• Tidak ada hasil yang ditemukan

Sony Ericsson txt Panuntun pangguna pepak

N/A
N/A
Protected

Academic year: 2021

Membagikan "Sony Ericsson txt Panuntun pangguna pepak"

Copied!
34
0
0

Teks penuh

(1)

Sony Ericsson

txt

(2)

Isi

Informasi penting...4

Ngalami luwih akeh. Nggoleki carane...5

Nggawe persiyapan...6

Siyaga...7

Miwiti telpon nalika sapisanan...7

Ngerteni telpon...8

Iktisar telpon...8

Ngisi daya baterei...8

Lambang ing layar...10

Iktisar menu...11

Navigasi...12

Aplikasi kanca ...13

Olahpesen sanalika...14

Ngetik teks...15

Olahpesen...16

Pesen teks...16

Pesen multimedia...16

Obrol...16

Email...17

Nelpon...18

Dhaptar telpon...18

Telpon darurat...18

Kontak...20

Nelpon kontak...20

Musik...21

TrackID™...22

PlayNow™...23

Kamera...24

Kontrol kamera...24

Nyambungake telpon menyang komputer...25

Nransfer lan nangani isi nggunakake kabel USB...25

Wi-Fi™...26

Teknologi nirkabel Bluetooth™...27

Internet...28

Fitur liyane...29

Weker...29

2

(3)

Dering lan wallpaper...29

Kunci papan tombol...29

Kunci kertu SIM...29

Kunci telpon...30

Ngatasi masalah...31

Telpon ora bisa digunakake kaya samesthine...31

Pulih kaya wiwitan Sakabehe ...31

Lambang ngisi baterei ora katon nalika telpon wiwit ngisi daya...31

Area jaringan ora ana...31

Mung telpon darurat...31

SIM dikunci ...31

PUK diblokir. Hubungi operator. ...32

Nomer IMEI

...32

Informasi hukum...33

Indeks...34

...

(4)

Informasi penting

Waca bagean Informasi penting sadurunge nggunakake ponsel.

Sawetara layanan lan fitur sing diterangake ing Buku tuntunan iki ora didhukung ing kabeh negara/wilayah utawa dening kabeh jaringan lan/utawa panyedhiya layanan ing kabeh wilayah. Tanpa watesan, iki ditrapake kanggo Nomer Darurat Internasional GSM 112. Hubungi operator jaringan utawa panyedhiya layanan kanggo nemtokake kasedhiyan layanan utawa fitur tartamtu lan manawa dikenani biaya akses utawa panggunaan tambahan.

4

(5)

Ngalami luwih akeh. Nggoleki carane.

Parani www.sonyericsson.com/support kanggo mangerteni carane nggunakake telpon kanthi maksimal.

(6)

Nggawe persiyapan

Sawetara instruksi nggawe persiyapan dhasar dicithak ing kothak sing kasedhiyakake bareng karo telpon. Ing ngisor iki sampeyan uga bisa nggolek katrangan kanggo mbantu sampeyan nggawe persiyapan.

Kanggo masang kertu SIM

• Bukak tutup telpon banjur pasang kertu SIM kanthi kontak werna emas madhep mengkurep.

Kanggo masang kertu memori

Sampeyan bisa uga kudu tuku kertu memori kanthi kapisah.

1 Copot tutup baterei banjur lebokake kertu memori kanthi kontak warna emas madhep mengkurep.

2 Kanggo nyopot kertu memori, copot dhisik tutup baterei, banjur penet kaitan lan sungkil metu kertu memori.

Masang baterei

6

(7)

1 Lebokake baterei kanthi label madhep munggah lan konektor adhep-adhepan.

2 Selehake baterei ing panggonane.

Kanggo nguripake telpon

1 Penet terus tombol .

2 Ketik PIN, yen dijaluk.

3 Pilih OK.

4 Pilih basa.

5 Pilih Ya kanggo wiwit nyiyapake tuntunan.

Yen sampeyan kleru nalika ngetik PIN, penet kanggo mbusak nomer.

Siyaga

Sawise sampeyan nguripake telpon lan ngetik PIN, jeneng operator jaringan bakal katon. Layar iki diarani siyaga. Telpon saiki wis siyap digunakake.

Mateni telpon

• Penet terus .

Sakdurunge mateni telpon, sampeyan kudu bali menyang siyaga.

Miwiti telpon nalika sapisanan

Nalika pisanan sampeyan wiwit nganggo telpon, pandhuan persiyapan mbantu sampeyan ngatur setelan telpon sing penting lan ngimpor kontak. Sampeyan uga bisa ngakses pandhuan persiyapan mengko saka setelan telpon.

Nyetel basa telpon nalika persiyapan

• Nalika sampeyan miwiti telpon sapisanan, bakal katon daftar basa. Gulung dhaptar banjur pilih basa.

Nyetel wektu lan tanggal nalika persiyapan

1 Nalika panuntun persiyapan njaluk supya sampeyan nyetel wektu lan tanggal nalika persiyapan, pilih Ya.

2 Ketik kolom jam lan menit kanggo nyetel wektu.

3 Yen wis rampung, pilih Simpen.

4 Ketik kolom taun, sasi lan dina kanggo nyetel tanggal.

5 Yen wis rampung, pilih Simpen.

Ngimpor kontak saka kertu SIM

• Nalika sampeyan sepisanan wiwit nganggo telpon sing wis dipasangi kertu SIM, panuntun persiyapan njaluk sampeyan cepet-cepet ngimpor kontak SIM. Pilih Ya.

