• Tidak ada hasil yang ditemukan

babad arung binangan

N/A
N/A
Protected

Academic year: 2017

Membagikan "babad arung binangan"

Copied!
19
0
0

Teks penuh

(1)

BABAD ARUNG BINANGAN

PUPUH I DHANDHANGGULA

1. Sowan kawula paduka gusti, dinuta ing putra jeng Narendra, gusti ngaturan kundure, mring negari mentarum, jeng sinuwun sanget rudatin, tinilar panembahan, praja harahuru, dhawuh putra padukendra, sakathahing lepat samar miwah lahir, putra nuwun aksama.

2. Wantos­wantos   gusti   jeng   putra   ji,   ulun   kinen   andherek sarenga,   menawi   boten   kadherek   sarenga,   menawi   boten kadherek,   sanisdhaya   pinugut,   cagak   kopyah   kawula   gusti, dhuh   gusti   kuwelasa,   ing   kawulanipun,   engeta   mring   putra Nata,   tur   kawula   tumunten   kundhura   gusti,   wisuda   among putra.

3. Paranbaya dresananing runtik,tilar praja manglena mukweng, nepsu   temah   kelurung,   tan   wun   katempah   lalis,   prayogi ulatana, kanitya …… seratan kabusak/ical)…… , tama utameng dumadya,   taralan   muhung   rukun   lan   kulit   daging,   otot bebalung …… seratan kabusak/ical)……

4. mugya mulya ningalam dunyeki, ing …… (seratan  abusak/ical) …… raja Nara Nata, pikantuk lahir batine, amranani rahayu, putra wayah sawuri wuri, ruwiya malak mandar, kadarmanya wimbuh,   bubuka   sangking   paduka,   pinten   pinten kanugrahaning Suksma, sirik yen tinolaka.

5. kathah   kathah   aturnya   putra   di,   manohara   amrih   liliya,   ing penggalih sang wirage, jeng pangeran asma wuwus, lah ta uwis menenga kalih, ing reh aja dinawa, temah murung laku, ywa ngucap   kang   ora   ora,   luput   apa   sinuwun   dhumateng   kami, mandraweng wiwilangan.

6. balik dhewe kang angrasa sisip, marang ratu keh kapiutangan, ngener   aturira   kuwe,   wit   keringan   wak   ingsun,   ya   margane sangking   Nrepati,   kang   sun   sandhang   sun   pangan, pasiyaningratu,   during   bias   amalesa,   wong   pinanggul   enak enak mangan goling, gegolongan duraka.

7. leh   sun   lunga   sangking   praja   iki,   nora   marga   serik   miwah mrina, mung setya males sih rajeng, mumuji ring yhang agung, rahayune   gri   Narapati,   upama   sun   mujiya,   neng   praja   tyas bawur,   kaurugan   mutya   boga,   mutyasmara   brastha prabawaning puji, bonggan gawe linakyan.

(2)

PUPUH II SINOM

1. angabehi   wirayuda,   lan   ngabehi   wirasari,   ……   (seratan kabusak/ical)   ……   kaungkungkulan   sabda,   tan   bangkit amarana  malih,  cinipta  nora bali,  jrih pepecuh   sanga  Prabu, wau sakehing jalma, sakala ngungun ningali, dene datan nyana yen iku Kusuma.

2. kusuma terah mentaram, amindha mindha wong cilik, samya lumungsur linggihnya, nembah matur angrerintih, kang ngabdi sewu   sisip,   kasamaran   ing   pandulu,   gusti   angapuntena,   rila sarira ginitik, langkung awon ingkang ngabdi tiyang karang. 3. semangke   sampun  pratela,  jeng  paduka  gusti  mami,  mangsa

purun linggih jajar, rineksaha boten wani, yen mengkaten kang ngabdi,   ing   karang   katiban   ndaru,   karob   samudra   kilang, kagunturan wukir sari, …… (seratan kabusak/ical) …… tyas. 4. ngandika sang mindha sudra, kang …… (seratan kabusak/ical)

……, jer iradating hyang Suksma, lalakone wong ngaurip, sira sak   putu   mami,   kadang   mitra   wong   tuwaku,   ……   (seratan kabusak/ical)   ……,   terusna   kaya   kang   nguwis,   ngaraha   …… (seratan kabusak/ical) …… dunya.

5. padha   asal   saking   adam,   payo   kene   mrak   lan   mami, gumrumung matur anembah, gusti nuwun nuwun amrih, ya ta jalma sawiji, prenagati wastanipun, matur apundirangan, dhuh mongsa inggiha gusti, kula ingkang angawisi tiyang kathah. 6. upami   wonten   puruna,   mendonong   jajari   gusti,   kawula   kang

amelathas, tertamtu titiyang baring, dhasar tiyang ing ngriki, kathah   boten   sumrap   ngurus,   awit   rumiyin   mila,   sampun kawula sanjangi, yen paduka trah Kusuma witaredya.

7. nanging   sami   boten   gega,   malah   saami   nyenthulani,   nuruti bongsa luhamah, plenthing weteng lambe klimis, tan uning tata krami, pratingkah clala calulu, gya sumaur cumlalak, pun jugi lalinggih wuri, jaka tuwa bedhigul punuk trajumas.

8. si biyang ngameki prang, adol tuwa adol bangkit, wong karang kabeh dicacad, tesmak bathok tan wruh gusti, mung dheweke pribadi,  mangerti weruh ing ngurus, kapan nggone wewarah, kiprenasa jege urip, mung angempol amurih den mulenana. 9. gumampang arep melathas, jajal pelathasen mami, mumpung

neng   ngarsa   bendara,   kang   kathah   samya   ngojongi, angilonipun   jugil,   gumrumung   anguwus   uwus,   prenagati kewedan   dhaleleg   tan   bisa   angling,   angabehi   wirasari   lon medun.

10. sanak aja kekerengan, weleh welehan pakarti, kang nguwis aja kinocap, pan wis karsane jeng gusti, namur mindha wong cilik, rehning   samengko   wis   weruh,   jeng   Pangeran   Bumidirja,   iku keng   paman   sang   aji,   kangjeng   Sunan   kang   ngedhaton   ing mentaram.

(3)

panarima   mring   ngawakmu,   umyang   matur   kikila,   sandika temtu nglampahi, siyang dalu cumadhong reh sang bendara. 12. tan   winarna   laminira,   wau   ta   gandhek   kekalih,   saben   dina

ngela ela, supadi jeng pangran lilih, kersaha anuruti, kundur dhumateng   mentarum,   ananging   jeng   pangeran,   ing   tyas   lir prabata wesi, nora kiguh mring atur pamanohara.

13. putek   barubah   werdaya,   nekad   datan   sedya   mulih,   yen wangsula   pesthi   lena,   angur   nungku   aneng   ngriki,   ngabehi wirasari, wirayuda tan mamatur, gusti inggih kawula, andherek tumameng ngriki, kalilana mangestu pada paduka.

14. ulun   temah   tilar   semah,   pangran   Bumidirja   angling,   lah   iya sakarepira,   serayanata   kita   ki,   pira   lawasing   ngurip,   mung sepanguneng dunyeku, senadyan ta muktiya, keringana aneng nagri, nora enak suwita ratu ruhara.

