• Tidak ada hasil yang ditemukan

EMPAN – PAKAN – MEMPAN

Dalam dokumen serat wewadining rasa (Halaman 48-51)

a. Wong ngempakake geni, iku tegese : wong mau MAKARTEKAKE geni. Pakartining geni arane : murub utawa mengangah. Dadi wong mau agawe, murih genine murub utawa menganggah.

Geni mau supaya MAKARTI nganggo lantaran PAKAN. Pakane : kayu garing utawa lenga. Kayu garing utawa lenga iku dadi LANTARANE MAKARTINE sigeni.

Kayu teles, diempakake ORA MEMPAN. Tegese : ORA KALEKSANAN MAKARTI marga dilantari kayu teles. Kayu garing diempakake ing geni, mempan, tegese kaleksanan sigeni MAKARTI rehne dilantari kayu garing. D A D I :

Empan, tegese : pakartine.

Pakan, tegese : lantaraning makarti. Mempan, tegese : makarti mawa lantaran.

b. Wong ngempakake pandulu, tegese : wong mau MAKARTEKAKE pandulu. Pakartining pandulu arane NDULU. Dadi wong mau agawe murih pandulune ndulu (pandelenge ndeleng).

Pandulu mau supaya makarti, nganggo lantaran PAKAN. Pakane : rerupan, kayata rupaning kembang iku kang dadi LANTARAN MAKARTINE si-pandulu. Barang ing pepeteng; diumpamakake ORA MEMPAN. Tegese ; pandulu ORA KALEKSANAN MAKARTI dilantari barang ing pepeteng. Barang ing pepadhang diempakake ing pandulu, mempan, tegese : kaleksanan si-pandulu mau MAKARTI dilantari barang ing pepadhang.

Empaning pandulu, tegese : makartining pandulu. Pakaning pandulu, tegese : rerupan kang dinulu.

Mempaning pandulu, tegese : makartining pandulu lantaran rerupan.

c. Murid ngempakake pikiran, tegese : murid mau MAKARTEKAKE pikiran. Pakartining pikiran arane : MIKIR. Dadi murid mau agawe, murih pikirane mikir. Supaya pikiraning murid mau makarti, ya nganggo lantaran PAKAN. Pakane : samubarang kang dipikir, kayata : etungan. Etungan mau dadi lantaran makartine si-pikiran.

Etungan kang kangelan, (kayata : Aljabar diwulangake marang bocak cilik) ora mempan. Tegese : ora kaleksanan makarti dilantari Aljabar, marga ora runtut karo pikirane bocak cilik. Etungan kang murwat karo pikirane kang etung diempakake, mempan, tegese : kaleksanan pikiraning bocah makarti dilantari etungan kang murwat.

d. Wong ngempakake pangrasa ilat, tegese wong mau MAKARTEKAKE pangrasa ilat. Pakartining pangrasa ilat aran : NGRASAKAKE PEPANGANAN. Dadi wong mau AGAWE murih pangrasa ilate NGRASAKAKE.

Supaya pangrasa ilat mau makarti, ya nganggo lantaran pakan. Pakane, panganan, upama : gedhang iku dadi lantaran makartine si-pangrasa ilat.

Panganan kang ora diarepi, diempakake : ORA DOYAN. Ora doyan iku tegese : ORA MEMPAN tumraping pangrasa ilat. Dadi ORA KALEKSANAN MAKARTI dilantari panganan kang ora diarepi. Gedhang diempakake : doyan, tegese : MEMPAN utawa KALEKSANAN MAKARTI dilantarai gedhang.

e. wong ngempakake napsu Mutmainah, tegese : wong mau makartekake napsu Mutmainahe. Pakartining napsu Mutmainah iku, ngrasakake beciking Pangeran utawa titahe. (Ngrasa suka sukur utawa duwe panarima). Dadi wong mau agawe murih Mutmainahe ngrasa suka sukur, marang Pangeran, utawa nduweni panarima marang sapadha-padha tumitah.

Supaya Mutmainah mau makarti, ya nganggo lantaran pakan. Pakane : kawruh Maha Murah lan Maha Asihing Pangeran utawa kabecikaning titah.

Kawruh Maha Murah, Maha Asih sarta kabecikan mau kang dadi lantaran makartekake Mutmainah. Mutmainah banjur ngrasakake kaluhuraning Pangeran. Utawa nindakake panggawe kang salaras karo kasukurane.

