel cendhak )

MACA PETHIKAN NOVEL IRAMANING KASETYAN DJATI

A Maca Pethikan novel Iramaning Kasetyan Djati

Wacanen pethikan novel “Iramaning Kasetyan Djati “ iki kanthi setiti !

Pituase Wong Tumenan Karo sing Wegahan.

Sawise oleh pitung dina anggone kirim laying pinuju ing dina minggu,took-toko ing kutha Sragen akeh kang padha tutup.Semana uga ing took Kejawan sing saben dinane katon rame banget.dina iku katon sepi.sing katon menga sesisih bae.

Ing wektu esuk sakngarepe lawang mau Endang lan Budiyantoro padha ngadeg ana ing kana padha menganggo anggon-anggon lelungan.Wong loro mau sedhela-sedhela pijer ngungak-ugak ing arah wetan,katon kumebul peganing rokok kang diisep dening joko bdiyantoro,kaya-kaya ana wong sing dienteni.Ora suwe saka wetan kono katon ana becak kang ditumpaki dening wong lanang wadon loro mara mrono.

Satekane ing ngarep took becak mau mandeg penmpange banjur padha mudhun.Sawise ongkos kabayar wong loro mau banjur padha mlebu ing lawang took mau karo celathune:”Wis kana Bud,yen kowe arep budhal mumpung isih esuk lo.aku karo ibumu tunggu omah .”Inggih, Pak.kulo kepareng budhal sapunika kemawon.”

Endang sadyati sawuse masrahake pangunjukan lan nyamikan kang wis cumawi kang wis

Cumawis ana meja kagem wong tuwane Joko Budiyantoro sekaliyan mau,dheweke ugaa nuli pamitan lan banjur padha mlaku mangetan turut pinggire dalan kono.Satekane ing setanplat bis wong loro maau padha mandheg ,mrep mangulon.Akeh bis-biskang padha lunga teka padha genti-genti.Apadene para penumpang kaya padatan munggah uyel-uyelan nganti wor suh karo wong sing padha mudhun . saben ana bis teka wong loro mau anngone ngawasake nganti njinggleng lan olehe ngulatake wong-wong sing padha mudhun siji-siji.

Dumadhakan bring weruhsalah sawijining wong wadon nggawa koper lankreneng mudhun pemudhi lan pemudha mau padha rerikatan marani wong mauperlu methukake celathune.”la kae mas ibu rawuh………” “Bu …………. Pundi,Bu. Punika kula ampilipun koperipun supados dipun ampilaken Mas Budi punika kemawon. Sampun pundi, Bu Koperipun kula ampilaken kemawon.Sampun mangga kula dherekaken kondur tindak darat kemawon,bu.Sampun celak sanget kok bu.”Ibune Endang Sandyatiu,uga banjur ngulungake kreneng marang putrane dhewe dene kopere

Nuli di tampa lan digawaake dening pemudha mau.Wong telu banjur padha bebarengan lumaku tumuju menyang took kejawan.Satekane ing took kono njujug ing omah buri dipethukakedening wong tuwane Joko Budyantoro sekaliyan kang nunggu ana ing omah,kanthi rumahab nggone padha ngancani.”Mangga mangga,Dhi kula aturi pinarak tindak lumebet kemawon mangga sami lenggah ngriki.” “Inggih,kulo nuwun,bakyu.kulo nuwun kangmas.” “ Inggih,inggih,Dhi mangga lenggahipun

(9)

sampun pekewet,dhi…… mangga.” Inggih kangmas.kulo nuwun.”sawise padha satata lungguh lan wis padha nyelehke gegawane,Endang enggal lumebu ing kamar njupuk unjukan ,ora suwe bali metu kang ngandelake panunjukanlannyenyamikan sawetara.Dheweke uga banjur melu njagong lungguh ing sacaketing Budyantoro nunggal ing sapatemon.” Rak inggih sami wilujeng ta,rawuhipun? Inggih dipun tepangakenkulo bapakipun ingkang putra Budyantoro nama kulo Basuki. “ inggih dhikulongaturaken pambagyya wilujeng dhumateng rawuh panjenengan ing mriki

lan keparenga katepangaken kemawon,awon-awon kulo punika ingkang mbakyu

piyambak,ibunipun ing mriki.” “Inggih, kangmas tuwin mbakyu.Saking pangestu panjenengan sekaliyan,sowan kulo ing mriki uga tansah jinangkung ing kawilujengan.Boten langkung kulo ugi sakalangkung ngaturaken gunging panuwun,tuwin kulo ugi keprenga nderek katepangaken,waleh waleh punapa,kulo punika inggih tiyang sepuhipun ending sanyanti,nama kulo pun Martoawandoyo.”

“Kulo semanten ugi Bu,inggih sampun kirang ing pamengku,kulo inggih nderek ngaturaken pambage sugeng dhumateng rawuhipun ibu ing mriki.” “ Hiya nak.Satekaku ing kene uga tansah keslametan sakukuban kulawarga kene rak pada karaharjan kabeh ta ? “ Inggih mangga, dhi.sami dipun unjuk rumiyin.tuwin punika sakawontenanipun mangga sami dipun sambi”