15. akarya sawening wening, mateni wong tanpa titi, apa ta nora intuka,   wawalesing   reh   durniti,   dumeh   dadi   Nrepati,   wasesa ngugung sakayun, wirasari anembah, leres jeng paduka gusti, lir angandika agraning ri tistheng praja.

16. gusti   sepangker   paduka,   punggawa   kekes   ngranuhi,   rumaos tan   darbe   gesang,   ming   memplak   memplak   ing   galih,   inggih wetawis   mami,   mbok   menawi   boten   dangu,   rengka   nagri mentaram, ningali oyaging jalmi, amyang datan eca nadhah eca nendra.

17. angling   pangran   Bumidirja,   kang   mengkana   wirasari,   lah   iya wallahuaklam,   kawula   nora   udani,   tan   lena   pamuji   mami, rahayune   sang   ngaprabu,   mengku   nagri   mentaram,   ngaubi kawula wargi, ngemungena manira dhewe cintraka.

18. winurswita   jeng   pangran,   Bumidirja   lalu   lami,   dedalem Kebumen karang, tarak brongta among tani, kasub tinuwi tuwi, wangsul asmanireng dangu, pangran Bumidirja, akathah tiyang babekti, angyaksaken dalem sawetawis gora.

19. rinenggo   ing   dutya   boga,   anging   jeng   pangeran   maksih, karemtiti   kariya   lat,   cinipta   tumekeng   ngakir,   umahyaken waweling, yen tembe praptaning surud, mundhut kinubur desa, ing   lundhong   lan   dhatan   apti,   cinungkuba   setya   nutugken riyalat.

20. angabehi   wirayuda,   sakaliyan   wirasari,   anuwun   methal tarukah, jeng pangeran anglilani, weragad den paringi, karya sangu yasa dhukuh, ngidul genirta kentar, ngupaya kang den senengi, ri sampuning manggih nulya lineksanan.

21. yasa  dhukuh  tuwin  pecal,   lami  dados   rengked   keksi,   kathah lumiring tarukah, tan kirang sandhang bukti, barang tinanem dadi,   wang   wang   katelah   ran   dhusun,   nenggih   ing pegandhekan,   ewa   mangkana   gandheki,   saben   ratri   sowan marang desa karang.

(4)

pangeran   tedhakipun,   kang   winarna   sajuga,   jalu   tistheng lundhong, desi anguyuni wong desa lundhong mandhala.

23. wit   parentahing   sudarma,   pangran   Bumidirja   nenggih,   kang putra   datan   kalilan,   pasebatan   lir   priyayi,   raden   tuwin   mas aming,   kiyahi   sebatanipun,   kyai   bekel   namanya,   murih   ywa ngeget ngegeti, mung ngesthiya tata pakarti wong desa.

24. saprandene nora kena,tinolak anggeping jalmi, pangabektinya wisuda, mring kyai bekel langkung jrih, angluri linestari, kadya mring kang rama wau, kuneng genti winarna, kanjeng susunan mentawis, sampun mireng, pawartaning sambewara.

25. yen kang paman tistheng tanah, begelen pasti madesi, karang kebumen   tinengran,   nglugas   raga   among   tani,   nulya   utusan dasih, kapedhak kalih lumaku, ngaturi ingkang paman, kundur mring nagri mentawis, kang ing ngagya kapedhak ran udakara. 26. surakarti   kalihira,   sarta   pinaringan   esthi,   nem   serati

lumaksana, kanang matengga kinardi, titihanya lumaris, kang paman   ing   badhenipun,   kapedhak   pinitungkas,   angrapusa enggal lilih, wanti wanti dhawuh welinge jeng Sunan.

27. sanggya duta lumaksana, dadya tontonan samargi, tigas umiyat mirada,   ing   ngenut   datan   winarni,   meh   prapta   gyaning   desi, dhukuh alit wetanipun,esthi ngentu neng dhakah, demang desa den dhawuhi, karya pathok kayu kang kangge wantilan.

28. demang   desa   gurawalan,   nulya   ngerigaken   kuli,   akarya pepathok   kekah,   sinung   wis   makaduk   inggil,   rampung   esthi winantil,   tan   kapinten   panganipun,   wong   wong   desa kagawokan,   aselur   sami   ningali,   ingkang   caket   tebih   warta winartanan.

29. serati karya pacakan, sarupane wong ningali, tinamtu ambekta klapa,   kalih   satunggil   ing   jalmi,   artane   tigang   dhuwit, linarangan   yen   tan   angsun,   sangking   kadreng   umiyat, diradatipun lakoni, yayah pasar wong ningali yel uyelan.

30. demang desa saprabotnya, kinempale jagi esthi, sarta sudhiya sugata, buktine para serati, sekul megana tuwin, wedang saka puranteku,   serati   senenging   tyas,   anyeret   sarya   memacit, merem melek nglegeweh liyangan bantal.

31. kapedhak   kalih   lumampah,   sowan   mring   karang   wus   prapti, pinanggihan   ing   jeng   pangran,   Bumidirja   neng   pendhapi, sugata   sawetawis,   pinapantes   traping   dhusun,   wedang   lan palawija, ketela uwi kembili, sawusira palastha liring smirana. 32. udangkara   matur   nembah,   gusti   kawula   tinuding,   putra

paduka   jeng   Sunan,   paduka   dipun   aturi,   kundur   dhateng mentawis,   langkung   satistis   sinuwun,   lan   ngaturi   titihan, dirada karya lumaris, jeng paduka kering ngalampah kawula. 33. angling pangran Bumidirja, teka susah nganggo esthi, yen tu

(5)

34. kangnek   tyas   lalih   caraka,   puguh   pangran   Bumidirja,   pasthi tan arsa lumiring, gandhek kalih lalu jrih, wangsula dhateng mentarum,   tertamtu   pinatenan,   adat   siyasat   Nrepati,   kanang duta nekad tan purun wangsula.

35. ri sampunya tigang dina, arembag lawan serati, sadaya kinen wangsula,   mring   mentaram   sang   ta   esthi,   ing   pangran Bumidirja,   samongsa   mongsa   wus   lilih,   ……   (seratan kabusak/ical) …… kapedhak andherekena.

36. serati   nulya   budhalan,   wangsul   mring   nagri   mentawis, kapedhak wangsul mring karang, angadhep ngarsaning gusti, winarya   kang   lumaris,   kaunjuk   Sri   Pamaca,   purwa   madya ameksi, duk miyarsa jeng Susunan arda klana.

37. rumaos tiwas ing kirtya, menggah panjenengan aji, binudi budi tan   dadya,   rinasa   saya   ngrinuhi,   mupus   karsanira   ji,   tembe sawetara taun, den arsa ngutusana, ngaturi kang paman malih, mangke kendel pinerih meneb wardaya.

38. kocapa kalih kapedhak, udangkara surakarti, anjepeh ngarsa jeng   pangran,   setya   ndherek   wakitaki,ing   donya   prapta   akir, jeng   pangran   ngastuti   kayun,   among   pun   udangkara   nuwun tarukah pribadi, surakarti sedya angadhep tan pisah.

