Kumpulan
Pituturé Simbah
Kasusun dening:
GoosaLeoEdo
Januari 2024
Pituturé Simbah
Manawa panyuwunmu marang Gusti Allah durung diijabah, ora ateges
manawa Gusti Allah ora mireng marang panyuwunmu, nanging Gusti
Allah lagi nguji sabar lan tumemenmu. Mula aja pegat anggonmu nyenyuwun kanthi sabar
lan tumemené atimu.
1
Pituturé Simbah
Nadyan manungsa iku ringkih, nanging manungsa bisa nelukaké
gunung-gunung, samodra lan angkasa, uga liman lan sardula kanthi nggunakaké akal, nalar lan rekadaya. Mula asahen akal budimu
kanggo uripmu kang luwih santosa.
2
Pituturé Simbah
Wolak-waliking jaman kalatidha Akèh kang lingsem manawa ora
nduwé bandha donya Banjur tumindak nista nyingkiraké
rasa dosa
Akèh kang kepéngin nduwé kuwasa Ora amarga bakal nulung kawula Nanging kepéngin numpuk raja brana
Kamangka bandha donya lan raja brana
Tan ana guna lamun tumekèng palastra.
3
Pituturé Simbah
Angger gelem obah, mesthi mamah.
Mula aja kendho methuk rejeki saka Gusti Allah, jer nyatané rejeki mesthi
tumurun mring saben titah.
4
Pituturé Simbah
Wong bodho kalah karo wong pinter, nanging wong pinter kalah karo wong
beja. Mula aja nganti sira kalah karo wong bodho kang beja, dadiya wong pinter kang beja kanthi mempeng
sinau lan mempeng nyenyuwun marang kang nguwasani kabejan.
5
Pituturé Simbah
Nadyan lambé sak tumang kari sak merang anggonmu paring wejangan, nanging ora bakal mlebu ati manawa sira wus ora dipercaya. Mula kudu tansah jumbuh antarané pocapan lan kanyatan kang sira lakoni supaya sira ora nganti kéllangan kapercayan.
6
Pituturé Simbah
Kang katon tansah ayem lan tentrem uripé durung mesthi mangkono kasunyatané, nanging amarga pinter
ndhelikaké. Mula aja gampang mèri marang liyan yèn durung ngerti kang
sak beneré. Tansah ngunjukaké rasa panuwun mring Pangeran apa kang wus diparingaké, bakal nuwuhaké rasa
tentrem kang sak temené.
7
Pituturé Simbah
Manawa paseduluranmu amarga getih lan turunan, élinga akèh pasulayan lan paprangan ing antarané sedulur tunggal getih lan turunan. Mula
sèlèhna paseduluranmu amarga Pangeran kang Maha Welas lan Maha
Asih, supaya rasa welas lan asih tansah dadi wengkuné
paseduluranmu.
8
Pituturé Simbah
Manawa nuruti kekarepan, nadyan ndonya sak isiné wus dadi duwèké, mesthi isih durung ana maremé. Mula aja nuruti kekarepan, nanging tansah ngunjukna panuwun kabèh kang wus
diparingaké karo kang ngatur panguripan.
9
Pituturé Simbah
Beja cilaka ora gumantung marang wong tuwa, sedulur lan kanca-kanca, nanging gumantung marang nasibira.
Déné nasibira gumantung marang tekat lan kandelé anggonmu ngupaya
lan ndonga. Mula aja kendho anggonmu ngupaya lan ndonga
kanggo ngowahi nasibira.
10
Pituturé Simbah
Kang Sumaré tan bisa tangi Paring wejang lan pangastuti Mula wus tan bisa dèn suwuni
Pangestu tebih bilahi Kosok baliné hangadhang bekti Donga saking kang sugeng hastuti
11
Pituturé Simbah
Nadyan sira ngupadi nganti saindengé bumi dèn jajagi
Nanging tan bakal sira temoni rasa adil kang sejati
Jer nyatané adil ing ndonya gumantung ana ing ati
Kamangka béda manungsa wus mesthi béda ati
Déné mung ati suci kang ngemu rasa adil sejati
Mula resikana atimu nganti putih kaya mlathi
Supaya rasa adil tansah cumondhok ana ing ati
12
Pituturé Simbah
Yèn sira nguningani kadurjanan, nanging kèndel ora ngupaya nggagalaké kadurjanan mau, sejatiné sira wus mèlu tumindak durjana. Mula
aja nggedhèkaké jerih nyilikaké kekendelan, nanging meluwa mbrasta angkara kanthi aji wani nggendhong
pétungan.
13
Pituturé Simbah
Manawa sira sethithik waé mikir nggunakaké akal lan nalar paringané
Pangeran, ora bakal sira kapiran. Jer nyatané kabèh kebutuhané manungsa
wus cumawis amarga rasa welas lan asihé Gusti kang Maha Kuwasa. Mula
tansah élinga mring Ilaahi Robbi kang tan pedhot andum basuki.
