• Tidak ada hasil yang ditemukan

TEGESE MUNGGAH ING SWARGA

Dalam dokumen serat wewadining rasa (Halaman 39-46)

BAB RASA KASWARGAN ASOR KANG SOK MENCUNGUL ING DONYA

2. TEGESE MUNGGAH ING SWARGA

Tetembungan ANA ING SWARGA iku, tembung ANA ING, sajatine ora ateges manggon. Tetembungan MUNGGAH SWARGA iku tembunge MUNGGAH, ora ateges marani panggonan sing ana sa-dhuwure. Tetembungan TUMURUN ING DONYA, iku tumurune ora ateges teka saka ing panggonan kang dhuwur menyang panggonan sa-ngisore.

Ana ing swarga iku ateges kang sejati : dhiri kang lagi kalimputan ing rasa kaswargan (rasa adhem lan padhang), jalaran rasa KASWARGANE kandel banget, ngorupi (nglimputi) marang rasa kajasmanian.

Rasa kajasmanian kalimputan ing rasa kaswargan, iku tegese : rasa kajasmanian mau ya isih rinasakake ALUSE, nanging mung rinasa DADI UBARAMPENE utawa WEWENGKONE bae, ora rinasa dadi LUGUNING AWAK (DHASARE). Kang rinasa dadi BAKUNING BADAN, yaiku rasa adhem lan padhang (adheming ati, padhanging engetan).

Terange prekara iku, nganggo tuladha mangkene :

Ngupamakna wong nganggo tesmak abang, samubarang kang dinulu katone abang kabeh, warna abang iku DHASARING PANDULUNE, iku upamakna dhasaring rasa kaswargan. Sanajan dhasare mau ABANG nanging ora ateges ndulu godhong katon abang thok, isih ana ijone, nanging ijone semu abang. Barang kang putih dadi putih semu bang. Kang kuning dadi kuning semu abang. Mangkono sapiturute, sebab dhasaring pandulu : ABANG. Rasa dhasar tansah kasaklira tanpa pegat, nanging rasa liya-liyane, mung kala-kala krasane, kaya dene abang mungguhing wong nganggo tesmak abang : ora pegat-pegat rinasuk, nanging : ijo, putih, kuning, biru, wungu, mung kala-kala, tur mesthi kaworan abang.

Nganggo tuladha maneh :

Wong ngrasakake enaking panganan utawa omben-omben iku, lugune dhasare : PAKARTINING RASA ILAT, dudu pakartining pangganda, pandulu, pangrunggu sapanunggalane. Nanging sangsaya wuwuh enake yen kaworan PAKARTINING SANG GANDA ing sawatara, kayata : binarengake karo ngrasakake GANDANE kang arum utawa sedhep. Wuwuh maneh enake yen kawuwuhan PAKARTINING PANDULU kang weruh beciking wadhahe utuwa beciking rupane panganan mau. Wuwuh maneh yen kawoworan PAKARTINING PANGRUNGU kang ngrunggu swaraning untu sing muni kriyuk- kriyuk, .... Rasa kaswargan (adhem padhang) upamakna RASA ILAT. Rasa liya-liyane kayata : kajasmanian, kadewan, kajiman lan liya-liyane, upamakna rasaning pandulu, pangganda, pangrungu, pangenyam.

Rasa kaswargan, kadewan, kajiman, kanerakan... kabeh diaku dening rasa kajasmanian, tegese : dianggep dadi UBARAMPENING rasa kadonyan, dening WONG DONYA.

Rasa kajiman kadewan, kajasmanian .... kabeh iku diaku dening rasa kaswargan, tegese : dianggep dadi UBARAMPENING rasa kaswargan dening WONG SWARGA.

Rasa kaswargan, kanerakan, kajasmanian, kabeh diaku dening rasa kajiman, tegese : dianggep dadi UBARAMPENING rasa kajiman, dening WONG JIM. Rasa kajiman, kajasmanian, kadwan sathithik, ... kabeh diaku dening rasa kanerakan, tegese : dianggep dadi UABARAMPENING RASA KANERAKAN, dening WONG NARAKA.