39. udangkara ngulat ulat, ngetan ngidul tan tebih, wus manggih papan   kinarya,   anulya   dipun   yasani,   laminya   tan   ginupit,   ri sampune nadyan dhusun, kathah dhusun kapedhak, de tilas mantilan esthi, amyanging wong katlah dhukuh kepathokan. 40. wau ta kang winursita, antara lami alami, pangeran Bumidirja,

anggung   mredi   enir,   muhung   puwareng   tumuwuh,   cinekak caritanya, kundur ing rahmatullahi, cinarekan desa lundhong ing ngastana.

41. nora cinungkub sumarma, duk jumeneng wus wewaling, apan naming   piniyara,   pinacakan   juru   kunci,   dening   putra   kiyai, bekel kang anyepeng dhusun, rukun tiyang sadaya, pepundhen tineki teki, sumawana gandhek kapedhak mentaram.

42. ajale   kinubur   uga,   neng   desa   lundhong   lestari,   tumus susetyane kala, gesange mene sampun apuputra, anama kyai wuragil, kyai ragil putra kyai honggayuda,

43. sayasa   ing   desa   kutho,   sudarma   eyang   wus   lalis,   wau   kyai Honggayuda, linulut tinuwi tuwi, marang sakehing jalmi, tan kirang niskaranipun, wit panjurunging kathah, nging kaetang bangsa alit, ing bangsaning kapriyayen sampun sirna.

44. sinigeg   genti   winarna,   kangjeng   susunan   mentawis,   sayarda angambra   ngambra,   dera   mangugung   tyas   runtik,   worsuh traping   widyasthi,   sagung   punggawa   rahuru,   wadya   lit kaserakat,   wimbuh   darajating   bumi,   pra   satriya   bupatya   reh adhedhangkan.

(6)

46. rumaos pragyaning kirtya, putra mengsah lan sudarmi, mangu mangoneng nistuda, tandya minta tuduh maring, kang eyang mahamuni, pangran kajoran dupi wus, rembag saeka praya, ing pened ngangge kekelir, pangrat buta murih ywa kawistara. 47. manggih kelir prang santosa, pan duk pirasat netepi, binatang

ngentosi karya, sarta jangkaning negari, rusak nagri mentawis, tarsiwah   etanging   taun,   sang   pangeran   kajoran,   putra mantunya pribadi, Trunajaya sutane demang malaya.

48. yeka   pinangka   bebuka,   kinen   ambedhah   mentawis,   anging cinekak   kewala,   mung   gancare   kang   ginupit,   pangrat   buta andadi,   gempuran   praja   mentarum,   jeng   pangran   purubaya, gula agul gri Bupati, prapteng janji kasambut asmareng laga. 49. liya   punika   akathah,   para   prawira   mentawis,   kang   pralena

madyaning prang, Trunajaya jayeng jurit, sampan kedhiri bali, mekasar   prajuritipun,   pan   wus   karsaning   suksma,   bedhah keratin mentawis, kangjeng Sunan mangkurat tilar prasada. 50. sinengkalan   lolosira,   sirna   ilang   rasa   jalmi,   mangilen

arereyongan,   garwa   atmaja   lumiring,   jeng   pangeran   Dipati, anom   lan   sakadang   jalu,   pangran   arya   Singasari,   atanapi pangran arya Martasana.

51. wus tebih sangking mentaram, jeng Sunan ngagya keng siwi, pangran   Dipati   taruna,   kinen   wangsul   ngrebat   nagri,   mopo kedah   lumiring,   sudarma   satindakipun,   wang   wang   Sri   Nata ngatag,   pangran   puger   lan   kang   rayi,   pangran   Singasari pangran martasana.

52. wangsula ngrebat negara, titiga sandika sami, pangeran puger seksana, pinaringan wasiyat adi, curiga kang satunggil, maesa nular   ranipun,   waos   ingkang   satunggal,   kyai   palered   nami, putra katri nembah budhal saha bala.

53. pangran Dipati taruna, taksih andherek sudarmi, rawuh tanah Ajibarang,   jeng   Sunan   grih   prapteng   jangji,   kundur Rahmatullahi, sinare bumi ganda rum, pratistha tanah tegal, mila   katelah   sawuri,   Sri   Mangkurat   tegal   arum   ingkang tengran,

54. sasedanipun   jeng   Sunan,   wang   wang   jeng   pangran   Dipati, madeg   Narendra   neng   tegal,   martalaya   mugareni,   mundhut bantu   kumpeni,   ing   eyang   tuwan   gurnadur,   jendral   ing Batawiyah, mangun prang ngrebat negari, mengsah Trunajaya cidra ing ngubaya.

55. estu   panyiptaning   driya,   pangran   Bumidirja   nguni,   mila pinelaur linggar, tilar wibaweng praja di, yekti sampun kaling ling, lulungid praja ruhara, rahayuning kraton enir, nerak waler sangker lawiyeng Narendra.

(7)

57. ing   bunder   sayasanira,   malih   arine   pawestri,   ranya linalamijaya,   wismeng   kutha   nunten   malih,   pawestri   nama nyai, wirawongsa kang dinunung, desa ing blimbing nulya, ari jalu nama kyai, sutayuda malih pawestri anama.

58. Nyai Surajaya ngambal, sadaya ulah among tani, pangulate tan kirang   bukti,   rukun   ing   tyas   tar   seling,   amung   putra   kang waruju, jalu jaka tumala, pun Sangkrib namanireki, nandhang papa cintraka umageng brangta.

PUPUH III ASMARADANA

1. wauta   kijaka   sangkrib,   kyai   Honggayuda   putra,   nenggih ingkang wuragile, pinanjangken dharitanya, sanggya lalakonira, purwa wasana dhinapur, myang nistha madya utama.

2. cinatur sabilik bilik, kang kelair miwah samar, sanadyan ing sausike, kewala suksa winewar, susatya ring pandriya, mongka darsana tumuwuh, tumuwuh ing dunya.

3. dening   anak  putu sami,  buyut  canggah  wareng miwah,  dheg udheg   gantung   siwur,   lan   sapiturutnya   pisan,   yogya nguninganana, salir lalakon lulhur, cinatheta kaprayitnan. 4. pendah ywa lingsem ngalkoni, kodra iradating Suksma, ingkang

murciteng   dhirine,   tumerap   papa   cintraka,   lan   away   girang girang, yen anggonira kadunung, kaharjan singgih astama. 5. jer lagi winayar dening, Allah kang murba misesa, mung ywa

lali panrimane, ening tyas sabar tawekal, asih sesama sama, kawula wenang nenuwun, kang murih mulyaning jiwa.

6. krana apsah  sangking  dalil,  subhanahuwatangala,  ngudaneni ring   titahe,   titah   kang   byakta   pamudya,   sarta   lawan   agama, wawajid dawajid dau, sapa temen tinemenan.

7. kosok   balike   sabilik,   sapa   cidra   cinidranan,   wus   mengkona ubayane,   lah   iki   goningsun   marna,   carita   kuna   kuna,   labete para luluhur, tan kenane idoa.

8. dupeh   ngong   nora   ngalami,   duk   jaman   semana   iya,   pesthi kinira yen goroh, nanging sun ajrih doraa, lan dudu pupulasan, jalaran nggoningsun weruh, ngambil seka tetulisan.