(8)

Ngerteni telpon

Iktisar telpon

1 Speker kuping 2 Layar 3 Tombol navigasi 4 Tombol pilihan 5 Tombol telpon 6 Tombol trabasan 7 Papan tombol 8 Tombol busak

9 Tombol pungkas, Tombol urip/mati 10 Konektor handset

11 Lensa kamera 12 Speker 13 Tombol volume

14 Konektor kanggo isi daya lan kabel USB

Ngisi daya baterei

Baterei telpon wis diisi separo nalika sampeyan tuku telpon. Perlu sawetara menit nganti lambang baterei ditampilake ing layar nalika sampeyan nyambungake kabel pangisi daya menyang sumber listrik, kayata port USB utawa pangisi daya telpon. Sampeyan isih bisa nggunakake telpon nalika diisi daya.

Baterei bakal kalong sethitik sawise diisi daya nganti kebak banjur ngisi maneh daya sawise sawetara wektu nalika pangisi daya disambungake. Iki tujuane supaya umur baterei awet lan status pangisian daya nuduhake tingkat kurang saka 100 persen.

8

(9)

Ngisi daya telpon nggunakake adaptor daya

• Sambungake telpon menyang stopkontak listrik nggunakake kabel USB lan adaptor daya.

(10)

Lambang ing layar

Lambang ing ngisor iki bisa uga katon ing layar:

Lambang Katrangan

Telpon ora kejawab

Piranti tanpa nyekel disambung Telpon aktif

Pesen teks ditampa Pesen multimedia ditampa Setel telpon dadi meneng Radio puter

Weker urip

Fungsi Bluetooth™ urip Tombol kunci

10

(11)

Iktisar menu

Media Facebook Kontak Opera Mini Pesen Nulis anyar

Kothak Mlebu/Obrolan Pesen

Email

Telp surat swara

Aplikasi** Orkut Twitter Yahoo! mail Gmail YouTube Opera Mini Facebook Picasa™ Google Talk™ TrackID™ Hiburan Layanan online* PlayNow™ Internet Radio Game TrackID™ Rekam swara Multipel IM Panjadwal Pangatur file** Tanggalan Weker Tugas Cathetan Timer Stopwatch Kalkulator GreenHeart™ Kamera Kanca Setelan** Umum Swara & tandha Layar

Telpon Sesambungan

* Sawetara menu ana sing gumantung marang operator, jaringan lan langganan. ** Sampeyan bisa nggunakake tombol navigasi kanggo nggulung antarane tab ing submenu.

(12)

Navigasi

Menu utama katon minangka lambang. Sawetara submenu kalebu tab.

Ngakses menu utama

• Nalika Menu katon ing layar, penet tombol pilihan tengah.

• Yen Menu ora katon ing layar, penet tombol Pungkas, banjur penet tombol pilihan tengah.

Njelajahi menu telpon

1 Penet tombol pilihan tengah kanggo milih Menu.

2 Penet tombol navigasi munggah, mudhun, ngiwa utawa nengen kanggo pindhah menu.

Milih item

• Gulung menyang item lan penet tombol pilihan tengah

Kanggo nggulung antarane tab

• Penet tombol navigasi ngiwa utawa nengen.

Mundur sak langkah ing menu

• Pilih Mndur.

Mungkasi fungsi

• Penet .

Bali menyang siyaga

• Penet .

Mbusak item

• Gulung menyang item banjur penet .

12

(13)

Aplikasi kanca

Aplikasi Kanca nglumpukake komunikasi karo limang kanca sing paling kerep

sesambungan ing sak layar. Kabeh komunikasi – nganyari Facebook™ utawa Twitter™, pesen teks lan multimedia, telpon ora kejawab - katon ing siyaga.

Aplikasi iki bisa uga ora kasedhiya ing kabeh negara utawa wilayah. Nambahake kanca menyang aplikasi Kanca

1 Saka siyaga, pilih Kanca.

2 Pilih Nambah.

3 Kabeh kontak ing telpon dikatonake. Pilih kontak sing arep ditambahake minangka salah siji saka limang kanca cedhak. Sampeyan bisa nambahake kanca siji ing sak wektu.

4 Kanggo nambah kanca liyane, penet tombol navigasi ngiwa utawa nengen kanggo nggulung menyang lambang liyane.

5 Pilih Nambah banjur penet tombol navigasi munggah utawa mudhun kanggo milih kontak.

Nelpon kanca saka aplikasi Kanca

1 Saka siyaga, pilih Kanca.

2 Penet tombol navigasi ngiwa utawa nengen kanggo milih kanca.

3 Gulung menyang banjur pilih Nelpon.

Ndeleng pesen sing ditampa ing aplikasi Kanca

1 Nalika kabar olahpesen katon, pilih Kanca.

2 Penet tombol navigasi ngiwa utawa nengen kanggo milih kanca sing ngirim pesen.

3 Gulung menyang banjur pilih Buka > Ndeleng.

Malesi pesen nggunakake aplikasi Kanca

1 Saka siyaga, pilih Kanca.

2 Penet tombol navigasi ngiwa utawa nengen kanggo milih kanca.

3 Gulung menyang .

4 Pilih Buka > Ndeleng banjur gulung menyang pesen sing arep diwalesi.

5 Pilih Bales kanggo malesi pesen kasebut.

Ngakses Facebook liwat aplikasi Kanca

1 Saka siyaga, pilih Kanca.

2 Penet tombol navigasi ngiwa utawa nengen kanggo milih kanca.

3 Gulung menyang banjur pilih Buka.

Sampeyan uga bisa ngatur acara Twitter™ nganggo cara sing padha. Nyetel frekuensi anyari Kanca

1 Saka siyaga, pilih Kanca.

2 Pilih Pilihan > Setelan duwekku > Kekerepan anyari.

3 Pilih opsi.

Ngilangi kanca saka aplikasi Kanca

(14)

Olahpesen sanalika

Nggunakake aplikasi IM (Instant Messaging/Olahpesen Sanalika) kanggo chating karo wong liya lan melu partisipasi ing grup IM kanggo ngrembuk topik sing dadi kawigatenan sampeyan. Panyedhiya layanan IM bisa nawakake fitur sing beda-beda.