Saliring rasa kang kasebut ing dhuwur mau kabeh KAWENGKU dening kajaten. DIAKU karo DIWENGKU, ora padha, bedahe kapratelakake ing buri.

KATRANGAN

Rasa kaswargan luhur ora kanggonan rasa kanerakan sathithik-thithika. Rasa kanerakan ora kanggonan rasa kaswargan luhur sathithika. ***

b. BAB KABIR

ing dhuwur mau lagi mratelakake bab ka-SAHIRAN, saiki mratelakake KAKABIRAN.

Awit dening rasa kajasmanian kalimputan ing rasa kaswargan wekasan kabiring kajasmanian (jagad donya) sirna wujude, mung kari ALUSING RASANE (sahire) bae. Sirnaning jagad donya mau sabab kelangkib (katutupan) dening jagad swarga. Awang-uwung kang tampa wates jembare, mung isi kaswargan, ora ana kadonyane. Nanging .... sarehning sahir kabiring kaswargan iku alus (bening) dadi kena kaupamakake kacaning buku kang ngemperi kacaning jandhela (gedhah). Kaweningane (pepadhange) marakake ORA MAIDO marang ananing jagad donya. Iku lire : jagad donya ana kalane katon tinonton saka jagad swarga, samangsa ana prelune, katone ana amaya-maya.

Kanggo nggampangake kanalaran iki, mangkene : ngupamakna wong ngilo nganggo kaca jendhela, ngadeg sajabane jendhela, wong mau weruh ayang- ayanganing awake dalah ayang-ayangane sakehing kahanan saburine, kayata : plataran, wit-witan, sawah, gunung. Nanging wong mau ya weruh kahanan sajroning omahe, kayata : peturon, meja, kursi, sapanunggalane, kang katone amor dadi siji karoplataran, wit-witan, sawah, gunung. Iku : yen wong mau maspadakake kahanan sajroning omah bae, mesthi ayang-ayanganing kahanan sajabaning omahe, sirna. Dene yen mung maspadakake ayang- ayange bae, mesthi kahanan sajroning omah sirna (ora katon). Kahanan sajroning omahe upamakna : BAKUNING KAHANAN ing swarga, dene ayang- ayangane ing gedhah upamakna jagad donya, tumrap panrawanganing wong swarga.

Sarehne sawiji-wijining wong swarga iku ORA PADHA PEPADHANGE, mulane ana kang cetha, ana kang maya-maya panrawangane marang jagad donya, malah ana uga ora weruh babar pisan, kagawa saka kurang weninge tingaling rasane (pramanane), yaiku kang ngalami kaswargan perangan ngisor (kasar). Sanajan kabiring jagad donya katon mung kaya ayang-ayangan ing gedhah kang tanpa rasa, utawa katutupan ing kacaning buku, .... nanging sahire (rasa kajasmanian) dirakake uga ALUSING JASMANINE. Iku tegese mangkene : rasa adhem mau ora mung kaya adheming ATINE wong donya, nanging ngiras kaya adheming awake wong donya, nanging iku aluse, ora kasar kaya rasaning jasmani kasar.

Rasa kapenak, ya ora mung kepenaking ATI, uga kepenaking RASA JASMANI ALUS kang reraketan lan rasa ati. Rasapadhang ya ora mung padhanging ENGETAN bae, nanging ngiras dadi padhanging PANDULU kang waspada. Pepadhange engetan kang ngiras dadi padhanging tingal mangkono iku, ka- aranan : Pramana.

Ringkese : Rasa kaswargan ora kelangan rasa kajasmanian. Jagad swarga ora kelangan jagad donya. Nanging rasa kajasmanian lan jagad donya ora nguripi (nglimputi), malah korup kalimputan marang sahir-kabiring kaswargan.

Dadi ing alam swarga iku, sahir kabire ora korup marang sahir kabiring kajasmanian, malah ngorup sahir kabiring kajasmanian. Ewadene sanajan kaswargan pisan, sahir iku lumrahe sok korup marang kabire.

