• Tidak ada hasil yang ditemukan

SUMBER BELAJAR PENUNJANG PLPG 2017 MATA PELAJARAN/PAKET KEAHLIAN BAHASA JAWA BAB II PARAMASASTRA LAN PENGETRAPANE

N/A
N/A
Protected

Academic year: 2021

Membagikan "SUMBER BELAJAR PENUNJANG PLPG 2017 MATA PELAJARAN/PAKET KEAHLIAN BAHASA JAWA BAB II PARAMASASTRA LAN PENGETRAPANE"

Copied!
33
0
0

Teks penuh

(1)

SUMBER BELAJAR PENUNJANG PLPG 2017

MATA PELAJARAN/PAKET KEAHLIAN

BAHASA JAWA

BAB II

PARAMASASTRA LAN PENGETRAPANE

OLEH:

DRA. SRI SULISTIANI, M.Pd.

DRA. SUWARNI, M.Pd.

DRS. SUGENG ADIPITOYO, M.Si.

DR. SURANA, M.Hum.

KEMENTERIAN PENDIDIKAN DAN KEBUDAYAAN

DIREKTORAT JENDERAL GURU DAN TENAGA KEPENDIDIKAN

2017

(2)

1

KISI-KISI DAN BAHAN AJAR No. Kompeten

si Utama

Standar Kompetensi Guru (SKG) Indikator Pencapaian Kompetensi (IPK) Materi pokok Kompetensi Inti Guru (KI) Kompetensi Guru Mata Pelajaran (KD) A B C D E F 1. Profesional Menguasai materi, struktur, konsep, dan pola pikir keilmuan yang mendukung mata pelajaran yang diampu.

Menguasai dasar-dasar dan kaidah bahasa Jawa sebagai rujukan penggunaan bahasa Jawa yang baik dan benar.

Mengidentifikasi jenis tembung rangkep Tembung rangkep 2. Profesional Menguasai materi, struktur, konsep, dan pola pikir keilmuan yang mendukung mata pelajaran yang diampu.

Menguasai dasar-dasar dan kaidah bahasa Jawa sebagai rujukan penggunaan bahasa Jawa yang baik dan benar.

Menerapkan tembung dwipurwa dalam kalimat bahasa Jawa Tembung dwipurwa 3. Profesional Menguasai materi, struktur, konsep, dan pola pikir keilmuan yang mendukung mata pelajaran yang diampu.

Menguasai dasar-dasar dan kaidah bahasa Jawa sebagai rujukan penggunaan bahasa Jawa yang baik dan benar.

Mengidentifikasi jinis tembung Jinis tembung 4. Profesional Menguasai materi, struktur, konsep, dan pola pikir keilmuan yang mendukung mata pelajaran yang diampu.

Menguasai dasar-dasar dan kaidah bahasa Jawa sebagai rujukan penggunaan bahasa Jawa yang baik dan benar.

Menjelaskan proses pembentukan kata dalam bahasa Jawa Tata tembung 5. Profesional Menguasai materi, struktur, konsep, dan pola

Menguasai dasar-dasar dan kaidah bahasa Jawa Menentukan tembung lingga dalam suatu Tata tembung

BAB II

(3)

2 pikir keilmuan yang mendukung mata pelajaran yang diampu. sebagai rujukan penggunaan bahasa Jawa yang baik dan benar.

konteks kalimat

6. Profesional Menguasai materi, struktur, konsep, dan pola pikir keilmuan yang mendukung mata pelajaran yang diampu.

Menguasai dasar-dasar dan kaidah bahasa Jawa sebagai rujukan penggunaan bahasa Jawa yang baik dan benar.

Menganalisis makna tembung katrangan berdasarkan konteks kalimat Tembung katrangan 7. Profesional Menguasai materi, struktur, konsep, dan pola pikir keilmuan yang mendukung mata pelajaran yang diampu.

Menguasai dasar-dasar dan kaidah bahasa Jawa sebagai rujukan penggunaan bahasa Jawa yang baik dan benar.

Menggunakan tembung sesulih berdasarkan konteks kalimat Tembung sesulih 8. Profesional Menguasai materi, struktur, konsep, dan pola pikir keilmuan yang mendukung mata pelajaran yang diampu.

Menguasai dasar-dasar dan kaidah bahasa Jawa sebagai rujukan penggunaan bahasa Jawa yang baik dan benar.

Menerapkan tembung kriya dalam kesantunan berbahasa Tembung kriya 9. Profesional Menguasai materi, struktur, konsep, dan pola pikir keilmuan yang mendukung mata pelajaran yang diampu. Memiliki keterampilan berbahasa Jawa (menyimak, berbicara, membaca, dan menulis) Menulis tembung camboran dalam kalimat beraksara Jawa Tembung camboran 10. Profesional Menguasai materi, struktur, konsep, dan pola pikir keilmuan yang mendukung mata pelajaran yang diampu. Memiliki keterampilan berbahasa Jawa (menyimak, berbicara, membaca, dan menulis) Memberi contoh tembung camboran Tembung camboran 11. Profesional Menguasai materi, struktur, konsep, dan pola pikir keilmuan Memiliki keterampilan berbahasa Jawa (menyimak, Menggunakan tembung entar sesuai dengan konteksnya Tembung entar

(4)

3 yang mendukung mata pelajaran yang diampu. berbicara, membaca, dan menulis) 12. Profesional Menguasai materi, struktur, konsep, dan pola pikir keilmuan yang mendukung mata pelajaran yang diampu.

Menguasai dasar-dasar dan kaidah bahasa Jawa sebagai rujukan penggunaan bahasa Jawa yang baik dan benar.

Menganalisis fungtor dalam kalimat (Jejer –Wasesa – Lesan –Geganep – Katrangan) Fungtor kalimat 13. Profesional Menguasai materi, struktur, konsep, dan pola pikir keilmuan yang mendukung mata pelajaran yang diampu.

Menguasai dasar-dasar dan kaidah bahasa Jawa sebagai rujukan penggunaan bahasa Jawa yang baik dan benar.

Mampu membedakan kalimat berdasarkan predikat Ukara tanduk dan ukara tanggap 14. Profesional Menguasai materi, struktur, konsep, dan pola pikir keilmuan yang mendukung mata pelajaran yang diampu.

Menguasai dasar-dasar dan kaidah bahasa Jawa sebagai rujukan penggunaan bahasa Jawa yang baik dan benar.

Membuat ukara tanduk sesuai dengan konteksnya Ukara tanduk 15. Profesional Menguasai materi, struktur, konsep, dan pola pikir keilmuan yang mendukung mata pelajaran yang diampu.

Menguasai dasar-dasar dan kaidah bahasa Jawa sebagai rujukan penggunaan bahasa Jawa yang baik dan benar.

Membuat ukara tanggap sesuai dengan konteksnya Ukara tanggap 16. Profesional Menguasai materi, struktur, konsep, dan pola pikir keilmuan yang mendukung mata pelajaran yang diampu.

Menguasai dasar-dasar dan kaidah bahasa Jawa sebagai rujukan penggunaan bahasa Jawa yang baik dan benar.

Mengidentifikasi jenis ukara camboran Ukara camboran 17. Profesional Menguasai materi, struktur, konsep, dan pola pikir keilmuan yang mendukung

Menguasai dasar-dasar dan kaidah bahasa Jawa sebagai rujukan penggunaan Membuat ukara camboran sejajar dengan tepat Ukara camboran sejajar

(5)

4 mata pelajaran

yang diampu.

bahasa Jawa yang baik dan benar. 18. Profesional Menguasai

materi, struktur, konsep, dan pola pikir keilmuan yang mendukung mata pelajaran yang diampu.

Menguasai dasar-dasar dan kaidah bahasa Jawa sebagai rujukan penggunaan bahasa Jawa yang baik dan benar.

