S ERA T JA S MA NINGRA T
! "
"
# $
!
%
@@@
SERAT JASMANINGRAT
Pupuh I
Asmarandana
1. Tatkala wiwit tinulis / ing dina Dite kasihnya / jam sawiji ing wayahe / ing wulan Rabingulawal / tanggal kaping sekawan / tahun Dal sengkelanipun / panca wiku sabda nata.
2. Anenggih wulan Welandi / Pebriwari kang lumakya / nuju kaping salikure / tahunira pan ingetang / sewu astha tus kawan / dasa pitu langkungipun mangsanira kaping sapta.
3. Julungpunud wuku neki / kang angka Mertawinarna / tri atus dasa kalih / karsanira sri narendra / Jeng Sultan Mengku Bwana / Senapati Ngalageku / Ngabdurrahman Sayidina.
4. Panata gama sang aji / Kalipatollah ping gangsal / hanenggih kumendur sekyeng / Bintang Leyo ing Nederlan / kang ngergani keretyan / Ngayogyakarta rat agung / amangun srat Jasmaningrat.
&
6. Ingkang pinurwa kariyin / masalah ngelmu sarengat / pangurakan saenggane / kang kocap wektu lelima / luhur kelawan ngasar / maghrib ngisa lawan subuh / punika arebut karya.
7. Kang tan kocap wektu kalih / jangkepe wektu kang sapta / dadi pangiren kancane / wektu kalih ika dina / tan nunggil wetu lima / punika kang dadi wuwus / dene ngisa karyanira.
8. Minal witri ngatal witri / punika kang den bicara / dereng mudhun sakaryane / agung angrembuyong kewala / sabarang karyanira / ngucira salamenipun / marmane paben aramya.
9. Ki asar mahrib angling / ki ngisa ki subuh mojar / mara ki luhur sabdane / marmane wong kalih ika / sakalir barang karya / punika tan purun mudhun / manira boya narima.
10. Minal witri ngatal witri / punika samya suwita / pangane samya pinacen / teka anglidhung kewala / kawula tan narima / sun ungkih sak kayanipun / Ki Luhur aris angucap.
11. Yen mengkono eca mami / payo den ungkih ing kathah / dimen medhuna gawene / apan dhimin sri narendra / anggadhah pangandika / wong roro kinen akumpul / sareng mundur sareng mara.
12. Lah nedha tinata kardi / leheng katura ing suksma / iku tedha karyane / Kehe Ngasar asru mojar / inggih leres punika / samya sinung karyanipun / Ki Mahrib asru wecana.
13. Punika pan reres ugi / kahe Ngisa asru mojar / nedha tinata gawene / adum karya wong lelima / ramening pangurakan / Ki Subuh asru amuwus / ingsun pan nora kuwasa.
14. Angiring wong kalih iki / iku uga wong gegantungan / datan purun ngiri ingong / dereng wonten pangandika / iya tan purun ingwang / Ki Luhur asru amuwus / ya ingsun datan sakeca.
15. Kasaru utusan prapti / Ki Patih Jabrail ika / marang pangurakan age / sakeh wadya pangurakan / cingak sirep sedaya / sadhateng duta agung / Ki Patih Jabrail ngucap.
16. Samya padu apa iki / rame-rame neng patirtan / Ki Luhur alon wuwuse / punika apaben karya / ingkang dadya bicara / kang ngrambyong marang Ki Subuh / dipun ungkih karyanira.
'
18. Ki Patih Jabrail angling / iku aja geru sira / anata barang gawene / iya wong kalih punika / barang gawene pisah / sinelir dening Hyang agung / iku andikaning Allah.
19. Heh ta wong roro puniki / salire barange sinongga / iku darbe karya dhewe / prenahe aneng ngayunan / ajaga karyaning Hyang / ing siyang kelawan dalu / asaos karsaning suksma.
20. Jabrail kagyat ningali / Ywa sarengat lunga saba / kawayang mangkya tandange / Patih Jabrail angucap / amangsit wong lelima / lah iya ika gustimu / ingkang lagya mangkat seba.
21. Lah padha ngiringa sami / menek sira keri seba / den enggal mangkata kabeh / wong lima samya ngiringa / gowoa upacara / wong lelima mangkat sampun / rumeksa ing gustenira.
22. Sarengat kagyat ningali / yen kancanira tut wuntat / kalintang bungah manahe / lumampah sarwi obengan / tekbire datan pegat / sarta lan tilawatipun / dhikiripun datan pegat.
23. Tesbehipun anelahi / mutyara ingkang kinarya / pinalisir sutra jene / bawang sabungkul dhestarnya / mawi koncer apanjang / asri munggeng gigiripun / besusipun angarangan.
24. Angermpayak lampahneki / pan lambeyan turut marga / pan kulaweran dhestare / sumekta rasukan jubah / lungsir pethak apelag / ngagem gonda merbuk arum / pan sineret dhestarira.
25. arubed dennya lumaris / tur asareh bundenira / awratning busanane / amberegong polahira / besuse lengulengan / milang tindak lampahipun / lir pedah jalma bedhayan.
26. Kang ngiring mesem pra sami / aningali gustenira / gumuyu dening polahe / Luhur kalawan Ki Asar / Ki Mahrib loan Ki Ngisa / Ki Subuh esmu gumuyu / samya beda upacara.
27. Pengawinan datan keri / sigegen datan winarna / gentia kocap mangko / kang kemit Ki Sokasana / lagi apadu karya / Ki badan lawan Kalbu / Ki Osek lawan Ki Jawa.
28. Parimona lan Ki Budi / kelawan Ki Panarima / Ki Tapsi lan Ki Elinge / pan sami apadu karya / wong kalih dereng nebda / dipun ungkih karyanipun / eling lawan panarima.
(
30. Lah nedha wong kalih iki / samya tinata karyanya / ana teka ngrembyong bae / Ki Eroh aris angucap / bener ujar punika / tan ana karyane iku / Ki Panarima aris angucap.
31. Lah nedha denira kardi / punika pan wong ngangguran / Ki Osek alon wuwuse / pnede mengkono uga / puniku dereng nongga / marang pakaryanireku / lamine nganggur kewala.
32. Ki Terima eling aris / pesthi manira tan trima / iku para jalukane / ing karyane wong punika / iku pan gegantungan / kinasiyan mring gustimu / lamun ana pangandika.
33. Karyane wong kalih iki / manira datan lenggana / saosing gusti semangke / winicara neng ngayunan / kesaru praptanira / Ki Patih Mingkail rawuh / pinarak suka sadaya.
34. Nata karya kajengneki / kagyat kang aneng paseban / sapraptane kya hatah (hapatih) / Ki Pitih (Patih) aris tetanya / lah iku padu apa / arame gennya gumuruh / ika (kang) den padu apa.
35. Ki Badan umatur aris / punika padu(don) karya / Ki Panrima lan Ki Elinge / punika tan Nongga karya / taksih ngrembyong kewala / punika pan teksih nganggur / gene wonten Ki Tapsila.
36. Yen suwawi atur mami / kawula atrapken karya / mudhuna sapakaryane / Ki Patih Mingkail mojar / aja ageru sira / anata ing karyanipun / wus pinanci ing Hyang Sukma.
37. Sabarang karyane mijil / saos karsaning Hyang Sukma / mila katingal wong roro / jaganing kang pangandika / cumawis caos karya / sabarang karsaning ratu / semongsa na pangandika.
38. Cumawis karyaning gusti / iku kang atampi karya / Ki Patih ningali mangko / Ki Tarekat mangkat seba / mengkono solahira / Ki Mingkail alon muwus / lah ta ika gustenira.
39. Lagya lunga seba uning / lah padha ngiring-ngiringa / wong nenem miluwa kabeh / lah age sira mangkata / wong nenem sigra mangkat / bekta upacaranipun / Kyai Tarekat tumingal.
40. Balanira tumut sami / angiring-ngiring sedaya / abekta upacarane / Ki Tarekat agraita / sigra-sgra lampahnya / pesaja busana kampuh / pan nganggo daram pinala.
)
42. Ki Adhep lan idhep linggih / punika pan iri karya / Paningal asru wuwuse / lah nedha tinata karya / Ki Adhep Idhep ika / lah punapa silanipun / dening dora nangga karya.
43. Iku wong ngucireng karpi / tansah anganggur / kewala / iku wong tanbuh gawene / Ki Pangucap aris mojar / nedha ika tinata / aja na wong nganggur / manira banget kangelan.
44. Ki Pangambu angling aris / inggih aleres punika / puniku tanbuh gawene / eca anglindhung kewala / iya milu ginanjar / barang karya datan tumut / lan akarya kemandhungan.
45. Saene sinungan kardi / Ki Pamirsa lon angucap / nedha wicara mangke / iku dijaluk karyanya / mila tan tumut karya / nganggur tanbuh pedahipun / yen punika wewijangan.
46. Apesthi entheng sinanggi / dadia pitung giliran / Cipta lan ripta wuwuse / pesthi manira tan suka / yen sira kang jaluka / dhingin angrembyong maringsun / sarta lawan pangandika.
47. Ana dene mengko iki / para karsa ngiring karya jalukan ngayunan mangko / manira dermi kewala / angembyong wong punika / Ki Paningal asru muwus / ingsun tan wruh pangandika.
48. Punika sun jaluk kardi / Ki Pangucap asru mojar lah nedha jinaluk mangko / kapanane yen mudhuna / si Cipta Ripta ika / mubeng padune lumencur / bungah den nengna kewala.
49. Mangsa kenoa puniki / yen jinaluk wiwikingan / kejawi ngarsa sang katong / sokur dadi padu besar / Ki Pamiarsa ngucap / luhung jinaluka ing ngayun / Ki Pangambu aris mojar.
50. Iya bener iku ugi / Allah amek wong ngurahan / pan tuwas sisan alane / mongsa kiranga gawean / Ki Cipta Rpta ngucap / nadyan den jaluka ngayun iya luwih karsanira.