Mung dhiri kang wus bisa sambung karo kajaten, kang sahire ora korup marang kabire. Tumrap dhiri kang wus gathuk karo kajaten, saliring kabir iku ora ngorupi, malah korup marang kajaten.

KATRANGAN

Dhiri kang wis ngalami swarga luhur, sarehne ora kanggonan ing saliring kanerakan, ora bisa nonton marang kabiring kanerakan.

Bisane nonton, mung yen banjur ngrasuk bebakalan kasar (katembungake tumurun) kayata ngrasuk bebakalaning napsu supiyah utawa jasmani. ($)

Sarehning sawarna-warnaning bebakalan ORA CETHA WATESE tumrap jinis siji karo jinis liyane, dadi antaraning ka-mutmainah-an karo kadewan, kajiman, tuwin kajasmanian : mesthi ana bebakalan minangka panggadhenge, kang awujud momoraning ka-mutmaina-an karo liyane. Momor-momorane mau mujudake rasa dhiri kang beda sesipatane, nanging akeh empere sarta gampang bisane weruh-wineruhan. Uga padha ana kabire, kang sawarna- warnane gampang bisane gegayutan. Jalaran saka iku, badan alus kang luhur- luhur mau ana warna-warna jenenge, nanging yen prakara iku dipratelakake ing kene, layang iki dadi karoncen.

($) Tumurun mau ana kang pancen saka karsa, ana kang sabab pineksa. 3. BAB TEGESE KECEMPLUNG NERAKA

KECEMPLUNG naraka, tegese : dhiri kalimputan rasa kanerakan (panas, lara) jalaran : rasa kanerakane kang lago dadi peranganing rasa dhirine kang kandel dhewe. Rasa kaswargan, kadewan, kajasmanian lan kajiman, kalimputan rasa kanerakan.

Iku tegese : rasa kajasmanian lan liya-liyane isih dirasakake, nanging rinasa dadi ubarampene bae. Apa maneh rasa kaswargane kang banget sethithike, ya banget kalimpute, kongsi ilang sipate. Luguning rasane : rasa ati LARA LAN PANAS.

Prekara iki ya kena diupamakake dhasaring pandulu kang ABANG : anggone ndulu rerupan warna-warna. Warna abang minangka rasa kanerakan, warna liya-liyane : kang minangka rasa kajiman, kajasmanian, kadewan lan kaswargan, rasa kaswargane : upamakna warna PUTIH, dinulu karo tismak abang, mesthi sirna babar pisan sipating putih.

Uga kena kaupamakake RASANING ILAT dibumboni rasaning pandulu, pangrungu, pangganda sapanunggalane.

Terang mangkene : rasa lara mau LUGUNING LARA : Laraning ati, tegese : susah, panas, bingung, muring kawatir, pegel, gemes, gething... sapanunggalane, marga ora pegat-pegat enggone, OLEH JALARAN kang marakake tuwuhing rasa kang kaya mangkono, ing atine. Nanging aja kinira mung mligi rasaning ATI kang kaya rasa atine wong donya ya ngiras rasa lara kang kaya laraning AWAKE wong donya. Iku rasa lara kang tumraping JASMANI ALUS NYEDHAKI KANERAKAN, kang kasebut ing dhuwur mau. Rasa rasaning jasmani alus kang lara mau, silara dadi ubarampining larane ati, raraketan amor dadi siji. Ora beda kahanane karo wong donya, yen atine panas, badane melu lara. Nanging tumrape kadonyan, durung sapira dayaning amarah enggone nggandeng marang rasa jasmanine, balik tmumrap kanerakan, iku rasaning amarah nglimputi marang rasa jasmanine. Rasa kaswargan asor (penginan marang kang remeh-remeh utawa bungah remeh enggal eling) iku mung kanggo nylundhingi ing sawatara marang rasane lara, lire : bungahe mung sedhela, banjur susah maneh kaworan muring lan ngresula kongsi lawas. Tur nalika bungah sadhela kaworan susah. Kala-kala dewe penginan kang banget sarta adreng. Nanging saking adreng lan bangeting kepinginan, kongsi krasa panas lan pegel, sarta sarehne tinggal nalar, banjur ora kaleksanankang dadi karepe, ndadekake cuwa, gela lan manglah kongsi lawas... tansah mangkono bae salawase ngalami jagad naraka utawa “HEL”. Ora tau bisa nyandhet marang atine enggone KUDU-KUDU NGRASAK- NGRASAKAKE SING GAWE ORA KEPENAKING ATINE, kudu-kudu muring, kudu-kudu pegel sarta gemes jalaran saka thukuling pangagas kang ala banget, nganggep ala marang kang linakonan marang sapadha-padhane tumitah. Nganggep ora adil marang pepesthen kang tumiba ing awake.