Membuat contoh ukara camboran susun Ukara camboran susun

Paramasastra iku ngelmu tata basa lan sastra, utamane basa Jawa. Tembung iki dijupuk saka parama (tata basa) lan sastra. Tata basa Jawa akeh njupuk saka Sansekerta. Minangka sarana komunikasi, struktur basa Jawa katata jroning aksara lan tembung kang karakit dadi ukara, kanthi migatekake paugeran kang gumathok. Kanggo milah struktur basa kanthi luwih jero digunakake sawetara ilmu sing tansah ditrapake nalika nyinaoni basa, yaiku: (1) Widyaaksara (fonologi), (2) Widyatembung (morfologi), (3) Widyaukara (sintaksis), lan (4) Widyamakna (semantik) (Sasangka, 2011:1).

Adhedhasar kisi-kisi dan bahan ajar, saperangan saka paramasastra kaandharake ing ngisor iki:

I. WIDYA TEMBUNG (MORFOLOGI)

Widya tembung utawa tata tembung (morfologi) iku kalebu sempalane paramasastra kang ngrembug lan nyinau bab tembung, dumadine tembung, lan owahe sawijining tembung dadi tembung liya karana kawuwuhan imbuhan (pangimbuhan/ afiksasi), karangkep (pengulangan/reduplikasi), utawa kagabung utawa kacambor (pemajemukan/ kompositum) (Sasangka, 2011:38).

A. JINISE TEMBUNG

Ana ing basa Jawa, warna-warnaning tembung kaprinci dadi 10 (sepuluh) golongan, yaiku:

1) Tembung Kriya, tuladha: mlaku, tuku, adol 2) Tembung Aran, tuladha: omah, sawah, tikus

3) Tembung Kaanan (sifat), tuladha: abang, kuru, kendel 4) Tembung Katrangan, tuladha: prajoga, kira-kira, dumadakan

(6)

5

5) Tembung Sesulih, tuladha: aku, iki, iku

6) Tembung Wilangan, tuladha: siji, akeh, kepitu

7) Tembung Panggandheng, tuladha: ing, saka, menyang 8) Tembung Ancer-ancer, tuladha: marang, nganti, kanthi 9) Tembung Panyilah, tuladha: sri, si, sang

10) Tembung Panyeru, tuladha: adhuh, wah, halo

(*Sumber jangkep buku Paramasastra Djawa (Padmosoekotjo) lan

Paramasastra Gagrag Anyar Basa Jawa (Sry Satriya catur Wisnu Sasangka)

B. WUJUDE TEMBUNG

Adhedhasar wujude, tembung basa Jawa kabedakake, (1) tembung lingga, (2) tembung andhahan, (3) tembung rangkep, lan (4) tembung camboran.

1) TEMBUNG LINGGA

Tembung lingga yaiku tembung kang durung owah saka asale, kang durung oleh imbuhan apa – apa, utawa tembung kang isih wungkul, isih wantah utawa isih asli. Tembung lingga bisa digolongake wujud bebas (bentuk bebas). Tembung lingga ana kang dumadi saka sakwanda, rong wanda, utawa telung wanda (suku kata).

Tuladha : turu, tangis, pari, pangan, mustaka, tulis, laku

2) TEMBUNG ANDHAHAN (KATA JADIAN)

Tembung andhahan yaiku tembung kang owah saka asale. Tembung andhahan dumadi saka tembung lingga kang oleh imbuhan utawa tembung lingga kang wis dirimbag. Owah-owahan iku bisa awujud : (1) wuwuhan (imbuhan), (2) ngrangkep tembung (kata ulang), lan (3) nyambor tembung (kata majemuk).

Salah sawijine cara ndhapuk tembung andhahan iku kanthi menehi wuwuhan. Wuwuhan iku ana telu, yaiku : ater - ater (awalan), seselan (sisipan),lan panambang (akhiran).

a. Ater – ater (awalan, prefiks)

Ater-ater iku wuwuhan kang dununge ing kiwane tembung utwa ing ngarep tembung. Cacahe ater-ater iku pirang-pirang, yaiku ater-ater anuswara, ater-ater tripurusa, ater-ater a- (ma-), ka-, ke-, sa-, pi-, pri-, kuma-, kami-, kapi-, lan

(7)

6

sapanunggalane. Panulise ater-ater tansah sumambung utawa gandheng karo tembung linggane. Tuladhane:

nyilih = ny- + silih = Adhik nyilih buku matematika.

mlaku = m- + laku = Rina mlaku karo kancane menyang pasar. diwaca = di- + waca = Bukune diwaca kancane.

kesandhung = ke- + sandhung = Sikile tatu amarga kesandhung watu. dakjupuk = dak- + jupuk = Klambine wis dakjupuk saka penjait.

b. Seselan (sisipan, infiks)

Seselan yaiku wuwuhan kang kadunungake ing tengahe tembung. Seselan ing basa Jawa cacahe mung ana 4, yaiku –um-, -in-, -er-, lan –el-.

(1) Seselan –um-

Seselan –um- sinebut [bawa ma] diseselake ing tembung lingga. Yen tembung linggane apurwa vokal, seselan –um- malih dadi m- lan dumunung ing ngarepe tembung.

Tuladhane:

udhun + (-um-) = umudhun = mudhun ili + (-um-) = umili = mili

panggang + (-um-) = pumanggang = kumanggang /kemanggang pinter + (-um-) = puminter = kuminter = keminter bagus + (-um-) = bumagus = gumagus = gemagus bakar + (-um-) = bumakar = gumakar = gemakar dunung + (-um-)= dumunung

seleh + (-um-)= sumeleh

(2) Seselan -in-

Seselan -in- uga diarani [tanggap na], jalaran tembung lingga kang seselan -in, mesthi malah dadi tembung kriya, yaiku kriya tanggap. Dadi pada karo ater-ater di-.

Tuladhane:

pedhang + (-in-) = pinedhang sapu + (-in-) = sinapu

antem + (-in-) = inantem = ingantem aras + (-in-) = inaras = ingaras

(8)

7

Seselan -er-, lan -el- biasane malih dadi -r-, lan -l-. Seselan iki gunggunge mung winates, amarga ora kabeh tembung bisa diseseli -er- lan -el-. Tuladhane:

kelip + (-er-) = kerelip = krelip jerit + (-el-) = jelerit = jlerit gandhul + (-er-) = gerandhul = grandhul titi + (-el-) = teliti = tliti kepyur + (-er-) = kelepyur = klepyur

c. Panambang

Panambang utawa akhiran (sufiks) yaiku wuwuhan sing dumunung ing buri tembung. Panulise kudu sumambung karo tembung linggane. Jinise panambang ing antarane, yaiku –i, -a, -e, -en, -an, -na, -ana, lan -ake. Pandhapuke tembung andhahan amarga oleh panambang umpamane :

telatan = telat + -an = telatan awake = awak + -e = awake bukuku = buku + -ku = bukuku tulisen = tulis + -en = tulisen lungguh = lungguh + na = lungguhna

kandha = kandha + ana = kandha(-an)ana = kandhanana tali = tali + ana = tali (-an) ana = talenana tuku = tuku + ana = tuku (-an) ana = tukonana tamba = tamba + ane = tamba (-an) ane = tambanane kendho = kendho + ake = kendho (-k) ake = kendhokake beta = beta + aken = beta (-k) aken = betakaken

d. Wuwuhan Gabung (Konfiks)

Wuwuhan gabung iku dumunung ing tembung lingga kanthi rumaket, tegese ater-ater lan panambang dienggo bebarengan. Kang kalebu imbuhan gabung utawa konfiks, yaiku: ka- an, ke-en, pe-an, pa-an, lan pra-an. Tuladhane:

cilik = ke + cilik + en = keciliken lurah = ka + lurah + an = kalurahan pinter = ka + pinter + an = kapinteran

bupati = ka + bupati + an = kabupati [a]n= kabupaten [ i +a = e] gunung = pa + gunung + an = pagunungan

