• Tidak ada hasil yang ditemukan

BAB PANGILON LAN AYANG-AYANGAN Ingsun, ya kahanan kang sajati.

Dalam dokumen serat wewadining rasa (Halaman 53-57)

Sajatine ora ana kahanan maneh, mung INGSUN kang ana. Kahanan jati kagungan sipat.

Sipating kahanan jati, yen ginelar, tanpa wates jinise lan wilangane. Gelaraning sipat, uga ka-aranan ayang-ayangan.

Endi ta : ayang-ayangane? Endi ta : pangilone?

Kang diarani ayang-ayangane, yaiku SALIRING SAHIR KABIR. Dene pangilone, iku cekake : mung Pangeran piyambak kang priksa.

Sanajan roh suci, ing jagad ka-alusan kang luwih dening luhur, YEN SAHIR ISIH KORUP MARANG KABIRE, ya durung nyata marang pangilon sajati. Wujude pangilon sajati : WUNGWANG, tanpa apa-apa.

Dadi pantes yen diaranana : ORA ANA, dening sadhengah makhluk. Ora beda karo ORA ANANING RERUPAN : Tumrap pangilon bening. Dadi kang ora ana : RURUPANE. Nanging pangilone : A N A.

Pangilon sajati : SIJI, nanging tanpa wates wilangane lan jinise.

Siji kang tanpa wates cacahe mau disengguh : ORA ANA tumraping ngaurip, kang sahire kurup marang kabire. Ora ana iku lire : dudu bangsaning wujud lan dudu bangsaning rasa. Marga : pangilon mau sajatine mung : DAYA TUNGGAL.

Daya tunggal, yaiku : LARASING KEDHER KODRAT KANG SALARAS (4). Ya daya tunggal mau kang mratelakake ananing rasa lan wujud (sahir kabir). ---

($). Kedher Kodrat : Caraning Kodrat Makarti.

Sadhengah kang nunggal daya, ya nunggal rasa, nunggal kawruh, banjur ka- aranan nunggal alam. Kayata : pandulu padha pandulu : iku nunggal daya nunggal alam. Kawengku ing daya tunggal : SAJINIS (salaras), dadi pandulu iku nunggal rasa nunggal kawruh karo sapadhaning pandulu. Ora nunggal rasa lan kawruh : karo pangrungu utawa pangambu. Dado pandulu karo pandulu : nunggal alam. Pandulu karo pangrungu : ora nunggal alam.

WARNA-WARNANING pangalaman, iku gumantung marang WARNA WARNANING daya tunggal (warna-warnaning CARA PAMAKARTINING kodrat).

Pangalamaning wong donya BEDA karo pangalamaning jin, BEDA karo pangalamaning eblis, BEDA karo pangalamaning dewa... lan liya-liyane, iku sabab saka BEDA-BEDANING daya tunggal mau.

Daya tunggal-daya tunggal, kang tanpa wates jinise lan wilangane mau kawengku ana ing kahanan jati, kang pamengkune iku kaya dene buku mengku marang kacane kabeh.

Bener banget pamilihe tembung KACA : kang ateges pangilon : Bener maneh pamilihe tembung rasa kang tumrap rasaning kaca (pangilon) awit dadi pepindhane RASA : kang tumrap ing pangilon jati. Mengkono maneh cahyaning pangilon Rasa : kang tumrap ing pangilon jati. Mengkono maneh cahyaning pangilon dadi pepindhane cahyaning RASA ($).

Bokmanawa kang maca iki durung tampa (ngreti) marang pratelan ing dhuwur iku, ing ngisor iki panuntun murih bisa ngrasakake selehing panampa mungguh lungguhing ayang-ayang.

($). Tetela kabeh kang gumelar iki, dadi tuladha lan sasmita tumrap marang kang awas. Ya dadi seksi anane kang nitahake, ya dadi piranti panggayuhing manusa, ya dadi katranganing pambudi.

TULADHA - TULADHA

I. YEN kahanan jati NGILO nganggo alam kodhok, kajaten katone sako ing kono mujudake : DHIRINING KODHOK, yaiku : ENGETAN RASA, PANGRASA BADANING KODHOK.

Engetan utawa pangrasaning kodhok mau : SAHIR tumrap alam kodhok. Dene KABIRE : yaiku arupa blumbang, lemah, suket, banyu, hawa, padhange srengenge... dalah wadhahe si kodhok dewe.

Sarehne si-kodhok, sahire koru[ marang kabire, mangka kabire iku KAWUJUDAN ING DONYA KANG WADHAG, dadi INGSUN KANG NGLUNGGUHI KAJATEN, katone saka alam kodhok, iya wujud raganing kodhok : SIJI, yaiku awak kang kasengguh nduweni engetan lan rasa pangrasa, sanajan satemene DUDU RAGANE kang marakake kelingan lan bisa ngrasakake.

Wilangan : SIJI, kang tumrap badaning kodhok kang nduweni engetan lan rasa pangrasa mau : ayang-ayanganing KASAWIJENING PANGERAN.

Kawruh kodhok (enggone ngreti lan weruh marang kahanan sakubenge lan enggone ngrasakake rasaning kahanan kang kena dirasakake ing kodhok). Iku ya ayang-ayanganing NGELMUNE Pangeran.

Solah tingkah muna-munining kodhok, dadi ayang-ayangan ing PAKARTINE Pangeran.

Dadi : pangiloning kajaten, kang dienggo ngilo sahir kabiring kodhok iku pangilon goroh, awit kahanan jati ora kaya mangkono.

Pangilon kang mangkono iku peteng tur geseh wanguning ayang-ayangane katimbang karo kanyatane kang ngilo. Kena di umpamakake : wong ngilo nganggo gendhul (botol) ireng, kang raene legak legok. Kajaba peteng (ora terang) ya geseh banget karo nyatane.