9. wirayat kang swargi swargi, medhar lakone pribadya, ya kang sun   gawe   wewaton,   lamon   tan   mangkono   uga,   mangsa   kita weruha,   mengko   sun   apus   ing   tembung,   murih   padha mangertiya.

10. lakone   ki   Jaka   Sangkrib,   liwat   nggone   kasangsara,   sinikang para   kadange,   nadyan   kang   rena   sudarma,   samatra   tan ngopreya, marga anggane sakojur, katrapen meh tanpa sela. 11. pating  palopor   kaeks,   getih  nanah   mara   wayan,   sing   amulut

jrih   amire,   linarang   malbeng   sayasa,andhelik   neng   kebonan, sahunggyane lawan turu, trekadhang neng ngandhap pisang. 12. miwah   emper   kandhang   sapi,   tanapi   emper   gedhogan,

(8)

13. langkung   denya   kawlasasih,   tan   jamak   sasama   sama,   kabeh kadang   pamuwuse,   ngilangken   andhana   juga,   dep   idep   gawe wadal, nadyan lunga mati sukur, aja cedhak menek tular.

14. yen tular ambilaeni, pesthi lamon wurung jalma, wong ngurip dadi   kekere,   cotho   tan   bangkit   ngupaya,   sandhang   pangan nang dunya, wong siji kewala amung, nglakoni tan dadi ngapa. 15. datan ta ki jaka sangkrib, siyang dalu monta drasa, tumplek

amblek   prih   atine,   limut   nora   umanon   rata,   angrasa   bosen gesang, mung ngesthi marganing pati, mangunandik wardaya. 16. ya   Allah   kang   maha   Suci,   kawula   nuwun   pralena,   sampun

jejembat   wirage,   ngantak   antak   wonten   dunya,   angentosi punapa,   tan   manggih   seneng   sepangu,   enggalmantun sirnakena.

17. kawula pan boten bangkit, adamel pejah pribadya, kados pundi puwarane, sanadyan awet gesanga, anggung dados gegujengan, sinikang sanak sedulur, yayah rena karuh mitra.

18. aluwung   dinamel   mati,   sawastu   kawula   rila,   tan   wuninga akerate, dados sadhasar neraka, jahanam gih sumongga, mung mangke enggala lampus, payah anandhang cintraka.

19. mangkana   ki   jaka   Sangkrib,   saya   kagagas   karantaka,   cipta ameleng tekade,  pan naming marganing pejah,  ambirat liring boga, nadyan toya nora nginom kinajat nuliya pejah.

20. sarta   sedya   angoncati,   sangking   wismaning   sudarma,   murih ilang   kuwatire,   yayah   rena   para   kadang,   lestariya   astama, setyaning tyas pribadya mung, kang angangkat lara lena.

21. ngaler ngilen jaka sangkrib, lingsir ndalu wancinira, tan adoh kendel   lampahe,   mulat   mbeji   lir   penimpang,   toya   wening kawuryan,   ki   jaka   nungku   neng   ngriku,   anganyam   ayam palastra.

22. trekadhang   kungkum   ing   warih,bakda   kungkum   nulya minggah,   tapa   kur   munggeng   pinggire,   ngantak   antak   minta pejah, lamon ana wong liwata, anggiwar nutupi irung, lumayu balokekan.

23. ki   jaka   tumungkul   nangis,   dangu   wus   tan   kambon   boga, sariragnya sawang layon, lalu angagra usika, nupi lami antara, nenggih kawandasa dalu, murcita pilal hyang Suksma.

24. ngudaneni   kawlasih,   wawales   tarak   subrongta,   karaos   sarira entheng, perih ngethok linu sirna, ngungun ing tyas ki jaka, mangkana usiking kalbu, iki lah paran sumarma.

25. abeneh   rasaning   kulit,   otot   bebalung   kepenak,   apa   ta   waras wak ingong, nanging mokal yen waras, ki jaka gya anggrayang, jasade sakojur alus, katrap wus sirna sadaya.

26. dupi   byar   baskara   mijil,   surat   pranawa   katingal,   estu   wus purna katrape, tilase nora ketara, pra galba soteng jiwa, ki jaka mumudya sukur, pitulung hyang kang murbeng rat.

(9)

kang   yowana   linakyan,   apa   kentar   apa   mantuk,   yen   malih tanpa paedah.

28. mongsa   wurung   den   ngis   engis,   sanak   kadang   kangastama, ujar   tan   ana   tinolah,   ora   bandha   ora   pakra,   nadyan   ana ngropeya,   mung   anganggep   ala   nganggur,   uripe   prasasat kewan.

29. amur   ta   lunga   angaji,   ngaji   angajap   akerat,   kadonyan   pira lawase, amung sagebyaring kilat, tan langgeng ananira, akherat datan paitung, caritane santri wignya.

30. jan becike ngong angalih, jenenging bocah ngong buwang, salin jeneng   tuwa   mengko,   ki   jaka   dangu   ngupaya,   nama   ingkang cinarya, binudi tandha wis manggih, peparab surawijaya.

31. nulya   kentar   sangking   beji,   ngaler   nekuk   ngilen   nabrang, pasidhatan   jog   pepereng,   pereng   wukir   bulu   sapta,   ngaler katiwang tiwang, nurut sapinggiring gunung, marga lit rungkud sinerang.

32. rangu   rangu   gyan   lumaris,   de   kongsi   nedyeng   wardaya,   ing bojong   sari   pesantren,   nguni   wus   miyarsa   warta,   guru   ngaji kasudra, ran kyai Mukhamad Yusup, anjenengken pariwara. 33. yeka   pinelenging   galih,   sumuksa   ngaji   bebadah,   Surawijaya

tekade,   mengo   karameyan   dunya,   angesthi   tepet   loka,   dupi wanci leres bedug, lampahnya tumurun ngetan.

34. umiyat kali wewening, kendel siram ing narmada, sarya masuh kawacane,   sinjang   rasukan   lan   dhestar,   wit   tilasing   ngalara, sedangune tan winasuh, mangkyarsa binersihan.

35. busana   kaepe   tegil,   tinunggu   kungkum   narmada,   ri   sampun aking   sinjange,   mentas   dandan   lumaksana,   mengaler   ngilen minggah,   wukir   candhi   jati   purus,   kangsi   luk   rungkud sinerang.

36. ongga   kaborang   ri   bandhil,   kasangsang   ing   tarulata,   salir bebaya   tan   tinon,   darpa   ring   tyas   murwa   brangta,   riyolat manting raga, sangking kumedah maguru, artine sarak ibadah. 37. wus   angancik   igir   wukir,   tumurun   wimbaning   arga,   nusup

nusup   ngaler   ngilen,   kali   sruni   sinabrangan,   wong   ngadus tinakenan, sanak pundi dalemipun, kyai guru bojong sekar. 38. tinedahken   gya   lumaris,   prenahing   pesantren   prapta,   pinuju

lingngih neng suroh, kiyai lagya mumulang, santri angaji kitab, Surawijaya andheku, ing latar ngandhap tritikan.