(9)

8

Pandhapuke konfiks liyane, yaiku di-i/ni, di-ake, N + i, N + ake, N + na. Tuladhane: kandha = di + kandha + i = dikandhani

panas = di + panas + i = dipanasi cilik = di + cilik + ake = dicilikake jago = di + jago + ake = dijagokake sangu = N (ny) + sangu + i = nyangoni jaga = N (n) + jaga + ake = njagakake kabar = N (ng) + kabar + na = ngabarna

C. TEMBUNG TANDUK LAN TEMBUNG TANGGAP

Tembung tanduk lan tembung tanggap iku kalebu tembung kriya, saengga rimbage diarani kriya tanduk lan kriya tanggap. Pandhapuke kaya mangkene:

a. Rimbag Tanduk

Pandhapuke rimbag tanduk yaiku tembung lingga kang oleh ater-ater anuswara . Wujude ater-ater anuswara iku an-, am-, ang-, any-. Ater-ater anuswara lumrahe ateges solah tingkah utawa nindakake pagaweyan. Ater-ater uga lumrah mratelakake tembung “tanduk” (aktif). Rimbag tanduk kaperang dadi telu, yaiku:

(1) Tanduk kriyawantah Tuladha:

- an + tandur = antandur = nandur -(t, luluh) Pak Suradi nandur pari ana ing sawah. - any + cokot = anycokot = nyokot -(c, luluh) Adik lara untune amarga nyokot es.

(2) Tanduk kekriya { tembung tanduk + ake} - Rini nulisake adhine tembang dolanan. (3) Tanduk ikriya {tembung tanduk + i}

- Pak Tarno lagi mbanyoni sawahe.

Tembung kang oleh ater ater Anuswara nduweni teges, yaiku: (1) Nyambut gawe : njenu, macul, medhang.

Bapak macul ana tegal.

(2) Nganggep : mbapa, ngadhi, mbibi. Budi wis kulina mbapa marang simbahe.

(10)

9

(3) Dadi (dados) : mbatur, nyantrik, nyudagar, nuwani. Mbak Santi wis setaun mbatur ana ing omahe pak lurah. (4) Nuju menyang : minggir, ngulon, munggah

Bocah-bocah mau pada ngulon.

(5) Gawe utawa damel : nggule, ngabon, nyambel. Ibu lagi nyambel tomat ono pawon.

(6) Menehi utawa nyukani : nyadhong, makani, nyandhangi, nyamaki. Adik lagi makani pitik ana ing buri omah.

(7) Kaya utawa kados : mbodhoni, mbisu, ndesani, ngetumbar, mucuk eri. Genea ta kowe, awit mau kok mbisu ?

(8) Saben wong nampa : niji, ngloro, matang liter. Aku lan Rini pada entuk buku ngloro.

(9) Nambahi : ndhuwurake, ndawani, nggedheni

Rama ndhuwurake antena tv ben bisa nonton bal-balan. (10) Ngetrapake : nglambeni, napeni, nyetuti.

Simbah napeni beras ing latar.

(11) Lagi wektune utawa saweg wancinipun : mbosoki, ngretegi. Amarga ora kepangan peleme mbosoki.

b. Rimbag Tanggap

Pandhapuke rimbag tanggap, yaiku tembung lingga kang oleh ater-ater tripurusa utawa ater-ater kang mujudake sesulih purusa. Ater-ater tripurusa iku kosokbalene ater-ater anuswara. Beda karo ater-ater anuswara, dene ater-ater tripurusa mratelakake tembung “tanggap” (pasif). Cacahe ater-ater tripurusa ana telu, yaiku dak, ko, di.

Ater-ater tri purusa kaperang dadi 3 werna, yaiku:

1) [dak] diarani utamapurusa: sesulihe purusa/ wong kapisan, yaiku aku, kula, kawula, ingsun, hulun, lsp. Tuladhane: daktulis, dakgambar, dakwaca

2) [ko/kok] diarani madyamapurusa: sesulihe purusa/ wong kapindho, yaiku kowe, sampeyan, dika, keng slira, penjenengan, slirane, paduka, lsp. Tuladhane: kotulis, kogambar, kowaca.

(11)

10

3) [di] diarani pratama purusa: sesulihe purusa/wong katelu, yaiku dheweke, piyambake, penjenengane, lsp. Tuladhane: ditulis, digambar, diwaca, digawa, Pagetrapane sajrone ukara, tuladhane:

(1) Mas Irwan didangu Budhe Narti. (2) Komputere arep kokapakake? (3) Sega gorenge arep dakpangan.

(4) Roti sing neng meja wis dakpangan mau esuk.

(5) Ibu ngasta oleh-oleh jeruk, banjur mau dipangan Adit.

D. TEMBUNG RANGKEP

Sing dikarepake tembung rangkep, yaiku tembung kang ucapake ambali saperangan utawa kabeh. Kayata: putra-putra, tetuku, cengenges. Tembung kang dirangkep iku dibedakake dadi telung warna, yaiku: dwilingga, dwipurwa, lan

dwiwasana.

a. Tembung Dwilingga

Dwilingga yaiku tembung lingga kang dirangkep. Pangrangkepe tembung lingga iku ana kang karangkep wutuh lan ana kang karangkep mawa owah-owahan swara (Sasangka, 2011:100). Tuladhane:

(1) Rahmad mulihe nyambut gawe mesthi bengi-bengi. Senadyan ta udan-udan dheweke tetep mulih.

(2) Senadyan wis bola-bali dikandhani bocah iku tetep ora nggatekake. (3) Wiwit mau kok wira-wiri, apa ta sing digoleki?

Tembung [udan-udan] lan [bengi-bengi] asale saka tembung lingga [udan] lan [bengi] kang diunekake ping pindho. Pandhapuke tembung mengkono iku aran dwilingga-dadi wujude : [lingga + lingga]

Sawenehe tembung dwilingga, wis ora dimangerteni asale utawa apa tegese linggane, marga pancen wis ora tau kanggo ing sedina-dina. Tuladhane tembung

alun-alun ‘papan bawera utawa jembar’ lan agul-agul ‘sing diendel-endelake.

Semono uga tembung wira-wiri, kolang-kaling, wonti-wanti, mangu-mangu,

rewa-rewa, eter-eter, abah-abah, ada-ada. Pandhapuke tembung dwilingga

kang owah tembunge kang ngarep, kang buri, utawa owah tembunge karo pisan, dene arane banjur dadi rimbag dwilingga salin swara.

(12)

11 (1) Njupuka, aku rak wis kandha olah-oleh.

(2) Mitraku kerep banget mora-mara mrene. Semono uga: orak-arik, golak-golek, opak-apik.

(3) Wis entek, aja pijer salak-selek. Bocah cilik iku pijer madhang-medheng. Aja muni macan-mecen, adhimu kamigilan.

b. Tembung Dwipurwa

Dwipurwa iku tembung kang dumadi saka pangrangkepe purwane tembung lingga utawa pangrangkepe wanda kawitaning tembung. Tuladhane:

(1) Ingkang raka sapunika gegriya ing Tegal-blateran.

(2) Wong iku bok ya ngerti marang pepadhane.

Rimbage tembung [gegriya] asale saka [gri + griya], dene [pepada] asale saka [pa + pada]. Tembung kang dirangkep purwaning linggane, rimbage aran dwipurwa

c. Tembung Dwiwasana

Tembung dwiwasana iku tembung kang ngrangkep wanda wekasan utawa ngrangkep wasananing tembung. Wujude saka tembung lingga, karaketan wandane kang buri. Tuladhane:

(1) Barang mbedhudhug ing amben kae apa? (2) Mripate pating jelalat pendirangan.