Sadurunge bisa nggunakake olahpesen Sanalika, sampeyan kudu nyiyapake setelan sing bener ing telpon. Ing sawetara kasus, setelan iki bisa uga wis diatur ing telpon. Utawa sampeyan bisa uga nampa setelan sing awujud pesen pangaturan saka panyedhiya layanan IM.

Atur wiwitan Google Talk™

1 Saka siyaga, pilih Menu > Aplikasi.

2 Tindakake panuntun pandhaptaran kanggo gawe akun Google™, utawa mlebu yen sampeyan wis duwe akun. Saiki telpon wis siyap digunakake nganggo Gmail™ lan Google Talk™.

Miwiti Google Talk™

• Saka siyaga, pilih Menu > Aplikasi.

14

(15)

Ngetik teks

Sampeyan bisa ngetik aksara, angka lan karakter khusus kanthi nggunakake papan tombol QWERTY. Mode input nggunakake Multitap.

Ngetik huruf ndhuwur

• Penet terus , banjur ketik aksara sing dikepengini. Papan tombol bali menyang huruf cilik sawise sampeyan ngeculake tombol .

Ngaktifake huruf kapital

• Sadurunge ngetik teks, penet nganti katon ing layar.

Ngetik karakter kanthi nggunakake tombol pilihan mode

• Penet kanggo nguripake tombol pilihan mode, banjur penet tombol sing nuduhake karakter sing warnane padha. Umpamane, penet sapisan banjur penet tombol "T" kanggo ngetik "1".

Ngunci lan mbukak kunci tombol pilihan mode

1 Penet kaping pindho kanggo ngunci tombol pilihan mode, banjur ketik teks kanthi menet tombol sing nuduhake karakter sing warnane padha.

2 Kanggo mbukak kunci tombol pilihan mode, penet maneh tombol kasebut.

Ngetik simbol

1 Nalika ngetik teks, penet . Keypad simbol dituduhake.

2 Pilih simbol utawa simbol-simbol sing arep dilebokake.

Kanggo ngganti basa nulis

1 Nalika ngetik teks, penet .

2 Pilih opsi.

Ngetik teks

1 Kanggo ngetik tembung, sampeyan bisa nulis aksara mbaka siji, utawa milih saka dhaptar tembung sing diprediksi nalika katon kanthi menet tombol navigasi mudhun.

2 Yen tembung sing dikarepake ora ana ing dhaptar, pilih Pilihan > Nulis tembung, banjur ketik tembung lan penet Simpen.

(16)

Olahpesen

Pesen teks

Sampeyan kudu duwe nomer jaringan layanan sing bener ing telpon. Nomer iki diwenehi dening operator jaringan lan disimpen ing kertu SIM. Sampeyan kudu ngetik dhewe nomer mau.

Nulis lan ngirim pesen teks

1 Pilih Menu > Pesen > Nulis anyar > Pesen.

2 Tulis pesen banjur pilih Terus.. Pilih Ketik alamat email, Goleki kontak, utawa

Ketik nomer telpon.

3 Pilih panampa banjur pilih Kirim.

Ndeleng pesen teks sing ditampa

• Pesen teks ditampa katon. Pilih Ya.

Ndeleng pesen saka kothak mlebu

1 Pilih Menu > Pesen > Kothak Mlebu.

2 Gulung menyang pesen banjur pilih Ndeleng.

Pesen multimedia

Pesen multimedia bisa amot teks, gambar, swara lan lampiran liyane. Kabeh mau dikirim nggunakake MMS (Layanan Olahpesen Multimedia) menyang ponsel. Sampeyan mbutuhake setelan Internet sing bener ing telpon kanggo nggunakake olahpesen multimedia. Delok Internet ing kaca 28.

Nulis lan ngirim pesen multimedia

1 Pilih Menu > Pesen > Nulis anyar > Pesen.

2 Ketik teks, yen dikepengini. Kanggo nambah item menyang pesen, penet tombol navigasi mudhun, banjur gulung ngiwa utawa nengen, banjur pilih item.

3 Kanggo pratinjau pesen multimedia sakdurunge dikirim, pilih Pilihan > Preview.

4 Yen telpon wis siyap, pilih Terus..

5 Tambah panampa kanthi milih pilihan kirim.

6 Yen wis rampung, pilih Kirim.

Obrol

Sampeyan bisa milih arep ndeleng pesen ing Obrolan utawa ing Kothak Mlebu. Obrol olahpesen ngatonake kabeh komunikasi olahpesen antarane sampeyan karo salah siji kontak.

Ngirim pesen saka Obrol

1 Pilih Menu > Pesen.

2 Pilih Obrolan, utawa pilih Kothak Mlebu banjur pilih tab Obrolan.

3 Pilih obrol.

4 Tulis pesen banjur pilih Kirim.

Ndeleng pesen saka Obrol

• Pilih Menu > Pesen > Kothak Mlebu > tab Obrolan banjur pilih obrol.

• Pilih Menu > Pesen > Obrolan banjur pilih obrol.

16

(17)

Email

Sampeyan bisa nggunakake telpon kanggo ngirim lan nampa email liwat akun email biasa. Sadurunge miwiti, sampeyan perlu setelan Internet sing bener ing telpon. Delok Internet

ing kaca 28.

Kanggo katrangan lengkap carane ngetik teks, delok Ngetik teks ing kaca 15. Nggawe akun email ing telpon

1 Saka siyaga, pilih Menu > Pesen > Email.

2 Pilih akun email. Yen akun sing arep digunakake durung ana ing dhaptar, pilih

Liyane.

