• Tidak ada hasil yang ditemukan

Cerita Sunan Kali Jaga dalam bahasa Jawa

N/A
N/A
Protected

Academic year: 2018

Membagikan "Cerita Sunan Kali Jaga dalam bahasa Jawa"

Copied!
5
0
0

Teks penuh

(1)

Cerita Sunan Kali Jaga dalam bahasa Jawa

Jeneng asline Sunan kalijogo yoiku Raden Sahid. Putra Adipati Tuban sing jenenge Temenggung Wilatikta. Raden Sahid kalebu keturunane Ronggolawe sing agamane Hindu, uga kanthi asma Raden Sahur.Nalika Raden Sahid cilik, Raden Sahid wis di kenalake karo agama Islam karo guru kadipaten Tuban. Nanging senajan deweke weruh kahanan sekitare sing beda adoh karo uripe wong cilik sing pada ngelih. Raden Sahid banjur atine mberontak.

Wektu Raden Sahid isih bocah atine ora lila, weruh para pejabat kadipaten sing sewena–wena marang rakyat cilik. Durung meneh upeti sing di pungut kadipaten luwih saka bates kewajaran nambahi bebane rakyat sing wektu kuwi wis kabotan anggone urip.Nalika musim ketiga dawa nambahi nelangsane rakyat. Panen sing pada gagal amerga ora ono banyu. nanging pejabat kadipaten pada ora peduli sing di pedulike amung piye anggone meres pajak saka rakyat cilik.

Raden Sahid putra bangsawan kuwi, dheweke luwih seneng urip sing bebas, kang nentang karo adat istiadat kebangsawanan. Deweke luwih seneng kumpul nyawiji kalian rakyat jelata. Amarga saka uripe kuwi deweke reti sakjeroning masyarakat Tuban.Niat kanggo ngurangi kasengsaraane rakyat wis dikandhakake kalian bapane. Nanging bapane ora bisa apa–apa. Deweke maklum amarga bapake sing njabat dadi Adipati bawahane Majapahit. Nanging niyate Raden Sahid ora bisa dilerem. Nalika bengi deweke seneng ngurung awake ning kamar saperlu ngaji Al-quran.

Nalika sing jaga gudang kadipaten turu, Raden Sahid njupuk bahan pangan ning gudang sing arep di setor marang Kerajaan Majapahit. Bahan makanan mau di bagekake marang rakyat jelata sing butuh banget kanggo nyambung urip. Sing di lakukake Raden Sahid ora ana sing ngerti uga kanggo sapa kang nampa pitulungane iku mau.Banjur rakyat sing rak reti apa–apa iku mau bingung campur seneng entuk rizki sing rak kedugo–dugo.Ora trimo rakyat sing kaget nrimo rizki sing kaya–kayane tiba saka langit nanging sing jaga gudang ya krasa kaget naliko barang lan bahan makanan sing bakale arep diwenehake marang Kerajaan Majapahit tiap bengine sansaya kurang.

Sing jaga padha penasaran sapa sing wani maling barang sing kangarep dadi upeti kanggo Kerajaan Majapahit iku mau. Nalika bengi para penjaga pada ethok–ethok turu,ngenteni malinge teka. Jebule bener ana maling sing ngendap-ngendip marang lawang gudang nanging di tok dhisik karo penjaga nunggu sampe maling iku mau jupuk barang sing arep di maling. Naliko di deloke para penjaga gudang mau padha ora percaya menawa sing maling yaiku junjungane dhewe ingkang putra Adipati Wilatikta Raden Sahid. Banjur Raden Sahid di gawa menyang Adipati Wilatikta. Banjur kang bapa iku nesu ora percaya putra kesayangane iku mau wani dadi maling ana ing omahe dhewe. Banjur Raden Sahid diukum kalian ukuman cambuk nang tangan 200 sabetan. Ukuman sing linyane yaiku di kurung sakjrone kamar. Lan pesene bapane aja pisan–pisan meneh maling.

Sakwise nglakoni ukuman sing di wenehi saka bapane, banjur Raden Sahid mutusake metu saka

lingkungan istana. Lungo terus jarang mulih nganti biyung lan adhike kuwatir menawa ana kedaden kang ora apik kalakoni dening Raden Sahid.Saiki Raden sahid ora trima maling nanging dadi begal sing maling wong sugih sing enthuk rizki saka barang sing ora halal. Anggone ngrampok Raden Sahid nganggo topeng lan busana sarwa ireng.Nanging suwe suwe anggone nganggo busana khase dheweke iku ana isng niru. yaiku gerombolan perampok kang tanpa mikir sapa kang bakal dibegal. Gerombolan iki ora sungkan anggone mateni sapa sing arep di rampok.Sak wijining bengi, naliko Raden Sahid lagi mudhun saka musholla ba’dha isya, ana sak siwijining omah sing bengak–bengok ana rampok. Banjur Raden Sahid cepet–cepet tumuju omah sing dirampok iku mau. Nanging nalika Raden Sahid teka ing papan si

perampok iku mau lagi ngrudhapeksa bocah wadon sing ana nang papan iku. Naliko arep di cekel kalian Raden Sahid rampok iku mau padha mlayu nanging bocah wadon sing di perkosa mau nyikep siset Raden Sahid nganti penduduk desa teka.

