• Tidak ada hasil yang ditemukan

SULUK BAKA

N/A
N/A
Protected

Academic year: 2017

Membagikan "SULUK BAKA"

Copied!
10
0
0

Teks penuh

(1)

Kinanthi

Kinanthi ingkang winuwus, wontên baka luwih adi, lir wali angundang dhalang, sapari polahing ringgit, sayêkti saking dhêdhalang, lan sapangucaping ringgit.

Saking dhêdhalang puniku, solah pangucapirèki, Ki Dhalang pan wujud Baka, upama dhalang lan ringgit, lir kawula lan Kang Murba, sayêkti silih sinilih.

Tan ana kêkalihipun, lamun tan silih sinilih, wayange lawan Kang Murba, mangkana kawula Gusti, tan nyata ing kalihira, lamun tan silih sinilih.

!

Ya Allah kalawan rasul, kadi dhalang lawan ringgit, Allah kang mangka dhêdhalang, rasul kang upama ringgit, ringgit kalawan ki dhalang, tansah asilih sinilih.

" #

(2)

! %

Ing pasthining kawulèku, yèn padudon tampaning sih, ing padune iku iya, tan ana Mukhamad tunggil, iya Gusti ya kawula, iya ulun iya dasih.

&

' $ !

Pasthi nora kêna iku, ana dene tampaning sih, ya dening tan kêna pisah, lawan kawruhana malih, pasthi sakèhing kawula,

Wayangan lawan suksmèku, iku panggihêna nuli, poma sira dipunawas, lir ngangsu pikulan warih, lan ngambil gêni dêdamar, kodhok angêmul lèngnèki.

+ , (

) )

(3)

&

Lan tambining pucang iku, siti pinêndhêm ing bumi, lan banyu kinum ing toya, lumpuh angidêri bumi, cebol anggayuh ngakasa, kang wuta atuduh margi.

) )

-. ) /

Bisu amungkasi padu, srêngenge pine lan malih, ingkang pawaka binakar, walanjar durung alaki, randha manak bêranaan, sajatine maksih sunthi.

/ '

& &

+ ,

Parawan nusoni iku, lan taksih ing priyanèki, atine kang wuluh wungwang, sawung kaluruk sajroning, turu lan wêkasan benjang, jatining lanang lan èstri.

(4)

Gutuk êlor kêna kidul, gutuk kidul lor kang kêni, gutuk kulon kêna wetan, gutuk wetan kulon kêni, gutuk pribadi kênèng lyan, gutuk lyan kêna pribadi.

' '

Angèdhèng anèng garumbul, adhedhe sajroning warih, silulup anèng dharatan, lêlungan nalika prapti, singêdan anèng pêpadhang, lanang nalikane èstri.

* '

Ěstri nalika priyèku, heh sagung kang ahli buddhi, grahitanên iku padha, poma dèn kongsi kapanggih, pan iku sasmitanira, janma kang punjul sasami.

# * (

+ , *

(

Lamun sira nora wêruh, takona janma kang luwih, ingkang wus ngarip ing Kuran, ngungsêda dèn kongsi olih, aja wêdi dening guna, jêr pakewuh ujar iki.

& )

0 1

(5)

tibèng sasar, poma gurokna sayêkti, tunggaling gusti kawula, lan roro roroning tunggil.

) " /

) !

*

Tunggil tunggale sawujud, wujuding kawula Gusti, lan sampurnaning panêmbah, poma dènatèki tèki, dèn rampung paningalira, aywa katungkul sirèki.

# !

&

Dening wujud tunggal iku, mukhayat wujudirèki, apan iku wêwujudan, tan ana towangirèki, saprênah prayoganira, tan ketang gon ala bêcik.

/ #

Mmêngkono pambêkanipun, yèn manusa kang wus ngarip, tan na etang kiri kanan, tan narèntèng tan naricik, datan ing wuri tan ngarsa, miwah ing ngandhap lan nginggil.

Adoh parêk ika iku, iki nora dene tangi, ingakên sadayanira, iku tingaling kang luwih, kang satêngah agênturan, wênèh kapapaging margi.

& 2

(6)

Wênèh ingkang kapidulu, sawênèh wênèh ingkang ling, sawênèh ana kang kocap, sawênèh ana tutwuri, iku kabèh kawruhana, basa kapapag kapering.

Lan malih poma dèn wêruh, rampunge dhalang lan ringgit, rampung ing Gusti kawula, dhalang pan nyata ing ringgit, ringgit pan nyata ing dhalang, kawula nyata ing Gusti.

!

!