51. Apan ana ujar mami / den aririh ujarira / aneng ing ngayunan mangko / den prayoga bicaranya / srta pangandika / Ki Paningal asru muwus / boya idhep ujarira.
52. Ki Patih Israpil prapti / arsa marang kemandhunga / anata gawe karsane / kagyat mirsa ramnya-ramnya / jalma kang paben karya / nulya sirep kang apadu / sapraptanya Kiya patya.
*
54. Mau padu apa sami / ramnya aneng kemadhungan / apa kang pinadu rame / dene kongsi bengkerengan / Ki Paningal asru mojar / paben karsane sang ulun / angiri kang dereng nebda.
55. Pun Idhep lan Adhep singgih / punika den iri karya / dereng nebda sakaryane / lir barang karya panebda / ana ngrembyong kewala / inggih pun Cipta Ripteku / kawula tedha karyanya.
56. Ki Patih Israpil angling / aja geru ngiri karya / wong roro iku karyane / iku siniyan Hyang Sukma / mijia karyanira / saos karsane sang ulun / asaos aneng ngayunan.
57. Sira angungkih ing kardi / wong roro iku tan kena / lamun sira ngiri gawe / apesthi yen nora kena / Israpil kagyat mulat / gustenira kang dinulu / Ki Akekat lunga seba.
58. Mawas-mawas lampahneki / Ki Patih Israpil mojar / lah batur gustimu katon / apan lagya lunga seba / lah padha ngiringena / wong sekawan mesat sampun / samya beta upacara.
59. Ki Khakekat aningali / balanira atut wuntat / abekta upacarane / Ki Akekat lampahira / sigra-sigra gancangan / age-age lampahipun / lampahe angungak-ungak.
60. Tan arsa kakehan pikir / tan arsa kakehan sandhang / amung ngagem nyamping bae / won wonten malih kang warna / kang kemit siti bentar / rame nata karyanipun / Ki Nyawa lawan Ki Atma.
61. Ki Sukma Ki Cahya iki atanapi Ki Murcaya / wong kekalih dereng amor / dereng mudhun karyanira / tansah dadi bicara / Lageng lan Ki Toked iku / tansah den ungkih karyanya.
62. Ingkang angrembyong ta singgih / wau sira Ki Murcaya / Ki Nyawa asru wuwuse / lah payo tinata karya / aja ngidhung kewala / ingajak neba karya gung / gih dadi saya golongan.
63. Ki Ayma amuwus aris / pesthi bener iku uga / wong nganggur tanbuh gawene / iku milu tampi sihnya / karyane nora nana / tan bekti kemit sedalu / Ki Nukma sugal angucap.
64. Lah nedha den iri kardi / kapanane tumapaka / apan iku nganggur bae / Ki Cahya delingnya mojar / teka bener kewala / apan iku wong anganggur / sedhenge den iri karyanya.
+
66. Mirsa wong papat angling / Murcahya angusap jaja / arum memanis wuwuse / sakarsanira angucap / pan iya ujaring wang / ing kene apa pinadu / winecaranen neng ngajengan.
67. Nadyan sinungana kardi / nanging sae neng ngajengan / Ki Nyawa sendhu saure / Murcahya ngalingi karya / sila gengdi rupanya / la si Tokid karyanipun / tan wande sun tedha karya.
68. Suka tan sukaa kardi / tan wande sun tedha ngarsa / pesthi sun bethothot bae / yen kalah sun jarah / wiyahe sun balinga / apan wus tawas sun jaluk / jajaban bae tan tena.
69. Nyawa ngucap kaduk wani / yen wus metu kordanira / tan wande medhun gawene / badane tur tuwas rusak / Ki Nyawa asumbar-sumbar / ingsun tate anilang tatu / sun dol nreh aden wisaya.
70. Kasaru Patih Ngijrail / miyos marang siti bentar / anata karya karsane / Ki Patih kagyat miarsa / wadya kang padu karya / kang bala dhangan andulu / sirep kang apadu karya.
71. Wong sekawan asmu ajrih / wus ngraos yen tinakonan / Ki Patih tumingal langko / wong kemit apadu karya / gumeder awuruhan / nulya pinaranan / gupuh / aglis prapta ngarsanira.
72. Ki Patih tetanya aglis / apa kang kang den padu padha / dene arame syarane / pating bangkereng syaratnya / kaya wong yun kerengan / Ki Nyawa nulya wot santun / punika apaben karya.
73. Kanca kula nyageng kardi / inggih kang dados bicara / pun Langgeng pun Tokid mangko / kula tedha karyanira / teksih ngrembyong kewala / pun Murcahya kapiluyu / ngiloni Tokid lan Baka.
74. Pun Langgeng lawan pun Tokid / datan mudhun pakaryannya / Murcahya ing wong dahuwen / ngukuhi wong mukar karya / panas ati kawula / Langgeng Tokid gajihipun / sami lan kang bangkat karya.
75. Anuwun priksa Ki Patih / Patih mojar aja gancang / iku wong miji karyane / siniyan ing gustenira / aja age ta sira / yen ana timbalan dhawuh / Langgeng Tokid karuhena.
76. Wong roro puniku singgih / samya nganti pangandika / ana dene paran kiye / angantia pangandika / yen sampun ta rumangsa / Ngijrail kagyat andulu / Ki Makrifat mangkat seba.
,
78. Wong lima samya angiring / samya beta upacara / sarta lan pengawinane / pan sampun pepak sedaya / samya nututi lampah / pan enggal lampahipun / Ki Makrifat pan tumingal.
79. Balane samya tut wuri / Makrifat mesem jro nala / Makrifat inggal lampahe / tan mambu wong mara seba / sarwi cawet kewala / cingak sakeh kang adulu / samya micoreng jro nala.
80. Tan memper saos ing gusti / tanb memba wong sesarasan / ing sasolah pratingkahe / dhateng lumajar kewala / apan kadi jaran ngerap / pan nora nolih ing pungkur / samya micoreng jro nala.
81. Lampahe separti angin / Makrifat lampahnya gancang / kang tut wuntat keri kabeh / kang mangkat dhingin kawuntat / dungkap prapta ing nglawang/ kang nama kori panutup / lir pendah kori srinata.
Pupuh II
Sinom
1. Anenggih kori punika / dedalane manjing puri / nenggih kancingipun tobat / sesakanipun rohbani / maningkem talineki / pan rohani inebipun / payo sabar derana / ingkang tengga kori iki / Radyan Mutmainah bagus tan sikara.
2. Mulat Raden Mutmainah / yen gustine ingkang prapti / aglis winenganan lawang / Ki Makrifat liwat aglis / bala kantun ing jawi / tan wonten tumut malebu / sampun minep kang lawang / Ki Nyawa arsa tut wuri / Raden Bagus Mutmainah datan suka.
3. Makrifat wus manjing pura / wus linggih neng ngaras kursi / munggeng aneng ing ngayunan / pan sampun pinanci-panci / peparinge ing gusti / warni kupi gung perukum / murub yen tiningalan / isi madu masthika di / duk sinambut marang Ki Makrifat ika.
4. Gandane arum mangambar / pan wonten winuwus malih / Ki Akekat lagya prapta / ing nglawang wesi puniki / nenggih dedalaneki / pan tigafar kancingipun / rohani sesakanya / maniyun / tetalineki / tinebipun anenggih kandil punika.
5. Pepayon sampurnaning dat / kang akemit tengga kori / Rahaden Suwiyah ika / prayetna tan amaloni / kang Suwiyah udani / lamun gustenira rawuh / aglis sinungan lawang / Ngakekat lumebeng puri / balanipun sedaya kantun neng jaba.
-gustenipun / Ki Khakekat wus prapta / nulya linggih ngaras kursi / samya ngumpul wus ngadhep aneng ngayunan.
7. Sampun pinanci punika / peparingan werna adi / wewadhah werna kencana / ya isi serabat wangi / wus tinampanan aglis / marang Ki Khakekat sampun / wonten ing ngarsanira / yata kawarnaa malih / lampahipun Ki Tarekat lagya prapta.
8. Ing lawang siratal ika / punika dedalaneki / kancinge panebut ika / sesakanipun rohani / maniyah talineki / gih tarekat inebipun / payon keh ananing dat / kang kemit tetangga kori / Raden Bagus Amarah langkung ulama.
9. Raden Amarah tumingal / lamun gustenira prapti / ngandika amundhut lawang / aglis winengan kori / Ki Tarekat lumaris / aglis lumebeng kedhatun / bala kantun ing jaba / tan sinungan manjing kori / pan agupun amarah maniteb lawang.
10. Ki badan anjaluk lawang / arsa tumut gustineki / Ki Amarah datan suka / dedel dinedel ning kori / Ki badan meksa ngungkih / pan den gitek sirahipun / Ki Badan sru bremantya / mekanjar bekalahi / Ki Amarah gitet jaja malang kadhak.
11. Yata Rahaden Amarah / tingale ngatirah andrik / apan sarwi ngagem rotan / Ki Badan amenthelengi / Ki Badan esmu ajrih / wekasan kendel lan muwus / Ki Tarekat wus prapta / alinggih neng ngaras kursi / pan akumpul pinarak aneng ngayunan.
12. Wus pinancen paringannya / Ki Tarekat marang gusti / awarni bokor kencana / aingsi wowohan adi / namane wowohan adi / sekar suratollah arum / pan sampun tinampanan / wonten kawarnaa malih / ingkang kantun dhewe nenggih Ki Sarengat.
13. Lampahe tansah lonlonan / anganteni kadangneki / tan nyana yen kantun sira / duk angkate andhingini / tan wruh den lancangi / marang kadang-kadangipun / mila eca lonlonan / awak den liling-liling / tesbehipun samarga den kudang-kudang.
14. Sigra nulya prapteng nglawang / sela matangkep puniki / gih punika dedalannya / kancinge niyat sejati / sesakane jesmani / nur madi tetalenipun / jahur inebing lawang / pepayon rengaling ngeski / kang atunggu Raden Luamah punika.