3 Ketik katrangan sing gegandhengan ing kolom Jeneng layar lan Jeneng pangguna, banjur pilih Terus..

4 Ketik sandhi, banjur pilih Terus..

5 Pilih POP3 utawa IMAP4, banjur pilih Terus..

6 Ketik rincian kanggo server mlebu lan server metu, banjur pilih Terus..

Nggawe lan ngirim pesen email

1 Saka siyaga, pilih Menu > Pesen > Email.

2 Pilih Tulis anyar.

3 Kanggo nambah panampa, gulung menyang kolom Menyang: banjur pilih Ketik alamat email.

4 Ketik alamat email banjur pilih OK.

5 Kanggo ngetik subyek, gulung menyang kolom Subyek:, banjur ketik subyek, lan pilih OK.

6 Kanggo ngetik pesen teks, gulung menyang kolom Teks:, ketik teks banjur pilih

OK.

(18)

Nelpon

Sampeyan kudu nguripake telpon lan kalebu ing jangkoan jaringan.

Nelpon nomer

1 Ketik nomer telpon (ditambahi kode negara internasional lan kode area, yen ana).

2 Penet .

Sampeyan bisa nelpon nomer saka aplikasi Kontak lan saka dhaptar telpon. Mungkasi telpon • Penet . Njawab telpon • Penet . Nolak telpon • Penet .

Nggenti volume spiker sajrone nelpon

• Penet tombol swara munggah utawa mudhun.

Mateni dering tanpa njawab telpon

• Penet tombol swara munggah utawa mudhun.

Nguripake spiker sajrone nelpon

• Pilih Spkr on.

Aja nempelake telpon ing kuping nalika nggunakake spiker. Amarga bisa ngrusak pangrungon. Nelpon nomer internasional

1 Saka siyaga, penet kanggo ngatonake simbol "+".

2 Ketik kode negara, kode area (tanpa diwiwiti angka nol) lan nomer telpon.

3 Penet .

Dhaptar telpon

Sampeyan bisa ndeleng informasi babagan telpon pungkasan.

Nelpon nomer saka dhaptar telpon

1 Penet .

2 Gulung menyang jeneng utawa nomer banjur pencet .

Mbusak dhaptar telpon

1 Penet .

2 Ing tab Kabeh pilih Pilihan > Mbusak kabeh.

3 Kanggo konfirmasi, pilih Ya.

Telpon darurat

Telpon ndhukung nomer darurat internasional, contone 112 utawa 911. Biasane, sampeyan bisa nggunakake nomer kasebut kanggo telpon darurat ing negara endi wae, nganggo utawa tanpa masang kertu SIM, yen sampeyan ana ing jangkoan jaringan.

18

(19)

Telpon nomer darurat

• Ketik 112 (nomer darurat internasional) banjur penet .

Ing sawetara negara, nomer darurat lokal bisa uga disedhiyakake. Operator jaringan bisa uga wis nyimpen nomer-nomer iki ing kertu SIM.

(20)

Kontak

Sampeyan bisa nyimpen jeneng, nomer telpon lan katrangan pribadhi ing Kontak. Katrangan bisa disimpen ing memori telpon utawa ing kertu SIM.

Nambah kontak telpon

1 Pilih Menu > Kontak.

2 Gulung menyang Kontak anyar banjur pilih Nambah.

3 Ketik jeneng kontak banjur pilih OK.

4 Gulung menyang Nomer anyar: banjur pilih Nambah.

5 Ketik nomer banjur pilih OK.

6 Pilih opsi nomer.

7 Gulung antarane tab karo katrangan liyane, yen dikepingini, ing kolom sing cocog.

8 Pilih Simpen.

Ngowahi kontak telpon

1 Pilih Kontak.

2 Gulung menyang kontak banjur pilih Pilihan > Owahi kontak.

3 Gulung antarane tab, owahi katrangan banjur pilih Simpen.

Nelpon kontak

Nelpon nganggo fitur telusur Cerdas

1 Kanthi nggunakake papan tombol, ketik rerangken digit utawa aksara. Kabeh entri sing cocog karo urutan digit utawa aksara sing cocog dituduhake ing dhaptar.

2 Gulung menyang kontak utawa nomer telpon banjur penet tombol Telpon.

Nguripake utawa mateni fitur telusur Cerdas

1 Pilih Menu > Setelan > tab Telpon > Telusur pinter.

2 Pilih opsi.

20

(21)

Musik

Optimalake pamuter musik. Rungokake lan ngatur musik, buku audio lan podcast sing wis ditransfer saka komputer menyang kertu memori, utawa sing dituku lan diundhuh saka toko online.

Instal aplikasi Media Go™ ing komputer lan transfer isi menyang lan saka kertu memori ing telpon. Media Go™ bisa diundhuh saka www.sonyericsson.com/support. Kanggo informasi luwih lengkap, waca Nyambungake telpon menyang komputer ing kaca 25.

Muter trek

1 Pilih Menu > Media > Musik.

2 Telusur miturut artis, trek utawa dhaptar lagu. Gulung menyang pilihan banjur penet

Pilih kanggo mbukak.

3 Gulung menyang trek banjur pilih Puter.

Ngaso track

• Nalika trek lagi muter, penet .

Nggenti trek

• Nalika trek lagi muter, pilih utawa .

Maju lan mundur cepet musik

• Nalika trek lagi muter, penet terus utawa .

Nyetel volume audio

(22)

TrackID™

TrackID™ iku layanan pangenalan musik. Sampeyan bisa nelusur judhul, artis lan jeneng trek sing lagi diputer lan dirungokake liwat spiker utawa ing radio.

Sampeyan mbutuhake setelan piranti Java™ lan setelan Internet sing bener ing telpon kanggo nggunakake fungsi iki. Delok Internet ing kaca 28. Kanggo katrangan biaya, hubungi operator jaringan.

