• Tidak ada hasil yang ditemukan

serat wewadining rasa

N/A
N/A
Protected

Academic year: 2017

Membagikan "serat wewadining rasa"

Copied!
69
0
0

Teks penuh

(1)

S ERA T W EW A DINING RA S A

Program digital ini dikembangkan untuk melestarikan dalam mendukung proses pelestarian sastra daerah di Indonesia. Hasil dari program digital ini berupa karya sastra Jawa yang disalin dalam bentuk teks digital format pdf. Semoga tujuan blog www.alangalangkumitir.wordpress.com adalah menjadi salah satu sumber digital karya-karya sastra Jawa dapat dibaca, ditelusuri atau diunduh oleh para sutrisna budaya ataupun masyarakat secara bebas.

Salam asah asih asuh. Nuwun.

Cap-capan I Tahun 1985

Penerbit : Yayasan Djojo Bojo

SURABAYA @@k

PURWAKA

Layang WEWADINING RASA iki jangkepane layang JATIMURTI, kang wis nate katerbitake dening Toko Buku TAN KHOEN SWIE ing Kediri, seket taunan kapungkur. Wujude cap-capan nganggo aksara Jawa, saiki katedhak mawa aksara latin, supaya tebane luwih omber.

Sarehne isine bab RASA, dadi ya wis samesthine yen rinasakake klawan weninging ati. Mula sadurunge maos buku iki, prayogane nyatitekake pamrayogane sing yasa layang iki.

Surabaya, 1 Sawal 1985 M. Penerbit Yayasan DJOJOBOJO Surabaya.

PENGET SAKING INGKANG DAMEL SERAT PUNIKA

1. Saben nembe kawaos, kasinggahna, sampun kaselehaken saenggen-enggen.

2. Sampun kawaos dening sok tiyanga, ngemungna ingkang remen saestu ngudi kawruh kabatosan.

(2)

Sinten ingkang kersa netepi pepenget ing nginggil punika, kalebet nama mundhi utawi ngkuhuraken kabatosanipun piyambak.

...@@@...

PAMRAYOGANE KANG GAWE LAYANG IKI

1. Dhisike diwaca grambyangan.

2. Dibaleni saka wiwitan, kanthi alon lan sareh.

3. Yen wis tamat kapindhone, disinggahake. Pamacane kang kaping telu sabanjure : ora perlu urut.

4. Sanajan wis tamat ping telu ping pat, disinggahna. Kanggo sipenan.

Wiwitane ora terang surasane. Nanging yen kerep disinggahake lan diwaca, titi sarta lestari pamarsudine sangsaya lawas sangsaya mundhak terange.

Sinengkelan : KAWRUH RARAS RASUKENG TYAS.

...@@@...

BAB I

ANANE SWARGA LAN NARAKA

Ngrasakake utawa eling, marang kabecikaning Pangeran, iku arane : weruh ing kasukuran.

Ngrasakake utawa ngelingi marang kabecikaning sapadha-padhane tumitah, iku aran : weruh ing panarima.

Weruh ing kasukuran, tegese : sembah nuwun marang Pangeran.

Weruh marang panarima, tegese : ngrumangsani tampa kabecikaning liyan.

Weruh ing kasukuran iku kosok baline : manglah, ngeluh, ngesah, ngresula sapanunggalane.

Weruh ing panarima lan weruh ing kasukuran iku kerep bae lira-liru, sebab karo pisan ateges NGRUMANGSANI TAMPA KABECIKAN.

Manglah, ngeluh utawa ngresula iku ngemu rasa ORA ADIL marang pepesthening Pangeran kang tumiba ing awake.

Munek-munek, pegel utawa muring iku ateges ora NGANGGEP ADIL marang panggawening liyan kang tumiba ing awake.

(3)

Titikane wong kang durung dewasa MANUSANE SAJATI, iku : SIJI : yen kerep manglah (ngresula), arang ngrasa marang kasukuran. LORO : yen kerep ngeling-eling alaning liyan, arang ngelingi kabecikaning liyan.

Dhemen ngetungi lan ngeling-eling kabecikaning Pangeran iku dayane marakake akeh kasukurane, arang ngresulane.

Dhemen ngetungi lan ngeling-eling kabecikaning liyan iku dayane marakake akeh panarimane marang sapadha-padha, arang pengunek-uneke.

Wong kulina ngrasakake kasukuran lan panarima iku ngenggalake dewasaning kamanungsane kang sejati.

Wong kulina manglah lan muring iku ngrendhetake dewasaning kamanungsane sejati.

Wong kang ngrasakake kasukuran lan panarima iku kasinungan ing ati adhem, ayem, tentrem lan engetane padhang.

Wong kang ngrasakake kasukuran lan panarima iku ing batin kadunungan ing bebakalan kang dayane marakake adhem lan padhang. Bebakalan mau kang narik marang nananing swarga.

Wong kulina ngrasakake pangresula lan pamuring iku ing batine kadunungan ing bebakalan kang dayane marakake panas lan peteng. Bebakalan mau kang narik marang ananing naraka.

Swarga naraka iku sejatine : RASA PANGRASA dudu PANGGONAN.

Swarga iku asal saka RASA kang adhem lan padhang. Naraka iku asal saka RASA kang panas lan peteng.

Wong kang atine adhem lan padhang : tansah dikinthil ing swarga.

Wong kang atine panas lan peteng : tansah dikinthil ing naraka.

Rasa adhem lan padhang apa dene panas lan peteng iku arane : alam sahir. Dene swarga – naraka iku alam kabir.

Dadi alam kabir : iku terusane alam sahir. Tegese : terusaning rasa pangrasa.

ANANE alam kabir : saka ANANE alam sahir. Nanging dumadine b a r e n g.

Sirnane alam kabir, saka sirnane alam sahir. Nanging enggone sirna : b a r e n g.

(4)

Swarga gaweyane mau, sing ngrasakake ya mung sing gawe dhewe. Sing ora melu gawe : ora melu ngrasakake.

Naraka gaweyane mau, sing ngrasakake yang mung sing gawe dhewe. Sing ora gawe : ora melu ngrasakake.

Wong kang ngalami swarga : ora precaya yen naraka iku ana. Mung swarga sing dikira ana. Awit rumangsane kang ana ing swarga, ing ngendi-endiya : kaswargan kabeh. Sajagad rad pramudita, diubresa : ora tinemu kang aran naraka. Ora ana enggon salengging edom kang ana narakane. Cekake : Awang-uwung kang tanpa wates jembare : isine kasenengan kang madhangi ati. Isining jagad ora ana kang ora nyenengake ati, lan ora ana kang ora madhangake ati. Kabeh kang kumelip padha nyenengake lan madhangake ati.

Wong kang ngalami naraka, ora percaya yen swarga iku ana. Mung naraka thok sing dikira ana. Awit rumangsane kang ana ing naraka : ing ngendi-endiya : kanerakan kabeh. Sajagad rad pramudita, diubresa : ora tinemu kang aran swarga. Cekake : awang-uwung kang tanpa wates jembare : isine mung rasa panas bingung rungsang lan petenging engetan. Isining Jagad ora ana kang ora memanas lan nusahake ati. Kabeh kang kumelip padha agawe susah lan memanas sarta metengi engetan.

Wong kang ngalami swarga, enggone ora ngira yen naraka pancen ana : iku ora beda kaya dene wong ing ngalam donya. Enggone ora precaya yen swarga lan naraka pancen ana. Disengguh mung alam donya thok sing ana. Awit awang0uwung kang tanpa wates jembare, diubresa : ora ana rnggon salenging dom kang ana swargane utawa narakane. Kang ana mung kadonnyan thok.

Wong kang ngalami naraka, enggone ora precaya yen swarga iku ana : iya ora beda karo wong kang ana ing alam donya : bab enggone ora precaya yen alam kaalusan iku ana. Awit Sajagad pramudita, diubresa : ora tinemu kang aran alam ka-alusan.

Yen ana kang takon mangkene : swarga utawa naraka iku ANA apa ORA, iku ; prayoga kang takon dipurih mikir dhisik bab tegese ANA lan ORA ANA. Ana tegese apa, ora ana tegese apa.

Ing kono yen wis ngreti terang tegese ANA karo ORA ANA, lah iku lagi bisa mangerti, yen swarga iku pancen ana tumrap kang ngalami. Ora ana : tumrap kang ora ngalami. Naraka iku ana : tumrap kang ngalami. Ora ana : tumrap kang ora ngalami.

Ing ngisor iki dadiya tuladha :

(5)

Pepadhang, rerupan utawa werna, iku ana apa ora. Sing duwe pandulu ngarani ana. Sing ora bisa ndulu, ora ngarani ana.

Swarga iku ana apa ora. Sing duwe rasa padhang lan adhem ngarani ana. Sing ora duwe rasa padhang lan adhem ngarani ora ana.

Naraka iku ana apa ora. Sing duwe rasa peteng lan lara ngarani ana. Sing ora duwe : ngarani ora ana.

Jagad iku ana apa ora. Sing duwe engetan lan rasa pangrasa : ngarani ana. Sing ora duwe engetan lan rasa pangrasa ora ngarani ana.

Pamngeran iku ana apa ora. Sing duwe budi lan rasa : ngarani ana. Sing ora duwe budi lan rasa : ora ngarani ana.

Tuladha liyane :

Woh pare iku enak apa ora. Sing doyan ngarani enak, sing ora doyan ngarani ora enak.

Si Naya becik apa ala. Sing dhemen ngarani becik, sing gething ngarani ala.

Mangkana sapanunggalane.

****

WIRANGRONG

1. Densamya marsudeng budi, wiweka dipunwaspaos, aja dumeh bisa muwus, yen tan pantes ugi, sanadyan mung sakecap, yen tan pantes prenahira. 2. Kudu golek mangsa ugi, panggonan lamun miraos, lawan aja age sira

muwus, dununge denkesthi, aja age kawedal, yen durung pantes rowanya. 3. Rowang sapocapan ugi, kang pantes ngajak calathon, ajo sok metua wong

calathu, ana pantes ugi, rinungu mring wong kathah, ana satengah micara. 4. Tan pantes akeh ngawruhi, mulane lamun miraos, dipun ngarah-arah ywa

kabanjur, yen sampun kawijil, tan kena tunututan, mulane dipunprayitna. SERAT WULANG REH

...@@@...

BAB II

ORA KEPENAKING LUPUT UTAWA SIKSANING DOSA

Ngrumangsani luput utawa reged iku lerege marang paniti priksa adiling kodrat.

(6)

Yen nemoni apa-apa kang ora ngepenakake ati, elinga bae yen iku : jaban, ora dadi barang bareng tumrap : jeron. Munggguh bab lase : sanajan gunungan njeblug lan perenga bratayuda pisan, iya njaban.