.
lampahe lonlonan / tan pegat dennya dhikir / balanira sedaya kantun neng jaba.
16. Tan wonten sinung tumuta / pan sampun mineb kang kori / Ki Luhur meksa tumuta / Luamah dhupak ing sikil / wong lima aneng jawi / balane Sarengat wahu / samya ajrih sedaya / galihe samya kumitir / sakelangkung samya ajrih gustenira.
17. amung Ki Luamah ika / kang binekta manjing puri / ngiring-ngiring Ki Sarengat / Luamah dhasar galidhig / yen ana karsaneki / kalangkung denira berung / tan kena sinuwalan / Ki Sarengat sampun prapti / sampun lenggah aneng kursi bale ngaras.
18. Ki Sarengat esmu duka / angrasa lampahe keri / tansah menggah manjing tingal / Kyai Ngakekat angliring ? Ki Makrifat ningali / Ki Sarengat esmu bendu / tumungkul sarwi bekah / pan sarwi agiget lathi / menggah-menggah pan sarwi angusap jaja.
19. Ki Sarengat aris mojar / nanging ginarit ing ati / nora nyana badaning wang / dene ta padha dhingini / duk angkatira kari / amung ingsun kang karuwun / ngong lampah alon-lonan / sun nganti mring sira sami / ingsun sidhep maksih kari wong tetiga.
20. Si Tarekat lah adena / lakune tan giring-iringan / kabehane padha jawal / lakune padha nglancangi / si Khakekat wong baring / esmu tan idhep semu / lah ta si Makrifat / nganggo atine pribadi / Ki Sarengat dukanira jroning nala. 21. Ki Tarekat tanpa ngucap / sru tumungkul esmu wedi / anyana badhe kadukan
/ wus karaos galihneki / dinulu netra abrit / angling pan sarwi macucu / lathinya kajuwitan / basengut jajanya abrit / pan ajentung adangu migu kewala.
22. Nenggih Ki Hakekat ika / gumujeng jroning ati / mulat marang kakangira / Ki Makrifat ngesemi / aliyan dennya linggih / selonjor alulur suku / sarwi singsot punika / melat melot anguciwis / dipun sumur geguyon lawan Tarekat.
23. Kyai Tarekat tumingal / marang Ki Makrifat iki / gumujeng amijet jaja / kang rayi sarya winangsit / sarwi tumungkul anglirik / gumujeng suka ing kalbu / Ki Sarengat tan wikan / nulya majeng awotsari / sampun lungguh mencangah aneng ngayunan.
25. Kang rupa tinampan selaka / Ki Luamah kang nampani / nulya binuka sasbnya / Ki Sarengat aningali / panganan adi-adi / apa kang ora na iku / Srengat ngucap ing nala / tanggon manira yen bukti / donya kerat ginanjara dening Hyang Sukma.
26. Ki Sarengat aris mojar / tanya Ki Tarekat aris / sira pinaringan apa / yayi marang gustineki / ingsun arsa udani / peparinge mring sireku / miwah yayi Khakekat / sira den paringi punapi / ngong yun wruha miwah pun adhi Makrifat.
27. Ki Tarekat aris mojar / gih kawula den paringi / sangking sihe gustiningwang / gih punika ingkang warni / bokor mirah pinanci / nanging saingsine dereng wruh / pan kapundhi kewala / dereng purun angungkabi / sak kelangkung jrih bok dede karsanira.
28. Ki Sarengat aris mojar / Ki Khakekat den takoni / sira pinaringan apa / manira ayan nu dining / Ki Sarengat lingnya aris / kawula pinancen sampun / warni kopi kencana / ingsine dereng udani / pan adangu teksih kapundhi kewala. 29. Kawula tan purun buka / yen dede karsaning gusti / Ki Makrifat tinakon / sira
den paringi punapi / ingsun ayun udani / Ki Makrifat alon muwus / gih kawula sinungan / warna kopi kumala di / isenipun nenggih madu pinatika.
30. Tur endah gandanya ngambar / Ki Sarengat esmu isin / mirsa wecana mengkana / angrasa wedhar kang galih / angrebda pusuhneki / kadya bedhaha ing lambung / nalane terataban / kumitir sajroning galih / langkung duka dalane kadya ginongsa.
31. Ki Sarengat dukanira / lir pendah yayah sinipi / andulu marang Makrifat / Sarengat angling saya andik / yen mengkonoa ugi / pra uga kabehna iku / ingsun ayun uninga / warnane kadya punapi / kang gonda rum lah age para bukaa.
32. Manira ayun wruha / lah age bukanen aglis / aja kongsi kumelamar / ing tingalingsun puniki / aja tan suka yayi / pesthi mengko sira kabur / mring gusti luwih wikan / manira tedha ing ngadil / asru matur Ki Tarekat mring Sarengat. 33. Inggih patedhan kawula / yekti tan suka wak mami / dene wus pancen
piyambak / peparingan marang gusti / pesthi ajrih wak mami / yen tan pentah ing Hyang Agung / mangke sun alenggana / andika buka puniki / sak kelangkung ajrih yen dika bukaa.
&
35. Ki Sarengat sru bramantya / anglarap denira angling / si Tarekat ingkang ala / dadya panutan wong baring / atuwa jeneng mami / datan ngajini maring sun / sumawana Khakekat / miwah Ki Makrifat sisip / yen amuwus wong telu pan salah mangsa.
36. Aweha nora aweha / tan wandes sun jaluk mangkin / kabeh apan duwekira / Ki Luamah wus cawis / sebet acawetan sampun / cancut atali wonda / wus wikan karsaning gusti / tandangipun acakut datan mundura.
Pupuh III
Durma
1. Ki Luamah trangginas nulya angrebat / maring kang warni kopi / pan katiga pisan / punika dipun rebat / wong tiga agrajeg sami / kae Luamah / meksa angungkih sami.
2. Ki Makrifat kupi meksih ginujengan / ingsine kocar-kacir / miwah Ki Khakekat / kupine dipun rebat / nanging kupi datan keni / pan kocak-kocak / Luamah ngerbut wani.
3. Ki Tarekat dipun rebut datan kena / meksih rejengan kupi / pan kocar-kaciran / tumiba bale aras / temahan prahara uning / Kae Luamah / kongsi ngolang ngaling.
4. Lir den ringut manira Ki Luamah / antuk asihing gusti / gita ing paseban / geger kadya gilingan / kagyat wadya kang neng jawi / Ki Luhur mojar / batur geger punapi.
5. Allah konca baya iki ana karya / ing paseban angisis / dudu Aluamah / ingkang gawe prakara / kang wonten lawang puniki / Raden Luamah / lawan Suwiyah singgih.
6. Sumawana sira den Mutmainah / samya kagyat tan sipi / amiarsa syara / opyak kang aneng jaba / syarane pating jalerit / akeh wong lumajar / sangking paseban nenggih.
7. Dyan pinendheng wau sangkaning prakara / nulya lumayu aglis / wus prapta paseban / dinulu Ki Luamah / polahe anggegilani / Raden Amarah / sigra nulya merpeki.
'
9. Pan sineret Luamah maring wong tiga / Luamah meksa budi / kalintang rosanya / wong tiga sami sayah / nongga kurdane kang budi / meksih den bayang / medal jawining kori.
10. Sekathahe bala kang kantun neng jaba / sedaya wus winangsit / gupuh sami mara / cingak sira tumingal / deding Luamah puniki / weneh angucap apa mulane uni.
11. Kahe Lahir angucap selamet sira / jer kena walat mami / duk andhupak mring wang / tet kala aneng lawang / sira rasakena mangkin / sakeh kang bala / samya kinen nyakiti.
12. Ki Luamah nulya den pala wong kathah / Ki Nyawa mala dhingin / ngasoki gigirnya / kemadhu kang kinarya / Ki Atma sigra gitiki / sarta anekak / guglune kongsi mlirik.
13. Kyai Sukma sigra jambak rambutira / Luamah datan osik / anulya Ki Caya / sigra anyiram toya / Ki Murcahya angideni / Ki Soca angucap / sigra lambe den puntir.
14. Ki Pamirsa sigra jewer kupingira / Ki Pangambu sira aglis / amulir irungnya / Ki Paningal punika / anyalok netrane kalih / Kae LuaMah / tobate andharidhit. 15. Kae Cepta Ripta analeni tampar / Ki Luamah den godhi / nulya Kae Badan /
sigra gablok jaja / Ki EroH sigra nyiweli / ing lambungira / Ki Panarima aglis. 16. Sigra nulya anabeti / Ki Panarima aglis / nyekeli bahunya / nulya Ki Atapsila /
anerungku sukuneki / Ki ElinG sira / sigra ngileni kuping.
17. Ki Luamah polahe niba-niba / dipun wesi asati / wong lima punika / tan wonten tumut mala / eca denira ningali / ajrih gustinya / bilih binendon gusti. 18. Sami suka wong lima nonTon kewala / pangrasane ing ati / tan wonten
duduka / ingkang panjuru bala / lamun ilang wong puniki / pan calunthangan / yekti kapenak mami.
19. Ku Luamah ngolang-ngaling polahira / kelangkung dennya sakit / sambat mring gustinya / gusti nedha ngapura / tan betah anandhang sakit / sambat kadangnya / Kang Tobat dika mrika.
20. Pan Ki Tobat punika sanake tuwa / pan karasa ing ati / sambat adhuh biyang / wong lima tan tumuta / kadange Luamah singgih / ingkang atuwa / Ki Tobat barepneki.
(
22. Dene mangke Ki Tobat anjaluk seca / marang Luamah iki / Ki Amarah mara / Ki Suwiyah ika / lan Mutmainah tan kari / pepal sedaya / kadange samya prapti.
23. Ki Luamah angucap sarwi karuna / kakang dika uripi / kawula tan betah / nandhang siyasating wang / awak mara litang sakin / nedha ngapura / Luamah ngasih-asih.