Kanggo nggoleki informasi trek

• Nalika ngrungokake trek liwat spiker, pilih Menu > Hiburan > TrackID™ > Pilih.

• Nalika ngrungokake trek liwat radio ing telpon, saka layar radio pilih Pilihan > TrackID™.

22

(23)

PlayNow™

Yen sampeyan mbukak PlayNow™, tik PlayNow™, ing kono bisa ngundhuh musik, game, dering, tema lan wallpaper. Sampeyan bisa pratinjau utawa ngrungokake isi sadurunge tuku lan ngundhuh menyang telpon.

Layanan iki ora kasedhiya ing kabeh negara.

Kanggo fungsionalitas sing luwih lengkap, sampeyan uga bisa akses toko web PlayNow™ shop ing komputer saka www.sonyericsson.com/playnow. Kanggo katrangan sing luwih lengkap, pindhah menyang www.sonyericsson.com/support kanggo maca pedoman fitur

PlayNow™.

Kanggo ngakses layanan PlayNow™:

• Saka siyaga, pilih Menu > Hiburan > PlayNow™.

(24)

Kamera

Sampeyan njupuk foto, ngrekam vidio, ndeleng album lan nuduhake klip lan gambar favorit karo para kanca – kabeh nganggo aplikasi kamera sampeyan.

Kontrol kamera

1 Setel tingkat padhang 2 Uripake fungsi video

3 Uripake fungsi kamera gambar mati

4 Atur ukuran gedhe lan cilik (atur ukuran ora kasedhiya yen sing dipilih ukuran gambar gedhe) 5 Jendela bidik kamera

6 Nilai ekspos

24

(25)

Nyambungake telpon menyang

komputer

Sambungake telpon sampeyan menyang komputer lan wiwiti nransfer gambar, musik lan jinis-jinis file liyane.

Sampeyan ora bisa nransfer materi sing dilindhungi hak ciptane antarane telpon lan komputer.

Nransfer lan nangani isi nggunakake kabel USB

Cara paling umum nransfer file antarane telpon lan komputer yaiku nganggo kabel USB. Sawise telpon lan komputer nyambung, sampeyan bisa nyeret lan ngeculake isi saka siji marang liyane gunakake panuduh file komputer.

Priksa yen sampeyan wis manggonake file ing jinis folder sing cocog. Conthone, panggonake file musik ing folder Music. File aplikasi Java iku pangecualian. Sampeyan kudu manggonake ing folder Other.

Nyeret banjur ngeculake ing antarane telpon lan komputer

1 Nyambungake kabel USB karo telpon lan komputer.

2 Telpon: Pilih Ya kanggo konfirmasi sambungan simpenan gedhe.

3 Komputer: Enteni nganti kertu telpon lan kertu memori katon minangka diska eksternal ing aplikasi panuduh file.

4 Komputer: Ing komputer desktop, klik kaping pindho lambang My Computer.

5 Komputer: Kanggo ndeleng folder memori telpon lan kertu memori, klik kaping pindho lambang telpon.

6 Komputer: Salin lan tempel file (utawa seret lan culake) menyang folder sing cocog ing komputer, ing memori telpon, utawa ing kertu memori.

Sampeyan ora bisa nganggo telpon nalika nransfer file. Kanggo nyopot kabel USB kanthi aman

Aja nyopot kabel USB nalika proses transfer isi amarga iki bisa ngrusak konten.

1 Komputer: Gunakake fungsi Safely Remove Hardware kanggo milih piranti sing pengin sampeyan copot, banjur klik Stop.

2 Copot kabel USB.

Pandhuan komputer beda-beda gumantung saka sistem operasi. Waca dokumentasi sistem operasi komputer kanggo informasi lengkap.

(26)

Wi-Fi™

Kanthi nggunakake teknologi Wi-Fi™ sampeyan bisa ngakses Internet nirkabel nganggo telpon. Kanggo ngakses Internet nggunakake sambungan Wi-Fi™, sampeyan kudu nelusuri dhisik banjur nyambung menyang jaringan Wi-Fi™ sing kasedhiya. Kekuwatan sinyal jaringan Wi-Fi™ beda-beda gumantung saka lokasi telpon. Nyedhak karo jalur akses Wi-Fi™ bisa nambah kekuwatan sinyal.

Ngaktifake Wi-Fi®

• Pilih Menu > Setelan > Sesambungan > Wi-Fi > Uripake.

Butuh wektu sawetara dhetik sadurunge Wi-Fi® aktif. Nyambung menyang jaringan Wi-Fi®

1 Priksa manawa Wi-Fi® wis diaktifake.

2 Pilih Menu > Setelan > Sesambungan > Wi-Fi. Jaringan Wi-Fi® sing kasedhiya ditampilake ing layar.

3 Tutul jaringan Wi-Fi® kanggo nyambung mrono. Yen sampeyan nyoba nyambung jaringan Wi-Fi® aman, sampeyan bakal dijaluk ngetik sandhi.

Telpon sampeyan eling marang jaringan Wi-Fi® sing wis nate kasambung. Liya wektu yen sampeyan ing jangkoan jaringan Wi-Fi® sing wis nate kasambung, telpon kanthi otomatis bakal kasambung mrono.

Ing sawetara lokasi, jaringan Wi-Fi® sing kabukak bakal njaluk sampeyan mlebu ing kaca web sadurunge sampeyan bisa entuk akses menyang jaringan. Hubungi administrator jaringan Wi-Fi® kanggo katrangan lengkap.

26

(27)

Teknologi nirkabel Bluetooth™

Teknologi nirkabel Bluetooth™ menehi fasilitas sambungan nirkabel karo piranti Bluetooth™ liyane, contone, piranti dipasang ing sirah Bluetooth™. Sampeyan bisa nyambung karo pirang-pirang piranti bebarengan utawa ijol-ijolan item.