Nganggep ara adil marang pepesthen kang tumiba ing awake nuli krasa kuwatir ketir-ketir utawa bingung nar-naran, jalaran nguwatirake kadadeyan kang ora prelu dikuwatiri. Dadi salawase ngalami kanarakan, sajege tansah golek-golek kanggo disusahi, golek-golek kanggo dipegeli lan digethingi, golek-golek kanggo dikuwatiri, golek-golek kanggo dipanasi, golek-golek kanggo dilara ateni ($).

---

($) Kang golek mau ora padha ngrumangsani yen golek.

Mangkono bae selawas-lawase, ora lega yen ora golek-golek, mangka saben golek mesthi olehe, ora tau ora oleh, marga : sadhengah kang dicandhak utawa dinulu : gawe gela, susah, muring lan bingung. Rasa kadewan sethithik (angen- angen peteng) kang dumunung ing rasa kanerakan, uga rinasa mung DADI UBARAMPENING RASA kanerakan, lire mangkene : apa kang rinungu lan pinikir; mung nuwuhake gwla, susah, muring lan lara ati. Apa-apa kang dielingi dening angen-angen, mung nuwuhake panggagas sing ala, sing marakake gegethingan, cekake : tansah dirung kesusahan, lelara, pepanas, sesedih, bebingung... kang tanpa kendhat (aluwung ORA KELINGAN utawa ORA WERUH katimbang KELINGAN sarta WERUH, awit kaelingan lan kawruhe mau pakolehe mung nangekake SILARA lan SI PANAS), kabeh disengguh saka sa- jabaning rasa dhirine, ora rumasa pisan-pisan yen kabeh mau mung saka BONGGANE DHEWE. Mulane mangkono, awit kedhering bebakalan Amarah mau angel diendheg, tansah kudu makarti terusan, kang pakartine mujudake rasa lara lan panas.

Apa perlune rasa lara lan rasa panas mau digoleki ?

Apa sabab kepenak. Iku, ora sabab lara mau kapenak, mung sabab duwe watak kang ora cocog karo kapenak. Sing dicocogi rasa lara. Ora sabab panas iku krasa kapenak, mung sabab ora cocog karo adhem-adheman. Cocoge : panas-panasan. Ora sabab gegethingan iku nyegeri, mung sabab saka ora bisane nyandhet enggone KUDU-KUDU ngethingi apa-apa ing candhak- candhake. Ora sabab rasa kuwatir lan susah iku maremake, mung sabab saka EMOHE DIPENGING susah lan kuwatir. Jalaran ora cocoge karo watake.

Kajaba iku, ora nganggo NGELINGI MARANG PRELUNE. Aja maneh ing jagad naraka, yen wonge ngelingana marang kapreluan, sanajan ing jagad endi bae, akeh banget pakarti kang ora kanthi eling marang prelune. Mung kaswargan lan ing kadewan ING PERANGAN LUHUR kang tansah eling marang preluning panggawe (pakarti) kang linakon, awit wis sambung karo kajaten (tukang eling). Wong naraka mau ora mung ngira awake dhewe kang nandhang lara, pangirane wong sajagad nandgang lara lan panas kabeh, sarta wong sajagad padha gegethingan lan kiyanatan. Kajaba duwe panganggep mangkono, ya duwe panganggep yen wong sajagad kudu digethingi kabeh, jalaran kinira kalakuwane ala-ala, drengki-drengki, jail-jail.