24. Ki Amarah ingsun iki uculana / dene kaliwat luwih / ingkang kaya sira / Suwiyah Mutmainah / den aglis anguculi / Luamah niba / Ki Tobat sira aglis. 25. Lah ta mara age sira uculana / dene wus seca becik / Ki AMARAH ika /
kelawan Ki Suwiyah / lan Ki Mutmainah singgih / aglis tumandang / nulya samya nguculi.
26. Yata sampun inguculan Ki Luamah / sumringah tingalneki / ngrasa lamun gesang / dening wus linuwaran / mring kadange papat iki / Kae Luamah / mesim lir madu gendhis.
Pupuh IV
Dhandhanggula
1. Kang anurat ngame JroninG ati / sadangune gumujeng jroning nala / lebeting tyas ngestokake / siyang kelawan dalu / pangetune datan gumingsir / Wong olah gangsal wedal / ayun wruh surupipun / ing jero jinerokena / den cethekna cethek endhek usul kadim / poma sampun belaka.
2. Saucule Ku Luamah iki / sinrahaken ing wektu lalima / Luhur rumeksa alane / Ki asar datan kantun / sumawana lawan Ki Mahgrib / nenggih lawan Ki Ngisa / sarta lawan Ki Subuh / binekta dhateng yogyana / aneng nglawang apan samya den kemiti / tan suka lunga-lungan.
3. Ingkang wonten paseban singgih / apan sami bubaran sedaya / Sarengat ilang manahe / konduripun karuwun / Ki Tarekat kantun neng puri / kelawan Khakekat / lan Makrifat kantun / lumaku gandhengan asta / alulungsen gennya lonlonan lumaris / kantun ing wuri pisan.
4. Ki Sarengat lampahnya aririh / sampun prapta wau ing yogyana / ing prenahe linggih mangke / Ki Tarekat sumungsul Dhateng Gunung Jabalkat singgih / punika Pernahira / Khakekat tan kantun / marang Gunung Erap ika / gih puniku pernahe genira linGGih / pan mantuk sowang-sowang.
)
singgih / tansah karaseng nala / ewuh nyananipun / dene atemah mengkana / sarupane kagungane ing Hyang Widi / samya kocap sedaya.
6. Wonten dene kagungan puniki / kang kasebat Ki Makrifat ika / kupi kumala ing mangke / wau sakocakipun / apan tiba ing ngaras kursi / akarya gara-gara / pan arupa iku / ati jro mangke punika / jajuluke Hanila Hening kakelir / warna kadi palwaga.
7. Ki Makrifat ingkang madani / wonten dene pasengitanira / pantes Ki Sarengat mangke / apan ana wewengkonipun / kang atiti minongka seksi / kapat Ki Johar awal / ing kalimanipun / duk malum si namaguna / kaping neme katrap panjiyat puniki / kapitu ijmakira.
8. Ane dene kagungan senelir / aneng kana gunung pitenah / nenggih punika pernahe / tur radi warnanipun / kekajengan ageng ainggil / pange amancawarna / papat kathahipun / samya kapulet ing ngrata / luhuripun tan ana ingkang ngungkuli / meh kasundhul ngawiyat.
9. Sanggabuwana namane singgih / kang angongang ing jalat punika / windu punika ayode / selaka kajengipun / pan agodhong lungsir mulya di / pan akeh warnanira / ana lungsir jingga ingkang adi / la lungsir kuning raras.
10. Lungsir pethak warnane nehali / lungsir wilis datan kawoworan / miwah lungsir cemeng mangke / warna-warna dinulu / kembang mirah warna sotya di / awoh inten kumala / lan sesotya murub / datan ana kang uninga / mung wong cebol-cebol anggayuh ing langit / alenggah ngandhap jurang.
11. Kang angreksa wanodya yu luwih / akekasih Dewi Sarpiningrat / punika tunggu kuncine / pan wus ginadhang iku / sapangandikanya Hyang Widi / apan wus jangjenira / ing wau Hyang Agung / dadya ratuning kasyargan / wanodyeku kinasihan ing Hyang Widi / yen wus tekeng ubaya.
12. Ingkang angreksa wanita YU luwih / akekasih NI DEWI KARUMAN / punika kang sinung gawe / ing benjang janjenipun / lamun sampun dhateng ubanggi / dadi ratuning syarga / nadyan puniku / kinasihan ing Hyang Sukma / wus pinesthi cipta denira Hyang Widi / iku sinung pangandikan.
13. Dewi Aruman amangun kingkin / aningali kang naga bendana / angrasa owah rupane / tan ana polahipun / wus saparti layun / ageng mapan wus ilang / tan ngusikan kadimu barekatneki / sureme cayanira.
*
15. Nanging esak bayanya puniki / Nagabendana sapati pejah / sangsaya ilang warnine / Ki Aruman andulu / pan angrangkul anjrit tan nangis / tanbuh ing polahira / tan saged aduluh / manah liwung tan anyana / mung kang raka kang kacipta sinambat tangis / sarya mijil waspanya.
Pupuh V
M i j i l
1. DEWI ARUMAN tumurun aglis / lampahira alon / sangking ngumbul ngawiyat sangkane / angure weni samargi-margi / datan nolih wuri / lumampah lan pnjung.
2. Tan aetang wirang lawan isin / tangise pan alon / sarta datan pegat sambate / datan sande dinukan ing gusti / dene tiwas mami / kagungan Hyang Agung. 3. paran polah ingkang ngreksa iki / tiwas ten ingong / mung kadange sinambat
tangise / ingkang wonten udyana di luwih / Ki sarengat nenggih / wus nyana ing kalbu.
4. Lamun dinukan marang Hyang Widi / awaknya wus along / anenedha mring Hyang Sukma mangke / muga-muga diapuraa mami / nedha galap gampil / muji wangsul-wangsul.
5. Pan kasaru dhatenge kang rayi / sang dyah ayu anom / Sarpiningrat atawan tangise / pada kang raka dipun sungkemi / pan sarya nangis / sotya abih balut.
6. Syara erak anganyutken ati / sasambatnya alon / lir sundari sang dyah pangringihe / sangking sangete denira nangis / gubel kadangneki / kang raka angungun.
7. Ki Sarengat grahita ing ati / mring kang rayi katon / Ni Sarpiningrat maras galihe / wus angrasa wau jroning galih / yen panggawe mami / Ki Sarengat muwus.
8. Sarpaningrat babo ari mami / matura den alon / kadingaren lah yayi marene / sarwi sira tawan-tawan tangis / SARPININGRAT angling / wuwusnya wor muwun.
9. Pegat-pegat ature wor tangis / kakang gusti eningong / tiwas temen ngreksa sengkerane / pan angreksa kagungan dalem Hyang Widi / kajeng sogangumi / nenggih samya ngalum.
+
11. Nulya emut kamulyane dhingin / sigra muwus alon / tan kuwasa ing sunahe ANGGER / tan uninga kagungane gusti / maranga ing ardi / Jabalkat wong ayu.
12. Anjaluka pernah sira yayi / mring Tarekat mangko / Ni Sarpiningrat tikel alise / mirsa kang raka denira angling / dene anyaguhi / dening mung satuduh. 13. Sarpaningrat rengu sarwi nangis / kesah pradong-pradong / tan pamitan sang
dyah duk kesahe / garundelan muwus turut margi / kang sinambat tangis / kang raka ing gunung.
14. Ing JABALKAT denira alinggih / nedha tulung ingong / ingkang kantun ing yogyana langke / Ki Sarengat lenggana tan angling / muwus jroning ati / netra kumengbeng luh.
15. Arinira Sarpaningrat singgih / kang meksih katonton / kirang-kirang akathah polahe / sangking pegelira ing galih / waja tansah kengis / teka asung wuyung.
16. Penangise teka dudut ati / sarwi melot-melot / lan tan pamit wong ayu lungane / teka pantes grundelan nut margi / gentia kawarni / kang rayi neng gunung.
17. Ponang ardi umbul wiyat singgih / sang dyah ayun anom / RETNA DEWI ARUMAN westane / sarawuhira atawan tangis / Ki Sarengat angling padanya rinangkul.
18. Anungkemi pada sarwi nangis / sesambatnya alon / tiwas temen kakang mas sun kiye / enggen kula ngreksa kagungan gusti / nedha tulung mami mring kakang wong bagus.
19. Sun tan wande kadukan Hyang Widi / Ki Sarengat jomblong / sakelangkung abunek manahe / aningali marang ingkang rayi / ageng dennya brangti / amicoreng kalbu.
20. Kaya paran aweta kaeksi / katon melok-melok / tan suwala neng jroning kalbune / Ki Sarengat istipar dharidhil / kadudoning pikir / ngusap jajanipun. 21. Ki Sarengat nulya tanya malih dhuh wong ayu anom / kadingaren nimas
mirah mrene / sira tumurun saking ngardi / sarya tawan tangis / paran dadi wuyung.
22. Menek ana ingkang dadi watir / kapalanging raos / paran baya kang dadi atine / alah yayi matura sayekti / Dewi Aruman angling / pan sarwi amuwus. 23. Mingsek-mingsek kasesegen tangis / awor turnya alon / dhuh kakangmas
,
24. Kagungan Nagabendana sakit / tan polah lit layon / aneng ngarga kula tilar bae / alah kakang andika tulungi / jampenana mami / kakang selak lampus. 25. Ki Sarengat meneng datan angling / agamblok jaja lon / sarya jelu-jelu
manahe / pangucape agangsul pribadi / kaya napa mami / tuwas-tuwas ingsun.
26. Saya kathah durakanya Widi / delape awaking wong / angur baya matia samangke / tanggung-tanggung urip awak mami / tan jamak lan jalmi / ageng bekanipun.
27. DEWI ARUMAN umatur aris / kakang atur ingong / tambana sampun meneng bae / ecane manah kawula iki / dika prayogani / kang mulyakna iki.
28. Kangungan dalem ingkang asakit / maras temen ingong / kaya paran aweta rusak bae / datan wande kabendon Hyang Widi / Ki sarengat angling / tan kuwasa ingsun.
