• Tidak ada hasil yang ditemukan

Bebuka. Daftar Isi. Assalamualakum wr wb

N/A
N/A
Protected

Academic year: 2021

Membagikan "Bebuka. Daftar Isi. Assalamualakum wr wb"

Copied!
12
0
0

Teks penuh

(1)

Bebuka

Assalamualakum wr wb

Sedaya puji kula aturaken dumateng gusti ingkang murbeng dumadi, ingkang maringi kesarasan dumateng kula sahingga saget ngrampungaken buku menika, mboten kesupan kula aturakan selawat serta salam ingkang kunjuk dumaten junjungan rosulullah SAW ingkang kita tengga syafaatipun ing yaumil kiyamah.

Buku “Namung Mata kang Wicara”menika kempalan geguritan ingkang wosipun dipunpendet saking paweruhi panyerat . Saking terbitipun buku menika kula nyuwun atur panuwun dumateng :

1. Allah SWT 2. Bapak lan ibu

3. Ibu Prembayun inggih menika Dosen pengampu 4. Kanca-kancaku kang aweh semangat

Buku menika uga saget dipun sebat uneg-unegku ingkang kula sontakken wonten geguritan

Wassalamualaikum wr wb Semarang, 27Juni 2012 Usman Hanafi Daftar Isi 1. Bebuka i 2. daftar isi ii 3. Pahlawan Saiki 1

4. Iki dudu kaca benggala 2

5. Rasa 3

6. Nduwenane Bocah Lanang 4

7. Nata Ati 5

8. Ora bisa di waca 6

9. Dudu Ajaran 7 10. Pajek 8 11. Ati-ati 9 12. Demokrasi 10 13. Kudhung 11 14. Antri Lucu 13 15. Cidra 14 16. Kesengsem 16 17. Metamorposis Rembug 17

18. Bener lan Salah 18

19. Korupsi 19

20. Biografi 21

(2)

Pahlawan Saiki

Luh, kringet padha netesi, kesele awak sing lagi gebuki Semangat, mung bisa angalahi

Jiwa patriotisme kang lagi di uji

Tetep, madhep njaga konsentrasi, para atlet,kang lagi mbelani Mibere gendera nagara kang kita tresnani

Yen wis umur naging ora diajeni

Apa meneh disumbang , sing genah waeora diwangsuli Iki mung awujud dihormati

Iki dudu godhong jati, dudu kemangi mung godhong mahoni kang ora bisa diduwiti, anangiing kanggoku mung butuh diijoli

Iki dudu kaca benggala Bening ora banyu Atos ora watu Kotak alus dudu kayu Malah dadeake geguyu Iki apa....

Jare biyungku.... kaca

Ing jaman saiki, negara wis meh pecah Aku mung jaluk kaliyan pamerintah Sifat kaca bisa dadi petuah

Bisa kanggo ngilo, trasparan uga indah Negara sing dak senengi ora bubrah

Iki dudu kaca benggala, kang duwe kasekten Mung iki kudu diwiwiti

Awet saiki

(3)

Rasa

Banyu netes ngenani ati sing lagi mbesengut

Temetes mili ana ing plataran lambe sing lagi mencep Bledek gumlegar ngenani pangrungu

Pangrungu kang madep marang ati kang pada metutut Tak pancal pedalku iki , ben ra okeh banyu sing pingin demek awakku

Tekan pangiyup kang tansah nerima Pegele badan amarga polah ing gawe Lan katon tangan kang awe-awe Kaya gegodongan kang keterak bayu Kang biyasa dak undang “Ibu”

Atis, anyep, adem pada leren ana ing badan Karepe wedi karo udan

Tak arep-arep ... aku mlebu ing angeting raga.... Ing panggonan kang gawe ayemme rasa

Nduwenane Bocah Lanang Iki barang apa

Barang cilik ndadekke perkara Marai metu eleke ukara Wes cetha katulis marai lelara Lha kok malah pada mara Nginiki sing goblok sapa

Jarene nek ora dilakoni ndadeke sepa Lha apa ora mikir, sing nang andengmu beka Dadi wong kuwi ya sing peka

Woooo dasar rokok

Ndadiake wong podo pekok Marai wong bengak-bengok Sing nang cedak kupinge kopok Doookkk... kodoookkkk

(4)

Nata Ati

Mlaku ing dalan kang saya ngadoh Ngoyak barang kang ra weruh Keterak angin kan pada playon Di antem lirikane srengenge Kukuhing ati mantep ing dalane

Sang saya suwe indahe sang saya katon Raketing ing memitran

Netepake suku mandeg ing pepanggihan Ing panggonan kang asri

Ngudi ilmu, kanggo sangu ing tuwan Ing pucuking kota semarang

Ing kampusku, kampus konservasi

Ora bisa di waca Suara kang ngaung

gugah ati kang lagi mendung sumpek, judeg pikiran mubeng suara mau ngrasa ngundang gawa ati ing plataran kang padhang ing sisih kiwa , setan gawa plang kang unine