“ O, inggih,mbakyu matur nuwun sanget mangga,mangga kang mas.” Wong –wong mau uga banjur padha bebarengan ngombe karo ngrahabi kembul mangan nyenyamikan sinambi rerembugan.”Lha punika kala wau tindakipun saking sala jam pinten,dhi? Anu kang mas ,yen bidhal kulo saking sala kalawau ugi ingkang dangu punika rakasih enjing sanget.namung ingkang dangu punika rak antrianipun tumbas karcis.” O…pancen inggih kok,dhi.Tumrap bidhal panjenengan kalawau rak tasih enjing dhi,dados dadi sakeca.Menawi kula emben sampun nate,inggih badhe numpak wonten ing stanplat sala mrika,wedhalipun sampun siyang sanget.Kajawi dangu tur suk-sukan nwonten ngajeng loket.Wah sampun dhi,badan kula sakojur rak ngantos gumrobyos adus kringet. Punika wewahipun bis rak inggih sampun kathah sanget bu ngantos matikel-tikel kathaipun katimbang kaliyan ingkang sampun-sampun. “ Pancenipun mekatenkedahipun,kula dalah ingkang putra,dhik Endang punika ingkang sowan dhateng ibu.Ananging ngengeti kerepotan kula ing wedhal punika utawi merit saking pamrayoginipun dhik Endang,pramila malah ibu ingkang kula suwun rawuhipun ing mriki punika.Pramila ingkang sadayakalawau,boten sanes inggih saking kepeksa kula,bu. “Hiya ora dadi apa nak.Malahaku dhewe luwih condhong yen sing teka ing kene iki,maneh aku uga rumangsa bungah atiku,dene aku rak malah bisa ketemu karo ingkang rama lan ibu ing kene,dadi bisa ndadekakemareming atiku. “Inggih sakalangkug kasinggihan,bu yen mekaten.”Anu kok bu,Satemenipun tepang kula kaliyan mas bud punika baresipun inggih sampun dangu sanget,malah kula sampun nate pinganggih kaliyan mas bud punika ananging nalika taksih sami alitipun.” “OO…jane yaw is suwe ta, ndang anggonmu weruh karo nak bud iki ? la aku kok ra tau weruh yen kowe ketemu karo nak bud lan uga durung tumon yen nak bud teka ana ing kampong Harjodiprajan kana. “ Inggihkok bu,Rumaos kulo piyambak anggen kula pinanggih kaliyan mas bud punika inggih sawegsepisn nalikanipunndungkap sadaenipun swargi bapak. Ingkangkula aturaken dhateng ibu nalika kula sakit wonten ing salebeting bis mantuk kula saking Semarang dhateng sala kala semanten.lajeng dipuntulungi tiyang jaler.larenipun la nggih mas bud punika rumiyin.Denesalajengipun kula inggih lestantun nalare marang kuwi kancan kaliyan piyambakipun rak nggih prasasat saben dinten dumugi ing griya mrika.Ananging nalika semantenpunika kula piyambak inggih boten ngrumaosi. Oo bocah lanang sig nulungi kowe dhek semanakae nak bud iki ta,ndang? Oooo…mang…kono ta ( ibune ending manggut-manggut )ora liwat hya ing panarimamu bae lo nak bud.”” La njur aturmu,ndang yen nak budi iki durung suwe wis prasasat sabendina tekan ing omahe dhewe kuwi nalare kepriye ?Aku babar pisan kok rumangsa durung tau ketemu lan rumangsa ora mrangguli.Karo maneh anehe salagine kowe bae uga matur yen kowe dhewe ya ora rumangsa iku,aku kok malah saya gumun maneh jan-jane kepriye ta ?” Pancen mekaten bu,ingkang

(10)

sadean buku-buku lengganan kula kala semanten punika…..ingkang angiyup wonten ing griyo mrika yen pinuju piyambakan kabeteng ing jawah …..inggih punika lo bu priyantunipun,ingkang wonten ing ngarsa panjenengan punika.

“ Ooo…..dadi mengkono ta….kok bisa-bisane lo nindakake kaya mengkono,nak bud kuwi.Supradene Endang dhewe kok ya kelakon nganti bisa pangling. Nganti suwe lan ketara yenbanget ngelangut penggalihe bu martoswandoyo anggone ngular ular marang ubeng iringe lelakon iku,nganti kantonnjegreglungguhe ana ing kursi kana ora obah ora polah wis tingarah kaya tumanceping tugu manic marcu tunda ing kayangan jonggrang salaka.Suwe katon monthak manhukketara banget yenmarem pikire. Nganti sawatara dina dheweke lerem ana ing omahe Budyantoro, rumangsa krasan amarga dheweke tansah kesengsem banget lan kelega

N atiku.Ing saben dinane tansah nungkuli dhewe reja lan ramane took kejawen laris lan akeh banget lengganane katon yen maju temenan dedagangane.

Bareng wis seminggu anggone Bu Martoswandoyo ana ing kono lan sawise karampungan bab sing wigati tinemu wis padha sarujuke tumrap lelayanane Endang Sandyati lan joko Budyantoro dalah para sesepuhe kabeh.Bu Bu martoswandono nyuwun pamit bali mulih menyang kampunge dhewe klawan didherekake dening Wndang Sandyati.

Ing wasana mung let sasen-sasen bae,ending sandyati karo jokor budyantoro dilestarekake kanthi upacara sarana pasamuan cukup,andadekake sarwa luwih dening marem rasa atine kang nganyaki,sumrambah marang lega-legawaning pikire para sanak kadang kadeyan tangga teparo,pawing mitra luwih-luwih wong tuwane temanten sekarone dalah para ahli warise kabeh padha suka parisuka.Para pinisepuh padha sika sukur marang kang murbeng dumadi ,idenana sabda sabdane mrih mandi den widodo tinulis ddio kang nembe nambut silaning akrami.

Kajaba mungWarsobo dewe kang cihnan cumengkah rasa ing pamikire.Kaya-kaya krasa banget pait nyethak kang tansah muleg ana ing njeron telenging atine .Lair lan batine Warsobo tetep ora liloa yen Endang Sandyanti ngliya jejodhohane saka dheweke.Ananging kang mangkono iku cetha kendih dening kayatan ,tur ing atase dheweke tansah tinemu ora mupakat dening kanalaran lan panilitining alumrah.

Mula Warsobo mung kari anggana ngentun kang ora weruh ing keblat lan tansah kabutan dalan nganti samendung bae ora ana cahya kang madhangi marang pikire dheweke pikire.mula nganti suwe hiya jalaran kang mengkono iku mau kagawa banget cupeting budine anjalari dheweke nuli kataman nandhang lara urat syaraf.saya suwe saya ndadi,ngantibabjur kaya ora ganep engetane saengga sayamajenun umingsir prassaningengetane anggendhengi.

Dene temante anyar sakarone yaiku jaka larane Endang Sandyati karo joko Budyantoro mau,sateruse uga lestari tulus kalising karengon rengating atine saking padha dene sarwa bisa met sih siji lan sijine tansah mbudi adeging karahayon kayungyun angayahi hayuning cahyati,tanpa tau angoncati mring iramining kudrating jejodhohane.

Mula kaya-kaya wis tekan titi wancine carita Iramaning Kasetyan Djati iki tutug rampung. Kapetik saka :S>H>Purusa, Iramaning Kasetyan Djati ,Surakarta MAS 1966

(11)

NEGESI TEMBUNG

Tegesna tembung –tembung kang ana ing petikan novel ”Iramaning Kasetyan Djati “ing ngisor iki!

