• Tidak ada hasil yang ditemukan

BAB JASMANI KANG ALUS BEBAKALANE

Dalam dokumen serat wewadining rasa (Halaman 36-39)

BAB RASA KASWARGAN ASOR KANG SOK MENCUNGUL ING DONYA

1. BAB JASMANI KANG ALUS BEBAKALANE

Kang maca layang iki aja ngira yen sawerna-wernaning bebakalan kang kasebut mau CETHA WATESE tumrap siji lan sijine, kang banjur diemper- emper lelapisan utawa sapsapan.

Antaraning jenis siji karo jinis liyane, mesthi ana panggandhenge kang awujud momorane jinis siji karo jinis liyane.

Momorane iku mujudake bebakalan kang seje maneh, sing kahanane ngemperi marang karo-karone.

Badan wadhag karo badaning napsu luamah, ana antarane, dak arani : JASMANI ALUS NYEDHAKI KADONYAN.

Badan wadhag karo badaning napsu amarah, ana antarane, dak arani : JASMANI ALUS NYEDHAKI KASETANAN.

Badan wadhag karo badaning napsu supiyah, ana antarane dak arani : JASMANI ALUS NYEDHAKI KAJIMAN.

Badan wadhag karo badaning napsu mutmainah, ana antarane dak arani : JASMANI ALUS NYEDHAKI KASUKMAN.

Kang disebut RAHSA, dening layang iki, yaiku BADANING nepsu patang prakara kang kasebut ing dhuwur iku dalah RASANE pisan.

Kang diarani, ANGEN-ANGEN, yaiku : sunaring Budi kang wis tumiba marang sadhengah badan. Sarhne sadhengah badan mesthi ana RASANE, mangka RASA mau kasorotan ing pepadhang, ing kono rasaning badan mau banjur NGRASAKAKE marang PADHANGE.

RASA rasaning padhang kang rinasa dening badan ka aranan : angen-angen. Awit saka iku, banjur ana sebutan angen-angen peteng, angen-angen padhang, angen-angen luwih dening padhang (angen-angen luhur).

Padhang lan petenge iku sejatine, gumantung ing DHASARE kang nampa sorot.

Kang doarani angen-angen SUMEBAR, yaiku : sunar kang tumiba ing JASMANI ALUS utawa NAPSU KASAR.

Ananging aja kinira yen angen-angen iku tanpa bebakalan. Sawarnane kang aran badan alus mesthi ana bebakalane.

Bebakalane iku wong Jawa ngarani : wujude. Wong Arab ngarani : jisime. Wong Walanda ngarani Staf, (wujud, tegese : ANA).

Bebakalan, (kawujudan, jisim utawa staf) iku, tumrap ing kajaten : mung KEDHER. Kedher iku kaya daya pangwasaning kajaten. Pangwasa iku makarti kanthi kawicaksanan.

Wujud disebut SIRNA, iku tumraping kasunyatan, mung kedhere kang LEREN. Dadi kang sirna : kedhere (kedherane).

Kanggo nggampangake panalaran mangkene, pangwasa mau upamakna :electriciteit”, dayane nganakake DAYA PANGGENDENG ing wesi brani, nganakake PAPADHANG ing diyan, nganakake GENI ing pamasakan, nganakake SWARA lan KILAT ing hawa, nganakake KAROSAN ing mesin- mesin... lan liya-liyane. Nanging ora ana kang weruh wujude electriciteit, mung weruh dayane utawa kedhere bae.

Dhiri kang kalimput ing JASMANI ALUS NYEDHAKI KADONYAN iku, kadadeyan saka kandeling napsu luamah (ngegungake dhahar guling lan syahwat). Engetane peteng, awit kang madhangi : angen-angen kang wis sumebar. Dhiri kang kalimputan ing luamah mangkono iku, lawas enggone kandheg ing jagad peteng, malah terkadhang isih momor karo donya, sabab butuh karo pepanganan. Alame ana kang ngarani De donker (jagad peteng). Dhiri kang kalimput ing JASMANI ALUS NYEDHAKI KASETANAN, kadadeyan saka kandeling napsu luamah lan amarah, (ngegungake luamah lan amarah), engetane remeng-remeng. Dhiri kang kalimputan ing amarah mangkono iku lawas enggone kandheg ing jagad lelara lan pepanas. Malah terkadhang momor wong donya, prelu mung gendhak sikara, ndusiri jail, cengilan, panastene. Alame ka-aranan : naraka utawa Hel.

Dhiri kang kalimputan ing JASMANI NYEDHAKI KAJIMAN, kadadeyan saka kandeling napsu luamah lan supiyah, (ngegungake luamah lan kesenengan warna-warna). Engetane kalebu padhang. Dhiri kang kalimputan ing kandeling supiyah mangkono iku lawas enggone kandheg ing jagad madya, malah terkadhang momor karo wong donya, karanan bangsa jin utawa peri, nanging satemene isih tetep manungsa kang nyamleng karo wong donya, malah akeh sing becik watake tetulung lan ngudi kawruh kasunyatan, nindakake agama lan sapanunggalane. Alame karanan rohiyah utawa Lotering, yaiku alaming swarga madya perangan ngisor. Manawa tipis luamahe enggal marang perangan luhur. Dhiri kang kalimputing ing JASMANI ALUS NYEDHAKI KASUKSMAN kadadeyan saka kandeling napsu luamah lan mutmainah (ngegungake luamah nanging bebudane alus), lawas enggone ngalami swarga luhur perangan ngisor. Terkadhang ya momor karo wong donya, prelu tetulung, ngopeni manungsa, mbantu marang kodrat. Alame kaaranan kadewan, nanging perangan ngisor. Manawa ora kandel luamahe, enggal marang perangan luhur.