Katrangan: [ bedhug + dhug] dadi [bedhudhug], dene [ jelat + lat] dadi [jelalat].

Lumrahe tembung dwiwasana dikantheni tembung [pating]. Dadi yen mengkono kagolong ewone tembung : kahanan.

E. TEMBUNG CAMBORAN

Tembung camboran (basa Indonésia: kata majemuk), iku rong tembung utawa luwih kang digandheng dadi siji ngliwati sawijining proses morfologi. Proses morfologi yaiku proses owah-owahan saka morfem dadi polimorfem, sing nduweni kategori lan makna wutuh, saengga polimorfem iku diarani tembung (https://jv.wikipedia.org/wiki/Tembung_camboran diakses tanggal 20 Juli 2016). Sasangka (2011:105) ngandharake tembung camboran utawa kata majemuk (kompositum) yaiku tembung loro utawa luwih sing digandheng dadi siji lan tembung

(13)

12

mau dadi tembung anyar kang tegese uga melu anyar. Jroning basa Jawa, ana telung proses morfologi sing disinaoni, yaiku proses wuwuhan (pengimbuhan), proses rangkep (pengulangan), lan proses camboran (pemajemukan). Tembung camboran bisa diwuwuhi imbuhan apa wae. Proses camboran (pemajemukan) yaiku proses panggabungan morfem dhasar, sing biasa digabung yaiku lingga karo lingga liyane. Camboran diperang dadi loro, yaiku camboran wutuh lan camboran wudhar.

Miturut wutuh orane, tembung camboran iki kaperang dadi loro, yaiku:

(1) Tembung camboran wutuh

Tembung camboran wutuh yaiku tembung camboran kang dumadi saka tembung-tembung kang isih wutuh (Sasangka, 2011:105). Tuladhane: dhadha menthok, gantung siwur, semar mendem, randha royal, sisik melik, kalamenjing, raja lele, lan sapanunggalane.

(2) Tembung camboran tugel

Tembung camboran tugel yaiku tembung camboran kang dumadi saka tembung kang isih wutuh lan tembung wancahan, utawa kabeh tembung camboran iki kabeh dumadi saka tembung wancahan (Sasangka, 2011: 106). Tuladhane:

(1) bangjo: abang - ijo (2) panastis : panas - atis

(3) barji barbeh: bubar siji bubar kabeh (4) gaji wakma: sega siji iwake lima (5) nasgithel:panas legi kenthel sp.

F. TEMBUNG ENTAR

Tembung entar ya iku tembung loro utawa luwih sing digabung dadi siji lan tegese dadi beda saka asal-usule. Tembung entar tegese ora kaya teges salugune (kata kiasan) utawa tembungkang ora kena ditegesi sawantahe bae. Ing basa Indonesia diwastani tembung silihan (kiasan), ing basa Walanda diwastani Figuurlijke

betekenis.

A

01. abang kupinge = nesu banget 02. (ng)abangke kuping = gawe nesu

03. abang abang lambe = ora temenan, mung lelamisan 04. abang raine = nandhang isin (wirang)

(14)

13

06. adol bagus = ngendelake baguse 07. adol gawe = ngatonake penggaweyane 08. adol kringet = nyambut gawe

09. adol kwanen = ngendelake kwanene 10. adol krungon = golek-golek warta/kabar 11. adol sendhe = adol barang menyang gadhen

12. adol umbag/umuk = akeh omonge, ning ora ana nyatane 13. adus getíh = tatune nemen banget

14. adus kringet = nyambut gawe, abot banget 15. adus luh = nemen anggone nangís

16. akeh sandhungane = akeh alangane 17. alajenenge = kurang dipercaya 18. ala kandhutane = ala watake

19. ala tembunge = tembunge kasar/saru 20. alus tembunge = kepenak dirungokake 21. ambajangkahe = bisa ikhtiyar mrana-mrana 22. apus krama = dibujuki/diapusi cara alus 23. asor budine = bbudene ala

24. asor yudane = kalah 25. ati dhondhong = atine ala

26. atine ana wulune = atine ala/dengki

B

01. (m)balang liríng = nglirik mripat 02. bau suku = abdi/batur

03. bau tengen = wong kang dipercaya 04. bening atine = sumeh

05. (m)buwang sangkal = ngilangi/mbuang apes 06. (m)bukak wadi = ngandhakake wewadine 07. (m)buwang tilas = nutupi tumindake sing ala

C

01. cagak lek = camilan supaya betah melek 02. cagak urip = kanggo nyukupi kebutuhan uripe 03. cancut taliwanda= tandang gawe

04. cangkem gatel = seneng ngrasani/nggunem 05. cedhak umure = gelis mati

06. cepak jodhone = gelis oleh jodho 07. cepak rejekine = gampang oleh rejeki 08. cilik atine = kuwatir/wedi

09. cupet atine = gampang nesu

10. cupet budine = ora bisa nggayúh kautaman 11. cupet jangkahe = ora bisa golek sarana

(15)

14

12. cupet nalare = ora bise mikirake werna-werna 13. cupet pangandele = ora percaya

D

01. dadi gawe = ngrepotake

02. dawa-dawa uja = perkara kang ora uwis-uwis 03. dawa tangane = seneng nyolong jupuk

04. (n)dhedherr kautaman = nandur kebecikan 05. dhuwur atine = gumedhe

06. dhuwur pangkate = dadi wong pangkat/panguwasane

E

01. empuk rembuge = guneme enak dirungokake 02. entek atine = keweden/kuwatir banget 03. entheng sanggane = ora rekasa

04. entheng tangane = seneng tandang gawe

G

01. (ng)gadho ati = gawe susah ati

02. gantung kepuh = sandhangane ora tau ganti 03. (ng)gantung untu = selak kepingin mangan 04. gedhe atine = tatag; ora kuwatir

05. gedhe endhase = sombong/ kumalungkung 06. gedhe omonge = umuk ora ana nyatane 07. gedhe tekade = ora gampang pasrah 08. (ng)gedhekake puluk = ora ana prihatine 09. (ng)gegem tangan = kesed nyambut gawe 10. gilig rembuge = rembugane pasti/mesthi 11. gilig tekade = tekade ora bakal mundur

12. (ng)gilud kawruh = golek ilmu kanthi mempeng 13. golek slamet = ati-ati supaya, ora cilaka

14. golek uríp = nyambut gawe nggo nyukupi butuhe

I

01. idu geni = omongan tansah kelakon 02. ilat mati = ora bisa ngrasakake 03. ilang klilipe = ilang mungsuhe

J

01. jakalara = rikala nom-e rekasa

02. jembar dhadhane = sugih pangapura; sabar banget 03. jembar kawruhe = akeh ngilmune

04. jembar kubure = mlebu swarga 05. jembar polatane = sumringah

06. jembar segarane = sugih pangapura; sabar 07. jero kawruhe = akeh ngilmune; pinter

(16)

15

K

01. kadalu warsa = kasep; wis kliwat 02. kandel kulite = digdaya; sekti

03. kandel kupinge = ora nggugu pitutur 04. kaku atine = tansah ora sarujuk/sulaya 05. kasar tembunge = tembung saru 06. katon dhadhane = wani adu arep 07. kegugah atine = sadar/eling 08 kelepetan ala = katut ala

09. kembang lambe = tansah digunem kebecikane 10. kakehan tangan = kakehan sing nyandhak

11. kembang uríp = lelakone wong urip werna-werna 12. kena tinenga-tenga = kena disambati

13. kenceng karepe = kkekarepane kudu keturutan 14. kenceng tekade = tekade ora bakal mundur 15. kulak warta = golek kabar/warta

16. kuwat drajat = cocok dadi pemimpin/panguwasa 17. kuwat isin = mblebes ora isinan