Anane ora kepenak marga luput, lupute : marga lali ing dhuwur iku.

Yen nemoni apa-apa kang ora ngepenakake ati, elinga yeng kang ora ngepenakake iku satemene iya PANGGAWENING ATINE DHEWE, dudu : SING ANA SAJABANING ATI. Yen dhasar batine bener lan resik temenan, mokal ora kepenak. Mungguh resik mau ana resik tumrap : Jaban, ana resik tumrap : Jeron.

Yen nemoni apa-apa kang ora ngepenakake ati, elinga yen anane siksa saka dosa. Lire : anane ora kepenak saka luput. Mokal menawa ora marga dosa, utawa : mokal ana ora kepenak, merga bener lan resik. Ora susah adoh-adoh nglulur dosa kang wis klakon. Dosa saiki bae kang wus karuhan (nalika lagi ora kepenak bae). Dosane yaiku : dene dadak ngrasakakesing gawe ora kepenak, wong genah ngambah sing ora kepenak, kok ora nyimpang. Apa iku dudu luput. Rehne luput, apa ora tampa pasiksane. Sapata : sing prentah nglakoni gawe ora kepenak marang ati mau.

Yen nemoni apa-apa kang ora ngepenakake ati, wis ora susah takon maneh : mesthi saka lakuning atine dhewe sing susah, (salah pakarti), nyimpang saka : benering bener, yaiku bener jeron, dudu : bener jaban. Tandhaning salah : kabukten enggone mujudake ora kepenak iku.

Yen nemoni apa-apa kang ora ngepenakake ati, mangka ora bisa mupus kaya ing dhuwur mau rehne angel, elinga : apa ORA BISA iku dudu kaluputan. Apa si ORA BISA utawa SI-ANGEL, arep dianggo gagaran anyelaki lupute. Ora weruh yen ORA BISA lan ANGEL iku wis kalebu marang luput, tegese : Iku wewengkoning luput, utawa anak putuning luput, dadi kalingane : mung saka DURUNG WERUH bae marang lupute. Dene ora weruh iku iya anak putuning luput maneh.

Yen nemoni apa-apa maneh kang ora ngepenaki ati, aja mung meruhi : sing ana sajabaning ati. Meruhana : sing ana sajroning ati atine dhewe. (Aja ngeling-eling SING DIRASAK-RASAKAKE ngngeling-elingana : SING DIANGGO ngrasak-ngrasakake).

Yen nemoni apa-apa kang ora ngepenakake ati, takona marang pikire dhewe : apa ORA KEPENAK iku maedahi. Yen maedahi, karuwane oleh sengkut nandangi. Dene yen wis dhenger : ora maedahi, mangka teka ditrajang, iku salahe sapa. Cara jabane bae wis takon mangkene : sing maedahi IHTIYARE apa GELANE.

(7)

Yen nemoni apa-apa kang ora ngepenaki ati, mangka tetela saka luputing liyan sajabaning ati lan wis mupakat wong akeh yen mesthine utawa benere ora kepenak (marga wis lumrah) elinga bae yen iku lagi aran bener, durung : bebering bener.

Kang tinuju ing layang iki : BENERING BENER, ora mung BENER bae. Bener iku mung tumrap jaban. Benering bener tumrap jeron. Yen mung trima lumrah bae, ora susah mbicara jeron, awit mundhak dipurih kang nggayuh : benering bener, kang angeling-angel gayuh-gayuhane.

Yen nemoni apa-apa kang ora ngepenakake ati, nyobaa takon marang budine dhewe APA YA RASA JATI MELU ORA KEPENAK, REHNE WIS BENER, LUMRAH LAN MUPAKAT WONG SAJAGAD. Mesthi ora, awit rasa jati ora mesthi nganggep becik marang kang wis dianggep becik dening rahsa.

Yen nemoni apa-apa kang ora ngepenakake ati, elinga paribasan Walanda : “De liefde is blind”, tegese : katresnan iku bisa micakake. Ora kepenak iku asal saka KABOTAN TRESNA marang dhirine. Iku kang micakake ati. Picaking ati : lali yen dhirine iku dudu bener-benering kahanan kang tumuju ing sih katresnane kang ngebeki jagad.

Yen nemoni apa-apa kang ora ngepenakake ati, AWAKMU TAKONANA DHEWE : he..., pangudi, ketokna gawemu, sabab saiki aku lagi nemoni kang ora kepenak. Apa gunane aku ngudi kawruh batin, yen senengku mung yen : oleh kang lumrahe nyenengake, utawa : susah yen nemoni kang nusahake. Yen mung lumrah mangkono bae, ora leh dene ngudi kawruh kabatinan.

...@@@...

BAB III

LARANING LUPUT LAN KEPENAKING BENER

Laraning luput arane : PANANDHANG. Kapenaking bener diarani ; GANJARAN.

Bener lan lupute dalah kapenak lan larane, ka-aranan : KARMA kang ateges PANGGAWE lan UWOHING panggawe.

Ngrumangsani luput karepe : ngreti lan ngakoni benering pangadilan kodrat.

Patraping ati ing bab ngrumangsani ngakoni benering pangadilan, arane : panarima, tembunge Arab : rila. Iku tumraping ati tumrap pangadilan kodrat. Yen katembungake mlayu : “Sikap hati terhadap pada keadilan kodrat”.

Rila iku nyirnakake panganggep : SIKSA; marang panandhang, netepake : KAPRELUAN.

(8)

Pamarsudi marang : BENER nyuda kehing luput.

Katemuning BENER mahanani : padhang lan kasantosan, yaiku kalepasan lan kamardikan.

Wong ngresula, ngesah, manglah, sambat, meri sapanunggalane, iku asal saka : ora sarujuking trape ati karo empaning pangadilan.

Kabeh iku ngemu rasa : GUGAT marang empaning kodrat, dening dirasa ora adil.

Tarike maneh : nganakake pambakuh, nepsu, muring, pegel, anyel, mangkel, njontong, kesuh, lara ati, masgul, gething, ewa, gela, cuwa, panas sapanunggalane. Iku wis kalebu ana putuning luput. Sanajan ora ateges GUGAT marang pangadilan, nanging luput enggone ORA WERUH marang SABABE nemoni kang mangkono, lan luput enggone ORA WERUH KLIRUNING ATINE ing wektu iku. Sabanjure : sanajan kang mung nggeges, ngeres, trenyuh, keduwung, marang, giris, gila, kaget, sapanunggalane, rehne iku EWONING LARA, mangka lara iku oleh-olehaning luput, dadi tetela ya asal saka luput, kang wis ora kasumurupan asal-usule.

...@@@...

BAB IV R U M A S A

Rumasa iku plawangan marang : BENERING BENER. Rumasa iku karepe : meruhi lupute utawa cacade dhewe.

Kaluputan utawa cacad iku mesthi kebanjur kelantur-lantur, YEN ORA DIBENERAKE utawa DI-OWAHI.

mBenerake utawa ngowahi iku ora bisa klakon, yen ora kanthi NIYAT.

Niyat iku ora bakal ana : sadurunge RUMASA. Sepi saka rumasa : wuk tanpa dadi.

Meruhi kaluputan utawa cacad, bisane genah mung yen kanthi TLATEN LAN NASTITI.

DADI niyat meruhi lupute, kanthi tlaten lan nastiti, iku sangu angka 1 (siji) tumrap wong ngudi kawruh kasunyatan.

Saya kasdu lan tlaten, saya cukup sangune. Kosokbaline : saya kurang rumasane, ndadekake kurang tlatene.

(9)

Manungsa yen niyat kanthi temen-temen marsudi kawruh kasunyatan, iku panggaweyane kang ajeg : PRAYITNA lan AWAS ngulat-ulatake KAREPE ing saben dina. Aja mengeng enggone ANGON KAREP, aja weya anggone njinggleng thukuling niyat.

YA ANGON KAREP LAN NJINGGLENG NIYAT iku kang aran kasdu tlaten mbenerake lupute utawa ngowahi cacade.

Angon lan njinggleng mau cekake : netepi abon-aboning panembah kanggo ing rina wengi.

Saya tetep panganggoning abon-abon, saya sisip lalmuk rergede.

Saya suda kaluputane, utawa cacade, saya nyedhaki marang nugraha (sipat kapangeranan).

Mripat kang katutupan blolok kandel, katone : jagad iki peteng kebak lelamuk kaya pedhut.

Ora weruhing mripat marang padhanging srengenge iku, marga katemplekan ing rereged kang aran blolok mau.

Upama pikiran NGANDEL bae marang mripate, iku mujudake KALUPUTAN RANGKEP, yaiku : kang sapisan, enggone netepake yen jagad iki peteng kebak lelamuk. Kapindho : enggone ora weruh ana blolok ing mripate.

Pikiran kang precaya bae marang mripat kang ngapusi mangkono iku, dadiya gambare wong ora rumasa.

Enggone netepake PETENG marang jagad, iku nunggal teges karo enggone netepake, TANPA REREGED ing mripate. Katetepan rong prakara kang luput iku mau, NYIRNAKAKE NIYAT ngresiki rereged. Dadi sangu kang angka I, tumraping wong ngudi padhanging mripate kang bloloken iku : NGAKONI ANANING BLOLOK ING MRIPAT, sarta NIYAT NGRESIKI BLOLOK.

Pangambu, pangrungu pangrasa ilat lan pangrasa badan iku, ya sok ngapusi kaya si-pandulu, samangsa kanggonan rereged utawa lelara.

Kang mangkono iku yen PIKIRAN KELU, mujudake KALUPUTAN RANGKEP tumrap pikiran.

Ing dhuwur iki kanggo pepindhan : SUKMA yen kelu marang pancadriya (angen-angen lan rahsa).

(10)

Rereged utawa lelaraning pancadriya marakake ORA WERUH marang kasunyatan, kaya dene sipandulu enggone ora weruh marang padhanging srengenge.

Kang mangkono iku yen suksma NGANDEL BAE (KELU) marang angen-angen lan rahsane, ndadekake kabodhowan rangkep, yaiku : kang sapisan enggone ora meruhi (ora precaya) marang kasunyatan, kang kapindho enggone ora meruhi (ora ngakoni) marang rereged utawa lelara kang dumunung ing angen-angen lan rahsane. Wasana banjur netepake yen padhanging kasunyatan pancen ORA ANA sarta dheweke ORA REGED.

Ngakoni utuwa meruhi reregeding angen-angen lan rahsa mau BISANE TERANG, yen kanthi tlaten lan nastiti sajroning kaenengan (resik). Saya tlaten lan nastiti, saya terang marang luputing angen-angen apa dene cacading rahsane. Saya awas lan prayitna enggone njinggleng kaniyatane, saya suda sisip reregede, ndadekake saya trewaca tingaling Rasane.