29. Dudu ingsun tresandha yayi / kagungan kang layon / mapan ana kang pinanci gawe / samya kinen wau nguni-nguni / sabarang neng mami / ana ing sanakmu.
30. Kang palinggih neng Jabalkap uni / paranana mangko / Dewi Aruman runtik wuwuse / kaya paran kakang tan nyaguhi / entheng bobotneki / mila sun tumurun.
31. Apan sangking mukir pati-pati / mung dika kang katon / ingsun emut kekadang dheweke / mengko sun susung datan nyaguhi / lah dumeh punapi / datan sem maring sun.
32. Apa katungkul sandhangan putih / agung agerembyoh / manggunga rasukan jubah bae / jejenggote ngarguyung awilis / brengose jakithit / taliwange kusut. 33. Dedeg alus kang budi / bungah den alem wong / bungah-bungah yen linanjar
bae / jenenge punapa iki / pan kakehan warsi / tuwa bangka bawuk.
34. Ki Sarengat tumungkul sarya ngling / sakarsanya sinom / lir wayang dhalang upamane / papanjake nimas manira iki / bisa amiwiti / pinesthi Hyang Agung. 35. Datan saget mungkasi ngong iki / adhuh aren ingong / Dewi Aruman aris
wuwuse / yen mengkono godheg tanpa alis / tuwas nyanyukeri / luhung dipun cukur.
36. DEWI ARUMAN lunga tan pamit / sarya pradong-pradong / sarwi muwus saya brangtine / asru denya sasambat ing tangis / muhun anut margi / sambatnya mlas ayun.
-38. Wukir Jabalkap ageng ainggil / Ki Tarekat kang wong / sakelangkung amangun brangtane / wus kawayang cobane Hyang Widi / margane bilahi / duk samya akumpul.
39. Neng ngayunan panduka pinanci-panci / wahu mring Hyang Manon / nenggih sangking Sarengat purwane / akarya ngrisak kagungan gusti / duk rinebat dhingin / pancene Hyang Agung.
40. Pan kesaru dhatenge kang rayi / Sarpiningrat katon / sarya tawan-tawan ing tangise / sesambate sang dyah mlas asih / sarya nungkemi / pada rakanipun. 41. Kya Tarekat agya den sungkemi / angrangkul jangga lon / nimas angger
manira tan dipe / Sarpiningrat matur sarya nangis / dhuh kakangmas mami / dika dereng ngrungu.
42. Dene dika tan tolih ing mami / Tarekat lingnya alon / kagyat ing nala mulat arine / dene beda sasolahe dhingin / Ki tarekat angling / kaya ngapa iku. 43. Babo sira kadingaren yayi / angrangkul maring ngong / apa baya ana ing
karyane / sapraptanira agegitani / matura ing mami / aja geru muwus.
44. Pan kawula semangke jrih ing sih / upamane ingong / pan kawula awong ginadhe / mila lejur tawan-twan tangis / anedha jejampi / kang manah lir liwung.
45. Adhuh kakang andika tambani / Tarekat lingnya lon / apa marga laranira kuwe / SARPANINGRAT matur bukaneki / manah esmu kingkin / ewuh jroning kalbu.
46. Dene sampun ubaya kariyin / dhateng ing Hyang Manon / Dewi Sarpiningrat lon ature / kadi pundi kakang karsaneki / ywa lawas ta mami / Ki Tarekat muwus.
47. Tan Kuwasa nimas awak mami / karsane Hyang Manon / pan wus ana iku ubayane / yen kagungan puniku ta sakit / yen wus tekeng jangji / wonten yektenipun.
48. Sampun kersana Sukma linuwih / tuduh bae ingong / lah miyanga kadangira mangke / kang palenggah Gunung ERAP nenggih / iku kang prayogi / paranana gupuh.
49. Sarpiningrat angling esmu runtik / kadi pundi ingong / kakang karsa andika ing mangke / dene teka timbalan mangkin / nanging kula suthik / mung dika kasuwun.
&.
51. Yen makaten kakang dika kari / kula kesah ngulon / sang dyah agya lumengser lungguhe / Sarpiningrat pan sarya kasyasih / siking tyas jroneki / paran polahingsun.
52. Pan aolah lampahe lestari / apan sarwi mlerok / sang retnayu anutuh badane / pan duraka manira wet urip / sun tedha wak mami / kapan baya lampus. 53. Ki Tarekat anon anyekikik / dulu sang lir sinom / pan katingal separipolahe /
Sarpiningrat sarwi kontrang kantring / lumampah tan tebih / pan saya trus lawung.
54. Ki Tarekat meneng tanpa angling / dadya datan anon / jroning ati narima bekane / pan kasaru dhatenge kang rayi / sing ngumbul wiyati / tawan-tawan muwun.
55. Sapraptane Ki tarekat ngliring / ngrangkul pada lon / gupuh-gupuh sumungkem padane / sang dyah mahu matur sarwi anangis / liwat luwih gusti / tega marang ingsun.
56. Pan kawula katiwasan gusti / Trekat gita lon / mulat sapraptanira arine / sasolahe beda lan kariyin / Ki Tarekat angling / dingaren wong ayu.
57. Sapraptanira gita mas yayi / ewet tangguhingong / apa baya kang dadi atine / atanapi yen duwe kuwatir / popoyana yayi / Ni Aruman matur.
58. Api tambuh kakang dika iki / katiwasan ingong / mokal lamun tan weruha kiye / karsaning Hyang ingkang angsung wangsit / dinukan Hyang Widi / risak kagunganipun.
59. Kang wasta nagabendana nenggih / ingsun tilar layon / lah ta kakang tambanana mangke / Ki Tarekat anahuri aris / kithing dhimpil mami / warta dereng ngrungu.
60. Pesthi tambuh awakingsun yayi / para mido mring ngong / pan abener ujarira mangke / Dewi Aruman umatur aris / tambanana aglis / dimen nuli mantun. 61. Ki Tarekat wuwuse amanis / tan kuwasa ingong / dudu para iku tersandhane .
kagungan rusak pan wus pinesthi / NAGANBENDANA gring / aturira iku. 62. Ingsun atuduh bae mas yayi / pan bebahan kang wong / ingkang alungguh
Gunung ERAPE / paranana yayi dipun aglis / Ni Aruman angling / esmu runtik kalbu.
63. Milanipun andika puniki / alian kemawon / langkung pegel galihingsun kiye / pan andika gih tumut pinanci / ngraksa kagungan gusti / lagi jajonipun.
64. Mangke dika teka angoncati / dumeh datan anon / kula tempuhake mring dheweke / bisa punapa kawula estri / Ki Tarekat angling / nimas areningsun. 65. Aja sira salah tompa yayi / iya awakingong / anyinggahi lara lan patine /
&
66. Lah Aruman den arih-arih / angrasula kang wong / ingkang rayi ala budine / canggeh pangucap ture matitis / basa ujar wangsit / angreka ing tuduh.
67. Rada gandes pangucape manis / Tarekat lingnya lon / ingkang rayi den lemesi bae / den prih aja kongsia nangis / pradene ta iki / Aruman agasul. 68. Lah ta kakang mara dipun aglis / aja mandheg mayong / Ki tarekat amanis
wuwuse / dhuh mas mirah ana ujar mami / glis maringa ardi / ing NGERAP sun tuduh.
69. Dewi Aruman amuwus aris / datan temen ingong / baya dika kalangkung lumuhe anmepuhi maring lara mami / yen mengkono ugi / anistha kelangkung.
70. Alemes basa jroning ati / nora nyana kang wong / kabangkitan kawruh tinangkise / apa dumeh ingsun wong pawestri / kaburua mangkin / lampah dika iku.
71. Kang toya kinum sajro jeladri / adhem asrep mring ngong / mung senene den pikirake / lir durjana tinerka memaling / kang kinarya tangkis / Ki Tarekat tumungkul.
72. Datan kena micaraa malih / dennya mirsa anon / wuwusira kang rayi mengkene / leneg-legeg datan kena angling / sang dyah semu runtik / nulya lengser sampun.
73. Kesahira tan mawi pamit / kesah pradong-pradong / asru wuyung mlas sih sambate / Ni Aruman lampahira aglis / Ki Trekat angliring / marang arenipun. 74. Mesem sarya ngusap jajaneki / eman sira anom / kontrang kantring ya
lumaku dhewe / canggeh bisa micara ing wangsit / kawarnaa malih / kang wonten ing gunung.
75. Ki Khakekat dennya linggih / Gunung Ngerap kang wong / kalangkung dene wuyung nalane / cobaning Hyang Sukma anekani / karaseng jro ngati / dukaning Hyang Agung.
76. Marganira Ki Sarengat dhingin / karya rupa mring ngong / duk rinebat kagungan kriyine / pan kesara dhatenge kang rayi / sarta tawan tangis / Sarpiningrat wau.
77. Gupuh nulya angrangkul nungkemi / Ki Khakekat anon / sarya kinosya-kosya padane / sarpiningrat sambat ngasih-asih / pasang tabe mami / kakang nedha tulung.
&&
79. Ki Khakekat wuwuse amanis / dingaren reningong / duk tumurun asigra lampahe / lah tutura mirah mring wak mami / sarpiningrat angling / asekel atengsun.
80. Pegat-pegat matur sarya nangis / dhuh kakang wakingong / milanipun kula prapta kene / pan tumurun dhateng Ngerap puniki / kakang atur mami / katiwasan ingsun.
81. Gen kula ngreksa kagungan gusti / mangke temah layon / ingkang kajeng sanggabumine / beda warnane kelawan dhimin / surem sorotneki / sarya wastra alum.
82. Kaleyange runtuh tibeng siti / ngong siram tan ayom / sanget dennya risake warnane / milanipun kawula mariki / kapang-kapang gusti / kula nedha tulung. 83. Ki Khakekat meneng datan angling / mirsa sang lir sinom / apan esmu
kemengan manahe / Ki Khakekat wuwusira manis / tan kuwasa mami / dudu duningipun.