14
Pituturé Simbah
Aja nggantungaké pangarepanmu marang kang ngendikané kaya gludhug tanpa udan, gampang nyebar tembung manis nanging mung
kanggo abang-abang lambé, méncla- ménclé esuk témpé soré dhelé, ora tau
ana nyatané.
15
Pituturé Simbah
Bektiya marang leluhur lan wong tuwamu nadyan wus ora hana kanthi
mikul dhuwur mendhem jero, yaiku ngaton-ngatonaké kabecikané lan
kaluwihané lan nutupi kabèh kekurangané.
16
Pituturé Simbah
Wong bodho iku kayadéné wong kang mlaku ing peteng, gampang kesandhung, kesampar lan kejlungub.
17
Pituturé Simbah
Apa sira ngerti sapa kang paling akèh nandhang kapitunan? Yaiku wong
kang ngliwataké wektuné kanthi muspra lan ora ngéling marang kang
Maha Kuwasa.
18
Pituturé Simbah
Endahé paseduluran manut réhing Pangéran, sami déné ngajéni, wah mbiyantoni, Nadyan béda agama wah
béda golongannya, tunggal rasa pambekan, prikamanungsan, kluwung
pindhanya éndahing warna, nyawiji mbangun urip kang adya, tentrem
raharja.
19
Pituturé Simbah
Menawa atimu krasa lara amarga entuk pitutur ngenani kabecikan, ya kuwi sakbener-benere pitutur. Amarga
pigunane pitutur yaiku kanggo ngobati ati sing tatu.
20
Pituturé Simbah
Ndonya iki akèh kang aèng lan ngédab-édabi, nanging sira aja gampang gumunan amarga sira durung mangerti. Mula aja pegat
anggonmu sinau lan milangkori supaya mangerti apa kang sejatiné
dumadi.
21
Pituturé Simbah
Aja ngira ngibadahmu kang bakal ngluhuraké Gusti Allah. Nanging kosok baliné ngibadahmu marang Gusti Allah kang bakal ngluhuraké drajadmu. Mula tumemena anggonmu
manembah mring Gusti Allah supaya saya luhur drajadmu.
22
Pituturé Simbah
Aja pedhot anggonmu ngarep-arep pitulungané Gusti Allah, amarga Gusti Allah iku Maha Welas Asih, uga Maha pirsa, Maha Mireng lan ora naté saré.
23
Pituturé Simbah
Yen sira ora bisa nindakake kabecikan babar pisan, sak ora-orane
tahanen tangan lan ilatmu aja nganti nglarani liyan, , Lan aja ngremehke kabecikan arepo mung sethithik sanajan mung mesem yen ketemu karo sedulurmu. sak ora-orane
kuwi bakal dadi sedekah kanggomu
24
Pituturé Simbah
Saben manungsa bakal ngundhuh wohing pakarti. Nadyan ing ndonya ora dumadi, nanging ora bakal uwal saka pengadilané Gusti. Mula yèn ngucap lan tumindak kang ngati-ati.
25
Pituturé Simbah
Aja mung mburu senenging ati, nanging kudu dipétung kanthi titi lan ngati-ati supaya kabèh migunani
lan ora nguciwani ing tembé mburi.
26
Pituturé Simbah
Aja urip kanthi urik kang gawé tatu ati lan serik. Luwih becik urip prasaja
ora gawé tatu atiné liya.
27
Pituturé Simbah
Hana kang katon ora luwih beja tinimbang sira nanging katon luwih
bagya, iku amarga bisa legawa lan narima kabèh paringané Kang Maha
Kuwasa.
28
Pituturé Simbah
Kang dikudang-kudang durung mesthi bisa digadhang-gadhang pitulungané, nanging akèh kang dudu
kadang malah ramé pitulungané.
Mangkono sira kudu mahami kahanan sak kabèhé.
29
Pituturé Simbah
Manawa sira ora naté susah, sira ora bisa ngrasakaké urip kang kepénak.
Mula becik tansah ngunjukaké panuwun mring Gusti ing sadhéngah
kahanan nalika seneng lan susah.
30
Pituturé Simbah
Wong tuwamu iku dalané berkah saka Gusti Allah. Mula ora usah muteri jagat golèk berkah, cukupa bekti lan
mbangun miturut marang wong tuwamu mesthi bakal kasokan berkah
31
Pituturé Simbah
Yèn sira ngrasa serik nalika wong liya ora adil marang sliramu, aja nganti sira tumindak kang ora adil marang liyan. Mangkono iku kang sinebut tepa slira. Mula tetepa njaga jejeging
adil ing sadhéngah kahanan.
32
Pituturé Simbah
Aja rumangsa susah manawa sira diparingi pacoban kang arupa lelara lan kacingkrangan, jalaran iku wujud
welas asihé Gusti supaya sira santosa lan ora jumawa ing sak jroning ati.
33
Pituturé Simbah
Cumloroté lintang alihan lan lampor kang madhangaké wengi nuduhaké kuwasané Gusti. Mula tetepa ngéling marang kang nguwasani wengi supaya
sira kaparingan wahyu kang madhangaké ati
34
Pituturé Simbah
Aja ngrasa kelara-lara manawa sira ngrasa tan aji ing ndonya. Amarga sapa ngerti iku pacobanira saka kang
Maha Kuwasa supaya sira mengko bisa kaganjar urip mulya ing swarga.