Mripat kang ora bisa weruh salawase marang padhanging srengenge, kasebut wuta. Kang bisa weruh, diarani ndulu.

Ndulu iku beja, wuta iku apes.

Lire weruh kasunyatan iku SIRNA KALUPUTAN LAN LELARANING PANCADRIYA, sirnane mau ndadekake terwacaning suksmane marang kasunyatan.

Lire wuta marang kasunyatan iku ora bisa ndulu salawase marang kasunyatan, marga pancadriyane nandhang lara utawa kebak rereged (hawa napsu), kang banjur ora bisa ndulu.

Mangkono iku, yen rinasa-rasa, tetela : wuta tumrap kasunyatan iku kena katembungake wutaning wuta, lire : luwih wuta tinimbang wutaning mripat wiwit lair. Awit : wuta marang srengenge iku mung sadhela, tur tumrap prekara sapele. Balik wuta marang kasunyatan, iku banget lawase, tur tumrap prakara preluning prelu.

Manungsa kang NGAKU marang ananing kasunyatan, sarta enggone ora weruh iku diakoni MARGA SAKA REREGED LAN LELARANING ANGEN-ANGEN LAN RAHSANE, manungsa kang mangkono wis ewoning rumasa.

Saka dayaning rumasa mau, bisa thukul niyate nggoleki kaluputane utawa reregede.

Dene TLATENE lan NASTITINE gumantung ing KASDUNE, yaiku : BANTERING NIYAT.

*******

(11)

Mangka ta kang aran laku, lakune ngelmu sajati, tan dahwen pati openan, tan panasten nora jail, tan njurungi ing kaardan, amung eneng mamrih ening. (Wedhatama Winardi).

...@@@...

BAB V RASA SAJATI

Endi ta : wujude kang aran Rasa sajati?

Wujude : ora bisa dinulu karo mripat kang isih kasar. Yen kena dinulu, yen nganggo gaibing pandulu.

Yen tumrap kang isih kasar, kenane mung DIRASAKAKE. Lire : dititeni bedaning Rasa karo kang aran rahsa.

Mungguh titikane kang aran Rasa jati mau, yaiku : Kang ajak rila.

Kang ajak narima.

Kang ajak eling marang Pangeran. Kang ajak ayem tentrem.

Kang ajak jenjem.

Kang ajak welas asih marang manungsa. Kang ajak pracaya marang kabatinan. Kang ajak sukur marang Pangeran. Kang ajak betah ijen.

Kang ajak sareh.

Kang ajak bungah ora susah. Kang ajak ora was sumelang. Kang ajak ora bosenan. Kang ajak ora sungkanan.

Kang pracaya kanthi kandel-kumandel marang kabatinan. Yen karingkes : Kang ajak adhem lan sumeleh.

Ananging, iku mau aja dikira wis tulen (giliging Rasa) sabab iku mung lagu pucuke bae. Isih kacampuran ing alusing rahsa (Mutmainah alus).

Ewa dene ... sing sapa wis bisa nggayuh pucuking Rasa sajati, sanajan mung lagi pucuk tur isih kamoran rahsa ... ya wis kanggonan ing katentreman, kaweningan, karilan, kasabaran sapanunggalane. Mratandhani wis alus rahsane.

Wong kang pangudine wis bisa mangkono, ka-aranan wis mingis, lire : wiwit kegorek Rasa jatine.

(12)

Apa sababe. Sababe yaiku : kang makarti ora mung angen-angen lan rahsa bae, nanging nganggo katumusan pakartining Rasa sajati. Dadi nalika mintir mau : Rasa jati tuwin angen-angen lan rahsa : padha makarti kabeh.

Ing kono Rasa jati ndayani marang karilan, katentreman, kajen-jeman, betah ijen, ora bosen, tajem sapanunggalane. Angen-angen ngelingi marang salate, dene rahsane ngrasakake marang lakuning angin.

Dene wong kang durung mingis, mung lagi tekan angen-angen lan rahsa. Mulane enggal krasa sayah lan bosen tuwin sangkanan.

Kapriye bisane mingis??

Ora ana maneh kejaba mung tlaten, ngulinakake salat sarta netepi ugering kasusilan.

Sawise mingis, manawa lestari pangudine, sangsaya lawas sangsaya alus rahsane, wasana bisa gathuk (jumbuh saperangan) karo Rasa sajati. Ing kono wiwit sirna watuning suksmane, lire wiwit bisa ngungak marang wewengkoning kasunyatan.

*****

KINANTHI

Pangasahe sepi samun, aywa esah ing salami, samangsa wis kawistara, lalandhepe mingis mingis, pasah wukir reksamuka, kekes srabedaning budi. (Wedhatama Winardi).

...@@@...

BAB VI

SANTOSA, TETEG, TAWAJUH

Rasa sajati : yaiku rasaning manusa sajati.

Murih ringkese, ka-aranan RASA bae, (panulise nganggo aksara gedhe).

Rasa sajati utawa : RASA mau, araning wujud, kang banget aluse.

Manusa sajati karo RASA : ora prelu dibedakake. Ya Manungsa sajati ya Rasa.

Ana uga kang nyebut : RASUL, karepe ya : RASA mau.

(13)

Apa sababe wong mau yen nggarap babagan kawruh prasasat ora duwe sayah, arip lan luwe. Iku sababe : Rasa makarti dadi pangareping rahsa. Rahsa katumusan dayaning Rasa. Wasana si-rahsa akeh bageyane kang manut marang Rasa, kongsi rahsa ora bisa gawe sayah arip lan luwe.

Manungsa sajati utawa Rasa : ora duwe watah bungah utawa susah, kang dayane numusi marang rahsa, kongsi rahsa suda dayane enggone nedya bungah utawa susah.

Sudaning bungah utawa susah mau : mahanani lestarining kaelingan lan katentreman.

Uga bener ka-aranan mangkene : kandeling ka-elingan lan ka-tentreman, agawe sudaning kabungahan utawa kasusahan.

Alusing bungah wor lan eling : ka-aranan seneng. Alusing susah kaworan eling : ka-aranan prihatin.

Alusing seneng lan prihatin, bisa amor dadi siji, ka-aranan : jumeneng eling lan tentrem.

Manungsa sajati utawa RASA : ora duwe watak dhemen utawa gething marang samubarang kadonyan. Awitsaka iku, wong kang wis mingis Rasa jatine, lumrahe yen dhemen marang sabarang prakara : ora banget. Mangkono uga yen gething marang apa-apa : ora banget. Malah kang wis diwasa manungsane sajati : meh ora nduweni dhemen utawa gething marang sabarang prekara.

Apa sababe? Sababe yaiku, Rasa kang makarti dadi pangareping rahsa. Dayaning RASA : numusi rahsa kang wis mingis dayane, kongsi rahsa ora kaconggah enggone nandukake RASA DHEMEN karo RASA GETHING : marang sabarang prekara.

Tipising rasa dhemen karo rasa gething mau : mahanani lestarining eling lan tentrem.

Uga bener ka-aranan mangkene : kandeling eling lan tentrem agawe tipising kadhemenan lan gegethingan.

Alusing rasa dhemen awor lan eling, ka-aranan tresna utawa Sih, mungguh Sih mau tumuju marang Rasa sajatine kabeh manungsa, ora nganggo milih.

Alusing gething awor lan eling : ka-aranan mrihatinake marang cacading liyan. Ing kono tuwuh karsa : tetulung supaya marenana cacade, adhedhasar welas asih.

Manungsa sajati utawa Rasa, ora duwe watak gumedhe sarta cilikan aten.

(14)

Cilikan aten tunggale : kekes, atis, dening ngrasa awake asor, apes bodho, cilaka sapanunggalane. Karingkes : Ngapesake dhiri rumasa cilaka.

Rasa jati ora kadunungan watak rong warna kang kosok balen iku mau, awit saka iku, wong kang wis mingis Rasa jatine, ora kanggonan rasa ngegungake dhiri lan ora kanggonan rasa kang ngesorake dhiri. Ora gumedhe lan ora cilikan aten.

Apa sababe? Sababe : ora liya saka tumusing Rasa jatine, kang ora watak mangkono. Rahsane : tipis dayane kang ajak kumawasa lan kang ngrasa apes. Wasana ora sumuk dening jujuling angen-angen, lan ora atis dening panglokro utawa buntuning angen-angen.

Tipising pangrasa beja lan pangrasa cilaka : mahanani lestarining eling lan tentrem.

Uga bener ka-aranan mangkene : kandeling eling lan tentrem, mahanani tipising watak gumedhe lan ngrasa apes.

Alusing kumingsun, kuminter, kumawasa sapanunggalane mau, awor eling, ka-aranan : pracaya marang dhiri.

Alusing pangrasa apes lan asor kaworan eling, ka-aranan : nalangsa marang Pangeran, kaworan eling, ka-aranan : jumeneng pribadi lan kasukcene.

Mangkono sapiturute.

Ringkese : wong kang wis dewasa manungsane sajati, watake bisa santosa, teteg utawa tawajuh, yen katempuh dening ombaking rahsa.

Kang aran panandhang iku ora mung bangsane lara, susah, gething, muring, mlarat, iku bae. Sanajan lemu, bungah, dhemen, sugih, enak kepenak, ya aran panandhang, sabab bisa nglimputi ka-elingan marang Pangeran tuwin katentreman.

****

GAMBUH

Sembah raga puniku, pakartine wong amangang laku, susucine asrana saking warih, kang wus lumrah limang wektu, wantu wataking wawaton.

Inguni-uni durung, sinarawung wulang kang sinerung, lagi iki bangsa kas ngetokken anggit, mintokken kawignyanpun, sarengate elok-elok. (Wedhatana Winardi).

(15)

BAB VII

WORING BUDI LAN ANGEN-ANGEN

a. Woring Rasa lan Budi.

Wong meneng yen enenge kongsi tumeka ing : neng : temenan, ing kono bisa ngrasakake : Rasa, kang dudu pangrasa lan dudu pangrasa badan. Yaiku kang aras Rasa jati.

Rasa jati iku ya ALUSING pangrasa ati awor lan ALUSING pangrasa badan, wore dadi siji : pepethukan ana ing ka-eneg-an.

Wong meneng yen enenge kongsi tumeka ing : neng temenan, ing kono bisa eling, kang eling mau dudu elinging angen-angen, yaiku elinging Budi.

Budi iku tukang eling marang kasunyatan. Elinge tanpa pedhot. Rasa iku tukang ngrasa kasunyatan. Rasane tanpa pedhot. Rasa jati lan eling mau : amor dadi siji ana ing kaenengan. YA ELING ya RASA, padha bae.