Jangkoan antarane 10 meter (33 kaki), kanthi ora ana objek sing ngalangi, dianjurake kanggo komunikasi Bluetooth™.

Nguripake fungsi Bluetooth™

• Pilih Menu > Setelan > Sesambungan > Bluetooth > Uripake.

Sawetara negara ora ngidini panggunaan teknologi nirkabel Bluetooth™. Ngatonake utawa ndhelikake telpon

• Pilih Menu > Setelan > Sesambungan > Bluetooth > Visibilitas > Nuduhake telpon utawa Dhelikake telpon.

Yen sampeyan milih Dhelikake telpon, piranti liyane ora bisa nemokake telpon kanthi nggunakake teknologi nirkabel Bluetooth™.

Masangake telpon karo piranti

1 Kanggo nelusur piranti sing kasedhiya, pilih Menu > Setelan > Sesambungan >

Bluetooth > Pirantiku > Piranti anyar.

2 Pilih piranti saka dhaptar.

3 Yen perlu, ketik kode akses.

Priksa yen piranti sing pengin dipasangake karo telpon wis nguripake fungsi Bluetooth™ lan visibilitas lan visibilitas Bluetooth™ disetel karo Nuduhake telpon.

Masangake telpon karo piranti tanpa nyekel Bluetooth™

1 Pilih Menu > Setelan.

2 Penet tombol navigasi nengen kanggo nggulung tab Sesambungan banjur pilih

Bluetooth > Handsfree > Handsfreeku > Handsfree anyar.

Nampa item

1 Uripake fungsi Bluetooth™ banjur setel Visibilitas karo Nuduhake telpon.

2 Nalika sampeyan nampa item, tindakake instruksi sing katon.

Ngirim item nggunakake fungsi Bluetooth™

1 Pilih, contone, Menu > Panjadwal > Pangatur file > Album kamera.

(28)

Internet

Sampeyan perlu setelan Internet sing bener ing telpon. Yen setelan ora ana ing telpon, sampeyan bisa pindhah menyang www.sonyericsson.com/support utawa takon karo operator jaringan kanggo mangerteni informasi liyane.

Priksanen sampeyan wis langganan telpon sing ndhukung transmisi data. Milih profil internet

1 Pilih Menu > Setelan > Sesambungan > Setelan internet > Profil internet >

Nyambung nganggo:.

2 Pilih akun.

Nggunakake telusur

1 Pilih Menu > Hiburan > Internet > Pilihan > Menyang.

2 Pilih opsi.

Metu saka telusur

• Nalika lagi nelusur, penet .

28

(29)

Fitur liyane

Weker

Sampeyan bisa nyetel swara utawa radio minangka swara weker. Weker tetep muni sanajan telpon dipateni.

Nyetel weker

1 Pilih Menu > Panjadwal > Weker.

2 Gulung menyang weker banjur pilih Owahi.

3 Oper antarane tab banjur setel wektune, swara weker lan katrangan liyane, yen perlu.

4 Pilih Simpen.

Yen sampeyan milih radio minangka swara weker, aja lali masang piranti tanpa nyekel ing telpon. Radio nggunakake piranti tanpa nyekel minangka antena.

Dering lan wallpaper

Wallpaper digunakake kanggo nggenti tampilan layar.

Nyetel volume dering

1 Pilih Menu > Setelan > Swara & tandha > Volume swara kring.

2 Penet tombol navigasi ngiwa utawa nengen kanggo nggenti volume.

3 Pilih Simpen.

Nyetel dering

1 Pilih Menu > Setelan > Swara & tandha > Rington.

2 Golek banjur pilih dering.

Nyetel tandha kedher

1 Pilih Menu > Setelan > Swara & tandha > Tandha kedher.

2 Pilih opsi.

Nggunakake potret minangka wallpaper

1 Pilih Menu > Panjadwal > Pangatur file > Album kamera.

2 Gulung menyang potret banjur pilih Pilihan > Guna. minangka > Wallpaper.

Kunci papan tombol

Sampeyan bisa nggunakake kunci papan tombol supaya ora bisa nelpon kanthi ora sengaja. Telpon mlebu bisa dijawab tanpa mbukak kunci papan tombol.

Telpon menyang nomer darurat internasional 112 isih bisa. Nguripake kunci tombol otomatis

1 Pilih Menu > Setelan > Umum > Keamanan > Kunci tbl otomatis.

2 Pilih opsi.

(30)

Ngowahi PIN kertu SIM

1 Pilih Menu > Setelan > Umum > Keamanan > Proteksi SIM > Ngganti PIN.

2 Ketik PIN banjur pilih OK.

3 Ketik PIN anyar banjur pilih OK.

4 Kanggo konfirmasi, ketik maneh PIN anyar banjur pilih OK.

Kunci telpon

Kunci telpon njaga telpon saka panggunaan sing ilegal yen telpon dicolong lan kertu SIM diganti. Sampeyan bisa nggenti kode kunci telpon (nomer gawan 0000) karo kode pribadhi papat-nganti-wolung-digit apa wae. Yen kunci telpon disetel dadi Otomatis, sampeyan ora perlu ngetik kode kunci telpon nganti kertu SIM liyane dilebokake ing telpon.

Yen kunci telpon urip lan kunci uga aktif, sampeyan bakal dijaluk ngetik kode kunci telpon sakdurunge sampeyan bisa nggunakake telpon. Yen kunci telpon mati, sampeyan mung perlu mbukak kunci kanggo nggunakake telpon.