NO Tembung ing wacan Tembung liyane Tembung ing basa indonesia

1 Pituwas ………. Hasil dari jerih payah 2 Tumenen ….………. Bersungguh-sungguh

3 Ngungak-ungak ….………. Melihat-lihat 4 Setanplat ……… Halte/terminal 5 Celak banget ………. Dekat sekali 6 Ngrahapi ……… Menikmati 7 Lenggah ………. Duduk 8 Pekewet ……….. Sungkan 9 Sacaketimg ……… Didekat 10 Wanuh ………. Datdng 11 Tepang ……… Kenal 12 Awon-awon ………. Jelek-jelek 13 Tuwin ……… Sekalian 14 Kawilujengan ……….. Keselamatan 15 Enjing ……….. Pagi 16 Nate ……… Pernah 17 Wewahipun ………. Bertambahnya 18 Pangapunten ……….. Mohon maaf 19 Dalah ………. Bersama 20 Bungah ……… Bahagia 21 Mareming ……….. Kepuasan 22 Dangu ……….. Lama 23 Tumon ……… Melihat 24 Mrangguli ……… Melihat,mengerti 25 Gumun ………. Heran 26 Sadean ……….. Berjualan 27 Krasan ………. Betah 28 Wigati ………. Penting

29 Sumrambah ………. Menyebar keman-mana 30 Cihna ……… Terlihat jelas

31 Cumengkah ……….. Tidak cocok 32 Anngendhengi ………. Menjadi gila 33 Met ……….. Mencari 34 Titi wanci ……… Saat 35 rampung ………. Selesai

(12)

Mangsuli Lan gawe pitakon kang gegayutan karo isi pethikan Novel Iramning Kasetyan Djati

A.Mangsuli pitakon

Wangsulana pitako-pitakon ing ngisor iki migunakake basa ngoko ! 1. Ing kutha ngendi omahe Joko Budyantoro lan keluarga?

2. Sapa wae paraga ing pethikan novel Iramaning Kasetyaning djati ? 3. Kapan Endang Sandyati tepang sepisanan karo joko budyantoro? 4. Sapa asmane bapake Joko Budyantoro ?

5. Sapa asmane ibune Endang Sandyanti ?

6. Geneya endag Sandyanti lan joko Budyantoro mlayu nalika weruh sawijining wong wadhon mudhun saka bis ngawa koper lan kreneng?

7. Kerpriye sidane lelakone Endang Sandyati lan joko budyantoro ?

8. Sapa arane paraga kang gela marang palakramane Endang Budyantoro karo Joko Budyantoro ?

9. Kepriye nasibe Warsobo sawise mangerteni Endang Sandyati dudu jodhone ? 10. Kepriye pungkasane crita pethikan Novel Iramaning Kasetyan Djati ?

B.Gawe Pitakonan

Gaweya Pitakonan cacahe lima kang jumbuh karo isine pethikan novel “iramaning Kasetyan Djati “

Mangarteni Unsur unsure Pembangun Novel

Novel iku kalebu kasusastran gagrak anyar.Ing novel ana unsure-unsur pembangun kang nyengkuyung lakune crita novek kasebut.Unsur unsure iku kayata :

1. Tema ( underan ) : gagasan baku kang digunakake kanggo ngarang karya sastra 2. Alur (Plot ) : lakune crita /urut-urutane crita

3. Setting ( latar ) : katrangan ngenani papan wektu lan swasana. 4. Penokohan : paraga kang ana ing novel

5. Sudut Pandang :pandangane panganggit kang ngetrepake awake ing jero crita. 6. Amanat (piweling ) :nilai-nilai luhur kang kaandhut ing novel

(13)

Ulangan padinan

A.Wenehana tandha ping ( X ) ing aksara a,b,c,d utawa e wangsulan sing paling bener! Wacan kanggo soal nomer 1-4

Dina Minggu esuk wayah jam pit ing pakebonane sldhah R.Ng.Kartamardika ana bocah nonnoman kang manganggo sarwa bregas bebed lan ikete sawitan ,klambine sutra cina bukaan,dhasine sutra biru,selope gilap,cedhak kaaro olehe ngadeg. Martini ing sandhinge bapake.Satemene Martini wis ora seneng nemoni tekane bocah nom-noman mau yaiku Sindu.Dene kang diarep-arep.Martini mung si Endra.Nanging ing wektu kuwi si Endra lunga menyang desa golek padon dagangan krambil gebigan (koprah)lan niti agen-agene ,apa yambut gawe kalawan bener.Sindu tansah nglawan marang martini wae.lan sedela-sedela ndeleng tanduransladhahkang pancenthukule durung gedhe.

Kapetik saka R.B Sulardi Ing Rembulan ndhadhari,Yogyakarta 1. Papan kedadean ing pethikan novel kasebut ana ing………

a. Kidul omahe R.Ng.Kartamardhika b. Kebon sladhah R.Ng, Kartamardhika c. Kebon Koprah R.Ng.Kartamardhika d. Pinggir kali cedhak sawahe Kartamardhika e. Kebon koprah ing etan desa

2. Pethikan ing dhuwur kang diarep-arep Martini Yaiku……….. a. Endra

b. Sindhu

c. R.Ng.Kartamardika

d. Pandhu

e. Sulardi

3. Geneya Sindu esuk umun-umun menyang Kebone Pak Kartamardika? a. Sindu kepengin rembugan karo R.Ng.Kartamardhika

b. Sindu kepingin niliki tanduran sladhah kanga rep panen c. Sindu arep melu Endra golek paon dagangan koprah

d. Sindu arep ngrewangi martini nggoleki Endra kang lagi dagang e. Sindu arep nyawang martini anake R ng Kartamardhika 4. Pagaeyane paraga endra yaiku………

a. Agen koprah b. Bakul koprah c. Petani koprah

d. Buruh koprah

e. Petani sladah

(14)

a. Protagonis b. Paraga utama c. Paraga pambiyantu

d. Antagonis

e. Paragatama

6. Nilai budaya yaiku nilai kang gegayutan karo……. a. Ajaran agama

b. Adat istiadat

c. Norma ing masyarakat

d. Pendhidhikan

e. Tata karma

7. “ Oo…… yen Warsobo kae mono satemene dudu apa-apaku.Wong kaemung putra angkate pakdhe kok.Wah pancen kumenthus,gumaguse wis nganti ora ilok temenan.Kemaki lan gemaipe prasasat entek ngamek .Dupeh dadi putrane wong sugih bae,dheweke iku nggepe wani nggegampang marang aku ,cetha banget yen dheweke iku sawijining bocah bagus kang kurang ajar.”

Wewatake Warsobo ing pethikan novel kasebut yaiku………

a. Kumaki

b. Kejem

c. Grapyak

d. Sawenang-wenang

e. sumanak

8. Watara rong sasinan sawise ik,ing wektu esuk Endang Sandyati pinuju lungguh katone tumungkul sajak ngandhut rasa sedhih ana ing sangarepe ibune,dheweke ing semu migatekake banget marang pangandhikane ibune.