18. kuwat mangan = mangane akeh

L

01. lambe tipis = criwis/akeh omonge 02. landhep dhengkul = kethul banget

03. landhep pikirane = pinter banget; gampang ngerti 04. lara ati = seruk atine

05. lara ayu = lara cacar

06. lara owah = edan; gendheng 07. larang pangan = paceklík 08. lobok atine = sabar

09. luhur budine = kelakuane becik/apíik

10. luhur drajade = dadi wong pangkat/panguwasa 11. lurus lakune = jujur

12. lumah tangan = ora gelem cawe-cawe 13. lunyu ilate = guneme mencla-mencle

M

01. manis eseme = esem ngresepake ati 02. manis rembuge = guneme nyenengake ati 03. mara tangan = seneng gawe lara/ milara 04. masa bodhoa = pasrah

05. mata dhuwitan = srakah marang dhuwit 06. mata loro = mangro tingal

(17)

16

07. mateni pangane = gawe ilang panguripane

N

01. nandhang sungkawa = lagi susah 02. nandur kebecikan = gawe kebecikan 03. ngadu wuleding kulit = adu kekuwatan

04. ngangsu kawruh = golek ngelmu/meguru/sekolah 05. ngatonake siyunge = nuduhake kekuwatane/ kuwanene 06. ngatonake dhadhane = umuk, sumbar

O

01. oleh ati = disenengi 02. oleh gawe = kaleksanan 03. oleh wirang = kisinan 04. oleh lara = kalaran

05. ora duwe ati = kuwatir banget, wedi 06. ora melek = ora ngerti

07. ora ngundhuh = ora oleh apa-apa

P

01. padhang dalan = mlebu swarga 02. padhang hawa= lair ing donya 03. padhang langite = seneng 04. padhang pikire = lega seneng 05. padhang ulate = sumeh

R

01. rai gedheg = ora duwe isin 02. (ng)rengga praja = njaga negara 03. (ng)rengga salira = dandan/macak 04. runtuh atine = tuwuh welase

05. rupak atine = cugetan/ora gampang ngapura 06. rupak jagade = judheg; ora bisa mrana-mrana

S

01. sabuk gelang = sawahe akeh banget 02. sepi kawruh = bodho/ora duwe ilmu 03. sepi pamríh = ora duwe pamríh T

01. tadhah kalamangsa = dipangan

02. tadhah udan = lirangan gedhang sing dhuwur dhewe 03. tatu atine = serik banget

04. tanpa tilas = entek blas U

01. udan tangis = akeh sing padha nangisi 02. ulat peteng = katon nesu

(18)

17

03. ulat manis = sumeh

W

01. walang ati = sumelang/kuwatír 02. wani mati = nekad/kendel banget

03. wani silit wedi rai = ora wani terang-terangan 04. weteng kadut = dremba/ora tampikan

(https://tanahmemerah.wordpress.com/kasastraan/.../tembung-entar diakses 21 Juli 2016)

II. WIDYA UKARA (SINTAKSIS)

Widya ukara kalebet peranganing paramasastra ingkang ngrembag babagan ukara, frasa lan klausa.

A. UKARA

Ukara inggih punika rerangkening tembung ingkang saged ngandharake satunggaling karep ingkang jangkep. Jalaran nerangaken tembung supados dados ukara punika mawi pranatan utawi paugeran ingkang gumathok, tandha-tandhanipun inggih punika :

(1) Saged madeg piyambak.

(2) Dumadi saking satunggal klausa ( jejer satunggal lan wasesanipun inggih satunggal ).

(3) Wiwitanipun ukara kaserat mawi aksara ageng lan wasesanipun mawi tandha titik, koma, titik koma, tandha seru saha tandha pitakon.

(4) Mawi intonasi (laguning pakecapan). Tuladha :

1) Aku sinau, adhiku malah dolan. J W J W

Aku sinau = klausa ning inggih ukara Malah dolan = frasa kriya

Adhiku malah dolan = klausa ning inggih ukara Aku sinau, adhiku malah dolan = ukara

2) Bukune Budi isih apik, bukune Iwan wis rusak. J W J W

(19)

18

Isih apik = frasa kahanan Wis rusak = frasa kahanan

Bukune Budi isih apik = klausa nanging inggih ukara Bukune Iwan wis rusak = klausa nanging inggih ukara Bukune Budi isih apik, bukune Iwan uwis rusak = ukara

Adhedhasar rangkaning ukara (struktur kalimat), ukara salebetipun basa Jawi ingkang baku punika cacahipun wonten 5 inggih punika :

(1) J – W (2) J – W – L (3) J – W – Gg (geganep) (4) J – W – L – Gg (5) J – W – K a. Jejer

Jejer utawi subjek inggih punika perangan ingkang dados bakuning ukara utawi perangan ingkang dados lajenging ukara. Pramila adhedhasar pranataning ukara, jejer punika limrahipun mapan utawi dumunung wonten ngajeng, ananging kalamangsanipun saged mapan wonten ing tengah utawi pungkasaning ukara.

Titikan (ciri) jejer ing antawisipun inggih punika : 1) Minangka jawaban pitakenan sapa utawi apa

Tuladha : Doni sinau. Sapa sing sinau? Jawabanipun: Doni

Sepatune mlayu dhewe. Apa sing mlayu? Jawabanipun: sepatune 2) Saged ngginakaken tembung “iku” kejawi manawi jejeripun namaning tiyang,

nama dhiri (nagari, kitha, instansi) utawi pronomina (aku, kowe, dheweke) boten prelu ngginakaken tembung “iku”.

Tuladha : Indonesia isih nandhang krisis. Sepur iku nabrak bis.

3) Saged kaparingan katrangan pewates “sing” mapan sasampunipun jejer, nanging kalamangsanipun jejer “sing” boten prelu kasebataken.

Tuladha : Bocah sing kaosan ijo lagi nangis. Murid (sing) anyar kuwi saka Demak.

(20)

19

4) Saged kaparingan jenis-jenis tembung sanesipun tembung aran. Jejer boten saged kadhisikan tembung ancer-ancer, namung tembung lan frasa sanes ugi saged dados jejering ukara.

Pandhapuke jejer iku maneka warna, yaiku:

(1) Jejer ingkang awujud tembung utawi frasa aran. Tuladha : Ana kirang tampil basa Jawi.

(2) Jejer ingkang awujud tembung utawi frasa kriya. Tuladha : Mulang tari bisa nambah rejeki.

(3) Jejer ingkang awujud tembung utawi frasa kahanan. Tuladha : Ayu durung mesthekake tumindhake becik. (4) Jejer ingkang awujud tembung utawi frasa wilangan.

Tuladha : Panca iku wilangan gangsal.

(5) Jejer ingkang awujud tembung utawi frasa sesulih purusa. Tuladha : Awake dhewe kudu saya sregep sinau.

Tuladha ukara ingkang jejeripun wonten ing tengah lan wekasaning ukara: (1) Kanthi ulat peteng, Najwa nyapun plataran ngarepan.

(2) Marga mumet, Safriel mulih ndhisik.

(3) Alon-alon lan ngati-ati, Sintha nuntun adhine. (4) Yen mangkono ditulis waekabeh welinge. (5) Karo ngepit diklebat-klebatake genderane.

b. Wasesa

Wasesa utawi predikat punika perangan ingkang dados inti utawi punjering ukara. Ukara ingkang tanpa wasesa boten saged kawastanan ukara, ananging kalebet frasa. Miturut pranataning ukara, wasesa punika mapan sasampunipun jejer, dene ingkang saged dados wasesa adhakanipun tembung utawi frasa kriya, namung kalamangsanipun tembung sanes inggih saged.

Titikan (ciri) wasesa antawisipun :

(1) Wasesa ingkang awujud tembung utawi frasa kriya. Tuladha : Adhik nangis.