Lire iku mangkene : Kang eling iku : Rasane. Kang ngrasa iku : Elinge.

Ing dhuwur iku tegese woring budi lan Rasa.

Awit saka iku, kang aras Rasa jati aja kinira tunggale bungah, susah, dhemen, gething, ngarep-arep, ngemohi, lara, kepenak, legi, asin sapanunggalane.

Elinging budi iku dudu tunggale eling marang pagaweyane utawa eling marang butuhe, eling marang anake sapanunggalane, iku mung elinging angen-angen, tak arani KELINGAN utawa KEMUTAN.

Rasa jati iku kang ndayani marang katentreman langgeng lan eling langgeng.

Wong nggarap babagan batin iku betah ijen ana ing panggonan kang sepi. Mulane mangkono, sabab sasuwene ijen mau ana kang dirakake sajroning atine, kang narik marang katentreman. Yaiku enggone ngrasakake elinging Rasa jati utawa enggone ngrasakake Rasaning eling.

Rahsa kang wis alus kaenebake. Sangsaya suwe sangsaya ngrasa marang dayaning Rasa kang sajati mau, dayane numusi marang rahsa kang alus. Wasana ndadekake kamareman tuwin katentreman ing ati.

Enebe utawa enenge mau ateges sirnaning gagasan, lan lereming rahsa, utawa : ngumpuling angen-angen.

(16)

Dadi kang marakake uwong ora betah ijen ana ing pasepen iku saka thukuling gagasan, saka ora lerem rahsane (mubal nepsune), utawa saka obahing angen-angen.

b. Woring Angen-angen ing Budi.

Manawa wis bisa ngrasakake ELINGING RASA utawa RASA ELING, ing kono bisa ngrasakake ELEKING Budi lan Rasa, kanthi : TURUNING awake. Lire : awake turu, kang kaya turune wong turu pules., nanging budi lan rasane : melek. Dene angen-angene : milu melek, nanging ORA NGANGEN-ANGEN:

Kapriye tegese : angen-angen melek nanging ora ngangen-angen. Iku terange : melu eling, kang eling mau nunggal karo eling Budi rehne wis dadi siji (jumbuh) karo Budi.

Enggone milu ELING mau banjur ka-aranan ORA TURU, sabab turu mengkono tegese : lali, ora eling. Dene anggone ka-aranan ORA NGANGEN-ANGEN mau : sabab ora kelingan samubarang kadonyan, ora nyat-nyut rupa-rupa kaya carane wong ngangen-angen.

Elinge angen-angen manawa ngumpul, dadi padhang bening, ngumpule pindha soroting srengengge sa-ambane suryakantha dikumpulake nganggo suryakantha.

Angen-angen kang dadi alus darta ngemperi Budi mau, upamane : ana bongkote kang bisa gathuk karo pucuking Budi (nanging aja di-entha kaya wujud kawadhangan. Kabeh mau RASANE BAE).

Lire gathuk iku, jumbuh saperangan.

Yen wis mangkono, angen-angen wis DI-AKU SA-AWAK dening budi. Budi DI AKU SA-AWAK dening angen-angen. Sarehning mangkono, kawruh duweking Budi diaku dening angen-angen. Kawruh duweke angen-angen diaku uga dening Budi.

Iku lire : angen-angen milu duwe kawruh kasunyatan. Budi milu duwe kawruh kadonyan. Budi milu duwe kawruh kadonyan, dening wus pada dadi sa-awak.

Iku arane : Weruh wiberuhan Gusti lan Kawula. Kang diarani KAWRUH iku oleh-olehaning ngawruhi. Angen-angen nyimpen kawruh kalairan (kadonyan). Budi lan Rasa nyimpen kawruh kabatinan (kasunyatan).

******

(17)

SEMBAH KALBU, iku sembahing ati kang tansah sinucen kanthi mangun watak utama. Esthining ati bekti tresna marang Gusti, setyane tumanem ing ati, awan apa bengi, ing paran apa ing panti, tetep mastuti ing Gusti, pineleng jroning ati kang sinuci. Mobah-mosiking ati, tansah nyenyandhang sihing Gusti. Ora ana sawiji-wiji kang gawe goncanging ati, awit kang kaesthi mung mituhu dhawuhing Gusti kanthi tuntunan lan padhanging Sang Guru Sejati.

SEMBAH RASA, iku rasane tansah karasa manembahing ing Allah. Marga rasa tresna bekti lan gandrung sumiwi ing Gusti saya ndadi, mula rasa pangrasane tansah karasa umareg ing ngarane Gusti.

Pepindhane kaya rasa pangrasa wong kang kapisah karo kekasihe kang den tresnani (digandrungi) sanadyan kapisah adoh, nanging ana ing rasa-pangrasane kekasihe kaya sinandhing, gumantung telenging jejantung, cumanthel padoning netra.

...@@@...

BAB VIII

NUNTUN NGRASAKAKE MARANG LIRE GATHUK LAN AWOR

Ing ndhuwur mratelakake bab pisah lan gathuking angen-angen karo Budi. Uga bab pisah lan gathuking rahsa karo Rahsa. Lan maneh mratelakake woring Budi lan Rasa.

Sarening Budi karo Rasa wis amor dadi siji, ing sabanjure yen ing layang iki ana tembung Budi, terkadhang karepe : wis karo rasa. Mangkono uga yen ana tembung Rasa, terkadhang karepe wis karo Budi.

Budi lan Rasa karo-karone karingkes maneh : Kajaten.

Ing saiki mratelakake terange kang aran gathuk, murih bisa ngrasakake.

Nganggo tuladha mangkene : Wong maca layang karo memangan, yen enggone maca mau banget enggone nggatekake marang surasaning layang, mesthi ora ngrasakake marang rasaning panganan kang dipangan. Terkadhang salebare mangan manawa ditakoni rasane : ora bisa mratelakake. Iku mulane mangkono, sabab angen-angene ora gathuk karo pangrasa ilat. Angen-angene ora nekseni marang pakartining pangrasa ilat, sabab lagi nuju marang layang, wekasan angen-angen benggang utawa pisah lang pangrasa ilat.

(18)

Wong kang drijine lagi nggrayangi sawijining narang kanthi diematake, kayata : nggrayangi bludru, otot utawa keketeg, sanajan wong mau ngadhepake ratan karo melek, ewadene ora sumurup kahanan kang ana ing ratan. Iku sababe angen-angene ora gathuk karo pandulune, lagi gathuk karo pangrasaning driji. Dadi ing wektu iku, angen-angen ora duwe kawruh kang saka pandulu, mung oleh kawruh kang saka pangrasa driji.

Pandulu, pangrungu, pangganda, pangrasa ilat lan pangrasa badan, kabeh yen makarti kang ora disekseni ing angen-angen, (ora gathuk karo angen-angen, tegese : angen-angen ora oleh kawruh saka piranti lelima mau.

Wong ngimpi kang angen-angen ora gathuk karo engetan kasatoan (khewani, roh jasmani) iku satangine turu : lali kabeh marang impene. Kayata : ngimpi kang durung nganti nglilir banjur turu maneh, sanajan sawengi natas ngimpi bae, nanging esuke lali kabeh marang impene. Mulane mangkono, sabab pakartining roh khewani (engetan kasatoan), ora gathuk lan angen-angen, lire : panggawe kang linakonan dening engetan kasatoan (de donker) ora disekseni ing angen-angen. Dadi angen-angen ora ngakoni marang oleh-olehing kasatoan, sasuwene pisah lan angen-angen. Dene yen kasatoan gathuk karo angen-angen, kayata : ngimpi kang katungka nglilir, iku satangine turu : kelingan marang impene, sabab engetan kasatoan ketungka tekane angen-angen, banjur gathuk dadi saawak (bongkoting kasatoan jumbuh karo pucuking angen-angen).

Aja sing turu, sanajan melek pisan, yen kasantoan tumandang ninggal angen-angen, mesthi angen-angen ora ngakoni. Kayata : solahing anggota lan pangucap kang aran bendana utawa saradan, iku panggawe tanpa seja lan ora krasa. Dadi mesthi ora diaku (ora dirumangsani) dening angen-angen.

Ora kurang wong ngimpi utawa nglindur melek-melekan, iku sabab kasatoane tumangkar, ora kereh ing nagen-angen.

Wong kang lagi O R A ngrasakake kasukuran lan panarima, ing wektu iku angen-angen O R A gathuk karo Mutmainah sabab lagi gathuk karo Amarah lan Supiyah. Kosok baline : kang lagi ngrasakake kasukuran lan panarima, angen-angen oleh kawruh kang saka Mutmainah.

Wong kang nengenake kasukuran, angen-angen raket supeket karo rasa kanerakan, sugih kawruh babagan kanerakan.

Angen-angen iku bisa gathuk karo kadonyan, bisa gathuk karo kaswargan, bisa gathuk karo kajaten.

Wong kang angen-angene ora tau gathuk karo kajaten (Budi Rasa), ya ora duwe kawruh kasunyatan.

(19)

Kang wis AWOR karo kajaten, ya MALIGINING kajaten.

Turu, iku tegese : angen-angen ora makarti (ora nyambut gawe). Melek iku tegese : angen-angen nyambut gawe (ngawruhi).

Turu lali, iku tegese : angen-angen ora gathuk karo apa-apa, ora gathuk karo kajaten lan ora karo kadonyan. Mulane ya ora ngawruhi apa-apa.

Turu eling, iku tegese : angen-angen gathuk karo kajaten, ora gathuk karo kadonyan.

Melek lali, tegese : angen-angen ora gathuk karo kajaten, mung gathu karo kadonyan.

Melek eling, tegese : angen-angen gathuk karo kajaten sarta kadonyan.

Sing sapa wis bisa melek eling, ya bisa turu eling, sabab angen-angene wis bisa gathuk mrana-mrene, oleh kawruh kasunyatan lan kadonyan.

Rasajati, Budi utawa Manusa sajati, iku tansah sugih kawruh kabatinan kang tanpa pedhot, tansah ngrasa marang wates gedhene, sarta tansah eling tanpa pedhot, tansah ngrasa marang gaibing rasa. Emane dene asring binuntel ing wong, kang angen-angen durung bisa gathuk karo kajatene, marga isih kasar RAHSANE lan isih KESIT angen-angene. Pancadriya durung ana bageyane kang alus, kang bisa salaras karo wewengkoning kajaten.

Manawa angen-angen kulina ditajemake sarta rahsa kulina dileremake, mesthi sangsaya lawas sangsaya laras karo kajatene, angen-angen sangsaya laras karo Budi, rahsa sangsaya laras karo Rasa.