39. cingak keh santri mangeksi, tiyang ndhodhok ing tritikan, kyai guru lingnya alon, pundi jengandika anak, pun bapa kekilapan, ingkang tinanya lon matur, kawula tiyang ing kitha.

40. pun Surawijaya name, sedya sowan jeng sampeyan, kiyai guru nulya   ge,   ngacarani   kinen   minggah,   Surawijaya   minggah, kaduk tebih linggihnya, ingawe kinen majenga.

(10)

42. ketanggelan kantun kedhik, anak den sekeca lenggah, umatur sarya   ngrerepeh,   inggih   sumongga   sakarsa,   nuwun kalajengena,   mangkana   kiyai   guru,   nglajengken   denya mumulang.

43. kitab   usul   nahwu   tafsir,   takarub   mantek   jur   miyah,   lapal maknane   tineteh,   kinetrek   tumeka   murad,   santri   keh   gantya gantya,   lulurah   kalih   ambandhung,   mangsungka   kacaryan kang mulat.

44. denya   pratela   marnani,   niskara   tembaya   kitab,   ya   ta   wau sadangune, Surawijaya myar saksa, makna murad ing santri, kasebut parentah Rasul, miwah dalil kang lawiya.

45. saya   sengkud   jroning   galih,   geleng   gumolong   panyipta, ngibadah pendhenging batos, salir ing reh nora ketang, antara wus   palasta,   pamulange   kyai   guru,   santri   mundur pamondhokan.

46. kiyai guru manggihi, tatamu Surawijaya, gya mijil pasugatane, wedang   saka   purantinya,   nambrama   mangun   mitra,   wecana kyai guru, anak ngong Surawijaya.

47. praptanipun   wisma   mami,   punapa   ingkang   kinarsan,   damel gupita   tyas   ingong,   denten   tetigas   kawuryan,   nedha kajawarnana, Surawijaya umatur, pramila kawula sowan.

48. ngarsa sampeyan sang yogi, rehning kawula punika, angraos kelangkung   bodho,   dereng   pisan   sumerapa,   lampah   sarak ngibadah, kang dados wajib tumuwuh, setyaangaji kawula. 49. nungku   ing   pesantren   ngriki,   anuwun   barkah   piwucal,   kiyai

manthuk   delinge,   lah   sukur   mengkaten   anak,   inggih   sami sarayan, ya ta wau kyai guru, sadangunira tumingal.

50. serandunireng   tetami,   pinanduk   sangking   pirasat,   myang piyapati   pasale,   lapli   maknawi   kawangwang,   tuhu   manungsa tama,   mung   during   mangsaning   tuwuh,   ing   tembe   mangsa wurunga.

51. tansah ngunandikeng galih, iki wong genep petheknya, pinter tur kendel dhasare, pantes mbekakas negara, dudu murwating desa, dungduman santri ya dudu, anulya ris sabdanira.

52. gih anak  langkung prayogi, sumuksa ngaji  babadah, nungku tumameng pesantren, napa malih ing ngupaya, ngatase tiyang gesang, gih amung talabul ngilmu, ujar kang sampun mupakat. 53. mupakate   tiyang   santri,   prelu   pinurih  ngupaya,   ngilmu   kang

dadi wajibe, nanging temah kekilapan, ngilmune tan pinanggya, mung angaji muluk muluk, anjajah kehing kitab.

54. lapal makna sehat  terkib,  yen  sampun  saged   winastan,  niku kang wujud ngilmune, sarta sembayange rasa, putus tan malih ngucap, tur niku satemenipun, lan ngilmu dereng benthikan. 55. anak den sabar ring kapti, barang reh aywa kasesa, sisikune

kaupados, yen ugi sampun pratela, mangsa wurung ing karsa, nging mangke kendel rumuwun, angayemana sarira.

(11)

wau Surawijaya, nut kersane kyai guru, gya sinung pondhok pribadya.

57. dumunung   neng   kering   panti,   ri   sampuning   tigang   dina, sinalinan   busanane,   kelangkung   denira   tresna,   kyai   guru tumingal, wit sangsara semunipun, mila gung winimbasara. 58. tan   winarsa   kehing   santri,   lamon   bakdanya   mumulang,

sekssana lenggah karoron, kalawan Surawijaya, seneng imbal wecana, jalaran kiyai guru, Mukhamad Yusup wus wikan.

59. surating   maya   kaeksi,   Surawijaya   niscaya,   beneh   jalma   pere pere,   pesthi   terahing   ngutama,   sarta   sampun   kawang   wang, pan duk tesmanireng semu, kendel kretarta antepan.

60. ki   guru   sedyaning   kapti,   yen   pinareng   sarta   kodrat,   yun angurip   urip   mangke,   dhumateng   Surawiajaya,   alon   wijiling sabda, Surawijaya sutengsun, ywa susah kita ngajiya.

61. sinau caraning santri, kaloreyan tanpa wekas, kasep pengarep arepe,   umatur   Surawijaya,   kula   sampun   miyarsa,   kala sampeyan mumuruk, pratela ungeling sastra.

62. kocap   preluning   ngaurip,.   Inggih   pinardi   ngupaya,   ngelmu Islam   pamurihe,   pramila   kula   kumedah,   ngaos   ing pesantrenan,   margine   talabul   ngilmu,   lan   malih   sampun kacetha.

63. salat gangsal wektu wajib, sinten kang tilar duraka, ginanjar bilih linakon, kiyai guru wecana, dhasar mengkaten uga, kitab tan siwah serambut, sangking dalil pasthi apsah.

64. nanging wau kang den eji, dening tiyang saantri kathah, saweg prategali mawon, upama karya wisma, lakar taksih wadungan, lamon tan bangkit angelus, lan ngadon adoni lakar.

65. keh bekakas tanpa dadi, pating jalempah kewala, tangeh yen ngadeg wismane, lah semanten malih kitab, lapal anjaluk loat, loat minta muradipun, murad aminta sarasa.

66. sarasa   aminta   tretil,   tretil   punika   tatrapan,   yen   tan   bias natrapake,   ngajiya   kitab   sayuta,   amung   tibeng   gilingan, mubeng mubeng temu gathuk, ngibarat bali ngibarat.

67. pundi kang den ngibarati, dadi anggep ngayawara, mengkaten ing salakone, nanging ta santri wus kaprah, mredi wigyaning kitab, kranten milik asilipun, paitan ngupaya boga.

68. lire   kadi   kula   niki,   tinub   sakathahing   jalma,   awit   sangking pinter ngaos, parentah wong tan kewedan, gampil praptaning boga, napa jengandika ayun, madeg dadi kapruitan.

69. Surawijaya   mangsuli,   pan   inggih   kula   tan   sedya,   kepengin dados paguron, cekap kangge piyambak, kyai guru lingira, gih mulane kula tutur, tan susah angaji kitab.

70. dika dede calon santri, dede cecalon sudagar, calon tani inggih dede, pinasthi calon satriya, kapriyayen utama, lamon kongsiya kebintur, pratengkahe santri nistha.

(12)

72. nanging kangelan sayekti, wong ngurip urip darajat, lara lapa pitukune, sanadyan lara lapaa, yen tumpang sapanyipta, myar pangawruh wowor sumbu, lara lapanira muspra.