Swasanane ing pethikan novel ing dhuwur yaiku swasanane………

a. Bungah

b. Nelangsa

c. Sedhih

d. Kuciwa

e. Seneng

9. Ing ngisor iki novel anggitane Any Asmara kajaba………..

a. Antebing Tekad

b. Grombolan Gagak Mataram

c. Ida ayu Maruti

d. Pangurbanan

e. Sri Kuning

10.Any Asmara iku mung jeneng singlon.Jeneng singlon tegese………..

a. Jeneng samaran

b. Jeneng novel c. Jeneng asli d. Jeneng cilik

(15)

e. Jeneng dewasa

Garapen manut prentahe !

1. Gawea ukara nganggo tembung –tembung ing ngisor iki ! a. Temenan

b. Rawuh c. Rampung d. Nate e. Nelangsa

2. Aranan lan jlentrehna unsure-unsur pembangun Novel !

3. Apa kang diarani nilai-nilai luhur? Aranana lan jlentrehna nilai-nilai kang ana ing njero crita novel!

4. Aranana lima irah-irahan novel jawa lan asmane panganggite!

5. Akul buku mau banjur metu saka pekarangan,ninggalake padunungan kono.Bareng lakune wis tekan dlan gedhe,nuli enggal-enggal numpak becak tumuju menyang ing kampunge kartodipuran sarwa kalegan rasaning atine.Satekane ing kampunge,wancie wis pamit marang Bu sastrasarono lan adhine nak ndulur.Sanalika budhal bali mulih menyang ing kampong mageru dhaerah sragen.

(16)

MATERI III Sesorah MACA TEKS SESORAH

Maca teks sesorah kang wis sumadya iku mesthi luwih gampang tinimbang atur sesorah kanthi dadakan . Maca teks sesorah sing baku ik kayata :

1. Maca kanthi premati teks sesorah sing arep ko waca

2. Nenimbang pamiyarsa kudu kajumbuhake karo isine sesorah 3. Ngetrepake babgan satata basa mrang pamiyarsane

4. Menehi tandha kanggo mbedakake antarane pambuka,surasa basa,lan dudutan.

5. Migunakake piranti wujud ulat,obahing awak,paes,busana lan endhek dhuwure titi laras swara.

6. Pocapan tembung ing ukara iku paugerane migunakake sastra baku.

Atur sesorah kanthi dadakan iku kawruh ing bab surasa lan basa kudu wis ana ing pikiran .Wujude atur sesorah dadakan kayata asung panglipur (ndongeng,ndhagel )atur pambagya harja,atur bela sungkowo,nanggapi prastawa kang dumadi lan atur andharan cekak ngenani sawijining bab.

Wacanen teks sesorah ing ngisor iki kanthi premati! Assalamu’alaikun Warahmatullah Wabarakatuh

Mugi rahayu sagung dumadi.Kararasan ,Kabagyan lan kabegjan mugi tansah kasalira kita sadaya awit rohmatipun Gusti Allah.Ingkang tuhu sinudarsana para pengemban praja ing desa sidowaras.Ibu-ibu PKK tingkat desa Sidowras ingkang satuhu binekten.Murwani atur kula.

Mangga kita dherekaken mawantu-wantu ngonjkaken puji syukur dhumateng Kula lan Panjenengan ngarsanipun Gusti Ingkang Murbeng Dumadi.Dene kula lan panjenengan sedaya dinten menika pinaringan bagas waras mila saged rawuh ing pakempalan dinten menika.

Ing pepanggihan menika kula badhe matur sakedhik bab sesakit Ebola ingkang dinten samangke ngrenggani maneka warni kalawarti.Sesakit Ebola limrah kasebut EVD (Ebola Virus Disease) utawi EHF (Ebola Hemorrhagig Fever ) Seseakit menika mbebayani sanget tumraping manungsa ngantos nuwuhaken raja pejah ingkang nggegirisi. Kanamakaken Ebola amargi wiwitanipun sesakit menika wonten ing sakering kananipun Bengawan Ebola ing nagari Kongo.Virus menika katemokaken sepisanan rikala taun 1976.

Para rawuh ingkang kinurmatan.

Sesakit menika kawiwitan kalih dinten ngantos tigang minggu sasmpunipun tiyang kaserang virus menika kanthi tandha tandha ( gejala )ndhorong (demam ) sakit ing gurung (tenggorokan )sakit ing otot bayu ( nyeri otot )lan sakit ing sirah.Umumipun kasusul mungkuk-mungkuk (mual ) muntah lan mencret (diare ) ugi sudanipun kriyanipun manah (liver) tuwin ginjel.Dumugi trap-trapan menika tiyang ingkang kenging Ebola lajeng ngalami pandarahan.

Ibu-ibu tuwin para lenggah inking minulyo.

Manawi wonten sanak kadang tuwin tanggi ingkang ngalami tandha-tandha kadoos andharanipun kula wau,enggal-enggal tindak dhateng dhokter utawi puskesmas sacelak panjenengan supados pikantuk usada.Ngengingi sesakit Ebola dinten menika dumados kados pageblugingkang nggegirisi,mila mbetahaken upaya usada ingkang sanget mirunggan. Boten sedaya Puskesmas menapa dene griya sakit nyumadhyaaken prabotan kangge penanganan medis.Para pangemban praja enggal – enggal paring seserepan dhumateng warga ing bab panggenan pundi kemawon ingkang saged katuju saperlu pikantuk pitulungan ingkang samestinipun saha sarikat rikatipun.

Para rawuh ingkang binekten.

Pranyata sesakit Ebola menika nggegirisi sanget akibatipun.Pramila mangga kita sami nyengkuyung supados sesakit Ebola menika boten ngengingi kulawarga kita sedaya.Kangge nyegah lan nyingkiri sesakit menika kita kedah ngudi usada ingkang saestu.Kita ugi kaajab sregep pados katrangan katrangan ngengingi

(17)

gegayutan kaliyan sesakit Ebola saking televis,radhio,Koran lan pepanggihan –pepanggihan kados mekaten menika.

Ingkang pungkasan,cekap smanten anggen kula matur.Atur panuwun kula ingkang tanpa pepindhan awit kawigatosaan panjenengan sedaya.Nglenggana kathahing kekirangan wonten ing andharan menika,kula nedha agunging samudra pangaksami.Pepuntoning atur kula ,bilahittaufik wal hidayah.

Wassalamualaikum Warahmatullah Wabarakatuh. B.NEGESI TEMBUNG

Sawise maca teks sesorah ing ngarep,mesthi ana tembung tembung sing durung kokngerteni tegese,sabanjure gladhena tembung –tembung kasebut ! Golekana tegese tembung—tembung ing njero kothak ngisor iki! Gunakna Kamus utawa bausastra!