84. Nanging manira atuduh yayi / kang mulyakna kayon / apan nenggih kadangira dhewe / kang palenggah Gunung NGARPAT iki / dunungen ing galih / paranana gupuh.
85. Sarpiningrat angling jroning ati / angrasa wakingong / lamun kalunta-lunta lampahe / manahira pan sangsaya kingkin / alon denira angling / anuwun katengsun.
86. Kadi pundi karsa dika mangkin / menggah awakingong / dening teka alembatan bae / pan kawula wus ngandel ing gusti / Ki Khakekat angling / lah dununganingsun.
87. Alah idhepen pitutur mami / sira merdi mring ngong / apan durung pinesthi wajibe / yen dadia katresandha mami / pa gene sira yayi / asalah karya gung. 88. Iya iku duduh ujar wangsit / dunungen reningong / Sarpiningrat pan rengu
galihe / yen mengkono kakang ngong parani / lengser sangking ngarsi / Sarpiningrat muwus.
89. Sasambate tan pegat samargi / tambuh polahingong / samarga-marga sang dyah tangise / ing yogyana kang kesthi / mung kang raka nenggih / kang kantun ing gunung.
90. Ki Khakekat angeres manahneki / dulu sang lir sinom / pan katonton separi polahe / Sarpiningrat tansah ngolang ngaling / lampahnya sang dewi / tan ana kaetung.
&'
92. Gupuh nulya nrangkul anungkemi / aneng pada alon / Ni Aruman akathah sambate / lah ta kakang tulungana mami / kawula puniki / dinukan Hyang Agung.
93. Ki Khakekat wuwuse amanis / matura reningong / Ni Aruman amanis ature / milanipun kawula mariki / dhateng ngarsaneki / kakang nedha tulung.
94. Pan kawula katiwasan nenggih / inggih resaningong / apan Nagabendana ing mangke / kadya pejah kasanget ing sakit / sun tilar puniki / sanget watiringsun.
95. Ki Khakekat meneng datan angling / ing manah karaos / duk semana ika purwane / langkung ewet manahira mangkin / cobaning Hyang Widi / wus teka maringsun.
96. Dewi Aruman umatur aris / kakang gusteningong / yen ta nora waluya ing mangkin / datan wande kadukan Hyang Widi / kakang dipun aglis / tambanana iku.
97. Ki Khakekat anauri aris / tan kuwasa ingong / dudu manira iku tandhane / sarusake kagungan puniki / tan ana kang pinanggih / yayi awakingsun.
98. Anyampurnakna kagungan gusti / nanging tuduh ingong / nanging ana kadangira dhewe / kang alungguh Gunung NGARPAT singgih / paranana aglis / mirah areningsun.
99. Ni Aruman angling esmu runtik / kaniaya wakingong / dene teka alembatan bae / pan kawula pitaya kepati / marmane mariki / wus kaping pat ingsun. 100. Ingsun sidhep angecani mami / mangke teka linyok / dika tansah alembatan
bae / dumeh punapa kawula puniki / lah dika tempuhi / basa apatingsun. 101. Ki Khakekat anauri aris / sarta mesem alon / sarta ingarih-arih arine /
sinamur-samur yata kang runtik / sampun kaduk tampi / dunungen reningsun. 102. Ujaringsun iku yayi / apan dudu ingong / ingkang kinarya tresandhane ing
mangke / Ni Aruman ngucap sarya nangis / raka den budeni / kaburu ing laku. 103. Kadi watu kapendhem sela di / sela mor lan kang wong / sela obah kelawan bumine / kadya angin kadhangan ing wukir / mangkya lali margi / Ki Khakekat muwus.
104. Sarya gumuyu suka ing ati / bisa areningong / dene bisa angucap mengkene / alah mara dunungena yayi / Ni Aruman angling / pan sarya amuwus.
&(
106. Pegel tyase awekasan angling / eman ayu anom / dening kontrang kantring ta polahe / lampahira datan mawi cethi / kawarnaa malih / kang lenggah ing gunung.
107. Ardi Arpat denira inggih / Ki MAKRIFAT kang wong sakelangkung liwunge manahe / lampahira pan aedan eling / datan nyandang jarit / angulas raga alus.
108. Karyanira meng-ameng ing wukir / mider-mider alon / aneng ing Gunung Arpat pernahe / sarta ginandheng astane kalih / singsot sarya muji / totolih ing pungkur.
Pupuh VI
Pangkur
1. Asadat sarya sulukan / clala-clulu pangucape yen angling / yen digapar mawi kidung / sinambi tetembangan / yen anembang namane dhateng Hyang Agung / den sesambi jejogedan / yen salat meneng tan osik.
2. Meneng datan obah-obah / aningali lir pedah ing wong mati / yen turu bari lumayu / sira Kae Makrifat / aningali sadhatenge arenipun / Niken Dewi sarpaningrat / pan sarya lara anangis.
3. Lampahe sarya lumajar / karsanira wau arsa ngabekti / dhateng kang raka punika puniku / Kae makrifat mojar / apan sarya akagyat sajroning kalbu / tiningalan arenira / praptane atawan tangis.
4. Ki Makrifat garjiteng tyas / sira mangke arsa dipun sungkemi / Makrifat nulya lumayu / minggah dhateng ngaldaka / laju minggah kandheg aneng pucuk gunung / pan sarwi alingan sela / jemadi tetindhih ardi.
5. anenggih Gunung Ngarepat / turan ageng inggil angleliwati / lamun dinulu apatut / rakite lir mestaka / iya iku pamidhanganira Hyang Agung / yen kula asung pawarta / Sarpiningrat mantun nangis.
6. Mulat kang raka lumajar / manahira pan saya brangta kingkin / nulya nusul / munggah gunung / Sarpiningrat karuna / lampahira suku tangan kalihipun / sangking ewuhe kang arga / lir brajag katareng curi.
7. Den ambah lunyu kaliwat / lamun dede babadan aresik / nulya prapta puncakipun / Sarpaningrat sengkoyongan / menggah-menggah ambekane melar mingkus / langkung sayah lampahira / Ki Makrifat ngungak uning.
&)
9. Ni Sarpiningrat miarsa / yen kang raka ngandika rum amanis / adan marang ngarsanipun / sedya nungkemi pada / pan kalingan ing sela jemadi iku / datan kena linangkungan / Sarpiningrat esmu tangis.
10. Liwat luwih kakang dika / pinaranan teka lumayu gendring / lah punapa milanipun / teka angungsi arga / arsa dhateng kepanggiha awakingsun / mundur teka ampungan sela / kawula arsa tur ngabekti.
11. Dhateng karsa jeng andika / Ki Makrifat gumujeng sarya angling / langkung trima dhenokingsun / bektinira wus prapta / gera kene bae sira aja ngrangkul / ila-ilane Hyang Sukma / dimene ingsun lumaris.
12. Sapraptanira neng ngarga / sun tingali dhenok para kang prapti / arsa nungkemi maringsun / mila sira ngong tilar / ingsun lunga lumayu puncaking gunung / arsa ampungan ing sela / sira lara sun kawruhi.
13. Tekoa dhenok manira / ambuwangan marang sira mas yayi / sang dyah tan nyana ingsun / nyawa sira wanodya / dumeh para sadulurku tunggil tuwuh / pan dereng wruh ing prayoga / sira linarangan iki.
14. Wus sinaring ing Hyang Sukma wus ingaken para salira yayi / sira iku pan wus katur / sucekna raganira / lamun sira pagepokan lawan ingsun / atemah dadya welanjar / aja dumeh kadang mami.
15. Sarpiningrat datan ngucap / pan tumungkul mingsek-mingsek anangis / sasambate amlas ayun / paran karsa andika / de mekaten Makrifat tan saget muwus / sarta kumembeng kang waspa / aningali ingkang rayi.
16. Apan kawula lumajar / dhateng kangkang Tarekat anenggih / saprapta kawula matur / Tarekat alembatan / dhateng kakang Khakekat ing tedahipun / tambuh ing polah kawula / Kang Khakekat tedah mriki.
17. Kakang nedha dipun enggal / nedha tamba waluyaa kang sakit / Kya Makrifat mesem kalbu / andulu arenira / sareng matur kang raka suka gumuyu / den samur lawan pangucap / pamangsite mring kang rayi.
18. Paran benjang yen waluya / alah iya kagungan kang asakit / ingsun jaluk syarga kang tundha sanga / iya iku kang minongka beyanipun / tumungkul Ni Sarpiningrat / amicoreng jroning ati.
19. Kaliwat luwih si kakang / ageng temen jejalukane iki / senadyan mundhuta besuk / sik nuli waluyaa / benjang kula ingkang matur ing Hyang Agung / nedha syarga tundha sanga / kinaryaa bea iki.
&*
21. Ki Makrifat angandika / animbali ingkang karsa tinuding / lan Aruman prapta ngayun / lana gandaning ika / kaping kalih aningali datan kantun / sami prapta ing ngayunan / Sarpiningrat aningali.
22. Kagyat denira tumingal / sadhatenge hanuman ing brangta kingkin / Ni arman kagyat angling jroning kalbu / lah ta kakang buron apa / dene aputih kang warni.
23. Langkung endah warnanira / wulonipun kang putih kang dumeling / kang abang murub dinulu / kang ijo awiletan / dene mala tanpa kinarya iku / alanggeng tan kena owah / Ki Makrifat mesem angling.
24. Lah teka menenga sira / iku uga linarangan ing gusti / anuman ing wastanipun / Ki Makrifat ngandika / Heh umani matmane sira sun uwuh / ingsun jaluk karyanira / den enggal mangkat mangkin.
25. Maring Gunung Pitenah / lan maringa ngumbul ngawiyat mangkin / tinjoa kagunganipun / Anuman ing aturnya / yen makaten anuwun pamit katengsun / ngandika kantun alenggah / kawula mangkat semangkin.