Amargo Raden Sahid isih gawa topeng rampoke bajur para penduduk desa padha nganggep menawa sing ngrudhapeksa iku ya Raden Sahid.

(2)

wayah bengi mbok woco iku!”Adipati Wilatikta iku sing asline ora percaya karo apa sing dilakukake putra kesayangane iku. Apa sing dikarepake Adipati, Raden Sahid sing menggko dadi penggatine dadi Adipati nang Tuban sirna.Naming siji wong sing ora percaya Raden Sahid nglakukake perbuatane iku mau yaiku adhike Dewi Rasa Wulan. Amargo rasa kasihhe marang kakangne iku Dewi Rasa Wulan lungo nggoleki kakange Raden Sahid ananging ora ketemu.

Sakwise di usir saka kadipaten Tuban banjur Raden Sahid lunga menyang alas Jatiwangi. Pirang–pirang tahun Raden Sahid ngrampok wong sing sugih sing lewat nang alas iku nganti di juluki Brandal Lokajaya. Sawijining dina naliko ana wong tuo sing gawa teken lewat dhewe nglewati alas Jatiwangi. Nalika di sawang–sawang tongkate iku mau kok ngetoakae sinar kempling koyo–koyo gagange iku digawe saka emas. Banjur ora nunggu suwe tongkat sing di gawa wong tuwo mau di rebut pekso nganti wong tuwo mau tiba grubakan nang lemah.Kanthi susah wong tuwo mau tangi, matne ngetoake eluh nanging ora ngetokake suara naliko wong nangis. Nanging Raden Sahid lagi sibuk ndelengi tongkat sing direbut iku mau.

Sansaya suwe di sawang tongkat iku mau jebule dudu emas sing di karepake Raden Sahid iku mau. Raden Sahid kaget nalik weruh wong tuwo sakwise direbut tongkate kok nembe nangis “aja nangis meneh iki tongkatmu tak balikna”. “dudu tongkat iki sing tak tangisi” omongane wong tuwo mau nunjuake suket sing ana nang tlapakane. “delokno! Aku wis nglakoni dosa, gawe sia–siane barang. Suket iki mau kecabut nalika aku tiba”

“Namung pirang lebar suket, ndadekake kowe krasane salah banget?” pitakone Raden Sahid.

“Ya, aku wis dosagedhe mergane aku nyabut suket iki mau tanpa ana gunane. Naliko aku ncabut suket iki tak dadikno makanan ternak iku rak apa. Nanging barang sing di siak–siakna iku sing marahi dosa.” Ati Raden Sahid krasanalika krungu ukara iku mau.

“Cah bagus apa sing mbok karepake nang alas iki?” “Kula golek bandha”

“Kanggo apa?”

“Tak keake marang wong fakir lan miskin”

“Hmm…. Atimu sebenere mulya, nanging caramu sing kliru” “He wong tuwa apa karepmu?”

“Oleh aku takon karo kowe? Nak kowe ngumbah pakaian nganggo banyu uyuh apa klambimu iku mau bakale resik? Allah iku Dzat Suci, amung nrima amalan saka barang – barang sing apik lan halal”. Kandhane wong tuwa mau.

Raden Sahid sansaya gemeter krungu wong tuwa mau

“Akeh dalan sing di lakokake nalika kowe pengen nulung wong fakir lan miskin mau. Kowe ora bisa ngrubah nasibe wong iku mau namung aweh pangan lan dhuwit saka ngrampok iku mau. Kuwe peringatke pengausa–penguasa sing lalim ben ngrubah carane mimpin rakyate kanthi aja sewenang–wenang. Kowe ya bisa aweh pangarep kanggo ngowahi uripe kang sengsara kanthi luwih sregep anggone kerja.”

Raden Sahid sansaya gemeter krungu sing diucapake wong tuwa mau.

“Nek awakamu arep golek rizki sing halal nanging ora ngrugiake wong jupuka sing ana nang wit iku mau, kanthi nunjuk nang wit aren iku mau.

Sakwise ngomong iku mau wit aren iku berubah dadi emas. Di penek wit aren iku mau dipetiki uwohe. Nalika dhewe methik emas ana wit aren iku mau banjur wohe wit aren iku mau banjur rontok ngebruki Raden Sahid nganti semaput. Nalika sadar Raden Sahid nggoleki wong tuwa mau. Nanging wong tuwa mau wis adoh amung katon bayangane. Mlayu kebatan Raden Sahid ngoyak wong tuwa mau niba nangi. Akhire sak pinggire kali Raden Sahid kasil nyusul wong tuwa mau.

“Nyuwun pangapunten ……….. nyuwun njenengan purun ngangkat kula dados murid” njaluk Raden Sahid menyang wong tuwa mau.

“Kowe arep sianu bab apa karo aku?”