NO Tembung ing teks sesorah Tembung liyane Tembung ing basa indonesia

1 Sinu darsana Di conto,kanggo tuladha Dicontoh 2 Mirunggan ………. Khusus 3 Praja ………. Negara 4 Mawantu-wantu ……… Selalu,sering 5 Murwani ……….. Memulai 6 Pepuntoning ………. Akhir 7 Pangaksami ……….. Maaf 8 Ngrenggani ……….. Dipajang 9 Pungkasan ………. Memenuhi 10 Pejah ……….. Meninggal,mati 11 Nedha ………. Makan 12 Trap-trapan ……….. Tingkatan 13 Kriyanipun ……….. Kerja 14 Usada ……… Obat 15 Sarikat-rikaipun ……….. Secepat-cepatnya 16 Seserepan ……….. Intonasi,pengetahuan 17 Mutah ………. Muntah 18 Nyumadyaaken ……… Menyediakan 19 Andhahan ………. Penjelasan 20 nggegirisi ………. Berbahaya

Gawe pitakon pitakon kang gegayutan karo isine Teks Sesorah Tuladha :

Pitakon

Basa Ngoko : Sapa kang dadi pamiyarsa teks sesorah ing ngarep ?

Basa Krama : Sinten ingkang dados pamiyarsa teks sesorah wonten ngajeng?

Wangsulan : Pamiyarsa sesorah kasebut inggih menika ibu-ibu PKK tingkat desa Sidowaras. Manerteni Struktur Teks Sesorah

Struktur teks sesorah iku uga bisa sinebut tata rakitingsesorah . Struktur teks sesorah yaiku unsure-unsur sing gegayutankaro wujude teks sesorah iku .

Struktur utawa tata rakiting sesorah :

Satata basa,purwa basa,surasa basa,dudutan lan wasana basa. 1. Satata basa

Isine salam pambuka, asung pakurmatan,puja-puji syukur,atur panuwun. Tuladha :

(18)

Assalamu’alaikun Warahmatullah Wabarakatuh

Mugi rahayu sagung dumadi.Kararasan ,Kabagyan lan kabegjan mugi tansah kasalira kita sadaya awit rohmatipun Gusti Allah.Ingkang tuhu sinudarsana para pengemban praja ing desa sidowaras.Ibu-ibu PKK tingkat desa Sidowaras ingkang satuhu binekten.Murwani atur kula.

Mangga kita dherekaken mawantu-wantu ngonjkaken puji syukur dhumateng Kula lan Panjenengan ngarsanipun Gusti Ingkang Murbeng Dumadi.Dene kula lan panjenengan sedaya dinten menika pinaringan bagas waras mila saged rawuh ing pakempalan dinten menika.

2. Purwa basa

Isine adangiyah minangka lambaran wosing atur Tuladha :

Ing pepanggihan menika kula badhe matur sakedhik bab sesakit Ebola ingkang dinten samangke ngrenggani maneka warni kalawarti.Sesakit Ebola limrah kasebut EVD (Ebola Virus Disease) utawi EHF (Ebola Hemorrhagig Fever ) Seseakit menika mbebayani sanget tumraping manungsa ngantos

nuwuhaken raja pejah ingkang nggegirisi. Kanamakaken Ebola amargi wiwitanipun sesakit menika wonten ing sakering kananipun Bengawan Ebola ing nagari Kongo.Virus menika katemokaken sepisanan rikala taun 1976

3. Surasa basa

Isine ngeneni intoning sesorah Tuladha :

Para rawuh ingkang kinurmatan.

Sesakit menika kawiwitan kalih dinten ngantos tigang minggu sasmpunipun tiyang kaserang virus menika kanthi tandha tandha ( gejala )ndhorong (demam ) sakit ing gurung (tenggorokan )sakit ing otot bayu ( nyeri otot )lan sakit ing sirah.Umumipun kasusul mungkuk-mungkuk (mual ) muntah lan mencret (diare ) ugi sudanipun kriyanipun manah (liver) tuwin ginjel.Dumugi trap-trapan menika tiyang ingkang kenging Ebola lajeng ngalami pandarahan.

4. Dudutan

Isine ngenani pitungkas utawa pangajak marang kang padha rawuh. Tuladha :

Para rawuh ingkang binekten.

Pranyata sesakit Ebola menika nggegirisi sanget akibatipun.Pramila mangga kita sami nyengkuyung supados sesakit Ebola menika boten ngengingi kulawarga kita sedaya.Kangge nyegah lan nyingkiri sesakit menika kita kedah ngudi usada ingkang saestu.Kita ugi kaajab sregep pados katrangan katrangan ngengingi gegayutan kaliyan sesakit Ebola saking televis,radhio,Koran lan pepanggihan – pepanggihan kados mekaten menika.

5. Wasana basa

Isine atur panutupkanggo mungkasi atur lan salam panutup. Tuladha :

Ingkang pungkasan,cekap smanten anggen kula matur.Atur panuwun kula ingkang tanpa pepindhan awit kawigatosaan panjenengan sedaya.Nglenggana kathahing kekirangan wonten ing andharan menika,kula nedha agunging samudra pangaksami.Pepuntoning atur kula ,bilahittaufik wal hidayah. Wassalamualaikum Warahmatullah Wabarakatuh

NEMTOKAKE POKOK-POKOK ISINE TEKS SESORAH

Wacanen maneh teks sesorah ing ngarep!Sawise iku golekana apa bae isine teks sesorah kasebut ! Anngoanmu nggoleki isine teks sesorah iku bisa saka perangan surasa basal an

(19)

NULIS TEKS SESORAH

Sesorah iku werna werna wujude gumantung tujuane.Sesorah iku ana gandeng cenenge karo ombyaking kahanan .Mula trep dijumbuhake ing kahanan kang lagi kedadean.Kahanan kang kaya mangkono iku bisa kawruhan saka maneka rupa upamane Koran,radio lan televise.

Sadurunge nulis teks sesorah nimbang lakune kaya ing ngiso iki : 1. Nggoleki prasawa utawa perkara ing masyarakat 2. Milih tema (uderan) lan gagasan sing arep diaturake 3. Milih lan nemtokake pamiyarsa sesorah

4. Milih isine sesorah wujud gegambaran,pratelan utawa penjelasan apadene wawasan. 5. Milih basa kang jumbuh karo pamiyarsa lan gagasan sing arep dibabar.