“ thenguk-thenguk, anteng, lan meneng” Adzan mbengok, ngakon mara pasujudan Tentrem adem ayem

Ing kana pancen gawe ati tentrem Jubul aku suwe wis ora bener

(5)

Dudu Ajaran Saiki jaman edan

Yan ra edan ora keduman

Une-unen kuwi guyonan apa tenanan Sing mesthi ora iklan

Urip kuwi kudu cekatan, ana ing gawean Iki dudu dolanan

Manungsa aja mung ngetokke kaapikan Sing ala di umpetke , wedi yen konangan Sandang, pangan uga papan aja dadi kautaman Sing, katon mung kerakusan

Sing jane di utamakke kuwi akure tetanggan Iki dudu wejangan

Lan dudu pengarepan apa meneh ajaran

Iki mung omongan, manungsa kang ora weruhan Tapi nduweni rasa kang diwujudake gremengan

Pajek

Tahun mbentahun Kabeh pada ngetoake Duwit sitik kanggo ngijoli

Lemah, motor, mobil kang arupa upeti Pancen , duwit samono ora sepira

Kanggone wong kang kuwasa, lha kanggone wong kang rekasa Mara rene mara rana

Utang rene utang rana Iku mung kanggo mbayari

Yen wis tekan nduwr kok padha dikorupsi Aduh... apa ngene iki kelakuane negara iki Apa-apa mbalik ana ing korupsi

(6)

Ati-ati

Barangku-barangmu

Duwekmu-duwekku, saiki jamanmu Kabeh kuwi pancen panduwenmu

Ananging apa yakin nak kuwi mung panduwenmu Barang iki tipis tapi medeni

Lenture ngyakini

Iki dudu mbedeki, apa maneh ngapusi Lha kok pada wedi

Lambe kuwipancen duwekmu Kuwi uga bisa dadi bencanamu Kari pintere kowe milih dalanmu Akeh pada rusak saka iku Gawe kahanan kang orsa akur Kaya anak panah ing busur

Kang waspada nembak manuk kang mabur

Demokrasi

Demokrasi, demokrasi ohhhh demokrasi Saiki kuwe ana ing ngendi

Demokrasi kang sejati

Dudu demokrasi kang ngobral janji Semana, kue di gemborake

Lan ngalahake cara monarki Saiki seng katon mung jenenge iki carane sapa..

cara sing gawe bingunge negara

insyiyur, presiden wis lali iku apa, apa meneh mahasiswa pancen, lambe kuwi panggonan sing kerep ngapusi beda karo kang ana ing jero ati

apa pancen wis padha ora duwe ati

demokrasi- demokrasi gawe ruwete negara iki

9 10

00 0

(7)

Kudung

Kemlebat bandamu,nutupi sutraning alam Putih resik panutup ira

Bening, genahke mata kang lagi mandang Ana kembang kang mekar ing dhuwurmu

Sedep, arum, gandane ngundang mahkluk kang cerewet Iki mung awujud kudung

Kudung –kudung ... apa kanggomu Gawe ayu?

Nutupi panas? Apa nutupi kaalanan?

Wolak walike jaman, kudung kanggo pantesan Jarene supaya kembar karo kancane

Aduh- aduh ana meneh ngang gone yen pas pengajian Beda meneh yen gombale klawus, moh nganggo Salah kaprah

Kanggone kuwi nutupi aurat Ora mung ben nambahi ayu

Kuwi mung bonus Astagfirullahhaladzim...

11

(8)

Antri Lucu Hahaha wkwkwk Apike negara iki Kabeh pada antri BBM,BLT uga LPJ

Bangga aku lahir ing negara iki

Nganti- nganti korupsi kuwi yo pada antri Bar kasus iku, ngaleh kasus iki

Gayus, nazarudin, bar kuwi angie Hahaha wkwkwk

Bangga meneh aku lahir ing negara iki Rakyate pada rukun

Kabeh-kabeh bareng Yen ora bareng ora gelem

Kaya koruptor, kena siji kancane daijaki hihihihi

Cidra

Gluduk ana ati

Angin kang seger uga ana ing ati Ana apa sing tak rasake saiki

Rasa seneng lan wedi, nyampur dai siji Pingin taktokke, tapi apa sing ditokke Indahing donya dadi siji

Kuwi ana ing awakmu Tak waniake nulis surat Tak tujuake marang awakmu Tak selehake ing meja kelasmu