Gusti nyata kawulèku, êndi dhalang êndi ringgit, êndi Gusti di kawula, wruha pisah kumpulnèki, lan sapa kang aran dhalang, lan sapa kang aran ringgit.

! '

!

Roh ngakal kalawan ênur, iku dènarani ringgit, pan iku wayang ilapat, kanapi aranirèki, dudu sajatining wayang, pan wêwayangan sayêkti. kak ingaran dhalang, kawruh wong kang durung ngarip, pasthine iku nanging ta, wontên undhakipun malih.

/ ) '

3 4

(7)

waspada, marang wirasaning wangsit.

! *

Dèn kacipta sasmitèku, yèn wus tan ngulati malih, katêmu nèng sêla sêla, sajatine kang pinurih, kang micara pinicara, kang dènrasani ngrasani.

) * ) &

*

Kang dinulu kang andulu, kang ngulati dènulati, iku pancasing wicara, tan ana wirasan malih, yaiku rahsaning rahsa, surahsa rahsa sajati.

2

Rasanên rahsa kang mungguh, ing rahsanira pribadi, kang sarta lawan pitêdah, ing guru kang sampun ngarip, dadi tan katêlanjukan, rampunging dhalang lan ringgit.

"

'

Aja sira mangu mangu, idhêpmu aja sak sêrik, aja mêksih amêmitra, lan aja sarupa mêksih, dadi bakal yèn mangkana, têmah kapiran sirèki.

& * +

, + , + ,

(8)

Jêr kang satêngah wong iku, jajah desa milangkori, dèn bêbanjar mrana mrana, nora wêruh yèn tutwuri, pan balolokên kêwala, walang wrêksa kang lar wilis.

) dènpungsênga, iku kang mangka gêgênti.

& *

*% *

2

Sayêkti paesan wujud, wujud tunggal tan kêkalih, apan nora kêna pisah, ing kono goning ngawruhi, wit ning kang tan wruh kadohan, sarirane dènsinggahi.

%

) ) )

Den dalih pisaha iku, prandening yèn paningaling, wong kang makripat, tan ketang jaba jero ngarep wuri, ngandhap nginggil ana ora, brastha tan nganggo pinrinci.

&

) 1 $

"

Datan andulu dinulu, panêmbahe tan sarênti, alanggêng ing ananira, gumêlêng ing jagad, lwirning dumadi pan kalimputan, sêmbah sinêmbah pribadi.

' $

(9)

sêgara mulya, pan sakèhing para nabi. raganira, kandhih dening Dzat Sajati.

# $ $ priyangga, sayêkti obahing Gusti, Gusti tan obah priyangga, Lamun tan nilih ing dasih.

( /

% !

&

nanging tunggal tan ro wujud, yèn roro lir makdum sarpin, lan Malih kawikanana, kawula tan dadi Gusti, iku tingaling sarengat, dening sampurnaning puji.

&

! 2

/

(10)

& )

+ , + , )

Anane lan noranipun, tan sinêdya ananèki, dinadèkkên dening suksma, mapan kinarya gagênti, lan kinarya sêksining Dzat, Sipat Asma Apngal nênggih.

) $

6 1

Yèn langgênge tan sakuthu, tur wimbuh purba sirèki, Mahasuci ananira, tanpa lawan timbangnèki, jumênêng lan dhèwèkira, wus nora samar sayêkti.

& '

Referensi

Garis besar

Dokumen terkait

Puji syukur saya panjatkan kepada Tuhan Yang Maha Esa, yang telah memberikan berkat dan kasih-Nya yang melimpah sehingga penulis dapat menyelesaikan skripsi yang berjudul

Variabel motivasi yang diteliti dalam penelitian ini juga mendapatkan hasil bahwa motivasi berpengaruh terhadap kinerja pegawai Bank Dana Raya Manado. Hasil

[r]

Dari keempat pengertian di atas dapat disimpulkan bahwa modal kerja merupakan dana yang ditanam pada aktiva lancar seperti kas, sekuritas, piutang dan persediaan

Banyak penelitian yang menghubungkan antara variabel Locus of Control dengan Burnout dan menjadi variabel yang sering diteliti korelasi keduanya dalam ilmu psikologi,

Kesimpulan penelitian ini adalah pemberian hormon FSH dan PMSG menghasilkan pertumbuhan volume ambing yang baik selama bunting, dengan bobot dan jumlah anak yang

Akibat memerlukan ruang cukup luas, panjang dan dimana pada salah satu ujungnya bebas dimungkinkan terjadinya tekuk akibat beban yang diterima atau dipikul maka perlu