73. wurung mukti sida mati, sida tapa wurung tampa, marmane nak   ingsung   angel,   priyayi   angulah   praja,   lan   inggih   ngulah badan, sami ugi pajunipun, menggah tatraping sarasa.

74. anapon   sinau   santri,   puniku   reh   lalampudan,   sangking   tan conggah badane,  karya miranti darajat, murih  away kapiran, wong ngurip kapiranipun, kurang sandhang kurang pangan. 75. aluwung   dadiya   santri,   dimen   pinecraya   ing   lyan,   supaya

kandel   uripe,   lan   dadi   pangulat   ulat,   mutawatiri   praja, mengakaten sajatinipun, umatur Surawijaya.

76. lamon mengkatena aming, kirang prelu menggah kula, nungku ngaos   neng   pesantren,   pinten   warsa   warsa   talab,   kanggone ming kinaryo, ing ngriki mangertosipun, inggih bangsa ngalam donya.

77. mangka niyat  kula  inggih,  ngupados   amal akherat, mila yun kumedah   ngaos,   sapinten   lamining   dunya,   langgeng   wonten akherat, criyosipun para kaum, ngupados sangu palastra.

78. kyai guru wecana ris, carita datan pinanggya, angawur awur kimawon, ngaji ngajap ngajap swarga, swarga jaman akherat, akherat bisuk nek lampus, sangking pundi pambidinya.

79. lah   mbok   rinasa   pribadi,   kepripun   gone   amarna,   jaman   pati luwih elok, lagi marna jaman gesang, kewala tan kacekap, srsn wong cebol anggayuh, lintang mangsa kaleksanan.

80. wong   lumpuh   arsa   ngideri,   ing   jagat   mangsa   teles,   lunga seeking   kang   angesod,   gumujeng   Surawijaya,   ing   galih   nora nduga, ring sabda kyai guru, nanging ta ana empernya.

81. kyai   guru   angling   malih,   mungguh   babagan   akherat,   boten kenging   cinariyos,   pan   aming   wallahu   aklam,   Allah   kang langkung wikan, dene kang kena rinembug, masalah urip neng dunya.

82. niku kang kula weruhi, marga becik lawan ala, bener luput ing penggawe,   awit   tingal   tiningalan,   rasa   risi   karasa,   sumantan tiru tiniru, sami tiyang ngalam dunya.

83. saya kerasa jro galih, Surawijaya miyarsa, kyai guru wirayate, kawula   nuwun   sumangga,   iang   sakarsa   mrediya,   nadyan bentusna ing gunung, jegurena ing samudra.

84. sakit   pejah   tan   gumingsir,   lan   inggih   sampun   precaya,   ulun lumiring sapangreh, kyai guru wecana, sukur setya ing kula, lah mangke carita ingsun, bongsa gelar myang ngibarat.

85. milane sun ngibarati, jatining makripatullah, tan kena kawruh ambelok, sangking ing netra kapala, amung sangking sarasa, sarasa pangawruh putus, lan sangking dalil nistura.

(13)

87. Surawijaya   tur   neki,   kang   mengkaten   pariwara,   punapa   tan nedahake,   babaku   kang   ing   ngupaya,   temah   kalingga   nata, wecana kyai guru, yekti guru wus amawas.

88. jembar   rupeke   kang   lagi,   ngupaya   bisaning   basa,   tan   kenisi nami   kang   wong,   lamon   guru   boten   nimbi,   momotaning wawadhah, angger wong bae jinuju, arane wong siya siya.

89. pama  cindhil  den  wenehi,  pangane  padha  lan  gajah, mangsa kuwata   tutuke,   sumawana   kadi   desa,   cilik   kanggonan   raja, nora mulya malah ajur, milane ngangge timbangan.

90. yen kita yun angawruhi, jejere makripatullah, ingkang samya pinipadon,   dunung   wiwitan   agama,   anak   langkung   prayoga, nanging den awas ing kalbu, sesirikaning makripat.

91. ati linyok ati sakit, katrine ati palastra, lan makripatullah adoh, wijang   wijange   sun   jarwa,   ati   linyok   adarbya,   wong   kang munapek sedarum, munapek bangsaning khewan.

92. dadine   manungsa   lapli,   khewan   maknawi   tegesnya,   nyata manungsa wujude, ananging pambekan khewan, tangeh wruh kira kira, nyerkutu sumingkir ngurus, dene mungguh ati lara. 93. wong   pasek   ingkang   darbeni,   pasek   bangsa   mina   setan,

manungsa   lapli   larane,   setan   maknawi   kawangwang,   nyata wujud   manungsa,   pambekane   setan   wutuh,   karem   sasar ambelasar.

94. anapon ran ati mati, wong kapir ingkang kanggona, khewan lan setan bangsane, insane akis kawistara, nyatu wujud manunga, ambek khewan setan juhut, drengki dakwen panastenan.

95. ana   dene   ingkang   sidi,   ati   tawajuh   nisthaya,   wong   mukmin salih   kang   duwe,   iyeku   bongsa   mukhamad,   ingkang   kawawa tampa, sasmitanireng Sukmagung, pracihna makripatullah. 96. yen   bisa   bengkas   ing   tyas   tri,   wruh   pembabaring   kasidan,

lestari trang panuggale, dat kang sumorot ing ngalam, sarta dat kang nistura, ywa andika salah surup, ingngriku kalangkung pragya.

97. lamon sisip nyekuthoni, sotaning dat kang pratistha, yen tan wruh   wijang   wijange,   akeh   madeg   kapruitan,   wejange   tuna dungkap, siswane nora anggayuh, jejering dat kang samep. 98. edate loatipun urip, tan catinatrap sarasa, yen mengkana uripa

ingong, iku sanyatane Allah, lah iya urip kita, anane dumunung wujud, yen mengkona wujud kita.

99. kanyatahan Maha Suci, mengkoten penganggep salah, sulaya lan   pathokane,   yekti   tan   pinanggyeng   ngakal,   kiyammubin napsiha, Allah jumenenge tamtu, pribadi tan lawan liyan.

100. mummasalah lilkhawadis, prabeda sakeh kang anyar, eh anak den ngatos atos, kaliwat pakiwuh gawat, doning makripatullah, yen uga kabeh rinengkuh, jejer wong kejaba riyah.

(14)

102. nuwun   pamulang   kang   pasthi,   kamantyan   limut   nistuda, ambebana   anggen   anggen,   kyai   guru   lon   manabda,   keh ngibarat trangena, kang tumiba ing pandulu, gandhengen lan budinira.

PUPUH IV MEGATRUH

1. samantuke   bujang   nora   tutur   tutur,   sinamar   ajrih   menawi, kang   nglewat   tumekeng   lampus,   mbok   dadi   seksi   prekawis, mengkana ciptaning batos.

2. nadyan mati jer karepe pribadyeku, inyong mung darma nuruti, angger aja na wong weruh, mongsa ta inyong tinarik, kuneng ingkang winiraos.

3. wau   Surawijaya   kang   ngajab   lampus,   tapa   ngluwat   jroning bumi, pejuritan gyaning dhusun, estu datan malih kapti, tekad anggeleng gumolong.