Wong naraka ora ngreti pisan-pisan yen swarga iku ana, ora ngerti pisan-pisan yen wong becik atine iku, ana. Prakara kang mangkono iku upamakna : pangrungu ora ngerti pisan-pisan yen rerupan iku ana. Pandeleng ora ngerti pisan-pisan yen rupa lan swara iku ana. Uga padha karo wong donya kang akeh-akeh, ora ngerti pisan-pisan manawa swarga lan naraka iku ana, ora ngira sathithik-sathithika yen ajagad ka-alusan iku ana, nglimputi jagad donya. Sangsaya banget ora ngretine jagad donya iku bisa sirna wujude; kalimputan ing ananing jagad ka-alusan.

Muga-muga wong urip ing donya padha nggraita marang prakara kang kaya mangkono, supaya kadunungan ing RUMASA tuwin WEWEKA. Wasana nuwuhake pamarsudi marang nalar kabecikan.

Sarehne sawarna-warnaning bebakalam iku ORA CETHA WATES TUMRAP JINIS siji karo jinis liyane, dadi antaraning RASA KANARAKAN karo KADEWATAN lan KAJIMAN sarta KAJASMANIAN, apa dene KASWARGAN, ya ana bebakalan minangka panggandhenge, kang wujud momorane kanerakan karo liyane. Momoran-momoran mau mujudake dhiri kang beda- beda sesipatane, nanging kaeh empere sarta gampang bisane weruh- wineruhan. Uga padha ana kabire, kang sa-warna-warnane gampang bisane gegayutan (momor). Jalaran saka iki, badan alus kang asor-asor mau ya warna-warna jenenge, kayata : dhemit, hantu, banaspati, wewe, cepet, lampor, thethekan, bajag angkrik, nyai blorong, keblek, janggitan, ilu-ilu... akeh banget jinise. Kabeh kanggonan rasa kanerakan (kadunungan ing jail, drengki, panasten, dhemen gendhak sikara).

Kang nyedhaki kadonyan, watake momor karo wong donya, sabab kemelikan pangan kang arupa sarining pepanganan. Kang nyedhaki kajiman awujud jin asor kang dhemen gendhak sikara. Kang nyedhaki kadean awujud gandarwo luhur utawa bangsane dewa kang asor.

KATRANGAN

Ana stan kang salugu, ana kang mung pawakan bae, kang sabenere ya wong tunggale wong donya. Ana jim tulen, ana kang mung pawakan ( wong kajiman abadan alus).

Kang aran setan salugu iku kang BLEGERING BADANE awujud bebakalaning napsu amarah tulen. Kang aran jim lugu iku kang BLEGERING AWAKE wujud bebakalaning napsu supiyah tulen.

Kang mung pengawak badan bae, ora rumasa dadi setan utawa jin, pangakune ya manusa. Apa maneh wong kajiman kang ngedohi kanerakan sarta nyedhaki kadonyan, ora pisan-pisan rumasa jin utawa weri, jalaran sabarang prakarane ora beda karo wong donya. Malah wong kajiman kang luhur, rumasa luwih luhur lan mulya katimbang wong donya, marga kadunungan ing kaluwihan, kasekten lan panrawangan.

Kabeh kang mung pawakan bae : kadadeyan saka manungsa ing donya, kang isih kandheg. (1).

--- (1). Durung tutug lelakone.

Ing dhuwur mau mratelakake bab kanalaran utawa sabab-sababe manungsa ngalami kadonyan, kaswargan lan kanerakan.

Kang ngalami kajiman, jalarane ya marga kanggonan ing bebakalan napsu supiyah kang kandel. Kang ngalami kadewan, sabab kadunungan ing bebakalaning angen-angen luhur kang kandel, banjur ngranggoni kawicaksanan, kawaskitan lan kawaspadan apa dene kasekten.

Manungsa kang ngalami jagading jin, ora ana bedane karo manungsa ing donya. Ya wujude, ya engetane, ya watek-wateke, ya kasenengane lan liya- liyane : nyampleng wong donya, sarta kahanane ing saben bangsa ya miturut kabangsane wong donya ing kono. Kabeh ora rumangsa ngalami alaming jin, apa maneh yen gelema diarani jin.