26. Umangkat sangking ngayunan / gegancngan lampahira numani / lan anggadini iki / Anilani tutwuntat / lampahira sakedhap anulya rawuh / pernahe ngumbul ngawiyat / mring umbul pitenah uning.
27. Yata wau kawarnaa / sawarnine kagungan ingkang sakit / sampun waluya sedarum / wau sapraptanira / yen umani Anilani puniku / kagungan samya sampurna / asri kadya wingi uni.
28. Yata wau kawarnaa / sawarnane kagungan ingkang sakit / sampun waluya sedarum / wau praptanira / yen Numani Anilani puniku / kagungan sami sampurna / asri kadya wauning.
29. Kagungan Nagabendana / rosanira pan kadya wingi uni / sareng mulyane angregut / obah buntut kewala / akdya jojit gunung ngawiyat puniku / pinulet ing buntutira / bumi obah kadya miring.
30. Kakayon Nagabendana / apan kadya duk wingi-wingi uni / langkung endah warnenipun / murubing warnanira / sekaripun anedheng asri dinulu / puspita lan tarulata / sampurna dinulu asri.
31. Ingkang kantun Gunung Arfat / Sarpiningrat tansah amular iki / dhumateng kang raka wau / Ni Aruman lon mojar / kadi pundi kakang karsa dika iku / kagungane Hyang muyaa / tan sakeca ati mami.
&+
33. Mulat astane kang raka / yen dinulu murub pucuk dariji / sarta amawi kekuwung / sorote lir kagungan / ageng alit tawa kang kawulanipun / Dewi Arman tumingal / kagungane sampun mari.
34. Karsane DEWI ARUMAN / kagungane arsa dipun sengkemi / jujulukipun sinebut / Jajawijakuma / apan jangkep sawidak rabine iku / lamun pawestri punika / aningali marang kami.
35. Ilang jenenge wanodya / atemahan lebur karsenereki / lir wulan jur temahipun / atemahan karenan / kang salira benggang lan Hyang Agung / lengser sangking syarganira / iku nimas weling mami.
36. Ana dene jenengira / yen lumampah aran bandhega iki / adage manglajenun / miwah ing lungguhira / ingaranan lara kesmaran puniku / datan api ucapira / Lara Widakusuman di.
37. Tanapi yen sira nyandhang / wastanira sang Retna Adiluwih / kerana mangke reningsun / aran Rekakusuma / deneng iku data ana pejahipun / marmane sira ngaranan / Sang Retna Ambari singgih.
38. Dening datan kena tuwa / warnanira langgeng tan kena gingsir / wangi tanpa ganda iku / aranira sang rara / talimurti tan kena ginggang ing teguh / yata kirab-kirab rema / apan agelung sinangling.
39. Pamekak mas tanpa una / pan audhet widuri silih asih / atabela manik dadu / ingkang aingsi rasa / sajatine wus kasrah sira sedarum / pan wus sedane Hyang Sukma / kang manik dumilah adi.
40. Apan ta lilinggih sira aneng bale selaka kang rinukmi / amadhangi jagad agung / umatur Sarpiningrat esmu wedi amirsa wuwuse kakung / tumungkul kembeng kang waspa / nulya ngucap sang Dyah DEWI.
41. Datan wruh lamun larangan / pan kawula nuwun apuntening gusti / Dewi Aruman umatur / pasang tabe kawula / tan wruh ngeski nedha apura katengsun / Ki makrifat angandika / dhenok nimas ari mami.
42. Sira angreksa kagungan / apan sira mangke wus den mareni / wus jangjenira Hyang Agung / sira agentenana / dene uman ing rara abendaning iku / miwah anila ika / pangandikaning Hyang Widi.
43. Kinen angreksa kagungan / lah ta sira mara dadine aglis / munggah syarga puniku / syarga kang tundha sanga / lah asunga uninga kang greksa iku / padha konen ngarsikana / yen kekasihing Hyang Widi.
&,
45. Tan dangu anulya mangkat / arenira wau ta dipun kanthi / Sang Dyah Aruman puniku / aneng ing wurenira / lampahira pan enggal dheteng lestantun / kan jinujung karsanira / syarga pangurak mangkin.
46. Lampahira aglis prapta / aneng nglawang pangurakan puniki / lawang jemirah ranipun / ineb-inebing lawang / kang kinarya tali mustakim puniku / kancinge ingkang kinarya / kencana timbul ing warih.
Pupuh VII
Maskumambang
1. Kawarnaa ingkang atengga kori / sang Malekat Mungkar / bumenipun Gedhah singgih / sinawaur mulya adi retna.
2. Pepak kabeh saisinira winarni / kayon tunggal warna / miwah godhoong tunggal warni / pan samya gedhah sedaya.
3. Tiningalan endah warnane nulya sri / widadari kendran / wau ingkang ngarsiki / warnane lir pendah retna..
4. Yen dinulu sumirat lir mega abrit / kang angreksa kathah pan sedaya widadari / pan kacacah sewu bara.
5. Sapraptane Sarpiningrat lan kang rayi / sang Malekat Mungkar / kagyat wau ningali / yen kekasih lagya prapta.
6. Nulya age lumengser sang Mungkar ajrih / aneng ing pipi lawang / arsa marepeki ajrih / Ni sarpiningrat lumampah.
7. Wus lumebet ing kori mijil ping kalih / sakathahe ika / kang atengga widadari / kathahipun sewu bara.
8. Pernahira kumpul widadari sami / pan samya amarak / sami ngayap aneng ngarsi / Ni Sarpiningrat ngandika.
9. lan sakehe ingsun pepak sira sami / lah padha toha / timbalane Hyang Pramesthi / genira ngreksa kagungan.
10. Lah ta padha resikana ta sami / pan punika uga / pangandikane Hyang Widi / sakehe kang ngreksa syarga.
11. Sakathahe pra samya kinen ngarsiki / poma lampahana / iku sebdane Hyang Widi / lah iku kaenaning Hyang.
12. Lah ta uwis pamitan manira iki / sadaya warabana / nuwun sandika turneki / punapa kang pangandika.
&-14. Arenira Ni Aruman datan kari / tansah kanthen asta / lumampah lawan kang rayi / dhateng syarga pertamanan.
15. Lampahira lan kang rayi aglis prapti / ing lawang salukat / arane kang ngreksa iki / Ki Malekat during miyat.
16. Gih Punika kang sinungan tengga kori / malekat during miyat / rarancangan sarwa sari / pan rurube astralaya.
17. Gambar ingkang aneng ngayunan angrawit / ingaranan ika / Prabu Satmata puniki / linebe sakarsaning dat.
18. Wewayangan katingalan aneng bumi / prabanya kumenyar / sorotira anelahi / apan tan kena surema.
19. Pepak kabeh saingsen-ingsen sekalir / pan samya piningta / tanapai kayon kang adi / asri rone mancawarna.
20. abra murub gandane amrik awangi / endah tiningalan / kang angreksa widadari / kathahe rongewu bara.
21. Yen dinulu gebyare lir pendah thathit / senen apadha / kang atunggu lawang nenggih / sang malekat juru miyat.
22. SARPININGRAT sigra lumebet ing kori / kaliyan Ni Aruman / apan wus prapta ing wijil / alinggih ing tamanira.
23. Dewi Sarpiningrat angandika aris / sanak-sanak sun padha / pepak anenga ngarsa mami / atompoa pangandika.
24. Lah ta sira padha kumpula den aglis / akeh kang rumeksa / sanak mara widadari / apan samya marak ngarsa.
25. Pepak kabeh samya ngayap munggeng ngarsi / Sarpiningrat mojar / lah sagunge sanak mami / atopoa pangandika.
26. Resikana syarganira ingkang adi / pangandikaning Sukma / poma iku den kaesthi / aja sira salah cipta.
27. Lah ta sira kantuna manira amit / widadari mojar / nuwun sih andika gusti / punapa kang pangandika.
28. Sasampune ngandika laju lumaris / Niken Sarpiningrat / den enggalaken ta uni / kawayang sapolahira.
29. Arenira astane tansah kinanthi / ubayane ketang ing sakarsane ing Hyang Widi / dhateng syarga mungkaraban.
30. pan ing dayat punika kiya kancing / rurube saraba / tetali muta sajati / gumenbyar yen tiningalan.
'.