ULANGAN padINAN

a.Wenehana tandh ping ( X ) ing aksara a,b,c,d utawa e wangsulan sing bener ! 1. iki Ing ngisor iki sing klebu mupangate sata yaiku………..

a. kanggo nambahi tenaga amarga ngandut karbohidrat b. kanggo mbancarake enggone ngetokake kringet c. kanggo mbancarake lakuning getih ing awak d. kanggo njaga kasarasan awak

e. kanggo nyegah lara jantung

2. Sata uga bisa di gunakake kanggo mbrasta lara………. a. Jantung

b. Paru-paru c. maag d. diabetes e. kanker

3. Zat sing nduweni daya ngrangsang uripe sel-sel panambar (kekebalan ) ing awak sinebut………. a. papilloma b. sitokinin c. Griffithsin d. Stemcell e. Carcinoma

4. Saa ku uga bisa ngandhut …..sing bisa nyapih vkanker. a. Karbohidrat

b. Lemak c. Protein d. Kalsium e. Nyelani

(20)

a. Mungkasi b. Nglereni c. Miwiti d. Nambani e. nyelani

6. Ing paragraph kapindho kang bakal dirembakaake yaiku budidaya………. a. Rumput laut

b. Kencur c. Kunir d. teh e. sata

7. Mangga kita sesarengan ngonjukaken raos puji syukur dhumateng ngarsanipun Gusti Allah.Ukara kasebut klebu perangan ………ing teks sesorah

a. Satata basa b. Purwaka basa c. Surasa basa d. Dudutan e. Wasana basa

8. Ukara ing ngisor iki sig klebu dudutan sesorah yaiku………..

a. Mugi rahayu sagung dumadi.Kasarasan kabagyan lan kabegjan mugi tansah kasalira sedaya awit rohmatipun Gusti Allah.

b. Ing udyana menika kula badhe matur sakedhik bab sesakit Ebola ingkang dinten samangke ngrenggani maneka warni kalawarti

c. Pramila mangga kita sami nyengkuyung supadhos sesakit Ebola punika boten kenging kulawarga kita

d. Nglenggana kathahing kekirangan wonten ing andhahanpunika kula nedha agunging samudra pangaksami

e. Atur panuwun kula ingkang tanpa pepindhan awit kaigatosan panjenengan sedaya. 9. Wujude sesorah ing reh cakrike andhahan kajaba………

a. Pangajak b. Gegambaran c. Pratelan d. Wawasan e. Panjurug

10. Wujude sesorah dadakan kayata………

a. Asung panglipurTanggap wacana seminar lanbela sungkawa

b. Asung panglipur,nanggapi prastawa sing dumadi lan tanggapwacana seminar c. Tanggap wacana seminar,atur bela sungkawa,asung panglipur

d. Atur bela sungkawa,nanggapi prastawa sing dumadi lan tanggap wacana seminar e. Atur bela sungkawa ,asung panglipur lan nanggapi prastawa sing dumadi

(21)

B.Gaweya teks sesorah babagan lara diare! Gunakna struktur utawa tata rakiting teks sesorah kanthi trep ! Aja lali Gunakna basa karma !

(22)

MATERI IV UPACARA ADAT JAWA

Wacan Eksposisi yaiku wacan kang ngandharake babagan kawruh utawa informasi. Wacan eksposisi kaperang dadi loro yaiku eksposisi analisis lan eksposisi hortarori.

1. Eksposisi analisis yaiku wacan eksposisi kang negesake panemu kang mbabar wawasan. 2. Eksposisi hortarori yaiku wacan eksposisi kang dudutane di kantheni pangajak utawa

panjurung.

Ngarang wacan ekposisi Iku nggatekake babagan ing ngisor iki: 1. Nemtokake topic kang bakal ditulis

2. Milih topic dadi poko pikiran

3. Ngembangake saben pokok pikiran dadi paragraph 4. Maca maneh asile karangan kanthi titi

5. Mbenerake Manawa ana kang luput lan njangkepi Manawa ana kang kurang 6. Nulis maneh karangan kang wis dikoreksi.

Bab-bab kang kudu digatekake nalika nyunting karangan kaya kasebat ing ngisor iki:

1. Maca saben ukara kanhi nliti apa ana panulisan aksara,tembung,utawa ukara kang salah. 2. Mbenerake panulisan aksara,tembung,utawa ukara kang salah.

3. Mbenerake paragraph paragraph kang ora runtut ukarane. 4. Mbenerake gegayutan paragraph siji lan sijine

Maca wacan Ekposisi upacara adat Jawa

Upacara adat Jawa Mantu

Ing kawruh kasepuhan kang lumadi ing tanah jawa ana gegaran baku tumrap wong urip.Gegaran baku iku awujud trap-trapan urip manungsa wiwit lair nganti tumeka pralaya.Uripe manungsa kaperang dadi telu yaiku madu basa,madu rasa dan madu brata.

Madu basa tegese ngudi ing reh kabisan ing bab basa.Manungsa wiwit lair kudu nyinau basa utawa sesambungan karo manungsa liyane migunake basa.Trap-trapan kapisan iki prastawa wigatine yaiku nalika bocah dislameti rikala lair,diupacarani mawa upacara tedhak siten lan di bancaki ing saben dina klairane.Dene pungkasane yaiku nalika bocah ditetaki utawa disunat minangka pralambang si bocah wis resik lair lan batine sarta siyaga njangkah ing tataran urip kang luwih dhuwur.Udakara bocah umur limalas taun sibocah kaajab wis trampil ngrakit basa ngoko lan karma manu kahanane.

Trap-trapan kapindho diarani madu rasa.Madu rasa tegese ngudi rasa rumangsa yaiku dhasar sesambungane manungsa karo manungsa liyane.Pasrawungan ing jagad cilik wujud bale somah kudu tansah selaras.semono uga pasrawungan ing jagad gedhe wujude bebrayan agung.Siyagane manungsa napaki bebrayan mau kalambangake sarana prastawa dadi manten,urip jejodhohan antarane wong lanang karo wong wadon kang mangun urip bebarengan.Sakloron kudu urip selaras supaya nurunake wiji manungsa kang utama minangka panerus sejarahe kulawarga.

Trp-trapan kang pungkasan yaiku madu brata.Madu brata yaiku ngudi kawruh lan ngamalake panembah marang Gusti Kang Murba Dumadi manut satatane agama kang rinasuk.Panembah mau wujude ora mung rikala ngibadah manut tuntuane agama wae,nanginguga tindak-tanduk ing saben dinane supaya selaras karo dhawuh lan pepacuhe agama.

