• Tidak ada hasil yang ditemukan

KANG NGILO : KAHANAN JAT

Dalam dokumen serat wewadining rasa (Halaman 57-60)

Kang dienggo ngilo : daya tunggal sajinis kang aran alam manungsa utawa martabat manungsa. Ayang-ayangane yaiku : engetane si Suta, rasa pangrasane si Suta, susurupane si Suta marang gumelaring donya : sahir kabire si Suta.

Si Suta rumasa ANA, nekseni utawa nyatakake yen dheweke iku ANA temenan. Tandha yektine : duwe engetan lan rasa pangrasa kang dianggo ngawruhi lan ngrasakake gumelaring jagad banjur calathu : AKU ANA.

Kang diarani AKU dening si Suta mau DHIRI siji. (Terang gamblanging kang diarani dhiri, kapratelakake ing bab : 14, iya dhiri iku ayang-ayanganing kahanan jati : INGSUN PRIBADI).

Aku ana ... iku tegese : dhirine si Suta mau maujud utawa mandeg.

Tegese : ANA, kang tumrap dhiri si Suta, kang ateges maujud mau ayang- ayanganing ANANE kahanan jati.

Dadi AYANG-AYANGANING ANA : iku MAUJUDE utawa MADEGE, nanging ANA KANG SEJATI iku tegese : KANG BISA NGANAKAKE SALIRING KANG MAUJUD, utawa : KANG MENGKU WUJUD LAN KANG ORA MAUJUD. Dadi KAHANAN SAJATI : iku tanpa wiwitaning ana, tanpa wekasaning ana.

Anane dhiri : nganggo wiwitan lan wekasan. Nanging... ora ana dhiri kang weruh wiwitaning madege. Ora ana dhiri kang bisa nekseni SADURUNGE ANA karo SAWUSE ANA. Bisane duwe RASA DHIRI bareng dhiri mau wis... ana. Dadi : sarupane kang dikawruhi lan dirasakake dening si Suta iku : tumrap engetan lan rasa pangrasane si Suta : ANYAR KABEH.

Jagad donya luwih keri anane : tumrap engetan dalah rasa pangrasane si Suta. Bapa biyung iya luwih keri anane : tumrap rasaning engetan. Enggone ngarani keri katimbang biyunge iku satemene mung KABAR saka enggone nundha warta bae. Tumrap engetan dalah rasa pangrasane si Suta dhewe : ora nyata yen dheweke keri, ora nekseni, ora ngalami, awit dumunung sajroning engetane (kaelingane). Rehne mangkono, dhirine si Suta : rumasane iya DHISIK DHEWE katimbang sakehe kawruh kang diwenehi nganggo engetane.

RASA DHISIK DHEWE mau ya dadi ayang-ayangane ing kidame Pangeran (dhisik dhewe tanpa kawitan tumrap kahanan jati).

Dhirine si Suta nganggo wekasan, dadi ora langgeng. Nanging sajroning wektu dhiri mau madeg, ora ngrasakake marang kang aran wekasan, mung ndeleng ING KABIRE yen wong mati iku ana. Dene prakara ndeleng wong mati, iku dudu kanyatan tumrap rasa dhirine, (yaiku sababe arang banget wong donya kang nduweni pangraita lan pamikir prekara mati. Iya bener kerep ndeleng wong mati, nanging ora kalebu ing rasa pangrasa (ora klebu dadi pangalaman, sajroning wektu dhiri mau isih madeg).

Enggone ora ngrasakake marang wekasan mau iya dadi ayang-ayanganing kalanggengane pangeran.

Mangsa kang dienggoni dening si Suta diarani : SAIKI. (dienggoni tegese dirakake).

Saiki KANG ATEGES WEKTU mau ya dadi ayang-ayanganing saiki KANG MENGKU SALIRING WEKTU, arane ing basa Arab : kanjanmahfiyan.

Ora ana dhiri bisa ngrasakake marang BIYENE utawa mBESUKE. Kang dirasakake ora liya yang mung SAIKINE. Lire wong kelingan lakon biyen, enggone kelingan mesthi ana ing SAIKI mangkono uga mBESUK, iya digagas ing SAIKI. Dadi RASA BIYEN KARO RASA mBESUK ora ana kabeh. Kang ana mung RASA SAIKI. Iya RASA SAIKI iku ayang-ayanganing SAIKINING PANGERAN, kang mengku saliring mangsa.