(2) Wasesa ingkang awujud tembung utawi frasa kahanan. Tuladha : regane larang

(21)

20

(3) Wasesa ingkang awujud tembung utawi frasa aran. Tuladha : Isine tas iku buku

(4) Wasesa ingkang awujud tembung utawi frasa wilangan. Tuladha : Wit jambu ing kebone embah putri seket wit.

(5) Wasesa ingkang awujud tembung utawi frasa ancer-ancer. Tuladha : Dwi menyang Demak karo Budhene.

c. Lesan

Lesan utawi objek punika badhe wonten menawi ukaranipun tanduk (kalimat aktif). Ukara tangggap (kalimat aktif) boten anggadhahi lesan, jalaran lesan punika perangan ukara ingkang gumantung wasesanipun. Dados lesan wonten ing ukara manawi wasesanipun ukara, awujud tembung kriya tanduk.

Titikane (ciri) lesan ing antawisipun :

1) Dumunung wonten sawurining wasesa, ingkang awujud tembung kriya. Tuladha :

(1) Celeng-celeng padha ngrusaki tanduran timun. (2) Ibu mundhut sayuran.

(3) Bapak ngguyang sepedha motor.

2) Saged dados jejer manawi ukaranipun kaewahi dados ukara tanggap. Tuladha :

(1) Tanduran timun dirusak celeng-celeng. (2) Sayurane dipundhut ibu.

(3) Sepedha motore diguyang bapak.

d. Geganep

Geganep utawi pelengkap punika kalebet perangan ukara ingkang ginanipun kangge njangkepi wasesa. Ukara ingkang wonten geganepipun punika padatan wasesanipun awujud tembung kriya. Bentenipun geganep kaliyan lesan :

a) Lesan saged kadadosan jejeripun ukara tanggap,

b) Geganep boten saged kadadosaken jejer wonten ing ukara tanggap, saupamia saged ukaranipun badhe ewah tegesipun. Ananging manawi sawingkingipun

(22)

21

wasesa wonten lesanipun, geganep dumunung wonten ing sisih tengenipun lesan lan boten saged ngrumiyini lesan.

Tuladha :

(1) Adhiku kelangan dhuwit. J W Gg

(2) Azka nyilihake adhine buku wacan. J W L Gg

e. Katrangan (Panerang)

Katrangan punika perangane ukara ingkang boten baku, jalaran saged kemawon boten wonten. Dunungipun saged ing ngajeng, pungkasan utawi ing antawisipun jejer lan lesan. Jinisipun katrangan wonten ingkang nyebat babagan : a) wekdal, b) papan, c) cara, d) pirantos, e) sebab, lan sapanunggalanipun.

Tuladha :

(1) Wingi kancaku ngrebut juwara basa Jawa. (2) Fina nggarap tugas basa Jawa ing meja belajar. (3) Kanthi teliti Farel nulis paragraf aksara Jawa. (4) Rikha ngonceki pelem nganggo lading.

(5) Intan nggarap tugas geguritan amarga mati listrik.

B. FRASA

Miturut tatananipun, frasa kaperang dados kalih, inggih menika frasa endosentrik lan frasa eksosentrik. Frasa endosentrik inggih menika frasa ingkang namung nyebataken salah setunggaling peranganipun, nanging perangan ingkang kasebataken kalawau saged minangka gegantosing perangan-perangan sanesipun. Tuladhanipun:

(1) ember plastik abang. (2) tape beras ketan.

(3) bocah lanang bagus.

Frasa eksosentrik inggih menika frasa ingkang salah satunggal perangananipun boten saged dados gegantosing perangan sanesipun, utawi

(23)

22

perangan ingkang satunggal boten saged dados sesulihing perangan sanesipun. Tuladhanipun:

(1) ing pasar (2) saka Jepara (3) menyang Jakarta

Adhedhasar jinisipun, frasa kaperang dados pitu, inggih menika:

(1) Frasa aran : klambi anyar, lemari kayu jati, dudu watu (2) Frasa kriya : nembe tindak, badhe nedha, tilem ngorok (3) Frasa kahanan : kudu sabar, bagus tenan

(4) Frasa wilangan : telung karung, limang bungkus (5) Frasa katrangan : mung arep, kudu bisa

(6) Frasa sesulih : kula piyambak, panjenengan ugi

(7) Frasa ancer-ancer : saking Solo, dhateng Semarang, kagem panjenengan

C. KLAUSA

Klausa inggih menika rerangkening tembung ingkang saged ngudhar sawijining gagasan utawi sawijining bab. Saboten-botenipun ing pacelathon utawi ing pagineman, klausa menika kedah wonten wasesanipun (predikat). Ananging, ing basa sinerat, klausa menika saboten-botenipun dumados saking jejer (subjek) lan wasesa (predikat). Kajawi menika, klausa ugi saged malih dados ukara. Klausa saged kaperang dados kalih, inggih menika klausa bebas lan klausa winates. Klausa bebas kaperang malih dados tiga, inggih menika klausa transitif, klausa intransitif, lan klausa ekuatif. Klausa winates ugi kaperang dados tiga, inggih menika klausa nominal, klausa adjektival, lan klausa adverbial.

(a) Klausa bebas 1) Klausa transitif :

(1) Tini nulis layang. (2) Tini nulisi bukune.

(3) Tini nulisake bapak layang.

2) Klausa intransitif :

(1) Dheweke lagi adus. (2) Aku jam sewelas wis turu. (3) Adhiku ngimpi.

(24)

23 3) Klausa ekuatif : (1) Bapakku guru. (2) Dheweke kancaku. (3) Rambute kriting. (b) Klausa winates : 1) Klausa nominal :

(1) buku (Sing dipundhut apa?)

(2) guru basa Jawa (Ibumu dadi apa?)

2) Klausa adjektival :

(1) legi banget (Piye rasane peleme mau?) (2) bagus tenan (Piye sajake bocahe?)

3) Klausa adverbial :

(1) (anggone matur) ngati-ati banget (2) (anggone maca) tliti tenan

D. UKARA LAMBA LAN UKARA CAMBORAN

Miturut akeh sethithike klausa, ukara bisa dibedakake dadi 2 jinis, yaiku ukara lamba lan ukara camboran.

a. UKARA LAMBA

Ukara lamba iku dumadi saka saklausa, tegese ukara kasebut mung dumadi saka jejer lan wasesa sarta bisa ditambah lesan, geganep, utawa katrangan (Sasangka, 2011:181). Sabanjure ukara lamba kabedakake kaya mangkene:

1) Ukara Awasesa Kriya

Ukara awasesa kriya yaiku ukara kang ngandharake pakaryan, solah, utawa tandang. Ukara awasesa kriya kapilah dadi loro, yaiku:

(1) Ukara Tanduk

Ukara tanduk utawa kalimat aktif, yaiku ukara kang wasesane awujud tembung kriya tanduk, nggunakake wuwuhan ater-ater anuswara (m, n, ng, ny) lan panambang -i utawa -ke. Jejer ing ukara tanduk biasane nindakake pakaryan utawa dadi paraga, dene lesan ing ukara tanduk biasane dadi sasaran.

(25)

24

Tuladha:

(1) Adhiku / lagi nggawe / panganan / saka ketan. J W L P (2) Kangmasku / arep nonton / wayang kulit. J W L

(3) Bu Wiwin / ndukani / putrane sing nakal. J W L

(4) Haryanto / nglebokake / dhompete / ing sak mburi. J W L K

(5) Sumarno / nukokake / adhine / klambi lurik. J W L Gg. (6) Adhiku / nangis. J W (7) Bebeke / ngendhog. J W (8) Suteja / ngguyu. J W

Ukara (1-5) ing dhuwur wasesane diarane tembung kriya tanduk mawa lesan (transitif) amarga mbutuhake anane lesan, dene ukara (6-8) wasesane diarani tembung kriya tanduk tanpa lesan (intransitif) amarga ora mbutuhake anane lesan. Ukara tanduk bisa kapilah dadi telung warna, yaiku (1) ukara kang watesing tebane siji utawa ukara tanduk tanpa lesan, (2) ukara kang watesing tebane loro utawa ukara tanduk mawa lesan, lan (3) ukara kang watesing tebane telu utawa ukara tanduk mawa lesan sarta panggenah.