Ing upacara mantu ana rong trap-trapan kang bakal dilakoni.Rong trap-trapan kasebut yaiku madu rasa lan madu brata.Madu rasa tumrap pinanganten,dene madu barta tumrap kang gagunan gawe mantu utawa mantokake putra-putrine.Si penganten perlu diupacarani supaya anggone napaki dina-dina pasrawungane agung nemani rahayu.Tumrapkang duwe gawe mantu perlu diupacarani minangka nindakake puji-puji,pangesthi lan dedonga supaya uripeputra-putrine tansah

(23)

karoba sih wilasaning Gusti Kang Mahakuwasa.Sakarone lelambaran anteping tekad,madhep mantep nedya napaking urip kang luwih becik. Ora katalompe amarga manungsa urip bebarngan mujudak bebrayan mau.mula saka iku upacara mantu uga ngrawuhake para sanak kadang,pamong mitra,perlune kasuwun donga lan panestu supaya si temanten manggih rahayu anggone mangun bale somahSemono uga upacara mantu mau pinaringan lancer,rancag lan rahayu.

Bab-bab kang ndayani ing upacara adat mau wujud wiwaha putra-putri minangka temanten mujudake prastawa wigati.wigati tumrap si temanten,tumrap kang duwe gawe mantu lan tumrap Pamuji supaya ing tembe buri si temanten resik lair lan batine sadurunge macaki dina dina anyar.Ageman jarik sidomukti kang dianggo temanten kinanthenan pangesthi muga-muga sitemanten besuke nemahi kamukten.Digunakake tetuwuhan tebu ing tarub minangka pralambang anteping kalbu si temanten anggone arep bebadra urip bebarengan.Isih akeh ubarampe ing upacara adat mantu kang ngandut pralambang-pralambang kang sarwa becik.Kabeh laku kang ditindakake ing upacara mau dening masyarakat Jawa supaya kabeh antuk berkahing Gusti Allah. Temtokna tegese utawa tembung liyane ing sajroning wacan “Adat Jawa Mantu”kanthi ndeleng tegese tembung ing basa Indonesia kang sumadya!

No tembung Tembung ing basa Indonesia Tegese /tembung liyane

1 Kawruh Pengetahuan Elmu

2 Gegaran Petunjuk,pegangan 3 Pralaya Mati 4 Trap-trapan Tingkat-tingkatan 5 Udakara Kira-kira 6 kaajab Diharapkan 7 Ngrakit Menyusun 8 Ngudi Mencari

9 Bale somah Rumah tangga

10 Sujarah Sejarah

11 Rinasuk Masuk,dipakai,dipeluk

12 Rahayu Selamat

13 Pangesthi Pengharapan

14 Karoban Dipenuhi

15 Sih wilasa Belas kasihk

16 Ora katalompe Tidak lupa

17 Sanak kadang Sanak kadang

18 Pamong mitra Teman

19 Rancag Lancer

20 Miwaha Memestakan

Mangsuli pitakonan kang gegayutan karo isine wacan “upacara adat Jawa” Wangsulana pitakonan pitakonan ing ngisor iki kanthi trep!

1. Uripe manungsa kaperang dadi 3 trap-trapan.Apa bae telung trap-trapan kasebut?

2. Gegaran baku iku awujud trap-trapan urip manungsa wiwit lair nganti tumeka pralaya.Apa tegese tembung pralaya ing akara kasebut?

3. Apa kang diarani madu basa,madu rasa lan madu brata? 4. Prastawa wigati ing trap-trapan kapisan iku apa bae?

(24)

Kawruh kagunan basa A.kerata basa

Keratabasa yaiku :cara njarwani (negesi ) tembung kanthi ngothak athik supaya mathuk. Golekana surasane tembung tembung keratabasa ing ngisor iki !

no tembung Surasane Tembung Surasane 1 garwa Sigaraning nyawa 11 Sepuh

2 Cengkir 12 Sirah 3 Tebu 13 Tuwa 4 Wedang 14 Mantu 5 Tarub 15 Kupluk 6 Kuping 16 Maling 7 Guru 17 Batur 8 tandur 18 Kathok 9 Kursi 19 Krikil 10 kaji 20 Tepas B.dasanama

Dasanama : tembung pirang pirang nduweni teges siji (maneka warna tembung liya kanggo ngganti sawijining tembung jeneng,aran lan kahanan).

Tuladha :

Risang kartika abyor ingwiyat sinawang rising bayu lumaksita midid hamuwuhi edi asrining pahargyaning dalu puniki

Dasanama : Risang : sang Kartika : lintang Wiyat : langit Sinawang : disawang Ayu : angin Lumaksita : laku Midid : sumrimbit Edi : becik Pahargyan : pawiwahan Gladhen :

1.Golekana dasanamane tembung tembung ing ngisor iki kanthi milih tembung kang wis cumawis

a. Angin :…………. pralaya b. Bapak :…………. candra c. Kethek :…………. agni d. Emas :………….. maruta e. Geni :…………. diwangkara f. Iwak :………….. rama

(25)

g. Lintang :………… kencana h. Mati :…………. wanara i. Rembulan :…………. kartika j. Srengenge :………… mina k. Alas :…………. jenar l. Bodho :………….. bawana m. Bumi :………….. wana n. Awak :……… maesa o. Kebo :……… mudha p. Kuning :……… angga q. Omah :……… sasana r. Putih :……… jalma s. Manungsa :……… narendra t. Ratu :……… seta

2.Pilihen 5 tembung ing latihan 1,sabanjur gawea ukara saka tembung lan dasanamane mau ! Tuladha :

Angin : Angine midid gawe mata ngantuk

Maruta : Maruta tumiyub ndadosaken raos sekeco c.Cangkriman

Cangkriman yaiku unen-unen kang kudu dibatang utawa dibedhek karepe,adhedasar dhapkan,surasa lan wujude cangkriman bisa dibadakake kaya ig ngisor iki.

Cangkriman awujud tembung wancahan Tuladha :

a. Burnaskopen,

batangane :bubur panas kokopen b. Pakbomba Paklwa,Pakpiut

Batangane : tepak kebo amba,tepak lawa,tepak sapi ciut c. Wiwawite lesbadhange karwa cake

Batangane ;uwi dawa uwite,tales amba godhonge,cikar dawa cracake. Cangkriman kang ngemu surasa irib-iriban barang

Tuladha :

a. Emboke dielus-elus,anake diidak-idak (andha) b. Sega sakepel dirubung tinggi(salak)

c. Pitik alik saba kebon ( sulak ) Cangkriman kang ngemu surasa blendheran Tuladha :

a. Lawa lima kalong telu dadi pira ? Candhakane :dadi wolu

b. Ana anak kapal disawat watu kerem,kira-kira gedhe apane ? Candhakane : gedhe ngapusine

Cangkriman kang sinawung ing tembang Tuladha :

Bapak pocung dudu watu dudu gunung Sangkane ing sabrang

Ngo ingone sang bupati

(26)