4. anglanglangi   wilangan   lingling   wulangun,   nguni   pariwara sangking,   kyai   Mukhamad   yusup,   lan   kyai   jaiman   warsit, tinemen ngluwes suraos.

5. ya   sarasa   ngusakara   kara   murub,   kang   rumarab   ngirib   irib, rurupan   bang   reng   pingul,   kundhi   kuning   pinanduk   kenapi, tegese brastha tan tinon.

6. krana rusak mungguh saka kehing luk, amung wajahe ywang widi,   langgeng   ing   kahananipun,   iyeka   isbat   kinesthi,   enir paningal pasal ro.

7. jroning ngurip lir panjutaba swareku, tistheng kundha gedhah rempid,   datan   kanginan   sapangu,   sayekti   datan   maletik, wisuda denya mencorong.

8. pencoronge   amandeng   wajibul   wujud,   byukta   pamejang rumiyin,   kyai   Mukhamad   yusuf,   atarkumusiwalahi,   illalah panuksmaning den.

9. dupi   sampuning   sal   tri   dasa   nem   dalu,   pitulunging   ywang mranani,   pracihna   bawa   tumanduk,   mring   sujalma   kang darbeni, pomahan sinasmita non.

10. swara   sidi   murcita   jroning   ngaturu,   eh   eling   eling   den   eling, nalagati yen sira yun, ilang nggonira asakit, entasen jalma kang ngandon.

11. nglawat aneng karangmu sasirih kidul, ngingsor bendha ageng inggil, wimba saranen satuhu, dadi serana usadi, purna jiwa anak bojo.

12. nalagati   kaget   tangi   tyas   gegetun,   apa   ta   andara   dasih, sajroning turu ngong krungu, swara pitutur dumeling, ing kono kidul ana wong.

(15)

14. ngrasa   entheng   kyai   naladipa   gupuh,   dandan   pacule cinangking, lendhang lendhang kesah ngidul, ngingsor wreksa bendha prapti, ana siti anyar katon.

15. kang kinaryo ngurugi luwang wus temtu, bungah kyai Nalagati, andara   dasih   impenku,   nulya   urug   urugan   siti,   binuwang wonten sayektos.

16. jalma   siki   angluwat   tinon   wus   layu,   sawang   layon   wondha putih,  Nalagati  lon   matur,  shuh   sang mangun   tarak  brangti, lilanana sarira ngong.

17. yun   mondhonge   sampyan   kula   bekta   mantuk,   mring   wisma kawula inggih, lan boten niyat cipta dur, ming sangking mirma ningali, menawi kelajeng layon.

18. sawusira matur gya ingangkat mantuk, sinarekaken aririh, ing amben sayana alus, kajang sirahnya rumanti, datan usik sang wirangrong.

19. nulya   kinutugan   kukus   sekul   biru,   lathi   kinecer   jruk   bayi, palaling ywang dangu dangu, purneng bayu wus bisa sik, sang tapa gya lenggah alon.

20. Nalagati   sanalika   sakitipun,   waras   lan   saanak   rabi,   samya ngadhep munggeng ngayun, Surawijaya ngling aris, paman lir paran kang wados.

21. mangke badan neng ngriki dumunung, lan paman sinten kang nami,   alon   denira   umatur,   kawula   pun   Nalagati,   pemahan ngriki kang manggon.

22. nuwun pirsa sampeyan sinten jujuluk, nauri kula tyang miskin, Surawijaya   nganingsun,   ambelayar   tanpa   panti,   ngupaya marganing layon.

23. ngasih   asih   nalagati   aturipun,   angger   sampun   ngajap   lalis, limrahing titah tumuwuh, nandhang papa sawetawis, menawi karya panyepo.

24. sinten priksa kamulyan tembe pinangguh, mila sayogya ginalih, kang amurih reh rehayu, pinuwun kawula mangkin, wontena ngriki kimawon.

25. amulihken   sarira   ing   risakipun,   sakadar   kula   tyang   alit, sakuwaos   kados   gaclug,   ngladosi   saka   puranti,   kamirahan ywang sukmanon.

26. lamon   sampun   purna   sumongga   sakayun,   kawula   jumurung puji,   Surawijaya   ngling   arum,   gih   paman   tarima   mami, kawlasan dika maring ngong.

27. moga   Allah   paring   wales   tyas   kang   tuhu,   karahayon   ngawal akhir, luwih kapaotangan ingsun, gih pinten bara ing benjing, bisa mangsulken tyas batos.

28. ya ta lami Surawijaya dumunung, pejuritan ngusadani, risake sariranipun, nalagati jalu estri, sanget nggenira gumatos.

(16)

30. werni   karan   winadhahan   usus   usus,   kolor   saruwal   rumanti, manis jangan tunggilipun, kayu legine sakedhik, saruwal sigra ing nganggo.

31. nulya mangkat Surawijaya lumaku, mangilen angambah tegil, tindakira kapirangu, yatneng tresna nalagati, ngungut sanget ing gumatos.

32. nekuk   ngidul   anjog   kisik   samudra   gung,   setya   dereng   niat mulih,   mring  kutha   sayaseng   dangu,   kacaryan   reh   ta  kitaki, tumutur telenging batos.

33. malak mandar wimbuh ardanireng kayun, sumuksa mertapeng wukir, sedene gutho kasamun, mangayu bagyanig budi, dadiya lena linakon.

34. nurut kisik mangilen lumampah darung, ngemut karag tomba salit,   surating   baskara   mepu,   wanci   madya   lir   gesangi, sangsareng jiwa tan tinon.

35. langkung   denya   amemati   raganipun,   wus   liwat   ing   cingcing guling, trus pasthi maminggah gunung, anrang pringga wukir kancik, kathah kapranggul buburon.

36. sato   wana   anggiwar   tan   ana   ganggu,   sarpa   lodra   jalu   jalu, kapethuk nyimpang lumayu, mong bantheng menjangan kancil, katerak malumpat bekos.

37. yen   kaleson   reren   sangisor   wreksa   gung,   yen   arip   turu gumlinting,   ngangge   karang   ngulu   watu,   jroning   tyas   cinipta guling, sanengti lampus pakaot.

38. sota   nikmat   mahywa   panarima   mungguh,   tangi   turu   gya lumaris, tan ngangge milih delanggung, nasak wit saparan sikil, mungguh tumurun jurang jro.

39. murang   marga   angambah   kang   siluk   siluk,   kesangsang sangsang penjalin, tarwiyang tansaya wimbuh, giranging tyas tandu ngancik, laladan ing karang bolong.

40. kehing guwa guwa den ungak sedarum, tan ana den kasenengi, karya asrama manungku, de guwa ngungkung udadi, dedalane gawat elok.

41. guwa karangbolong writ angker kelangkung, keh durbiksa mrih durniti, gegodha memurung tuwuh, yen wantah sayekti baring, binabidhung ing gendruwo.

42. rehayune   keneng   mala   budheg   bisu,   suwung   ati   tuna   budi, badan kurus weteng busung, bosok kulit daging mamring, kari tulang dadi jrangkong.