Yen pancadriya (angen-angen lan rahsa) wis ana bageane kang alus utawa laras karo kajaten, ing kono, bongkoting angen-angen bisa gathuk karo pucuking Rasa. Ringkese : pancadriya (wonge) gathuk karo kajaten, ka-aranan NGUNGAK KAJATEN.

Manawa aluse wis banget, salaras kabeh karo kajaten ka-aranan : jumbuh lan kajaten, tegese : wor karo kajaten. Ing kono angen-angen lan rahsa raket utawa kumpul karo Budi.

Rehne angen-angen wis bisa nunggal karo Budi, mangka Budi duwe kajaten, dadi angen-angen ya milu duwe kawruh kajaten uga. Dadi sanajan dianggowa melek utawa turu, angen-angene nggawa kawruh kajaten. Wong mangkono iku ka-aranan wong akawruh, karepe wong akawruh kajaten, tembunge Arab wong makripat.

(20)

Wong turu eling, iku sahir kabire sirna, nanging duwe kawruh kajaten, marga angen-angene gathuk karo kajaten.

Wong mati lali, iku sahir kabire ora sirna, nanging sahir lan kabire mau salin kang luwih alus bebakalane.

Wong mati eling, iku sahir kabire sirna dadi kajaten, sarta banjur mengkoni marang saliring sahir kabir.

Wong mati kang ngalami kaswargan iku sahir kabire ora sirna, nanging dadi luwih runtut lan laras katimbang kuwadhagan.

Wong mati kang ngalami kanarakan iku, sahir kabire ora sirna, sarta luwih alus babakalane katimbang kuwadhagan, nanging malah ora runtut lan ora laras.

(Terange kang aran sahir lan kabir, kapratelakake ing bab 10).

*** KINANTHI

Dene awas tegesipun, weruh warananing urip, miwah wisesaning tunggal, kang atunggil rina wengi, kang mukitan ing sakarsa, gumelar ngalam sakalir.

Aywa sembrana ing kalbu, wawasen wuwus sireki, ing kono yekti karasa, dudu ucape pribadi, marma den sembadeng sedya, wewesen praptaning uwis. (Wedhatana Winardi).

...@@@...

BAB IX DAYA TUNGGAL

Manawa gambang wilahane gulu : ditabuh, gender kang ana sacedhake kono : wilahane gulu milu muni mbrengegeng. Wilahan liyane kang dudu gulu : ora muni, sabab ora sarujuk larase. Yen kang ditabuh wilahan nem, ya wilahan gender nem kang muni, sabab nunggal laras.

Musik radio kang nunggal laras, sanajan pepisahan adoh, manawa kang siji diunekake, liyane milu muni, kayata : ing nagara Inggris ngunekake musik radiom, wong-wong nagara Darwis utawa Jerman terkadhang padha dansa, sabab musike milu muni (stelane nunggal pamancar).

Dewa ing Suralaya bisa aweh sasmita marang manungsa ing Ngarcapada, yen manungsa kang disasmitani mau rasa pangrasane bisa gathuk (nunggal laras), karo Dewa kang nyasmitani.

(21)

Manungsa sajati (Rasa) bisa nyasmitani marang pancadriya (wonge), yen pancadriya kang rinasuk ing kajaten mau : wis akeh bageane kang alus, yaiku yen bongkoting angen-angen lan rahsa wis nunggal laras karo pucuking Rasa.

Dadi tetela : kedher kang nunggal laras watake nunggal daya, bisa dayan-dinayan utawa weruh-wineruhan, ora peduli adoh.

Dayaning pandulu : weruh marang padhanging srengenge lan rurupan warna-warna, kang mencorong, kang abang ijo sapanunggalane.

Pandulu netepate yen pepadhanging srengenge lan rurupan iku : ana. Nanging ora nganggep marang ananing swara, (ngorakake marang ananing swara).

Pangrungu netepake yen swara iku ana (ngiyakake marang ananing swara). Nanging ora nganggep marang ananing cahya lan wewernan.

Besuk kapan pandulu bisane weruh marang swara, iku babar pisan ora kena diarep-arep, sabab mesthi ora bisa kelakon salawas-lawase, jer ora ana swara dumunung ing alaming pandulu. Wiwit ANA nganti SIRNA : sipandulu mau tansah dadi pandulu bae, mangka – salawase isih dadi pandulu : dienas ora aweh weruh swara.

Besuk kapan sipangrungu bisane weruh marang rurupan, iku babar pisan ora kena diarep-arep, sabab mesthi ora bisa kelakon salawas-lawase, jer ora ana rurupan dumunung ing alaming pangrungu. Wiwit ANA nganti SIRNA : sipangrungu mau tansah dadi pangrungu bae. Mangka – salawase isih dadi pangrungu; dienas ora aweh weruh rerupan.

Pandulu karo pangrungu ka-aranan ora nunggal alam, ora nunggal daya.

Pangambu, seje maneh dayane utawa alame. Ing alaming pangambu ana maneh kahanan kang ora bisa dumunung ing alaming pandulu tuwin pangrungu, yaiku kang aran ambon-ambon. Kayata : wangi, sengir, langu sapanunggalane. Pandulu lan pangrungu padha netepake yen wangi, sengir, iku ora ana. Pangambu netepake yen wengi, sengir, mesthi anane, nanging abang, ijo : ora ana, mangkono uga : kumrincing jumlegur ya ora ana.

Cekake, indriya tetelu mau paido-pinaido, tambuh-mitambuhi. Mung bisa netepake marang kayakinane dhewe bae.

(22)

Pangrasa badan kepriye?? Kabeh mau dipaido anane dening rasa badan. Kang ditetepake anane mung : kasap alus, adhem panas, gatel, keri sapanunggalane. Oraweruh dhong-dhinge marang kang aran abang, ijo sarta mencorong, kelip-kelip. Ora weruh jawane marang kang aran wangi, bacin, ora wanuh kang diarani legi pait.

Piranti lelima mau dak arani lawananing pancadriya, sabab gunane kanggo nglawani (nglawehi) dayaning pancadriya.

Piranti lelima mau diratoni (diwengku) ing angen-angen.

Angen-angen luwih alus tinimbang piranti lelima mau, mulane bisa momot lan mengku marang kawruh-kawruh oleh-olehaning piranti lima mau. Sanajan limang warna mau paido-pinaido utawa tambuh-mitambuhi marang siji lan sijine, nanging angen-angen ngakoni marang kayakinaning siji-sijine, nanging angen-angen ngakoni marang kayakinaning siji-sijine piranti, ora ana kang di-orakake. Mulane mangkono, sabab angen-angen luwih alus.

Sadhengaha kang luwih alus, bisa momot marang kang kasar.

Samubarang kang kasar : watake cupet, mung ngengkoki marang kayakinane dhewe bae, maido kayakinaning liyan, sarta karepe : ngajak pepisahan.

Samubarang kang alus, watake jembar, mengku lan momot, bisa gathuk manjing ajur-ajer marang kayajinaning liyan kang luwih kasar, sarta watake : ngajak nunggal, ora ngajak pepisahan. Mangkono iku wataking kodrat.

Sarehning angen-angen iku mengku lan momot marang kawruh saka piranti lelima kang kasebut ing dhuwur, mulane angen-angen simpen kawruh akeh saka enggone ngimpuni oleh-olehaning pangalamane piranti lelima.

Apa angen-angen iku wis alus banget?? Durung.

Kang luwih alus saka angen-angen yaiku : Budi utawa Rasa Jati (manungsa sajati).

Manungsa sajati bisa momot sarta ngimpuni kawruh-kawruh kang saka pangalamaning angen-angen lan rahsa.

Pangalamaning angen-angen lan rahsa, ana kang aran swarga, kadewatan, ka-endran, jagading peri, jin, bekasakan, sapanunggalane. Sanajan sawarna0warnane padha paido-pinaidho, mung ngengkoki kayakinane dhewe bae, nanging kabeh diakoni benere dening Manungsa sajati, malah Manungsa sajati banjur oleh kawruh kan tanpa wates kehe lan gedhene, kaimpun saka pangalaman ing alam manekawarna. Impunan mau dadi srana nggayuh marang kasampurnan utawa panunggal.

(23)

Pandulune si Suta, sanajan adoha karo pandulune si Naya nanging padha weruh-wineruhan karo pandulune si Naya. Iku arane nunggal alam. Mangkono uga pangrungune si Naya nunggal alam karo pangrungune si Suta lan si Dhadap.

Weruh-wineruhan iku tegese : seksen-sineksenan marang anane kahanan kang dialami.

Pandulune Suta, Naya, Dhadap, Waru, ... padha seksen-sineksenan yen padhanging Srengenge lan wawernan iku ana.

Pandulune Suta, Naya, Dhadap, Waru, ... padha seksen-sineksenan yen swara iku ana.

Mangkono sapiturute, dene kabeh sineksenan dening angen-angen. Wasana wong banjur nekseni yen alam donya : ana.

Swarga diakoni anane dening makhluk kang kadunungan rasa kaswargan (Mutmainah lan angen-angen kang bener). Makhluk kang ngalami padha seksen-sineksenan wani sumpah : ngakoni ing anane. Naraka diakoni anane dening makhluk kang kanggonan rasa kasetanan (Amarah lan angen-angen kang peteng). Alaming jin diakoni dening makhluk kang kaduk rasa kajiman, (Supiyah lan angen-angen kang kurang padhang). Alam donya diakoni dening makhluk kang kaduk rasa kuwadhagan (rasa kajasmanian). Alam panasaran utawa brekasakan, diakoni dening makhluk kang kaduk roh kasatoan, (angen-angen kang banget petenge = de donker).

Manungsa sajati luwih alus katimbang angen-angen lan rahsa kang kasebut mau kabeh, mulane bisa momot marang kawruh-kawruh kang dialami dening makhluk meneka warna ing alam kang beda-beda mau. Malah manungsa sajati enggone ngrasuk badan maneka warna mau, prelune supaya bisa ngalami pangalaman warna-warna mau sumimpen ana ing sarira kang langgeng.

Gedhe banget paedahing sugih kawruh saka pangalaman maneka warna, awit dayane ngluhurake darajating manusa sajati, kongsi bisa nggayuh marang panunggal.

Wong turu lan melek, wong urip lan mati, sanajan WONGE ora ngakoni marang anane alam-alam mau, nanging MANUNGSANE SAJATI : ngakoni, sarta tansah oleh kawruh bae saka enggone tumimbal lair rambah-rambah sarta ngalami pangalaman warna-warna, kang alus lan kasar, kang luhur lan kang asor, kang padhang lan kang peteng, kang mulya lan kang sangsara.