Batangane : gajah

Wangsulana cankriman-cangkriman ing ngisor iki . a. Burnas kopen

b. Pakbuletus c. Bulan kirna d. Tuwok rawan

e. Dicokot pucuke sing kalong bongkote f. Tibane ing ngisor digoleki mendhuwur g. Dijupuk malah mundak gedhe h. Bosok malah enak

i. Sawah rong kedhok galenganne sitok j. Endase lancip nanging buntute dawa Bapak pocung renteng renteng kaya kalung Dawa kaya ula

Pencokanmu wesi miring

Sing disaba si pocung mung turut kutha

Bapak pocung among sirah lawan gembung Padha dikunjara

Mati sajroning ngaurip

Mijil baka sipocung dadi dahana Bapak pocung cangkemu marep mendhuwur Sabamu ing sendhang

Pencokanmu lambung kering

Prapteng wisma sipocung mutah kuwaya Ulangan Padinan

Wenehana tandha ping (X) ing aksara a,b,c,d utawa e wangsulan kang paling bener ! 1. Andharan wawasan kang pepuntone isi pamrayogane diarani………. a. Hortarori

b. Realistis c. Analistis d. Argumentasi e. Narasi

2. Andharan wawasan kang pepuntone isi penegas sawijining panemu diarani………. a. Narasi

b. Analistis c. Eksplanasi d. Deskripsi e. Persuasi

3. Ageman jarik sidomukti kang dianggo temantenan kinanthenan pangestimuga-muga si temanten besuke nemahi…………. a. Kamulyan b. Katresnan c. Kamakmuran d. Kasenangan e. Kamuktena

4. Digunakake tetuwuhan tebu ing tarub minangka pralambang…….si temanten.Tembung kang trep kanggo nggenepi ukara kasebut yaiku……….

a. Rasa bungahe b. Rasa tresnane

(27)

c. Anteping kalbu d. Rasa sukure e. Rasa senenge

5.Tembung –tembung ing ngisor iki minangka dasanamane tembung srengenge , kajaba……… a. Raditya

b. Dwiangkara c. Bagaskara d. Candra e. Aruna.

Garapen manut prentahe!

1. Andharan apa kang diarani madu rasa,madu rasa lan madu brata! 2. Sebutna lan andharna jenising wacan eksposisi!

3. Sebutna keratabasane : tebu,kathok,wedang,kuping,guru. 4.Tulisan batangane cangkriman ing ngisor iki!

a.Emboke wuda,anake tapihan. b.Pitik walik saba kebon

c.Bapak pocung bleger sirah lawan gembung Padha dikunjara

Mati sajroning ngaurip

Mbijig bata nuli urip sabageyan

(28)

MATERI V

AKSARA REKAN

AKSARA NGLEGENA

Aksara Nglegena cacahe ana 20. Aksara iki kabeh nglambangake fonem-fonem basa Jawa.

Saben aksara nduweni aksara pasangan. Ing ngisor iki wujude aksara Jawa lan pasangane.

Aksara Jawa

Pasangan

Sandhangan Swara

(29)

1

Wulu

i

2

Pepet

e

3

Suku

u

4

Taling

é

5

Taling tarung

o

AKSARA REKAN

Aksara rekan kuwi aksara aksara Hanacaraka sing ditambahi tandha dhiakritik arupa cecag telu. Cecag tlu iki karepe kanggo “ngreka” fonem-fonem saka basa manca , utamane basa arab, mula diarani aksara rekan.

Kha

dza

Va/fa

Za

gha

Tuladha panganggone aksara rekan:

kha

Dza

Fa

Za

gha

Gladhen:

(30)

1. Pak ghafur mbayar zakat fitrah 2. Bu khasanah ngaji ing masjid Fatimah 3. Safitri lan dzaki tuku klambi

4. Zainal mustofa iku jenenge adhiku 5. Dzikir iku akeh mupangate

ULANGAN PADINAN

A.

Pilihen wangsulan kang paling trep!

1.

manawa disalin nganggo aksara latin yaiku:

a.

Hanifah mbayar sekolah

b.

Hanifah mbayar zakat

c.

Kholifah mbayar sekolah

d.

Kholifah mbayar zakat

e.

Kholifah diparingi zakat

2.

manawa disalin nganggo aksara latin yaiku:

a.

fikri maca al fatikhah

b.

fikri maca adzan

c.

fikri adzan dhuhur

d.

fikri solat maghrib

e.

fikri adzan maghrib

3.

manawa disalin nganggo aksara latin yaiku:

a.

ziarah ing semarang

b.

zakat ing mushola

c.

ziarah ing Venezuela

d.

zakat iku wajib

e.

dzikir ing masjid

4.

Panyeratanipun aksara jawa ing ngandhap punika leres kajawi:

a.

b.

(31)

d.

e.

5.

Panyeratan aksara jawa ing ngandhap punika ingkang leres inggih punika:

a.

b.

c.

d.

e.

B.

Wangsulana pitakon ing ngisor iki!

1.

Tulisen limang tembung bae kang migunakake aksara rekan banjur tulisen

nganggo aksara Jawa!

2.

Gawea ukara migunakake tembung ing pitakonan angka siji lan tulisen ukara

kuwi nganggo aksara Jawa!

(32)

4.

Gawea wacana patang paragraph lan tulisen nganggo aksara jawa kang surasane

ngemot aksara rekan!

Referensi

Dokumen terkait

Untuk menghitung volume lalu lintas perjam pada jam-jam puncak arus sibuk, agar dapat menentukan kapasitas jalan maka data volume kendaraan arus lalu lintas (per

Dalam rangka mengumpulkan data, peneliti menggunakan beberapa metode yaitu metode observasi, metode dokumentasi, dan metode tes. Metode observasi digunakan peneliti

Dari beberapa penelitian terdahulu didapatkan hasil yang tidak konsisten atau berbeda-beda sehingga pentingnya dilakukan penelitian yang berjudul PENGARUH

Dari hasil pengukuran uji aktivitas antibakteri ekstrak air daun ashitaba, dapat diketahui bahwa Konsentrasi Hambat Minimum (KHM) ekstrak air daun ashitaba terhadap

Used in main input files to force generation of full output from header-file (or, if it is not specified, from the header file with the same base name as the file containing

hasil tersebut dapat diketahui bahwa serapan unsur hara yang diterima oleh tanaman lebih terlihat jelas pada pertumbuhan batang tebu mulai umur 139 HST sedangkan jumlah anakan

Minyak atsiri dari suatu tanaman memiliki aroma yang berbeda dengan minyak atsiri tanaman lainnyaoleh karena itu, minyak atsiri dapat digunakan sebagai bahan

Pendekatan Coordinated Management of Meaning (CMM) yang digunakan dalam penelitian ini membantu untuk menganalisa mengenai fenomena Proses Konstruksi Ilmu Sejati Orangtua