35
Pituturé Simbah
Aja keladuk ngumbar umuk, wong kang umuk mung éntuk anthuk
nanging sepi gathuk.
Luwih becik lembah manah lan prasaja bakal katarima ing sapadha-
padha.
36
Pituturé Simbah
Aja nggégé mangsa, kabèh iku ana mangsané dhéwé-dhéwé. Mula luwih
becik pasrah marang Gusti Allah.
Nanging aja kendho anggonmu ngupaya karo tetep ndonga marang
kang kagungan donya.
37
Pituturé Simbah
Nek wes onok sukurono, nek durung teko entenono, nek wes lungo lalekno,
nek ilang iklasno
38
Pituturé Simbah
Nadyan dosamu akèh kaya gunggungé wedhi ing kali, nanging manawa sira isih nduwé rasa wedi mring Gusti Ilahi
Robbi muga-muga dosamu dadi wadi lan kaparingan pangaksami.
39
Pituturé Simbah
Manawa sira nggatèkaké anggone biyungira wiwit nggarbini nganti
mijilé bayi saka guwa garbané, mesthiné sira ora bakal lali marang pangorbanan biyungira kaki, lan ora
bakal wani ora bekti.
40
Pituturé Simbah
Aja wedi sira ngupadi kanggo panguripanmu kang luwih aji, nadyan
muteri bumi aja kandheg anggonira nglakoni, muga-mugi Gusti Alloh ngijabahi kabèh kang dadi sedyaning
ati.
41
Pituturé Simbah
Aja jumawa manawa sak iki sira nduwé, amarga tanpa kanyana- nyana bisa waé kang sira darbèki saiki bakal ilang sak kabèhé. Semono
uga aja cilik atimu manawa sira ora nduwé, manawa sira sabar lan narima
sira bakal nampa kanugrahan kang gedhé.
42
Pituturé Simbah
Manawa ora diparingi lara, arang kang éling marang kang paring kasarasan. Manawa ora naté susah, arang kang éling marang kang paring
kabagjan. Mula tetepa éling nalika sira saras lan bagja lan waspada manawa sak wektu-wektu sira bisa
lara lan susah.
43
Pituturé Simbah
Kabisanmu iku kaya gaman kang aji, kang ora perlu katamakaké yèn ora
ana perluné. Mula aja gampang ngatonaké supaya ora luntur ajiné.
44
Pituturé Simbah
Sira kang kacipta saka rasa tresna lan welas asih, kudu nduwé rasa tresna lan welas asih. Mula resikana
atimu saka rasa srei, dengki lan wengis kanthi tansah ngéling marang
kang Maha Welas lan Maha Asih.
45
Pituturé Simbah
Sedulur iku kaya péranganê hangga, manawa ana kang lara, kabèh mèlu
ngrasakaké lara.
46
Pituturé Simbah
Ngger cah bagus lan cah ayu putune simbah....
Menawa sira pengin sinau babagan Sedhekah/Shodakoh kanthi ikhlas, sira bisa nyinau seka sira dhewe pas
"NGISING NENG KAKUS"
Jlentrehane mangkene:
Nalika sira krasa pengin bebuang, mesti gage-gage ndang mlebu kakus
yen perlu semu dhedhelikan.
47
Apa maneh yen wis kebelet. Iku nggambarke yen sira bakal paring sedhekah sak bisane ndang enggal- enggal diparingna lan aja nganti ngerti sapa-sapa Ibarat tangan tengen ngulungake, tangan kiwa aja
nganti ngerti.
Yen wis nangkring, ndang enggal- enggal ngeden terus ditokne sak akeh-akehe, rasane dadi lega, Nggambarake yen sedhekah iku sansaya akeh kudune marahi ati lega
lan seneng.
Yen uwis lebar langsung reresik, tanpa ndeloki maneh apa sing wis sira buang, nggambarake yen uwis paring
sedhekah ya wis rasah dipikir maneh apa-apa sing wis sira sedhekahake.
kira-kira mengkono rasa Ikhlas iku
Pituturé Simbah
Aja seneng nampa kang tanpa rega.
Amarga kang seneng nampa nanging tanpa upaya lan budidaya iku nista,
mrosotaké drajad lan wibawa.
48
Pituturé Simbah
Kang abot iku ninggalaké pakulinan.
Nanging kang paling abot iku ngowahi pakulinan ala dadi
pakulinan kang becik.
49
Pituturé Simbah
Akèhana sedulur lan kanca kang gelem donga dinonga, amarga sira
ora ngerti dongané sapa kang ditampa déning Kang Maha Kuwasa.
50
Kumpulan Pituture e Simbah
Kang Uwis tak Rangkum Iki Menawa Ono
Bener
LanBecike
Ayo Padha
Diugemi Wondene
Menawa Ono
Salah
LanOra Migunani
,