Dene kang ngalami kadewan bedane karo kang ngalami jin iku mung sabab luwih luhur, marga luwih padhang nalare.

Bangsa dewa kang akeh-akeh rumeksa marang kaslametane manungsa ing donya, sabab rumangsa dadi leluhur utawa pepundhene. Apa maneh kang dewa kang luhur sarta kandel ka-mutmainahane. Aja maneh kang ngalami kadewan, sanajan kang ngalami jin, akeh kang padha becik bebudene, rumeksa marang wong donya, sabab rumasa dadi leluhur utawa pepundhene. Nanging... sarehne momoran-momoran mau ana kaduk kamutmainah-an sarta ana kang kadhuk kanerakan (ora beda karo wong donya), dadi dewa utawa jin-a, ya mesthi ana luhur ana asor.

Dewa luhur kang lugu ngenggoni sajatining dewa; ginambar ing wayang kang aran Bathara Guru. Kang sambung lan budi : ginambar ing wayang aran Bathara Narada. Kang wis nunggal misah karo kasunyatan, ginambar : SANG HYANG WENANG utawa SANG HYANG TUNGGAL. Kang kandel ka- mutmainahane sarta sambung karo rasa sejati, gimabar : Bathara Wisnu. Kang sambung lan kaswargan madya, ginambar : Bathari Durga (kang ngerehake lelembut ing pasetran ganda mayit). Kang sambung lan ka- lumawahan gunambar : Bathara Kala. (2) ... lan liya-liyane.

---

(2). Bathara Kala – Dewa kang kadadeyan saka luwamahing Dewa. RASA LELIMA

Angka 1 :

Ing alam donya : dhasaring rasane : RASANING JASMANI. Dene rasa liya- liyane kang papat, (kadewatan, ka-mutmainahan, kajiman, kanerakan) uga

mecungul ing donyo sarta dadi ubarampening rasa kajasmanian, nanging ORA DIANGGEP WUJUDING BADANE dening wong donya. Kang dianggep wujuding badane : bebakalaning Jasmani.

Angka 2 :

Ing swarga, dhasaring rasane : RASA ATI adhem padhang. Rasa liya-liyane kang papat uga mecungul ing swarga sarta dadi ubarampening rasa kaswargan, nanging ORA DIANGGEP WUJUDING BADANE dening wong swarga. Kang dianggep wujude : bebakalaning Mutmainah.

Angka 3 :

Ing naraka dhasaring rasane : RASA ATI lara lan panas. Rasa liya-liyane kang papat ung mancungul ing naraka, sarta dadi ubarampening rasa kaneraklan, nanging ORA DIANGGEP WUJUDING BADANE dening wong naraka. Kang dianggep wujude : bebakalaning Amarah.

Angka 4 :

Ing jagading jin, dhasaring rasane : RASA ATI seneng utawa bungah. Rasa liya-liyane kang papat uga mencungul ing jagading jin, sarta dadi ubarampening rasa kajiman, nanging ORA DIANGGEP WUJUDING BADANE, dening wong jin. Kang dianggep wujude : bebakalaning Supiyah.

Angka 5 :

Jagading dewa, rasa dhasare : RASANING ENGETAN. Rasa liya-liyane kang papat uga mancungul ing jagading dewa, sarta dadi ubarampening rasa kadewan, nanging ORA DIANGGEP WUJUDING BADANE dening wong dewa. Kang dianggep wujude : bebakalaning Angen-angen. (1)

Rasa limang warna ing duwur mau, dak arani PANCAINDRIYA, tegese : rasa lelima. Ing sabanjure yen ing layang iki ana tembung “pancaindriya”, karepe : rasa lelima kang kasebut ing duwur mau dalah bebakalane.

---

(1). Bebakalan warna-warna kang kasebut mau tumraping kajaten : dudu wujud, mung kedher (panguwasaning kajaten) kang bisa maujud dadi bebakalan (stof = anasir).

Dalam dokumen serat wewadining rasa (Halaman 39-46)