Si Suta yen ngarani panggonan kang lagi dienggoni, nganggo tembung : KENE. Kene KANG ATEGES PANGGONAN iku, ayang-ayanganing kene, kang ateges :KANG MENGKU SALIRING ARAH LAN ENGGON. Arane ing basa Arab : ngaras kursi.

Ora ana dhiri bisa ngrasakake marang KANANE. Kang dirasakake ora liya ya KENENE, iku pamikir lan nggagas kahanan kang diarani ANA ING KANA, iku pamikir lan panggagase mesthi ANA ING KENE. Iya RASA KENE KANG TUMRAP PANGGONAN iku ayang-ayanganing KENENE PANGERAN, kang mengku saliring enggon.

SAHIRE si Suta prenahe ing BATINING KABIRE si Suta. Pangiloning kajaten, prenahe ing : batining sahire : SI Suta. Kajaten kang ngilon, prenahe ing : BATINING PANGILON.

III. YEN kahanan jati ngilo nganggo : ALAMING RASA KASWARGAN, kajaten katone saka ing kono awujud dhiri wong swarga, yaiku : ENGETAN PADHANG + RASA ADHEM LAN SENENG +BLEGERING BADANE ALUS, kang kadadeyan saka bebakalaning Mutmainah. (ngelingana bab rasa lelima, kang kasebut ing bab 11).

Engetan lan rasa pangrasaning wong swarga mau SAHIR : tumrap alaming wong swarga. Dene KABIRE, yaiku : gumelaring swarga, kapetung dalah blegering dhiri dhewe.

Mulane diarani : AYANG-AYANGANING KAHANAN JATI, awit kahanan kang mangkono iku DISENGGUH KAHANAN KANG SANYATA-NYATANE, dening wong swarga.

Prekara liya-liyane kang mratelakake ANANE lan KAHANANE : ora prelu karonce maneh, cukup nganggo tuladha pangalamaning wong donya kang kasebut mau.

Ayang-ayanganing kahanan jati kang katon ing martabat kadewan, kajiman, kasetanan lan liya-liyane, uga cukup nganggo tuladha siji ing ngarep. Bab tataraning pepadhange, goroh temene lan rasane, ... kiraku kang maca iki mesthi bisa nimbang dhewe.

IV. YEN KAHANAN JATI ngilo nganggo martabat tetuwuhan utawa watu, kajaten katone saka ing kono : PETENG, ora katon apa-apa, ora krasa apa-

apa. Lire tanpa kaelingan apa-apa. Iku kena diumpamakake wong ngilo nganggo blabag ireng. Ing blabag ireng mau digoleki rupane kang ngilo : ora ana apa-apane.

Tetuwuhan tak tembungake ORA DUWE RASA DHIRI, ora ngreti yen dhirine ANA, ora sumurup yen jagad iku ANA, ora ngreti yen Pangeran ANA. Kajaba ora ngreti marang ANANE MAU KABEH, ya ora ngerti yen DHEWEKE ANA, sarta ora ngreti yen dheweke ORA DUWE PANGERAN, utawa KAELINGAN. Tetuwuhan sarta watu kena diupamakake : netepake yen jagad gumelar iku ORA ANA. Pangeran ORA ANA. Kahanan siji bae ORA ANA, ORA ANA KAHANAN. Ora pisan-pisan nekseni marang ananing kahanan kabeh. Kekembangan kang endah, nyenengake, arum gandane, dialembana ing Manungsa sarta disawang dening para luhur ana ing tengahing meja marmer, ora pisan-pisan bisa ngreti yen dheweke ana, ora nyana disenengi lan dialembana. Padha bae karo wayang, kayata : Janaka, ditonton sarta disawang wong akeh, nanging kang disawang mau ora sumurup yen ana. Ora kanggonan ing bungah susah lan lara kapenak. Nanging peteng ndhedhet limengan. Ora ngreti apa-apa. Ora ngrasakake panandhang, lan ora ngrasa marang nikmat lan mupangat.

V. YEN KAHANAN JATI ngilo nganggo Pramana sajati (sipat maknawiyah), kajaten katon sawungkuling Sipat kang nyata sanyata-nyatane ing Pangeran piyambak. ($)

---

($). Kodrat, Iradat, sapanunggalane, (kang kasebut ing dhuwur mau) ka-aranan sipat mangani, yaiku kang awujud jirim. Dene : kodiran muridan sapanunggalane : karanan sipat maknawiyah, awor karo “DZAT” (bangsa kang ukuran kaping IV, kapratelakake ing layang Jatimuri).

...@@@... BAB XIV

TERANG GAMBLANGE KANG ARAN DIRI

Dalam dokumen serat wewadining rasa (Halaman 57-60)