(24)

Yen pancadriya sangsaya alus, marga tlaten lan lastari ngudi kawruh kabatinan, iku sangsaya lawas sangsaya bisa nampani kabar saka sathithik, ing batine dhewe. Mundhak aluse ya mundhak cetahne enggoni nampani kabar.

Kang diarani kabar iku, thukuling Budi (Rasa) ing sanubarine. ***

NGERTI mono “daya kodrating manungsa”, yaiku : ngerti marga mikir (pamikir), ngreti marga krasa (ngrasakake, nggraita).

NGERTI ya bisa marga “daya gaibing Gusti” (tunarbuka).

...@@@...

BAB X

TERANGE KANG ARAN SAHIR KABIR

A. Pandulu iku duwe rasa. Rasaning pandulu, jenenge : weruh.

Oleh-olehane weruh jenenge : kawruh. Kawruhing pandulu, aran : rerupan, kayata : warna abang ijo, cahya padhang peteng, rupaning manungsa, kewan sapanunggalane.

Sipandulu ngira yen rerupan (wawernan) iku dumunung sajabaning pandulu, ora ngira (kelalen) yen iku mung rasaning pandulu. Terange mangkene :

Jalaran saka rasa rasaning pandulu (weruh) ing kono pandulu banjur nganggep, yen sajabaning mripat ana apa. Mungguh kang dak sebut apa-apa mau : ya rerupan iku (elinga wong ngilo, pandulunengira ana rerupan saburine pangilon, marga krasa kedhering cahya).

Rerupan utawa wawernan iku kabir tumrap alaming pandulu. Dene pandulu iku, sahir tumrap alaming rerupan.

B. Pangrungu iku duwe rasa. Rasaning pangrungu jenenge : krungu.

Oleh-olehane ngrungu, arane ya kawruh, yaiku : rerungon. Wujude : swara, kayata : kumrincing, jumlegur, ngrangin lan sapanunggalane.

Si pangrungu ngira yen swara iku dumunung sajabaning pangrungu, ora ngira (kelalen) yen iku mung rasaning pangrungu. Terange mangkene :

Jalaran saka rasaning pangrungu (krungu), ing kono pangrungu banjur nganggep, yen ing sajabaning kuping ana apa-apa. Kang daksebut apa-apa mau, yaniku kang aran swara. (Elinga : kuping gumrebeg manawa ditutupi. Lebar nguntal pil, banjur ngira ana swara nging-nging sajabaning kuping, rehne rasa).

(25)

C. Pangambu iku duwe rasa. Rasaning pangambu, jenenge : ngambu.

Oleh-olehane ngambu arane ya kawruh, yaiku : ambon-ambon, kayata : wangi, sengit, basin sapanunggalane.

Si pangambu ngira yen ambon-ambon iku dumunung sajabaning pangambu. Ora ngira (lali) yen ambon-ambon iku mung rasaning pangambu. Terange mangkene :

Jalaran saka rasaning pangambu, ing kono pangambu banjur duwe panganggep, yen ing sajabaning irung ana apa-apa. Kang dak arani apa-apa mau, yaiku kang aran ambon-ambon. (Elinga wong pileg), ambon-ambon sajabaning irung dikira malah sirna.

Ambon-ambon iku kabir tumraping alaming pangambu. Pangambu iku sahir tumrap alaming ambon-ambon.

D. Legi asin sapanunggalane : dianggep sajabaning ilat, dening pangrasa ilat. Lire : kang ditetepake legi iku si gula. Kang ditetepake asin iku uyah. Si ilat ora ngira (kelalen) yen kang marakake ana legi-legi utawa asin-asin mau rasane dhewe. Elinga wong lara, sega dikira pait, iwak dikira ora enak.

Legi-legi lan asin-asin iku kabir tumrap pangrasane ilat. Dene pangrasane ilat iku kabir tumrap legi-leginan utawa asin-asinan.

E. Panas-adhem alus-kasap sapanunggalane : dianggep sajabaning badan. Kang ditetepake panas si geni. Kang ditetepake adhem si banyu. Mangkana anane rasa kang aran panas utawa adhem iku saka pakartining rasa badan. Si geni lan si banyu sejatine mung wujud geter (kedher). Geter iku bisa gawe panas utawa ora (elinga wong lara, kabeh sajabaning badan dikira ora ngepenakake badan).

Kabeh kang kasebut ing dhuwur : pinikir-pikira kaya ing aksara E.

Adhem panas sapanunggalane mau kabir tumraping pangrasa badan. Pangrasa badan iku sahir tumrap alaming adhem panas.

F. Sarehne pandulu duwe kawruh kang aran : rerupan, pangrungu nduweni kawruh kang aran : swara, pangganda duwe karuh kang aran : ganda, ambon, pangrasa ilat duwe kawruh kang aran : legi, asin, pangrasa badan duwe kawruh kang aran : adhem panas, saka kumpulane kabeh mau ... ing kono dhiri banjur nduweni panganggep, yen sakjabane rasa dhiri ana apa-apa. Dene kang dak arani apa-apa sakjabane dhiri mau : yaiku kang ka-aranan jagad, kayata : donya.

(26)

Kang dak arani rasa dhiri iku rasa siji kang kadadeyane saka campure sakabahing rasa pangrasa, kacekak : rasaning pancadriya. Ka-anggep : siji.

Wong kabeh duwe kawruh bab anane lan kahanane jagad iku jalaran anane rasa dhiri dudu ananing rasa dhiri saka kawruh ananing jagad. Nanging dumadine barang.

Sirnane kawruh bab ananing jagad, saka sirnane rasa dhiri. Nanging enggone sirna bareng.

Katerangane maneh mangkene :

Dhiri iku duwe rasa. Rasaning dhiri, arane : weruh. Oleh-olehane weruh diarani : kawruh.

Kawruh dhiri, kayata : rerupan warna-warna gegandan warna-warna + rasa gepokane kulit + rasa bungah susah sapanunggalane + rasa angen-angen kang aran pikiran (kaya : weruh = ngerti) yen telu ping pat ana rolas sapanunggalane, = iku kabeh karingkes kawruhing dhiri (kawruh kalairan).

Si dhiri ngira yen kang kasebut iku mau kabeh dumunung sajabaning rasa dhiri. Ora ngira (kelalen) yen iku mau mung rasaning dhiri. Terange mangkene : Jalaran saka rasaning dhiri (weruh, ngerti, ngrasa), ing kono dhiri banjur duwe panganggep, yen ing sajabaning dhiri : ana apa-apa. Dene kang dak arani apa-apa mau, yaiku : jagad gumelar.

Gumelaring jagad iku kabir tumrap rasa dhiri, dene rasa dhiri iku sahir tumrap gumelaring jagad.

G. ALUSING nafsu mutmainah, katumusan padhanging angen-angen, iku mujudake rasa. Rasane iku iya ka-aranan : weruh.

Oleh-olehane ngawruhi ya ka-aranan : kawruh. Kawruhing mutmainah awor kawruhing engetan padhang, yaiku kang aran : rasa kaswargan, kayata : gumelaring swarga kang nyenengake, ngayemake, manis dinulu lan rinasa, gawe lega lan dhangan sarta bombong. Manungsa ing swarga, melas asih ndhemenake ... sapanunggalane.

(27)

Dadi kang edi, kang endah, manis, kang seneng sapanunggalane mau : mutmainah!! Bebakalan kang nganakake rasa mangkono iku kedhere nunggal laras karo kedhering njaba, kang dayane nggugah rasa kang mangkono iku.

Sadhengah kang dielingi ing kaswargan, gawe terang marang engetan, iku ya marga si engetan dhewe kang pancen terang. Apa kang dinulu katon cetha nrawang, iku sabab saka si pandulu dhewe kang dhasar waspada.

Mangkono sapiturute (muga pinikir-pikira kang wening lan rinasa-rasaa kang memet).

Jiwa-jiwa kang rasane nunggal laras (nunggal alam) ya padha weruh-wineruhan, seksen sineksenan, marang anane kahanan kang dialami, uga wani sumpah ngakoni ing anane.

Jiwa-jiwa kang nunggal rasa kaswargan, watake padha sih-sinisihan, tresna-tinresnanan, marga padha katon mrak ati lan ndhemenakake, tur budene lurus, jujur-jujur lan melas asih, ora ana ulat mrengut utawa nyengit, ora ana tindak-tanduk kang kasar, ora ana rasa rubet, pakewuh lan sumelang, padha pracaya-pinracaya terus ing ati sanubari, kaya sadulur tunggal welat kang padha tresnane ( bocah cilik kang manis, melas asih, marak ati lan ndhemenakake, iku mulane duwe sesipatan kang mangkono, sabab isih akeh tilase watak-watak kang saka kaswargan, durung akeh momore kang saka supiyah, amarah lan aluamah).

Sarehne alus kasaring mutamainah tuwin angen-angene siji-sijining wong : ora padha, mulane kang aran swarga iku ya ana tatar-tatarane.

Kang aran swarga tataran ngisor (kasar), yaiku : rasa dhiri kang mutmainahe isih kaworan ing supiyah sawatara.

Swarga iku kabir tumrap alaming rasa dhiri alus. Dene rasa dhiri alus iku sahir tumrap alaming swarga.

Rasa kaswargan ngira yen swarga iku dumunung sajabaning rasa-pangrasa, kalalen yen anane kaswargan mau gumantung marang pakartining angen-angen lan rahsane.

Iku lire mangkene : kang ditetepake nyenengake, endah, gawe ayem sapanunggale mau kahanan sajabaning rasa pangrasane. Ora ngelingi yen anane kahanan mangkono iku gumantung marang rasa pangrasane dhewe. Dene kang dumunung ing sajabaning rasa pangrasane iku sajatine geter kang urip (daya urip) kang pangwasane bisa nggugah saliring rasa pangrasa. Muga lerena sadhela dhisik pamacane, kanggo mikir-mikir.

(28)

Sarehne kahanan kang kasebut ndhuwur mau : selehe ora gampang tinampa dening sadhengah wong, mbokmanawa kang maca layang iki takon mangkene : APA KABEH MAU GOROH (ORA NYATA) TA?? DENE TEKA DIARANI MUNG GUMANTUNG ING RASA PANGRASA BAE.

Iku genahe mangkene :

Tumrape KANYATAN : pancen iya goroh, jer dudu kasunyatan (dudu kajaten), awit saka iku, iya bener yen kaswargan lan sadhengah alam ing sajabaning kapangeranan kaaranan dudu kajaten, awit dudu kahanan jati (dudu sajatining kahanan), enggone kaaranan dudu kasunyatan iku tegese : dudu kahanan kang LUWIH DENING NYATA.