(2) Ukara Tanggap

Ukara tanggap kalimat pasif yaiku ukara kang wasesane awujud tembung kriya tanggap, jejere dikenani pakaryan, diwuwuhi ater-ater ka-, dak-, ko-, di-, utawa seselan -in-.

Tuladha:

(1) Adhiku / didukani / Pak Suta J W Gg.

(2) Wacan iki / katulis / nalika ana Jakarta. J W K

(3) Wong bodho / gampang kapusan. J W

(26)

25

(4) Lungane Maryadi / tinangisan / anak bojone. J W Gg (5) Sega gorenge / arep dakpangan. J W

(6) Wedhusmu iki / kokdol pira? J W

Ukara tanduk mawa lesan manawa didadekake ukara tanggap, lesane owah dadi jejer lan tembung kriya tanduk ing wasesane owah dadi kriya tanggap. Ukara tanggap ora duwe lesan.

2) Ukara Awasesa Kahanan

Wasesaning ukara basa Jawa uga bisa awujud kahanan, kaya dene tuladha iki. (1) Kandhane wong iku bener.

(2) Pak Rahmad ora rawuh.

3) Ukara Awasesa Aran

Ukara lamba awasesa aran yaiku ukara kang wasesane kedadeyan saka tembung aran utawa gatra aran.

(1) Buntelan kae buku. (2) Jarane Mas Syahrul. (3) Klambine Rini.

4) Ukara Awasesa Wilangan

Ukara ing basa Jawa uga ana kang wasesane awujud gatra wilangan, kaya kang ana ing tuladha ngisor iki.

(1) Sapine akeh.

(2) Gedhange patang tundhun.

5) Ukara Awasesa Ancer-Ancer

Ana ing pambanguning ukara bas Jawa, tembung utawa gatra ancer-ancer uga bisa dadi wasesane ukara.

(1) Bocah iku ing sekolahan. (2) Lungguh ing kursi.

(3) Lunga menyang Ngayogyakarta. (4) Layang iki aturna marang bapak.

(27)

26

Pangrowane ukara lamba iku bisa kanthi cara muwuhi (1) prabot katrangan, (2) prabot panyapa, sarta (3) prabot katrangan leliru.

b. UKARA CAMBORAN

Ukara camboran iku ukara kang dumadi saka rong klausa utawa luwih (Sasangka, 2011:182). Panggabunge ukara gatra loro utawa luwih mujudake dhedhapuran kang luwih rowa. Yen ukara lamba nduweni jejer lan wasesa mung siji, ukara camboran wasesane bisa luwih saka siji.

1) Ukara Camboran Sajajar

Panggarbane ukara camboran sajajar, kanthi nggarba ukara gatra loro utawa luwih kang antarane siji lan sijine tatarane padha utawa sejajar ing dhapur angganing ukara. Tuladhane:

o Aku bisa nampa tekamu iki, nanging ora bisa nampa ancas tujuanmu sarta kekarepanmu.

o Warjiman mider-mider golek panggawean apa bae, dene sedulur-sedulure ora bisa biyantu.

Pandhapuke ukara camboran sajajar, yaiku:

(1) Umume, ukara gatra kang kawiwitan kanthi pangiket lan, utawa, apa dene nanging papane ora bisa diowahi, utawa ora bisa mapan ing wiwitan ukara. o Kowe kabeh kudu nyilih buku iki ing perpustakaan, utawa tuku ing toko

buku.

(2) Urutan kang tetep, kang ora bisa ngalami owah-owahan ing ukara camboran sajajar, gayut karo panganggone sesulih purusa lan sesulih purusa lan sesulih pandarbe.

o Dheweke seneng tembang macapat, nanging Parjan ora bisa nembangake. (3) Salah sijining pangiket bisa kagandheng karo pangiket liyane, kang gunane

supaya luwih terange, mbangetake, utawa ngantebake wedharing gagasan ing antarane ukara gatra siji lan sijine kang kagarba.

o Dheweke ora ngrumangsani salahe, lan malah ngrekadaya salahe wong liya. (4) Ukara gatra-ukara gatra kang kagarba kanthi pangiket sajajar ora mratelakake

beda-bedane tatarane wedharing gagasan. o Bocah iku lara ati lan nganyut tuwuh.

(28)

27

Wedharing gagasan ukara camboran sajajar ditemtokake dening surasane pangiket lan surasane ukara gatra-ukara gatra kang kagarba. Wujude kaya mangkene:

(1) Rakitan Pratelan Muwuhi

Rakitan pratelan muwuhi yaiku rerakitan kang mratelakake muwuhi utawa nggandheng kadadeyan, bisa mratelakake (1) sebab-akibat, (2) urutan wektu, (3) cengkah, sarta mbangetake.

(2) Rakitan Pratelan Kosok Balen

Rakitan pratelan kosok balen yaiku rerakitan kang mratelakake manawa apa kang kaandharake ing ukara kapisan kosok balen, utawa ora padha karo apa kang kaandharake ing ukara kapindho. Kang mratelakake (1) mbangetake, (2) kelakone kedadeyan, lan (3) muwuhi.

(3) Rakitan Pratelan Pilihan

Rakitan pratelan pilihan yaiku rerakitan kang ngandharake pilihan ing antarane pilihan-pilihan kang ana kang diandharake ing ukara gatra-ukara gatra kang rinakit. Kaperang dadi (1) rakitan pilihan kang mratelakake cecengkahan, lan (2) rakitan pilihan kang mratelakake milih salah siji.

2) Ukara Camboran Sungsun

Yaiku ukara camboran kang karakit kanthi cara sungsun darbe ukara gatra kang dadi anggane ukara gatra liyane.

o Bapak ngendikake manawa pak Lik mundhutake sepedha motor putrane wingi sore.

Pandhapuke ukara camboran sungsun kaya mangkene:

(1) Pangrakite ukara camboran sungsun, kanthi nggarba ukara gatra loro utawa luwih kang salah sijine ukara gatrane dadi prabote ukara gatra liyane.

o Bapake tetep mbelani anake sebab anake ora salah ing perkara iku sawise polisi nakoni bocah iku.

(2) Umume mapane ukara gatra kang kawiwitan pangiket bisa owah gingsir.

o Sadurunge polisi nindakake, aku lan kowe kabeh aja grusa-grusu tumindak ayahane.

(29)

28

(3) Panggonane sesulih purusa lan sesulih pandarbe bisa ndhisiki sesulihe aran kang dadi bebakune.

o Sanajan dheweke seneng tembang macapat, Parjana ora bisa nembangake.

(4) Ukara gatra kang mapane ing sawise pangiket, wedharing gagasane utawa andharane kaanggep ora dipentingake, dene ukara gatra liyane ngandharake bebakune wedharing gagasan ukara mau.

o Bocah iku nganyut tuwuh sebab lara ati.

(5) Ukara gatra pang kang karakit kanthi pangiket umume bisa diganti nganggo tetembungan utawa gatra tartamtu, kang wedharing gagasane padha karo ukara pang mau.

o Aku ora ngerti kapan dheweke arep pindah. o Aku ora ngerti pindahe.

Wedharing gagasan panggarbane ukara gatra ing ukara camboran sungsun uga ditemtokake dening jinising pangiket lan wedharing gagasan ing ukara gatra-ukara gatra kang kagarba. Tuladhane:

o Aku ngajak kowe sebab kowe ora nakal.