Nyetel kunci telpon

1 Pilih Menu > Setelan > Umum > Keamanan > Proteksi telpon > Proteksi.

2 Pilih opsi.

3 Ketik kode kunci telpon banjur pilih OK.

Nggenti kode kunci telpon

1 Pilih Menu > Setelan > Umum > Keamanan > Proteksi telpon > Ngganti kode.

2 Ketik kode lawas banjur pilih OK.

3 Ketik kode anyar banjur pilih OK.

4 Ketik kode anyar maneh banjur pilih OK.

Mateni kunci telpon

1 Pilih Menu > Setelan > Umum > Keamanan > Proteksi telpon > Proteksi >

Mati.

2 Ketik kode kunci telpon banjur pilih OK.

30

(31)

Ngatasi masalah

Sawetara masalah kudu diatasi sarana nelpon operator jaringan, nanging biasane sampeyan bisa ngatasi masalah dhewe. Copot kertu SIM sakdurunge menehake telpon kanggo didandani. Kanggo dhukungan lengkap, pindhah menyang

www.sonyericsson.com/support.

Wiwit maneh telpon saben dina kanggo mbebasake memori. Pulihake kaya wiwitan Sakabehe yen ana masalah babagan kapasitas memori utawa yen telpon ora bisa cepet.

Telpon ora bisa digunakake kaya samesthine

Yen sampeyan nemoni masalah karo telpon, priksa tips iki sadurunge nyoba tindakan liya:

• Wiwiti maneh telpon.

• Copot banjur pasang maneh kertu SIM. Banjur wiwiti maneh telpon.

• Wiwiti maneh peksa yen telpon ora ngrespon lan ora bisa diwiwiti kaya biasane.

• Anyari piranti lunak telpon. Nganyari telpon njamin kinerja sing optimal lan nyedhiyakake kaundhakan paling anyar.

• Reset telpon.

Enteni nalika ngreset tepon kanthi sabar. Miwiti maneh telpon sajerone ngreset bisa ngrusak telpon kanthi permanen.

Pulih kaya wiwitan Sakabehe

Yen telpon ana masalah, kayata layar kedhep, layar macet utawa masalah tombol navigasi, sampeyan kudu mulihake telpon kaya wiwitan.

Kanggo ngreset telpon

• Pilih Menu > Setelan > Umum > Reset Master banjur pilih pilihan.

Reset setelan pulihake kabeh owah-owahan sing ditindakake menyang gawan telpon. Reset kabeh mbusak kabeh data pangguna kayata kontak, pesen, gambar lan swara ing telpon.

Lambang ngisi baterei ora katon nalika telpon wiwit ngisi daya

Perlu sawetara menit nganti lambang baterei katon ing layar.

Area jaringan ora ana

• Telpon ana ing mode Pesawat. Pesthekake mode Pesawat wis dipateni.

• Telpon ora nampa sinyal jaringan babar pisan, utawa sinyal sing ditampa sithik banget. Hubungi jaringan operator lan pesthekake yen jaringan njangko panggonan sampeyan.

• Kertu SIM ora bisa digunakake kanthi bener. Lebokake kertu SIM ing kertu liyane. Yen bisa dienggo, mbokmenawa telpon sampeyan sing ana masalah. Yen ngono, hubungi pusat layanan Sony Ericsson sing paling cedhak.

Mung telpon darurat

Sampeyan ana ing jangkoan jaringan, nanging ora diidini nggunakake telpon. Nanging nalika darurat, sawetara operator jaringan ngidini sampeyan nelpon nomer darurat

(32)

PUK diblokir. Hubungi operator.

Sampeyan salah ngetik PUK kaping 10 saurutan. Hubungi panyedhiya layanan.

32

Iki penerbitan versi Internet. © Dicetak khusus kanggo keperluan pribadi.

Nomer IMEI

Saben piranti duweni nomer IMEI (International Mobile Equipment Identity) sing unik. Sampeyan kudu nyimpen salinan nomer iki. Yen piranti sampeyan dicolong, panyedia jaringan bisa nganggo nomer IMEI sampeyan kanggo ngendhegake piranti ngakses jaringan ing negara sampeyan.

Ndeleng nomer IMEI

Penet *#06#.

(33)

Informasi hukum

Sony Ericsson txt CK13i

Panuntun pangguna iki diterbitake dening Sony Ericsson Mobile Communications AB utawa pabrik afiliasi lokal, tanpa jaminan babar pisan. Perlune dandan lan owah-owahan ing Panuntun pangguna amarga ana kesalahan panulisan, isi informasi sing ora akurat, utawa dandan kanggo program lan/utawa peralatan, bakal diowahi dening Sony Ericsson Mobile Communications AB sawayah-wayah tanpa kabar. Nanging owah-owahan kasebut, bakal digabung ing edhisi Panuntun pangguna sing anyar.

Kabeh hak dilindhungi undhang-undhang. ©Sony Ericsson Mobile Communications AB, 2011 Nomer publikasi 1253-3631.1

Wigati: Sawetara layanan lan fitur sing dijelasake ing Panuntun pangguna iki ora didhukung dening kabeh jaringan lan/utawa panyedhiya layanan ing kabeh wilayah. Tanpa watesan, iki ditrapake kanggo Nomer Darurat Internasional GSM 112. Hubungi operator jaringan utawa panyedhiya layanan kanggo nemtokake kasedhiyan layanan utawa fitur tartamtu lan manawa dikenani biaya akses utawa panggunaan tambahan. Ponsel sampeyan duwe kemampuan kanggo download, nyimpen lan nerusake isi tambahan, umpamane dering. Panggunaan isi kasebut bisa diwatesi utawa dilarang dening pihak katelu, kalebu nanging ora winates ing watesan miturut hukum hak cipta. Sampeyan, lan dudu Sony Ericsson, sing tanggung jawab total marang isi tambahan sing didownload menyang utawa sing diterusake saka telpon sampeyan. Sadurunge nggunakake samubarang isi tambahan, verifikasi yen panggunaan wis entuk lisensi utawa wis diijini kanthi sah. Sony Ericsson ora njamin akurasi, integritas utawa kualitas samubarang isi tambahan utawa isi pihak katelu liyane. Ing samubarang kondhisi Sony Ericsson ora tanggung jawab marang panyalahgunaan isi tambahan utawa isi pihak katelu liyane. Kabeh jeneng prodhuk lan jeneng perusahaan sing disebutake ing kene minangka merek dagang utawa merek kadhaptar pamilik.