Nanging sanajan mangkono, sing sareh ing pamikir, aja gumampang dhisik, becik pinikir-pikira manehmangkene :

Apa kang maca layang iki ngorohake marang ananing rurupan, gagandan, swara sapanunggalane, dupeh mung gumantung ing rasa pangrasa bae? Rak ora ta...

Banjure : Apa kang maca iki nggorohake marang anane alam donya, dupeh mung gumantung ing rasaning pancadriya? Mesthi ora. Marga akeh kang nekseni yen alam donya iku pancen ana temenan, wani sumpahane.

Kang iki sawisi rinasa-rasa, banjur pinikir maneh mangkene :

Sawise aku (kang maca) netepake marang anane donya (rehne nyata), apa ya njur netepake yen donya iku kahanan jati (kajaten)? Iya mesthi ora.

Sawise pinikir-pikir lan rinasa-rasa memet, banjur katimbang-timbang mangkene : La iya selahine alam donya, kang tetela wadhag mangkene, aku ora bisa nggorohake ing anane, apa maneh KASWARGAN KANG LUWIH NYATA KATIMBANG DONYA, sarta kang luwih alus lan luhur katimbang ndonya, yen bisa nggorohake (nganggep kahanan kang cidra). Harak sewe mokal yen bisa nganggep kahanan kang cidra.

Nimbang bae prakara kang adhakan dhisik, kayata : bab rurupan anggone ora dumunung ing pandulu, utawa bab swara olehe ora dumunung ing kuping, sapanunggalane. Lagi prakara kang mangkono bae, wis ribet selehing panampa, kapriye maneh yen bisoa nggorohake marang anane alam luhur kang luwih nyata katimbang ndonya kang dupeh pinikir mung saka rasa pangrasa bae. Rak tangeh bisane ta??

(29)

Terange mangkene : Angen-angen lan rahsa dhewe, ora kaanggep kahanan jati dening kasunyatan, marga angen-angen lan rahsa mau barang anyar tumraping kajaten, sabab iku kabeh kawujudan kang maune ora ana, nuli ana, kang banjur ora ana maneh.

Dene kang aran kasunyatan utawa kajaten mau : ora tau ora ana, sarta : ora bakal ora ana. Pathokane : samubarang kang anane nganggo kadhisikan ing ora ana, sarta nganggo wekasan : ora ana, iku dudu kahanan jati mungguhing kasunyatan, nanginh : temen mungguhing pancadriya 1). Kena kacekak : kanyatan nanging dudu : KASUNYATAN.

Ora bisane makhluk ngorohake marang ananing pangalaman kang dialami : tinembungake kawengku lan ing kodrat.

... 1)

Ana wong ngudi kawruh batin, rehne wis ngerti yen alam ndonya iku dudu kajaten, sarta netepake yen enggone ana ing ndonya mung ngimpi bae, banjur ngemohi marang kadonyan, niri lakuning pandhita kang kasebut ing dongeng jaman kuna. Nanging bareng luwe, iya banjur mangan. Kang dipangan sega temenan, ora dianggep sego gorohan. Nganggo lawuh, lawuhe lawuh temenan, dudu lawuh inpen. Mangkono mau dadiya pratandha yen titah iku ora bisa nggorohake marang anane alam, sanajan alam iku goroh mungguhing kajaten. Kang bisa nyatakake ing gorohe iku, mung kasunyatan.

Mbanjurake bab sahir lan kabir.

H. Napsu supiyah katumusan angen-angen, iya banjur nganakake rasa (kawruh). Endi wujuding rasane (kawruh), iya kaswargan uga, nanging kang kurang tentreme lan kurang elinge katimbang swarganing mutmainah kang kasebut ing dhuwur.

Sanajan endah ngungkuli kwadhagan (donyo) nanging kurang elinge marang kajaten, dening kalimput ing bebungah lan pepinginan. Dayaning angen-angen kang amor ing supiyah : dadi kurang padhange.

Swarganing mutmainah lan angen-angen alus, kang kasebut ing dhuwur mau, dak arani : swarga luhur, dene swargane supiyah dak sebut swarga madya.

(30)

Ing bagean ngisor maneh (kang kalimputan ing pangrasa asor) sambung karo kaswargan asor, yaiku swarga panasaran, swargane dhemit utawa brakasakan, dening wiwit kamoran rasa kasetan (amarah).

Swargane supiyah (swarga madya) ana kang ngarani astraalgebied, iku ing bageane kang luhur, sambung lan kahyangane Bathara Endra, banjur aran Endraloka.

Manawa mutmainahe mung sawatara (meh mligi dayaning angen-angen luhur) mujudake rasa kadewan, yaiku rasa kang mung meh mligi ngegungake kawicaksanan, kawaskithan lan kawaspadan, iku kaaranan kadewan (Dewatan) sambung lan kahyangane Bathara Guru, mula sinebut Guruloka.

Satemene iku meh padha bae karo swarga luhur kang kasebut ing ngarep mau, sarta gampang bisane sambung sinambung, malah kerep amor alira-liru (rasane), apa maneh karo kaendran.

Mulane alam luhur gampang bisane amor lan lira-liru, awit sang saya luhur, sangsaya alus lan luwes bebakalane (staf-e).

Swarga luhur mau, kadadeyan saka maligining mutmainah katumusan ing luhuring angen-angen, iku swargane manungsa kang ngegunake RASA BEKTI marang Pangeran, gedhe kasukurane, ngegungake rasa welas asih marang sapadha-padha, iku ing bageane kang luhur, sambung lan alaming para Malaikat (pambantu kodrat Rasulullah).

Rasa kaswargan luhur kena katembungake : bongkote sambung karo pucuke RASA JATI.

Mungguh Rasa kaswargan luhur warna-warna kang kasebut mau kabeh : gampang bisane sambung-sinambung (weruh-wineruhan) sak uga padha kadunungan ing Mutamainah. Kang ketipisen mutmainahe, mung bisa sambung karo kaswargan madya! (swarganing jin peri). Dene kang mutmainahe ketipisen, mung sambung karo swarga panasaran, marga mutmainahe kalimput banget.

Ora mung bisa sambung karo jagad ka-alusan bae, malah uga bisa sambung karo jagad kawadhagan (donya), sapanunggalane uga ana bageane rasa pangrasa kang nunggal laras. Malah-malah kasunyatan bisa sambung karo kawadhagan, sak uga angen-angen lan rahsa banget aluse kongsi ana bageane kang bisa gathuk karo kajaten.

I. mBanjurake bab sahir lan kabir maneh.

(31)

anyel, mangkel, njetong, lara ati ... sapanunggalane. Karingkes : Kang ora ngepenakake, utawa LARA. Iku kabeh iya jeneng kawruh, nanging kawruh bab alaning jagad utawa alaning sapadha-padhaning tumitah. Yaiku rasa pangrasane eblis (setan).

Mungguh rasa kasetanan iku, rasa lara kang ora pegat-pegat, sinandhang ing ati. Ora pegat-pegat enggone kudu muring lan panas, marga kabeh isining jagad rinasa padha megelake, agawe sangsaraning atine, kabeh rinasa nindakake panggawe ala, disengguh nganiaya (kiyanat) marang dheweke, iku kagawa saka kleruning rasane (salah rasa).

Ora mung disengguh nganiaya marang dheweke bae, malah disengguh padha alan-ingalanan, drengken-drengkenan, siji lan sijine. Dadi kinira pancen wis carane, ing jagad padha kaya mangkono kabeh. Makhluk saisining jagad, kinira susah, bingung, lara, gegethingan lan cilaka kabeh. Rumangsane awang-uwung kang tanpa waten jembare : diubresa, ora ana enggon sak elenge semut kang ora isi lelara, kacilikan lan kasusahan. Angen-angen banget petenge, lire : banget kliru nalare. Lakune engetane tansah sulaya karo pranataning kodrad, kang wewatone ora dingerteni babar pisan. Ora ngerti babar pisan marang kang aran wewatoning kodrad. Kahananing jagad kang mangkono mau disengguh sajabaning dhirine, (sajabaning amarah lan angen-angen kang peteng). Ora ngira (klalen) yen kang mangkono mau saka rasane dhewe kang kliru lan sasar. (Kosok balen karo rasa ka-Pangeranan).

Jagad kang rinasa nglarani lan mbingungake mau kaaranan naraka-naraka iku kabir tumrap napsu amarah. Dene rasane amarah iku sahair tumrap naraka.

Rasa kanarakan iku ya ana tatarane, awit ana kang kamomoran supiyah lan rasa kajasmanian (Luamah). Kang akeh momorane supiyah : sambung lan jagading jin peri ing bagean kasar. Kang akeh momorane kajasmanian (roh jasamani) sambung karo kadonyan, iku kang sok disebut : dhemit utawa brekasakan, kang padha ambeg jail muthakil angendhak sikara.

Jagad panasaran (jagading brekasakan) uga ana kaswargane, nanging luwih goroh katimbang swarga madya. Kena katembungake swarga jlomprongan utawa sulapan.

Swarga madya luwih nyata katimbang swarga panasaran. Swarga luhur luwih nyata maneh katimbang swarga madya.

Dene kajaten iku kang sanyata-nyatane kaaranan kasunyatan.

Wong kang ngaji ngelmu panggorohan (sulapan) iku tumibane nuntun rasa pangrasane dhewe marang jagad panasaran. Mulane mangkono awit iku ateges sinau nyambung rasa lan angen-angene dhewe karo rasa jlomprongan.

(32)

KATRANGAN

Tembung kasasar, tegese : kleru dalane.

Kesasar tumraping kebatinan, tegese : kliru lakuning angen-angene anggone nggoleki wataking Budi.

Tembung kajlomprong, tegese : kliru lakuning rahsane anggone nggoleki wataking Rasa.

Kabeh mau ateges : gawe kliru, tumindak korup, gawe luput, tumindak peteng, marang rasa dhirine dhewe. Marga ora rumangsa kliru, ora rumangsa korup, ora rumangsa luput, ora rumangsa peteng, malah ngukuhi (nganggep bener) marang rasa dhirine kang luput mau.

Tembung : luput, tegese : nagen-angen nyulayani wataking Budi. Tembung : ala, tegese : angen-angen cocok lan wataking Budi. Tembung : bener, tegese : angen-angen cocok lan wataking Budi. Tembung : becik, tegese : rahsa cocok lan wataking Rasa.

Kang aran : Budi, iku : tukang tuduh marang bener. Kang aran : Rasa, iku : tukang tuduh marang becik. Tembung : Karem, tegese : rahsa ngungkurake Rasa.

Tembung : Kerem, tegese : angen-angen ngungkurake Budi.