Jinising pangiket lan wedharing gagasan ing ukara gatra-ukara gatra kang kagarba, kaya ta:

(1) Rakitan Pratelan Titi Mangsa

Rakitan titi mangsa bisa kaperang maneh dadi (a) titi mangsa kang mratelakake wiwitane kadadeyan, (b) titi mangsa kang mratelakake wektune bebarengan karo kedadeyane, (c) titi mangsa kang mratelakake urutane kadadean, lan (d) titi mangsa kang mratelakake pungkasane kadadeyan.

(2) Rakitan Pratelan Sarat utawa Janggelan

Rakitan pratelan sarat utawa janggelan iku ana ing ukara camboran sungsun, kang ukara gatra pange ngandharake sarat utawa janggelan kelakone kedadeyan kang kasebut ing ukara delege (lajere utawa bakune).

(30)

29

(3) Rakitan Pratelan Saupama utawa Mungguh

Rakitan pratelan saupama utawa mungguh iku ana ing ukara camboran sungsun, kang ukara gatra pange ngandharake upama kelakone kedadeyan kang kaandharake ing ukara gatra delege.

o Manawa aturku iki mau dora, aku wani disumpah pocong.

(4) Rakitan Pratelan Panggenah

Rakitan pratelan panggenah iku, ukara gatran pange nggenahake apa kang kaandharake ing kriyane ukara gatra delege utawa ing jejere.

o Bukti iki wis bisa nuduhake manawa dheweke tau duwe urusan karo polisi.

(5) Rakitan Pratelan Pepadhan

Rakitan pratelan pepadhan ing ukara camboran sungsun kang ukara gatra pange mratelakake pepadhan, sairib, saemper, utawa pilihan antarane apa kang kaandharake ing ukara gatra deleg karo kang kaandharake ing ukara gatra pang.

o Pak Broto nresnani ponakane kaya dheweke nresnani anake.

(6) Rakitan Pratelan Karana utawa Alasan

Rakitan pratelan karana utawa alasan kedadeyan ing ukara camboran sungsun kang ukara gatra pange mratelakake karana utawa alasane anane kadadeyan kaya kang kaandharake ing ukara gatra deleg.

o Kabeh sedulur wajib dibekteni sebab dadi gegentine wong tuwa.

(7) Rakitan Pratelan Pangajab utawa Pamurih

Rakitan pratelan pangajab utawa pamurih kedadeyan ing ukara camboran sungsun kang ukara gatra pange mratelakake pangajab utawa pamurih saka apa kang kaandharake ing ukara gatra deleg.

o Buku iki disimpen ana lemari bae kareben ora ilang.

(8) Rakitan Pratelan Temahan

Rakitan pratelan temahan kedadeyan ing ukara camboran sungsun kang ukara gatra pange mratelakake temahan utawa wusanane saka apa kang kaandharake ing ukara gatra deleg.

(31)

30

(9) Rakitan Pratelan Sarana utawa Piranti

Rakitan pratelan sarana utawa piranti kedadeyan ing ukara camboran sungsun kang ukara gatra pange mratelakake apa-apa kang dianggo lantaran utawa piranti kaya apa kang kaandharake ing ukara gatra deleg.

o Dheweke golek iwak kanthi migunakake jala.

(10) Rakitan Pratelan Luwih utawa Ora Lumrah

Rakitan pratelan luwih utawa ora lumrah kedadeyan ing ukara camboran sungsun kang ukara gatra pange mratelakake ora ngowahi apa-apa kang kaandharake ing ukara gatra deleg, nanging darbe surasa mbangetake, luwih, utawa lumrah.

o Sanajan toh pati, aku tetep tresna marang dheweke.

(11) Rakitan Pratelan Pepangkatan

Rakitan pratelan pepangkatan yaiku rerakitan kanthi ciri anane tembung sing utawa kang. Kaperang dadi rong warna (1) pepangkatan winates lan (2) pepangkatan tanpa watesan.

o Sedulure sing manggon ing Jombang mati wingi sore.

(12) Rakitan Pratelan Tetandhingan

Rakitan pratelan tetandhing kedadeyan ing ukara camboran sungsun kang ukara gatra pange lan ukara gatra delenge darbe prabot kang padha kang kaanane imbang utawa ora imbang.

(13) Rakitan Pratelan Pangarep-arep

Rakitan pratelan pangarep-arep ing ukara camboran sungsun ngandharake pangarep-arep supaya apa kang kaandharake ing ukara gatra pang bisa dadi kanyatan.

3) Ukara Camboran Raketan

Ing ukara camboran bisa kadadeyan anane raketan praboting ukara. Prabot kang bisa karaketake yaiku, jejer, wasesa, lesan, utawa panggenah. Wujud pandhapuke ukara camboran raketan, yaiku:

(1) Ukara Raketan Jejer

Wiwit cilik, dheweke wis kulina urip sengsara. (2) Ukara Raketan Wasesa

(32)

31

- Aku ora ngerti.

- Dheweke ora arep melu.

(33)

32

DAFTAR PUSTAKA

Mulyana. 2007. Morfologi Bahasa Jawa(Bentuk dan Struktur Bahasa Jawa). Yogyakarta: Kanwa Publisher.

Padmosoekotjo, S. 1989. Paramasastra Djawa. Surabaya: PT Citra Jaya Murti Poerwadarminta, W.J.S. 1939. Baoesastra Djawa. Batavia: J.B.Wolteres Groningen. Rahardi, Kunjana. 2001. Kajian Sosiolinguistik. Jakarta: Ghalia Indonesia

Sasangka, Sry Satriya Tjatur Wisnu. 2011. Paramasastra Gagrag Anyar Basa Jawa.Jakarta: Yayasan Paramadina.

Setyanto, Aryo Bimo. 2007. Paramasastra Bahasa Jawa. Yogyakarta: Panji Pustaka. Subagya, Rahmad.2011. Titi Ukara Basa Jawa. Surabaya: Bintang Surabaya.

Sudarayanto. 2001. Kamus Pepak Basa Jawa. Yogjakarta: Badan Pekerja Kongres Bahasa Jawa.

_________, 2001. Tata Bahasa Baku Bahasa Jawa. Yogyakarta: Badan Pekerja Kongres.

Tanpa nama. 1946. Karti Basa. Jakarta:Kementerian PP dan К .

Referensi

Dokumen terkait

Setiap pengusaha perkebunan pasti ingin mencari hasil kuantitas dan kualitas yang setinggi-tingginya. Keinginan tersebut dapat tercapai dengan memperbaiki

Tuas persneleng utama berfungsi untuk memindah susunan gigi pada persneleng, sehingga perbandingan kecepatan putar poros motor penggerak dan poros roda dapat

Secara keseluruhan penyebab lain dari ketertinggalan Indonesia dalam bidang ilmu pengetahuan dan teknologi adalah sebagai berikut : (a) Terbatasnya jumlah orang

Kerak bumi tidak semata-mata tersusun dari batuan yang benar-benar kompak dan padat. Sebagian diantaranya ada yang berrongga dan berlubang-lubang. Pada batuan ini, air

selanjutnya adalah memotong batang pokok. Batang pokok langsung dipotong 1 cm di atas mata tempelan, dengan bentuk potongan miring ke balakang sehingga air hujan

a) Pakaian kerja harus dibuat dari bahan yang menjaga badan pekerja tetap kering dan berada pada temperatur yang nyaman. Pakaian pelindung yang sesuai jika ada

Ketika ingin mengetahui kelayakan usaha kita, tentunya kita harus mengetahui tujuannya. Menghindari resiko kerugian. Untuk mengatasi resiko kerugian pada masa yang akan

Menghitung ukuran Penyebaran data dari data dalam bentuk tabel, diagram atau grafik Ukuran penyebaran data yang biasa digunakan untuk data tunggal antara lain rentang, hamparan