43. nanging   mungguh   manungsakang   ingsi   ngelmu,   ngelmu makripatullahi,   dhasar   nistuda   tawajuh,   binusanan   tarak brangti, tarbukeng tyas waskitheng don.

44. sinung   kalis   durmalaning   setan   juhud,   sasedyanira   lestari, prabawa bakuh tumangguh, was ketir ketir swwuh enir, nerak pringga baya wutoh.

(17)

PUPUH V MASKUMAMBANG

1. aran   guwa   menganti   sinawang   edi,   wiwara   bawera,   anulya dipun lebeti, margane rumpil kabina.

2. pan tinurut ginagap gagap ing sikil, lelumut kumeclap, kadi tan bangkit lumaris, padhas dhedasaring marga.

3. sanalika Surawijaya manganggit, darpa nrak babaya, yen wania maring gampil, jrih angel wurung panyipta.

4. esthining reh sngel atanapi gampil, kaantep sajuga, ing purwa punapi, jer kita kang bedakena.

5. dadya saya sengkud denira lumaris, rarasing pandriya, binudi dadya mranani, malar mimbuhi subadya.

6. wusing   prapta   jro   guthoka   amiyarsi,   ywah   amara   wayan, nanging ta datan kaeksi, sangking limut lamat lamat.

7. mung   pengrasa   kang   karasa   mracihnani,   nian   sidyanira, Surawijaya mertapi, munggeng sela sumayana.

8. tapa   linggih   amadhep   karseng   suksmadi,   asta   kering   kanan, tumumpang ring pupu kalih, mresing tyas anglebur rasa.

9. iya rasa kang angraras asma kalih, kang purwita jasad, linebur kinarya urip, uripe linebur mongka.

10. rasa prelu tandya linebur kinardi, susmaya samepa, susmaya linebur dadi, jisim latip kang lawiya.

11. ri sampunya geleng gumolong pangesthi, wa gyut ngalad alad, surating dat angebeki, subadya amot wasesa.

12. jro wisesa amot ing purba sejati, Surawijaya trang, titika sabilik bilik, tarbuka ning matyastama.

13. kuneng   ingkang   lagya   ngeningken   pangeksi,   neges   karsaning sang, dumunung guwa menganti, mangke mangsuli carita. 14. duk nalika pangran puger lan kang rayi, pangran Martasana,

miwah pangran Singasarri, kairing sawadya bala.

15. wangsulipun   sangking   tanah   tirta   rukmi,   tinuduh   sudarma, ngrebat negari mentawis, mengsah lawan Trunajaya.

16. ing pasisir kidul ingkang den margani, saben mesanggrahan, narubken para ngabei, lan patinggi desa desa.

17. sowan   sarta   sudhiya   kartala   jurit,   rumojong   karya   prang, sanggen mesanggrahan gusti, saos saos sanaos wega.

18. dupi lajeng mangetan wong agung katri, patinggi ing ngagya, binage bage karyeki, ana kalane binekta.

19. lajeng   ngetan   kang   badhe   ing   ngaben   jurit,   saweneh   tinilar, kinen sami pacak baris, patinggi desa kerigan.

20. ya ta wau pangran puger lan kang rayi, kendel mesanggrahan, neng desa wawar pasisir, ing wismane wreganaya.

21. kang   nguyuni   wong   desa   wawar   pasisir,   demang   wreganaya, keringan macapat jalmi, jalaran daya berbudaya.

22. kanan   kering   patinggi   samya   suwiwi,   marang   desa   wawar, sumambita ngarseng gusti, samekta busananing prang.

(18)

24. jeng   pangeran   puger   milihi   sujalmi,   ingkang   winursita,   ki Honggayuda semangkin, ing kutho pinuju lagya.

25. tilik   dhateng   desa   wawar   krana   dening,   Honggayuda   dadya, suta mantune pangarsi, kyai demang wreganaya.

26. jeng   pangeran   puger   uninga   langkung   sih,   andangu   mring demang, werganaya sapa iki, kang ngladeni saben dina.

27. marang ingsun tapsilaning luwih becik, werganaya nembah, gih punika mantu siwi, Honggayuda dhusun kitho.

28. pangran angling iya mantunira iki, cekel gawe apa, werganaya angot sari, dereng cepeng pendamelan.

29. wonten kitho aming inggihnya nyepahi, ing mitra wangsanya, jeng pangeran gya nimbali, Honggayuda sowan ngarsa.

30. ngandika   rum   eh   Honggayuda   semangkin,   wit   parentah ingwang, sira dadia patinggi, anyekela desa kutho.

31. sarta   desa   sakiwa   tengene   ugi,   kang   nyekel   prentahan,   sira ingkang mituwani, iki sun paring tondha.

32. ora susah sira ndherek laku mami, becik bali kutho, ing kana pacak baris, tarubena wong ing desa.

33. tandya   sujud   Honggayuda   awot   sari,   pukulun   sandika, amundhi sabda jeng gusti, jeng pangran gya budhal ngetan. 34. Honggayuda   wangsul   mring   kutho   wismeki,   natrapken

parentah, gancanging carita uwis, ambwah disa sadesa.

35. amung   cacad   jro   jaman   dahuru   maksih,   esuking   ngesukan, singa kang rosa pakolih, desa kathah tetukaran.

36. mene gancaraken terahing mentawis, sang sunan mangkurat, kang madeg prabu ing tegil, ing budhalipun mangetan.

37. pasisir   ler   wau   ingkang   den   wiyosi,   kedhiri   jog   ira,   anglarag Trunajayeki, reroncene tan winarna.

38. amung mendhet gancare ingkang kinawi, tempuh ing ngayun, trunajaya wis kajodhi, nagri mentaram kapegat.

39. jeng   susunan   mangkurat   tandya   nglenggahi,   prasada mentaram, nguyuni kang rayi rayi, nagri arja karti karta.

40. wang   wang   kraton   pindhah   sangking   ing   mentawis,   nenggih kartasura, semangke prasadanaji, tulus panjenengan Nata. 41. ri sampune surud kanjeng  Sri  Bupati,  mangkurat ginantyan,

ing putra pangran Dipati, juluk Sunan Mangkurat Mas.

42. datan lama jalaran selir widyasthi, karaton ginantyan, dening kang paman sudarmi, jeng pangran puger sudibya.

43. jenengipun sae kapraya kumpeni, kasub kaoningrat, jujuluke Narapati, jeng sunan mengku buwana.

44. pan sinigeg mangke carita mangsuli, kang amanting jiwa, tapa neng guwa menganti, tan kawruhan laminira.

45. krana sangking peteng tan wruh rina wengi, marmaning ywang suksma, kang ngasipat rahman rakhim, ngudaneni setyaning tyas.

(19)

47. ngungun   astanira   anggegem   cumethi,   tinurut   ginrayang, satuhu wonda penjalin, laras sotaning sarkara.

jika   ada   diantara   pembaca   yang   memiliki   atau   mengetahui keberadaan   orang   yang   memiliki   kitab   babad   ini   atau   salinannya kami harap berkenan menghubungi kami melalui  contact form  yang tersedia,   karena   kitab   yang   ada   pada   kami   kehilangan   (rusak/tak terbaca lagi) halaman 1­14 

Referensi

Garis besar

Dokumen terkait