Dadi kang jeneng ayang-ayangan mau : ENGETAN DALAH RASA PANGRASANING KODHOK, apa dene KAWRUHE marang jagad.

GUMELARING JAGAD kang diweruhi nganggo engetan dalah rasa pangrasaning kodhok mau : iya wis kalebu ing ayang-ayangan kang katon sajroning pangilon sajinis, kang aran alam kakodhokan.

Engetan dalah rasa pangrasaning kodhok (kang dianggo ngawruhi ananing jagad dalah ananing awake) iku SAHIRING alam ka-kodhokan. Dene jagad

donya (kang diweruhi nganggo engetan lan rasa pangrasa) iku : KABIRING alam ka-kodhok-an.

Sahir tuwin kabiring alam kakodhokan mau, karo-karone ayang-ayanganing kahanan jati, kang katon ing pangilon goroh lan peteng, yaiku pangilon kang aran alam kakodhokan, iya martabat kakodhokan, iya daya tunggal sajinis (salaras) kang nganakake sahir kabiring kodhok.

KANG NGILO : KAHANAN JATI

Kang dienggo ngilo : daya tunggal sajinis, kang aran alam kakodhokan utawa martabat kodhok.

Dene ayang-ayangane yaiku rasa pangrasaning kodhok dalah kawruhing kodhok marang gumelaring donya.

Sahiring kodhok prenahe ing BATINING KABIRE. Pangilone kajaten prenahe ing BATINING SAHIRE kodhok. Kajaten kang ngilo pernahe : ing BATINING pangilon jati ($).

---

($). Tegesing tembung LAHIR sarta BATIN, katerangake ing bab 15.****

II. Yen kahanan jati ngilo nganggo alam manusa (wong donya), kajaten katone saka ing kono awujud : DHIRINE WONG DONYA, yaiku : ENGETAN + RASA PANGRASA BADAN WADHAGE wong donya.

Engetan sarta pangrasaning wong donya mau SAHIR tumrap alam manungsa. Dene KABIRE, yaiku : arupa bumi langit saisen-isene kabeh, kapetung dalah BEGOGOKING BADANE wong mau.

Mulane kahanan kang kaya mangkono diarani AYANG-AYANGANING KAHANAN JATI, awit kahanan kaya mangkono mau DISENGGUH KAHANAN KANG TEMENAN, dening wong donya.

Sarehne wong donya iku sahire korup marang kabire, mangka kabire mau KAWUJUDAN ING DONYA KANG WADHAG, Adadi : INGSUN KANG NGLUNGGUHI KAJATEN, katone saka alam manungsa iya wujud RAGANING wong donya : SIJI, yaiku awake kang disengguh nduweni engetan lan rasa pangrasa (sanajan satemene DUDU SI-RAGA kang marakake bisa kelingan lan bisa ngrasakake iku).

Wong donya padha nduweni panganggep, yen dhirine iku MUNG SIJI, kayata : wong kang aran si-Suta (dhewekw) iku sajagah mung ana siji thok.

Dhiri kang diarani nganggo tembung AKU dening si-Suta, sajagad mung ana siji thok. Iku ayang-ayangan INGSUN.

Mungguh RASANING WILANGAN SIJI KANG TUMRAPING DHIRINE : iku ayang-ayanganing KASAWIJENE KAHANAN JATI (INGSUN).

Kawruhe si-Suta (lire : OLEH-OLEHANE saka enggone ngreti, ndulu lan ngrasakake lelawanan karo isining jagad) iku dadi ayang-ayangan NGELMUNING PANGERAN utawa KAWRUHING PANGERAN.

URIPING PANCADRIYANE si-Suta : iku dadi ayang-ayangane GESANGING Pangeran. (Uriping wong yen katandhing lan gesanging Pangeran, iku pepindhane : uriping arloji katandhing uriping wong. Uriping wong iku mung “loop” dene matine “staal stil” tumrap Gesanging Pangeran).

Solah tingkah muna-munining wong donya : dadi ayang-ayanganing PAKARTINE PANGERAN. (Pakartining Pangeran yaiku enggone nganakake sakabehing daya tunggal utawa kedher kodrat, kang banjur mujudake sakabehing sahir kabir).

Dadi : pangilon kajaten kang ayang-ayangane arupa sahir kabire si Suta iku, pangilon goroh, awit kahanan jati ora kaya mangkono nyatane. Pangilon kang mangkono iku peteng tur WANGUNING AYANG-AYANGANE GESEH KARO SABENERE, nanging luwih terang yen katimbang pangilon kang ayang- ayangane arupa sahir kabiring kodhok. Iku kena diupamakake wong ngilo nganggo raening gendhul kang ora pati ireng lan ora pati legak-legok.

Dadi jeneng ayang-ayangan iku ENGETAN DALAH RASA PANGRASANE SI SUTA, apa dene KAWRUHE si Suta marang jagad.

Kawruh (oleh-olehaning ngawruhi) marang gumelaring jagad kawruh kang cumithak ing dhirine : iya wis kalebu (kapetung) ayang-ayangan, ... Ayang- ayangan sajeroning pangilon sajinis, ... pangilon sajinis kang aran alam manungsa mau, ringkese : KANG DIANGGO NGAWRUHI + KANG DIWERUHI + KAWRUHE (sahir kabire) ayang-ayangan sajroning pangilon sajinis, iya pangilon kang aran alam Kamanungsan, iya martabat kamanungsan, iya daya tunggal sajinis, (salaras) kang nganakake sahir kabire si Suta mau.

Dalam dokumen serat wewadining rasa (Halaman 53-57)