Buku tuntunan iki bisa uga ngrujuk layanan utawa aplikasi sing diwenehake dening pihak katelu. Panggunaan pamrograman utawa layanan sing kaya mengkono iku mbutuhake pendhaptaran kapisah karo panyedhiya layanan pihak katelu lan tundhuk marang syarat-syarat panggunaan tambahan. Kanggo aplikasi sing diakses ing utawa liwat situs web pihak katelu, waca dhisik sarat panggunaan lan kabijakan privasi sing ditrapake situs web kasebut. Sony Ericsson ora njamin utawa menehi garansi babagan kasedhiyan utawa kinerja situs web utawa layanan apa wae sing ditawakake pihak katelu.

Prodhuk iki dilindhungi dening hak asasi intelektual tartamtu saka Microsoft. Panggunaan utawa panyebaran teknologi kasebut sanjabane ing prodhuk iki dilarang tanpa lisensi saka Microsoft.

Jeneng prodhuk lan pabrik liyane sing disebut ing kene bisa uga kalebu merek dagang saka pihak sing nduweni. Samubarang hak sing ora tinulis ing kene dilindhungi undhang-undhang. Kabeh merek dagang liyane minangka properti saka pamilike dhewe-dhewe.

Kabeh ilustrasi mung minangka gambaran lan dudu wujud telpon kaya asline.

Microsoft, Windows lan Vista iku merek dagang kadhaptar utawa merek dagang Microsoft Corporation ing Amerika Serikat lan/utawa negara liyane.

"Peraturan Ekspor: Prodhuk iki, kalebu samubarang piranti lunak utawa data teknis sing ana ing telpon utawa gawan prodhuk, tundhuk marang peraturan impor lan ekspor Uni Eropa, Amerika Serikat lan ing negara liyane. Pangguna lan sing nduweni prodhuk setuju bakal tundhuk temenan marang kabeh peraturan lan ngakoni yen nduweni tanggung jawab nggolek lisensi sing dibutuhake kanggo ngekspor, ngekspor ulang, utawa ngimpor prodhuk iki. Tanpa matesi kasebut ing ngarep, lan minangka conto, pangguna lan sing nduweni prodhuk: (1) ora kena kanthi sengaja ngekspor utawa ngekspor ulang Prodhuk menyang tujuan sing disebutake ana ayat-ayat in Bab II European Council Regulation (EC) 428/2009; (2), kudu tundhuk marang peraturan pamarentah Amerika Serikat, Export Administration Regulations (“EAR”, 15 C.F.R. §§ 730-774, http://www.bis.doc.gov/) sing diterbitake Departemen Perdagangan, Biro Industri lan Sekuriti; lan (3) kudu tundhuk marang peraturan sangsi ekonomi (30 C.F.R. §§ 500 et. seq.,., http://www.treas.gov/ offices/enforcement/ofac/) sing diterbitake dening Departemen Keuangan Amerika Serikat, Biro Pengendali Aset Asing. Pangguna lan pihak sing nduweni prodhuk ora entuk mindhah utawa ngirim prodhuk, aksesoris utawa piranti lunak kapisah menyang samubarang negara, kawasan, entitas utawa pawongan sing dilarang marang peraturan iki."

(34)

Indeks

A audio nyetel volume ...21 B baterei ...8 masang ...7 buku audio ...21 K kertu SIM pasang ...6 kontak nambah kontak telpon ...20

Telusur cerdas ...20

M musik ...21

buku audio ...21

nggenti trek musik ...21

nyetel volume ...21

podcast ...21

N nggenti trek musik ...21

ngisi daya ...8 nyetel volume ...21 O obrol ...16 P pandhuan persiyapan ...7 PlayNow™ ...23 S sambungan USB ...25 W Wi-Fi™ ...26 34

Referensi

Dokumen terkait

Ekstrak etanol daun kemangi (Ocimum basilicum L.) memiliki efek menghambat pertumbuhan bakteri Staphylococcus epidermidis dengan dosis efektif sebesar 850

Karakteristik petani dalam penelitian ini tidak berpengaruh nyata dalam pengadopsian inovasi PTT, hal ini dapat dijelaskan dengan kenyataan dilapangan bahwa petani yang sudah

• Meningkatkan akses pendidikan menengah universal, terutama untuk masyarakat miskin dan daerah-daerah yang belum memiliki satuan pendidikan menengah.. • Meningkatkan

Rapat selanjutnya akan dilaksanakan pada hari Jumat, tanggal 18 September 2015 di Ruang Rapat Badan Musyawarah DPR Aceh pada pukul 09.00 WIB dengan agenda Pemaparan

4.2.6 Melakukan pembungkusan produk menggunakan bahan dan kaedah yang betul. 4.2.7 Melakukan penyimpanan produk di tempat

Menurut peneliti hasil penelitian ini menunjukkan bahwa ada pengaruh pemberian massage terhadap peningkatan berat badan pada balita usia 3-5 tahun, terlihat dari

kalimat yang tidak didahului oleh kata  semua/ beberapa maka maksudnya adalah SEMUA untuk contoh soal yang lain bisa dilihat disini :

Disa të tjerë thanë: Ndikimi i mëkateve në shkurtimin e jetës është për arsye se realiteti i jetës është jeta e zemrës, dhe për këtë arsye Allahu i ka quajtur