Tak arep-arep balesanmu ngnti ra isa turu Awan iki aku pas-pasan

Lambemu mesem, ngiyasi rupa ayu panduwenmu Bali sekolah aku mlayu, mara ing mejamu

Salembar kertas ana ing kana Tak waca alon-alon

(9)

“aku pingin kuwe dadi kancaku,dudu pacarmu, senengku beda karo awakmu”

Kesengsem

Gegodongan miber-miber ngundang Srengenge nginceng, ana ing sawaliki mega Kembang –kembang pada mekar

Tawon padha-nyebut-nyebut Ratuning penggalih mudhun Kinawal widodari, lan prajurit

Ati iki miber-miber, weruh kang kaya mangkana Eseme pait madu, gawe bombong

Lanangan kabehpadha kesengsem Rasa iki pengin nduweni

Nanging piye, godhong wis ana tawon

(10)

Metamorposis Rembug

Masalah, perkara kuwi bumbuning urip Nangip urip ora kangga golek perkara Musyawarah carane wang jawa Kanggo ngrampungke perkara Cara iki diadopsi ing negara Iki beda , wis beda

Olehe nerapke ing negara

Kudune golek dalan liya, malah golek masalah liya Seneng rembukan mung golek kesalahan liyan Ngolah lathi, kaya kembang melati

Ngetoake rupa kaya arjuna Jebul ati kaya buta

Bener lan Salah Elek apik Bener salah Anyar amoh Resik rusah

Kabeh kuwi ana sifate Tapi kok di kembarke , Malah ana sing di wolak walik Sing elek diapik-apike

Sing apik dielek-elekke

Bener di salahke , salah dibenerke Wong bener di gorohake

Jaman akhir polahe lucu-lucu Dipanggonke ora marang panggone Pengene negara maju, sing genah wae Negara tentrem ayem

Ngimpi wae, yen sifat ngono mau diterus-teruske

(11)

Korupsi

Jas panganggone, merek terkenal jalukane

Apik banget tumpakane, lha piye moh yen ora miliyar regane Sebribit ambune , wangi ganda perfume

Kuwi mau saka ngendi duwite Saiki lagi musime

Para manungsa kang ngunggulake jabatane Sing kaentuk saka duwite

Arupa nyuap uga ditindake kae mau ska ngendi jebule “Wong cilek”

Sapa meneh sing sengsara Kuwi ha’e sapa

Sing nang ngisor mung bisa nampa Apa wae nakale sing nduwe kuwasa Dil-adil maz adil… saiki kue nang endi Iki ana sing wigati

Ana sing nyokoti Negara kang lagi nutupi

Nutupi apa..?

Nutupi polahe korupsi Korupsi, korupsi

Gawe terkenale negeri iki

(12)

Biografi

USMAN HANAFI lair ing Mojokulon, Banjarejo, Blora, 22 Agustus 1993.

Namatake SD ing SDN 1 Banjarejo, banjur lulus saking Mts Khozinatul Ulum Blora. SMA ditamatake ing MA Negeri Blora. Nglanjutake sekolah ing Universitas Negeri Semarang tekan saiki.

Awit saka SD wes kerep melu Organisasi. Ing SD yaiku Dokter kecil, lanjeng ing SMP melu OSIS, diteruske ing SMA melu IPNU. Ing Unnes melu Kridamadu UKM Keseniyan Jawa lan Hima Bahasa lan Sastra Jawa Unnes.

Referensi

Dokumen terkait

Dalam Peraturan Daerah Kabupaten Magelang Nomor 3 Tahun 2012 tentang Retribusi Jasa Umum sebagaimana telah diubah dengan Peraturan Daerah Kabupaten Magelang Nomor 9

Pendidikan karakter religius pada diri siswa, memerlukan berbagai cara, metode, pendekatan, dan dilakukan di segala situasi. Salah satu cara yaitu dengan cara

Penelitian ini menggunakan metode kua- litatif dengan analisis konten yang berfokus pada penjabaran visual dalam ranah komposisi dan pe-maknaan visual. Teori yang digunakan

Akibat memerlukan ruang cukup luas, panjang dan dimana pada salah satu ujungnya bebas dimungkinkan terjadinya tekuk akibat beban yang diterima atau dipikul maka perlu

Efektifitas Jalur-jalur Transmisi Kebijakan Moneter di Indonesia Dengan Sasaran Tunggal Inflasi.. Indonesian Treasury

Kesimpulan penelitian ini adalah pemberian hormon FSH dan PMSG menghasilkan pertumbuhan volume ambing yang baik selama bunting, dengan bobot dan jumlah anak yang

Sesuai dengan ketentuan dalam Pasal 32 ayat (1) Peraturan Pemerintah Nomor 24 tahun 1997 tentang Pendaftaran Tanah, sertipikat merupakan surat tanda bukti hak yang berlaku