• Tidak ada hasil yang ditemukan

SERAT WIRAYAT JATI serat wirayat jati

N/A
N/A
Protected

Academic year: 2017

Membagikan "SERAT WIRAYAT JATI serat wirayat jati"

Copied!
3
0
0

Teks penuh

(1)

www.alangalangkuAmitir.wordpress.com

Oleh : Mas Kumitir 1

www.alangalangkumitir.wordpress.com Oleh : Mas Kumitir

W IRA Y A T JA TI

Program digital ini dikembangkan untuk melestarikan dalam mendukung proses pelestarian sastra daerah di Indonesia. Hasil dari program digital ini berupa karya sastra Jawa yang disalin dalam bentuk teks digital format pdf. Semoga tujuan blog www.alangalangkumitir.wordpress.com adalah menjadi salah satu sumber digital karya-karya sastra Jawa dapat dibaca, ditelusuri atau diunduh oleh para sutrisna budaya ataupun masyarakat secara bebas.

Salam asah asih asuh. Nuwun.

@@@

Anênggih punika pituduh ingkang sanyata, anggêlarakên dunung lan pangkating kawruh kasampurnan, winiwih saking pamêjangipun para wicaksana ing Nungsa Jawi, karsa ambuka pitêdah kasajatining kawruh kasampurnan, tutuladhan saking Kitab Tasawuf, panggêlaring wêjangan wau thukul saking kawêningan raosing panggalih, inggih cipta sasmitaning Pangeran, rinilan ambuka wêdharing pangandikaning Pangeran dhatêng N. Musa, Kalamolah, ingkang suraosipun makatên: Ing sabênêr-bênêre manungsa iku kanyatahaning Pangeran, lan Pangeran iku mung sawiji.

Pangandikaning Pangeran ingkang makatên wau, inggih punika ingkang kawêdharakên dening para gurunadi dhatêng para ingkang sami katarimah puruitanipun. Dene wontên kawruh wau, lajêng kadhapuk 8 papangkatan, sarta pamêjanganipun sarana kawisikakên ing talingan kiwa. Mangêrtosipun asung pêpengêt bilih wêdharing kawruh kasampurnan, punika botên

kenging kawêjangakên dhatêng sok tiyanga, dene kengingipun

kawêjangakên, namung dhatêng tiyang ingkang sampun pinaringan ilhaming Pangeran, têgêsipun tiyang ingkang sampun tinarbuka papadhanging budi pangangên-angênipun (ciptanipun).

(2)

www.alangalangkuAmitir.wordpress.com

Oleh : Mas Kumitir 2

www.alangalangkumitir.wordpress.com Oleh : Mas Kumitir

botên kenging kangge wiraosan kaliyan tiyang ingkang dereng nunggil raos, inggih ingkang dereng kêparêng angsal ilhaming Pangeran. Hewa dene sanadyana kangge wiraosing kaliyan tiyang ingkang dereng nunggil raos, wêdaling pangandika ugi mawia dudugi lan pramayogi, mangêrtosipun kêdah angen mangsa lan êmpan papan saha sinamun ing lulungidaning basa.

Mênggah wontêning wêwêjangan 8 pangkat wau, kados ing ngandhap punika:

I

. 1. Wêwêjangan ingkang rumiyin, dipun wastani: pitêdahan wahananing

Pangeran, sasadan pangandikanipun Pangeran dhatêng N.

Mohammad s.a.w. Makatên pangandikanipun: Sajatine ora ana apa-apa, awit duk maksih awang-uwung durung ana sawiji-wiji, kang ana dhihin iku ingsun, ora ana Pangeran anging ingsun sajatine kang urip luwih suci, anartani warna aran lan pakartiningsun (dat, sipat, asma, afngal).

2. Mênggah dunungipun makatên: kang binasakake angandika ora ana Pangeran anging ingsun, sajatine urip kang luwih suci, sajatosipun inggih gêsang kita punika rinasuk dening Pangeran kita, mênggahing warna nama lan pakarti kita, punika sadaya saking purbawisesaning Pangeran kita, inggih kang sinuksma, têtêp tintêtêpan, inggih kang misesa, inggih kang manuksma, umpami surya lan sunaripun, mabên lan manisipun, sayêkti botên sagêd den pisaha.

II.

1. Wêwêjangan ingkang kaping kalih, dipun wastani: Pambuka

kahananing Pangeran, pamêjangipun amarahakên papangkatan adêging gêsang kita dumunung ing dalêm 7 kahanan, sasadan pangandikanipun Pangeran dhatêng N. Mohammad s.a.w. Makatên pangandikanipun: Satuhune ingsun Pangeran sajati, lan kawasan anitahakên sawiji-wiji, dadi padha sanalika saka karsa lan pêpêsteningsun, ing kono kanyatahane gumêlaring karsa lan pakartiningsun, kang dadi pratandha.

2. Kang dhihin, ingsun gumana ing dalêm awang-uwung kang tanpa wiwitan tanpa wêkasan, iya iku alam ingsun kang maksih piningit.

(3)

www.alangalangkuAmitir.wordpress.com

Oleh : Mas Kumitir 3

www.alangalangkumitir.wordpress.com Oleh : Mas Kumitir

4. Kaping têlu, ingsun anganakake wawayangan minangka panuksma lan dadi rahsaningsun, dumunung ana ing alam pambabaraning wiji.

5. Kaping pat, ingsun anganakake suksma minangka dadi pratandha kauripaningsun, dumunung ana ing alaming gêtih.

6. Kaping lima, ingsun anganakake angên-angên kang uga dadi warnaningsun, ana ing dalêm alam kang lagi kêna kaumpamaake bae.

7. Kaping ênêm, ingsun anganakake budi, kang minangka kanyatahan pêncaring angên-angên kang dumunung ana ing dalêm alaming badan alus.

Referensi

Dokumen terkait

Kang kaping pitu, isih sajroning alam Uluhiyah, tanpa kira-kira padange, ing kono ora katon apa-apa, amung cahya gumilang tanpa wewayangan, iku Dzating atma,

// natèng Kumbina tatanya / mring Arjuna adhimu si Rugmini / apa durung sira lampus / Arjuna aturira / inggih déréng wit datan ana kang dhawuh / saking paduka sang nata /

Mengkene salamete : kang tan kinarsaken awangawang kang tan ana kadjatine; kang kinarsaken awangawang kang ana kajatine, mapan sira pangeran andadeken saniskaraning

Pamrayoga saka panaliten iki, yaiku (1) guru mata pelajaran bahasa Jawa bisaa luwih inovatif ana ing pasinaon supaya ora mboseni, (2) cara kang ditindakake panaliti bisa

Wiyose salat kang pundi, kang tinakokaken ika, ing guru kang luwih kaot, pan dudu mahkluk punika, nenggih wiyosing salat, jatine kalek puniku, kang ngucap alahu

Salat gaib rasa jati, konjuk mring Gusti Allah, Hyang Widi mengku gaibe, tan arsa ginunggung jalma, ngesti nggunggung Pangeran, iku sujud kang satuhu,

Rakitan pratelan luwih utawa ora lumrah kedadeyan ing ukara camboran sungsun kang ukara gatra pange mratelakake ora ngowahi apa-apa kang kaandharake ing ukara

Pituturé Simbah Hana kang katon ora luwih beja tinimbang sira nanging katon luwih bagya, iku amarga bisa legawa lan narima kabèh paringané Kang Maha Kuwasa... Pituturé Simbah Kang