32. Kang angreksa ing lawang puniku nenggih / Ki Malekat Nrewan / punika kang sinung kardi / yaiku syarga selaka.
33. Saingsine punika barang sekalir / tenapi kakayonnya / pan samya selaka adi / samya datan kawoworan.
34. Kang angreksa sekathahe widadari / tigang ewu bara / dinulu lir kilat thathit / Malekat Mriwan pan kagyat.
35. Aningali ladun kekasih kang prapti / gita manahira / gupuh nulya minta kori / sasampune lengser inggal.
36. Sakalangkung ajrih Malekat Nriwani / Dewi Sarpiningrat / lumaris malebeng kori / lan arine Ni Aruman.
37. Prapta wijil Ni Sarpiningrat alinggih / nulya angandika / heh sakehe sanak mami / lah sapanen nraganingwang.
38. Lah ta padha merenea dipun aglis / kumpula neng ngarsa / sakathahe rewangneki / pepak aneng ngarsaningwang.
39. Widadari samya kagyat aningali / sapraptane ika / kekasih kang lagya prapti / kang minggah dhumateng syarga.
40. Adan Samikun seba sedayeki / angayap neng ngarsa / wus pepak kang widadari / Sarpiningrat angandika.
41. Lah tompoa pangandikaning Hyang Widi / kabeh sanak mara / syarganira den abecik / kabeh padha resikana.
42. Kabeh samya amanguna syarga adi / senen becika / aja kongsi surem iki / poma padha yaktenana.
43. Lah ta padha kantuna manira amit / sakeh waranggana / matur sandika ing gusti / punapa kang pangandika.
44. Sasampune ngandika lengser lumaris / yata Sarpiningrat / arine tansah kinanthi / saya alon lampahira.
45. Sapolahe kawayang-wayang den liring / kasih sinisihan / wau kang sinedya ngati / dhateng syarga wahadiyat.
46. Aglis prapta ing lawang tundha retnadi / wastane punika / lawang andariyah nenggih / kajarah rurube ika.
47. Kang kinarya kancing rekis puniki / jug-ajug kancana / dinulu lir thathhit / padhange amindha surya.
48. Gebyar-gebyar warnane lir mas sinangling / ineb gambar waya / kang ngreksa jujuluk neki / Ki Malekat Jabariya.
'
50. Padhangira apan surem sang hyang rawi / kang angraksa ika / pan sedaya widadari / kehe patangewu bara.
51. Yen dinulu anglir pendah kilat thathit / gandanya angambar / anelahi tinon asri / Ki Malekat JABARIYAH.
52. Kagyat mulat lamun kekasih kang prapti / gupuh minta lawang / Jabariyah lengser aglis / Sarpiningrat malbeng lawang.
53. Lampahira aglis wau nulya prapti / wonten ing gegilang / samya lenggah lan kang rayi / Sapiningrat angandika.
54. Sakathahe sanak-sanakingsun kang prapti / lah padha mrenea / sakathahe widadari / kang sinelir agumpula.
55. Kathahipun widadri kang sinelir / kawanewu bara / atap marak munggeng ngarsi / warnane lir mas rineka.
56. Murub-murub dinulu asri angrawit / Sapiningrat mojar / lah padha tompoa mangkin / pangandikane Hyang Sukma.
57. Syarganira kabeh kinen angarsiki / poma ngetokena / mung iku parentah mami / sun amit sira kantuna.
58. Waranggana nuwun aturira sami / punapa kang sabda / kawula dhateng nglampahi / sampune denya ngandika.
59. Sarpiningrat anulya lumampah aglis / lawan arenira / kawayang lawan kang rayi / sampun jangjine Hyang Sukma.
60. Pan sinungan nugraha sampun kaesthi / wau karsanira / mring syarga DAHAWIYAH nenggih / lampahira aglis prapta.
61. Prapta nglawang punika ta sang dyah nenggih / rurube apelag / emas sinawung kinardi / kancinge sekar pucunga.
Pupuh VIII
Pucung
1. tataline sarwa mas adi puniku / yen dinulu endah / sorote padha nelahi / ineb-ineb gambar sastra kang kinarya.
2. Kang rumeksa Malekat Jahnam iku / kang sinungan karya / ana dene syarga iki / bumenipun emas punika rineka.
3. Saingsine salir barang mas lurus / padhange kalintang / tan kena sure puniki / pan alanggeng senennya tan kena owah.
'&
5. Anelahi sajagat tan memba iku / ing Malekat Jahnam / kagyat wau aningali / pan tumingal kekasih kang lagya prapta.
6. Gupuh nulya amengani ingkang pintu / nulya lengser Jahnam / Serpiningrat malbeng kori / akaliyan arenira NI ARUMAN.
7. Sampun prapta gegilang anulya lungguh / Serpiningrat mojar / akumpula sanak mami / atompoa timbalanira Hyang Sukma.
8. Padha sira marenea dipun gupuh / kabeg rowongira / sakathahe widadari / kang agreksa sedaya nemewu bara.
9. Samya marak mulat kagyat jroning kalbu / sadhatenge ika / kekasih samya nimbali / lah pepeken ta rowangira sedaya.
10. Sampun pepak samya ngayap munggeng ngayun / Serpiningrat mujar / akumpula sanak mami / atompoa timbalanira Hyang Sukma.
11. Padha sira marenea munggeng ngayun / kabeh rowangira / sakathahe widadari / kang angreksa sedaya nemewu bara.
12. syarganira kabeh resikana iku / samya ngestokena / iku sabdane Hyang Widi / poma-poma den eling ta sira padha.
13. Lan maninge padha manguna syargeku / iku wekasingwang / lah karia ingsun amit / waranggana pan samya matur sedaya.
14. Pan kawula nuwun sabdane sang ayu / punapa ing karsa / sasampune denira angling / Sarpiningrat alon lumengser lampahnya.
15. Pan Kinanthi Ni Aruman Munggeng pungkur / sangsaya mengkana / nglungguhi jangjining Widi / pan kawayang nalanira sang dyah retna.
16. Dahteng syarga murdawiyat karsanipun / ingkang bumi sawiyah / kang rupa inten sinangling / mapan pepak saingsenoingsene samya.
17. Ana dene lawange wastane iku / pan lawang salamah / mirah rancang rurubneki / langitipun punika langit sunggingan.
18. Jug-ajuge samya ingukir sedarum / sinawung mas mirah / pan rinancang warna adi / senenipun murub muncar tiningalan.
19. Ineb-ineb bebyar lintang pan apatut / ingkang rumeksa ika / Ki Malekat Marhan nenggih / gih puniku ingkang sinungan karyanya.
20. Wonten dene kang syarga puniku nenggih / kekayone samya / sarwa sari kang kinardi / sang lir barang gegodhongan samya mirah.
21. Samya mirah lelembaran yen dinulu / senene apadhang / padhange ngebeki bumi / pan alanggeng senene tan kena owah.
''
23. Anelahi syarga iku yen dinulu / yata kawarnaa / Ki Malekat Marwan singgih / apan kagyat aningali ingkang prapta.
24. Pan andulu kekasih kang lagya rawuh / nulya minta lawang / Serpiningrat manjing kori / nulya ngawe ing ngasta sarwi ngandika.
25. Dentimbali sakathahe para arum / pitungewu bara / samya marak munggeng ngarsi / samya kagyat aningali ingkang prapta.
26. Sadhatenge kekasih kalih wahu / wus pepak sedaya / sakathahe widadari / angandika sang dyah Dewi Serpiningrat.
27. Samya sira resikana syarga iku / timbalaning sukma / samya ngosokana mangkin / wis kantuna amit ingsun nuli mentar.
28. Samya matur widadari sih kasuwun / timbalaning sukma / punapa karsa Hyang Widi / sampun pangandikanira sang dyah.
29. Sarpiningrat wun mintar lan Dewi Aruman / aris lampahira / retna sari mangun estri / wus kacipta yata wau jroning nala.
30. Dhateng syarga rumawiyat karsanipun / kang ingsi punika / bumi perdapa sinangling / mapan pepak saingsenira sedaya.
31. Kang kinarya lawangira ta puniku / Sarpiningrat mulya / inebe esmu ening / tilan lurubnya asri kawuryan.
32. Kang kinarya langit sunggingan iku / kakancinge adi mulya / murub tejane kang ngukir / mapan asri rinajawardi punika..
33. Kasinungan karya anenggih puniku / wondene kang sayarga / seningsene sarwa sari / miwah kayu kalawan godhongira.
34. Samya inten lelembaran tinon murub / tan kena surema / sorote ing retna adi / kang angreksa sakathahe waranggana.
35. Kathahipun wolungewu bara iku / endah-endah warnanira / pan kadya retna ingukir / mapan murub tiningalan warnanira.
36. Anelahi sajagat tan ana iku / Malekat Musakap / gita manahe ningali / sareng dulu kekasih kang lagya prapta.
37. Sigra nulya sang dyah den wengani pintu / lengser Ki Masakap / Serpiningrat malbeng kori / Serpiningrat kelawan Dewi Aruman.
38. Pan wus prapta gegilang samya alungguh / Sarpiningrat ngandika ris / lah ta padha marenea widadari.
39. Sakathahe kabeh sanak-sanakingsun / lah padha kumpula / tompoa timbalan mangkin / iya iki timbalaning Hyang Sukma.
'(
41. Samya gita sapraptanira sang arum / wus pepak sedaya / sakancane munggeng ngarsi / Sarpiningrat lan Aruman angandika.
42. Heh sakehe tampia timbalanipun / sakeh syarganira / samya resikana sami / poma iku timbalanira Hyang Sukma.
43. Lah ta uwis puniku weweling ingsun / amit raganingwang / lah padha kantuna yayi / widadari sedaya pan samya mojar.
44. Inggih gusti kawula sanget anuwun / punapa kang sabda / sesampune denira ngling / Serpiningrat lan Aruman aglis mintar.
45. Samya kanthen asta kalihipun / solahe kaetang / retnasari ganda resmi / iya iku kang dadi asrining syarga.
46. Arsa dhateng syarga Rudiyat iku / ingkang bumi ika / jumanten kang binersih / samya mulya saingsenira sedaya.
47. Anadene lawange praptimah iku / jumanten rurubnya / lelangite dipun sungging / yen dinulu tur winarna adi mulya.
48. Kancingipun mukhasastra adi luhung / jug-ajug rineka / ingukir kadya raseksi / syarga iku dunulu asri kawuryan.
49. Ineb-ineb gambar surya kang linuhung / nenggih kang rumeksa / Malekat Mesean puniki / mapan samya sedaya pinancen karya.
50. Ing ngrumkadiyat kayon mulya ta puniku / lir barang godhongan / anglir jumanten linempit / pan nelahi senenira sabuwana.
51. Alam kadim kasenenan ta puniku / padhang tiningalan / kang angreksa widadari / kathahipun apan sangangewu bara.
52. Pan gumebyar kilat thathit warnanipun / nawangnawa tadah / lir jumanten kang den ukir / Malekat Masemaan nika tumingal.
53. Langkung kagyat dulu gustenira RAWUH / GUPUH MINTA LAWANG / Ki Mesekan lengser aglis / pan wus manjing ing kori sang retna kalihnya.
54. Arenira Ni Aruman datan kantun / lestari lampahnya / wus ngancik srimenganti / gih punika syarga kang renancangan.
55. Lawang syarga rumkadiyat tunggal kubun / kang abumi ika / jumanten retna salikin / gih punika kiwa lawan tengenira.
56. Sekathahe widadari ta puniku / bekta upacara / waneh nampa bokor rukmi / ingsenira burat ganda lawan wida.
57. Kang saweneh angrakit tinompa ranu / munggeng ing wewadhah / kupi retna lan widuri / kang saweneh nampa lancangira retna.