Tembung : korup, tegese : ngungkiri kang sajati, ngakoni kang dudu. Padhang, tegese : bisa weruh.

Peteng, tegese : ora bisa weruh.

Angen-angen, wajibe : nggoleki wataking Budi. Budi, wajibe : tuduh marang angen-angen. Rahsa, wajibe : nggoleki wataking Rasa. Rasa, wajibe : tuduh marang rahsa.

Mikir, iku : pakartining angen-angen nggoleki wataking Budi. Ngrasakake, iku pakartining rahsa nggoleki wataking Rasa. Kang aran cahya iku : awaking pepadhang. (kang madhangi) Kang aran Budi iku : rasaning pepadhang (rasa padhang) Kang aran Rasa iku : dhasaring Budi.

Kang aran Budi iku : pepadhanging Rasa.

Tembung URIP, tegese :

1. bisa makarti, kosok baline : mati. 2. kang bisa makarti, kodsok baline : pati.

Tembung ELING, tegese :

1. weruh marang anane, kosok baline : lali ora eling.

2. kang weruh marang anane, kosok baline : lali (dudu eling).

ELING MARANG URIPE, tegese :

1. weruh marang anane sing makartekake. 2. weruh bisane makarti.

LALI MARANG URIPE, tegese :

(33)

NGUDI KAWRUH KASUNYATAN, tegese : ngudi bisane weruh marang anane sing makartekake.

KAWRUH KASUNYATAN, tegese : oleh-olehaning ngawruhi kahanan kang luwih dening nyata.

NGELMU, tegese : wewatoning nggoleki.

NGELMU RASA, tegese : wewatoning nggoleki kasunyatan.

Kabeh kang aran NGELMU iku bubuhane angen-angen.

Tembung Rasa (kang panulise nganggo R), tegese : wujud alus dalah rasaning wujud mau.

Tembung rasa (kang panulise aksara cilik kabeh), karepe : mung rasaning wujude bae, ora ateges wujude (awaking wujud), dadi karepe : tumrap sadhengah wujud, iya rasaning wujud kang alus, iya rasaning wujud kang kasar.

Tembung rahsa, ateges : wujud alus dalah rasane pisan, nanging kang luwih kasar katimbang Rasa.

mBanjurake bab sahir lan kabir.

J. Rasa kajasmanian, iya duwe kawruh. Wujude, yaiku : bisa weruh marang rasaning lagi lan pait.

Weruh marang ambon-ambon.

Weruh marang penggepoking kulit karo barang wadhag krunguning swara saka kedhering kuping.

Weruh padhanging srenggenge saka kedhering swasana.

Weruh marang rasa lan kapenak, mungguhing kwadhagan lan sapanunggalane.

Iku kabeh dak arani : rasa kajasmanian, yaiku kang marakake dhiri duwe panganggep, manawa alam donya iki ana.

Jiwa-jiwa kang ngalami rasa kajasmanian, enggone nekseni yen donya pancen ana, ya ora liya nganggo rasa kajasmanian mau. Upama ora duwe rasa kajasmanian, mesthi nggorohake marang anane donya (awit kacupetan piranti kanggo nekseni ing anane).

Rasa kajasmanian iku iya ana kaswargane lan kanarakane, kayata : rasaning awak kang pinuju enak lan kapenak (kaswargan), dene kanarakane yen pinuju lara.

(34)

KINANTHI

Sirnakna semanging kalbu, den waspada ing pangeksi, yeku dalaning kasidan, sinuba saka sathithik. Pamothahing napsu hawa, linalantih mamrih titih. (Wedhatama Winardi)

...@@@...

BAB XI

LIMPUT-LINIMPUTAN UTAWA URUP-INGURUP : SAHIR KABIR KARO SAHIR KABIR : TUMRAP ALAM SIJI LAN SIJINE

a. BAB SIHIR

Yen kang maca iki wis ngerti KANTHI TERANG sarta bisa ngrasakake KANTHI MEMET marang kareping andharan kang kasebut mau kabeh, mesthi bisa nyandhak marang karepe pratelan ing ngisor iki.

1. Bab tegese URIP ING ALAM DONYA (1)

Tetembungan wong urip ing ALAM DONYA iku tegese : rasa dhiri kang lagi kalimputan ing rasa kajasmanian, jalaran rasa kajasmaniane kang lagi dadi peranganing rasa dhiri KANG KANDEL DHEWE. Sarehne kandel dhewe, banjur ngurupi (nglimputi) marang rasa kaswargan lan rasa kanerakan.

Awit dening rasa kaswargan kalimputan ing rasa kajasmanian, wekasane kabiring kaswargan (yaiku jagad kang aran swarga) sirna wujude, mung kari : RASANE bae. Sirnaning jagad swarga mau sabab kalangkib (ketutup) dening wujuding jagad donya. Kang mangkono mau angen-angen banjur ngira : awang-uwung kang tanpa wates jembare mung isi donya thok. Iku kena kaupamakake kacaning buku kang kalangkib, katutupan ing kaca liyane, mesthi kaca kang katutupan mau kaling-kalingan dening kaca kang nutupi. Ewa dene senajan kabire katutupan, nanging SAHIRE (RASANE) isih dirasakake uga, kayata : yen wong donya mau pinuju ngrasa : SENENG, AYEM, TENTREM, WELAS, ASIH, TRESNA, BEKTI, SUKA SUKUR, RILA, LEGAWA... sapanunggalane, iku kabeh RASA KASWARGAN, dudu rasa kajasmanian. Mung bae, mesthi ora kandhel kaya yen ngalami kabiring kaswargan. Mulane rasa kaswargan ing alam donya : tipis, awit saperangan gedhe rasa kajasmanian kang kandel mau. Wuwuh-wuwuh sabab sahiring kajasmanian korup marang kabire. Lire sahir korup marang kabir iku kayata : rerupan dianggep sajabaning pandulu, swara dianggep sajabaning pangrungu, asin dianggep ana ing uyahe.

---

(1) Tegese urip ing kene : MAKARTI, dudu KANG MAKARTI.

(35)

ateges : BADAN WADHAG DIANGGEP BISA MIKIR LAN NGRASAKAKE SARTA DUWE KAWRUH (ngorakake ananing wujud kang alus) mangkono iku tak tembungake : sahire korup marang kabire.

Ing dhuwur mau mratelakake rasa kaswargan luhur sok mencungul ana ing donya.

BAB RASA KANERAKAN

KANG SOK MENCUNGUL ANA ING DONYA

Awit dening rasa kanerakan kalimput ing rasa kajasmanian, dadi KABIRING kanerakan, (jagad kang sinebut naraka) sirna wujude, mung kari RASANE bae. Sirnaning jagad naraka mau ya sabab kalangkib, katutupan ing wujuding jagad donya.

Ing awang awung kang tanpa wates jembare digolekana, ora bakal tinemu karo kang aran naraka, kabeh-kabeh donya. Iya kena kapindhakake kacaning buki kang mawa gambar naraka : kelangkib, ketutupan ing kaca kang kebak gambar donya. Ewa dene sanajan kabire katutupan, nanging : SAHIRE (RASANE) isih sok dirasakake, yaiku yen wong donya pinuju muring, nesu, gegething, sesatron, jail, drengki, panasbaran, mangkel, maeka, nindakake kadurjanan, ngresula, susah, bingung, ketir-ketir, nar-naran, sapanunggalane. Rasa kang mangkono iku wewengkoning rasa kanerakan, dudu kajasmanian. Amung bae tumrap ing donya mesthi ora kandhel kaya yen ngalami kabiring kanerakan. Mulane rasa kanerakan ing donya : tipis, awit saperangan kang gedhe saka rasa dhirine : dianggo ngrasakake rasa kajasmanian kang kandel iku. Wuwuh-wuwuh rehne sahir iku lumrahe korup marang kabir.

BAB RASA KASWARGAN MADYA, KANG SOK MENCUNGUL ING DONYA

Ait dening rasa kaswargan madya kalimput ing rasa kajasmanian, kabiring kaswargan madya (yaiku kang aran swarga kamukten, swarga ning jin peri sarta kaendran) sirna wujude, mung kari rasane bae. Iku ya sabab kelangkib, ewadene senajan kelangkib kabire, nanging rasane (sahire) ora melu sirna, isih sok dirasakake, yaiku : yen wong donya pinuju krasa dhemen, lam-lamen, seneng, gandrung, ngrasakake laguning gendhing utawa tembang, nyawang wewangunan kang adi endah utawa milangoni, sengsem nonton wayang, nikmat nalika mbegsa, ngrasakake marang endahing kagunan adi (kunst) ... sapanunggalane, kang aran ngrasakake marang rasa kaendahan (schoonheidsgevoel), nges-ngesaning samubarang kang mawa nges. Rasa kang mangkono iku dudu rasa kajasmanian, nanging rasa kaswargan madya. Panunggalane rasaning jin peri. Mungguhe : marang rasa ka-endran, kang banjur sambung karo rasa kadewatan. Aluse maneh sambung karo kaswargan luhur. Nanging tumrape wong donya, mung ngrasakake saperangan cilik utawa pucuke bae, tur wis prasasat malih rasane, dene kakehan momorane.

Referensi

Dokumen terkait

Yen wong anom pan wus tamtu, manut marang kang ngadhepi, yen kang ngadhep akeh durjana, tan wurung bisa anjuti, yen kang ngadhep akeh bongsa, nora wurung dadi

Kang kaping pitu, isih sajroning alam Uluhiyah, tanpa kira-kira padange, ing kono ora katon apa-apa, amung cahya gumilang tanpa wewayangan, iku Dzating atma,

Salat gaib rasa jati, konjuk mring Gusti Allah, Hyang Widi mengku gaibe, tan arsa ginunggung jalma, ngesti nggunggung Pangeran, iku sujud kang satuhu,

Manungsa kudu tansah eling lan waspada marang kahanan alam donya supaya bisa uwal/luput saka kasangsaranE. Eling lan waspada kudu diduweni manungsa supaya bisa uwal saka kasangsaran

kaya mangkono iku anggoné padha mikir, Panjenengané banjur ngandika marang para ahli Torèt iku, "Yagéné kowé padha duwé pikiran kang kaya mangkono ing sajroning atimu. 9 Endi

Transformasi sawijine karya sastra saka naskah dadi prosesi utawa ora bisa ditindakake kanthi sekabehane. Ana perangan saka karya sastra kasebut kang ditambahi

Saka ukara ing dhuwur (no 7) golekana ukara andhahane karana apa ukara iku dadi

Yen wong anom pan wus tamtu, manut marang kang ngadhepi, yen kang ngadhep akeh durjana, tan wurung bisa anjuti, yen kang ngadhep akeh bongsa, nora wurung dadi