KATRANGAN

Kang aran k a d e w a n (DEWATJAN), iku pratitising tembung : alaming angen- angen luhur, yaiku : swarganing angen-angen, dudu alaming mutmainah (swarga katentreman) nanging WIS PRASASAT ORA ANA BEDANE kadewatan, karo swarga luhur iku, awit tansah lira-liru, butuh-binutuhan, lire mangkene : rasa katentreman mematuh marang padhange angen-angen luhur, angen-angen luhur butuh marang rasa katentremaning mutmainah. Mulane butuh-binutuhan, saba sawarna-warna ora ana kang bisa madeg dhewe, yen ora karo liyane. Karo-karone ing basa Walanda ka-aranan “Negatiefvorm” tegese : kang siji ora bisa madeg dhewe yen ora karo sijine. (1) Yen rong warna wis awor, lah iku lagi MADEG. Yen madeg, ing kono banjur ana DHIRI.

Dhiri tegese, ADEG utawa DEG-DEGAN, oleh-olehaning DEG (berdiri). Kang madeg, dhapukaning adon-adon.

Swarga madya ing perangan luhur; gandhenge karo kadewatan, alantaran angen-angen luhur. Dene gandhenge karo swarga katentreman, lantaran alusing rahsa.

Dadi tetela, badan alus iku, sangsaya alus sangsaya gampang bisane amor (weruh wineruhan) marga sangsaya nyedhaki marang kasunyatan.

Nyedhaki marang kasunyatan iku ateges nyedhaki marang manunggal.

Nyedhaki marang kasunyatan iku ateges nyedhaki marang JEJERING sakabehe KAHANAN, yaiku KANG DITUNGGALI dening kabeh kahanan.

---

2. TEGESE MUNGGAH ING SWARGA

Tetembungan ANA ING SWARGA iku, tembung ANA ING, sajatine ora ateges manggon. Tetembungan MUNGGAH SWARGA iku tembunge MUNGGAH, ora ateges marani panggonan sing ana sa-dhuwure. Tetembungan TUMURUN ING DONYA, iku tumurune ora ateges teka saka ing panggonan kang dhuwur menyang panggonan sa-ngisore.

Ana ing swarga iku ateges kang sejati : dhiri kang lagi kalimputan ing rasa kaswargan (rasa adhem lan padhang), jalaran rasa KASWARGANE kandel banget, ngorupi (nglimputi) marang rasa kajasmanian.

Rasa kajasmanian kalimputan ing rasa kaswargan, iku tegese : rasa kajasmanian mau ya isih rinasakake ALUSE, nanging mung rinasa DADI UBARAMPENE utawa WEWENGKONE bae, ora rinasa dadi LUGUNING AWAK (DHASARE). Kang rinasa dadi BAKUNING BADAN, yaiku rasa adhem lan padhang (adheming ati, padhanging engetan).

Terange prekara iku, nganggo tuladha mangkene :

Ngupamakna wong nganggo tesmak abang, samubarang kang dinulu katone abang kabeh, warna abang iku DHASARING PANDULUNE, iku upamakna dhasaring rasa kaswargan. Sanajan dhasare mau ABANG nanging ora ateges ndulu godhong katon abang thok, isih ana ijone, nanging ijone semu abang. Barang kang putih dadi putih semu bang. Kang kuning dadi kuning semu abang. Mangkono sapiturute, sebab dhasaring pandulu : ABANG. Rasa dhasar tansah kasaklira tanpa pegat, nanging rasa liya-liyane, mung kala-kala krasane, kaya dene abang mungguhing wong nganggo tesmak abang : ora pegat-pegat rinasuk, nanging : ijo, putih, kuning, biru, wungu, mung kala-kala, tur mesthi kaworan abang.

Nganggo tuladha maneh :

Wong ngrasakake enaking panganan utawa omben-omben iku, lugune dhasare : PAKARTINING RASA ILAT, dudu pakartining pangganda, pandulu, pangrunggu sapanunggalane. Nanging sangsaya wuwuh enake yen kaworan PAKARTINING SANG GANDA ing sawatara, kayata : binarengake karo ngrasakake GANDANE kang arum utawa sedhep. Wuwuh maneh enake yen kawuwuhan PAKARTINING PANDULU kang weruh beciking wadhahe utuwa beciking rupane panganan mau. Wuwuh maneh yen kawoworan PAKARTINING PANGRUNGU kang ngrunggu swaraning untu sing muni kriyuk- kriyuk, .... Rasa kaswargan (adhem padhang) upamakna RASA ILAT. Rasa liya-liyane kayata : kajasmanian, kadewan, kajiman lan liya-liyane, upamakna rasaning pandulu, pangganda, pangrungu, pangenyam.

Rasa kaswargan, kadewan, kajiman, kanerakan... kabeh diaku dening rasa kajasmanian, tegese : dianggep dadi UBARAMPENING rasa kadonyan, dening WONG DONYA.

Dalam dokumen serat wewadining rasa (Halaman 36-39)