Panyana la utawa kliru marang Pangeran lan sapapadhaning tumitah, diempakake ing Mutmainah, ora mempan (ora doyan), tegese : Mutmainah ora kaleksanan makarti dilantari panyana ala. Nanging yen panganggep becik mempan (doyan).

f. wong ngempakake bapsu Amarah, tegese : wong mau makartekake napsu Amarah. Makartining napsu Amarah, panyana ala marang Pangeran lan titah, wujude : ngresula, manglah, gegethingan, muring, pansaten... Dadi wong gawe murih Amarahe ngrasakake panyana kang kleru.

Supaya amarah mau makarti, nagnggo lantaran pakan. Pakane : panggawe ala utawa sasar, (panggawe kang asale saka setan, kang kasandhang ing Manungsa). Panggawening setan (panggawe kang nyulayani kapangeranan), dadi lantaran makartine si Amarah.

Panggawe becik lan bener (sarujuk lan Rasa Budi) diempakake ing Amarah, ora mempan (ora doyan). Tegese : ora kaleksanan si-Amarah makarti dilantari panggawe kang rujuk karo Budi Rasa. Nanging yen sarujuk karo watak kasetanan : mempan (doyan).

g. Wong ngempakake napsu Supiyah, tegese : wong mau makartekake napsu Supiyah. Pakartining Supiyah kang luhur, karem ngrasakake kabagusaning Alam kang luhur. Supiyah kang asor, karem kabagusaning Alam kang asor. Dadi wong mau agawe kareming Supiyah marang kabagusaning Alam, (kabagusan luhur utawa asor).

Supaya Supiyah kang luhur makarti, ya nganggo lantaran, pakane : kabagusan kang luhur. Supaya Supiyah kang asor makarti. Pakane : kabagusan kang asor. Kabagusan asor, dadi lantaran makartine Supiyah asor.

SUPIYAH LUHUR diempani KABAGUSAN ASOR : kurang mempan. SUPIYAH ASOR diempani KABAGUSAN LUHUR : kurang mempan. SUPIYAH LUHUR diempani pakananing Amarah : kurang mempan. SUPIYAH ASOR diempani pakaning Amarah : mempan.

SUPIYAH LUHUR diempani pakaning Mutmainah : mempan. SUPIYAH ASOR diempani pakaning Mutmainah : kurang mempan. SUPIYAH ASOR diempani pakaning Amarah : mempan.

MUTMAINAH diempani pakaning Supiyah luhur : mempan.

MUTMAINAH diempani pakaning Supiyah asor : kurang mempan. MUTMAINAH diempani pakaning Amarah : ora mempan.

Dadi Supiyah luhur iku salaras karo Mutmainah. Iku tegese : wong ngrasake kabagusan luhur (kaendahan) iku narik marang pakartine Mutmainah. Mangkono uga tetimbangane : ngrasakake rasa bekti iku narik marang rasa kabagusan luhur. Ringkese : RASA KAENDAHAN LUHUR iku tarik-tinarik karo RASA BEKTI. (1).

Kosokbaline : ngrasakake marang barang kang elek, (jelek) iku narik marang Amarah (gela, muring). Iku pakartining Supiyah asor.

Sarehne Supiyah asor kurang mempan marang Mutmainah dadi mempane Amarah.

RASA : dipakani rahsa kang alus : mempan. Dipakani rahsa kang kurang alus : kurang mempan. Dipakani rahsa asor ora : mempan.

---

(1). Rasa kaendahan (shoonbeidsgevoel) tarik-tinarik karo alusing bebuden. ANCASING SEMADI

Ancasing semadi iku ngempakake rahsa alus marang RASA, utawa ngempakake angen-angen alus marang Budi.

Kena uga ka-aranan ngempakake RASA marang rahsa kang alus, utawa BUDI marang ANGEN-ANGEN ALUS.

Katembungake liya, nepungake PANCADRIYA KANG ALUS, marang : WEWENGKONING KAJATEN.

Supaya wewengkoning kajaten mempan marang alusing pancadriya, utawa alusing pacadriya mempan marang wewengkoning kajaten, ... karo-karone kudu ngemperi.

Manawa rahsa durung lerem sarta angen-angen durung ening, diempakna rambah-rambah ora mempan. Ewa dene yen ditlateni bae enggone ngempakake, sangsaya lawas sangsaya nyedhaki marang mempane.

NGURIP - URIP

Dalam dokumen serat wewadining rasa (Halaman 48-51)