“Menapa mawon, sing penting panjenengan purun ngangkat kula dadi murid.” “Abot …. Sarate apa abot, apa kowe siap?”

“Kula siap!”

(3)

Banjur wong tuwa mau nyebrangi kali kanti ngmbang ora kena banyu babar pisan. Sakwise wong tuwa mau ilang saka pandangane Raden Sahid banjur Raden Sahid sila nunggu tongkat sing tancepake mau kanthi eling saksijining surat sak jeroning Al Qur’an babagan Ashabul Kahfi kanthi ndonga Raden Sahid di dadikna kaya Ashabul kahfi sing turu ratusan taun.

Dongane Raden Sahid kasembadan dening Allah SWT, Raden Sahid turu kurang luwihe 3 tahun. Nganti awake di rubungi suket lan lumut.

Sak wise telung tahun wong tuwa mau banjur teka nemoni Raden Sahid. Nanging Raden Sahid ora isa di tangikna amarga wis ngakon dekne turu. Banjur di adzani karo wong tuwa mau kanthi Raden Sahid mbukak matane sakwise telung taun nungguni teken si temancep nang pinggir kali.

(4)

Kancil lan Merak

Merak pancen seneng macak. Mula tansah nengsemake. Wulune katon edi, gawe resep kang padha nyawang. Mula ora sithik tangga-teparo padha mara nyang omahe Merak saperlu sinau ngadi busana lan ngadi salira.“Aku pengin supaya bisa nduweni sandhangan wulu kaya kowe, Rak,” ujare Kancil marang Merak.“Sandhangan wulu kang tememplek ing awakku iki paringane Gusti Kang Akarya Jagad. Aku mung tinanggenah ngrumat lan njaga supaya tetep katon endah,” wangsulane Merak kanthi sareh. “Anggonku seneng dandan lan ngupakara kaendahan iki mung wujud rasa syukurku marang Gusti!” bacute tanpa linandhesan rasa umuk.“Supaya wuluku bisa dadi kaya wulumu, piye carane?” pitakone Kancil.

“Tangeh lamun, Cil! Aku-kowe ki mung saderma nglakoni. Apa kang dadi peparinganing Pangeran kudu tinampa kanthi ati segara,” wangsulane Merak. “Karo maneh kabeh sing tememplek ana saranduning badan iki, mesthi piguna marang awake dhewe. Kang ana ing aku ora durung mesthi ana ing kowe, semono uga kosok baline, Cil. Wulu soklatmu kuwi mesthi piguna tumrapmu!”

Nanging Kancil sajak kemeren nyawang kaendahan wulune Merak. “Piguna apa?” Sawise megeng napas sawetara banjur nggrundel, “Senajan piguna, nyatane wuluku letheg! Aku luwih bungah yen wuluku bisa kaya wulumu! Saben kewan ora sebah nyawang!”“Kuwi rak mung saka panggraitamu dhewe. Nanging ora kok, Cil!” sahute Merak. “Sebab saben kewan ginaris dhewe-dhewe! Uga bab wulu! Wulu-wuluku kaya ngene, wulu-wulumu kaya ngono, wulune Macan, wulune Gajah, lan sato kewan liyane ora ana sing padha!”

Senajan akeh-akeh Merak anggone ngandhani, nanging ora bisa mbendung pepenginane Kancil nduweni wulu kaya wulu Merak. “Sakarepmu anggonmu kandha, Rak! Mung aku njaluk tulung supaya aku bisa nduweni wulu kaya kowe!” kandhane Kancil setengah meksa.

Merak gedheg-gedheg gumun karo kekarepane Kancil. “Saupama bisa, terus mengko kowe dadi kewan apa?” pitakone Merak.“Kewan apa wae terserah sing arep ngarani! Mung kira-kira bisa ta, Rak?” pitakone Kancil ngoyak, ora sabar.“Bisa wae, nanging mung imitasi! Pasangan!”“Ora masalah!” Kancil bungah. “Ndang dipasang!” panjaluke kesusu.“Ya sabar, Cil! Aku kudu nglumpukake bodholane wuluku lan wulu-wulune wargaku.”“Terus kapan?”“Udakara rong mingguan.”“Tak tunggu, Rak, ujare Kancil banjur nerusake lakune. Merak mung nyawang kanthi mesem, “Cil, Kancil. Yen duwe kekarepan kok ngudung, tanpa metung tuna lan bathine. Kudu tak udaneni kekarepane, ngiras kanggo menehi piwulang marang dheweke.”Tekan dina sing dijanjekake, esuk uthuk-uthuk Kancil

wis tekan omahe Merak. “Piye, Rak? Iki

wis rong minggu!”“Beres!” jawabe Merak karo nata wulu-wulu sing wis diklumpukake, “Gilo! Wulu-wulu

wis mlumpuk, malah

wis dakdhewek-dhewekake! Wulu awak, wulu swiwi, wulu buntut, aku uga wis golek tlutuh wit karet barang minangka kanggo nemplekake ing badanmu!”“

Wis gek ndang dipasang nyang awakku!” ujare Kancil karo lungguh dhingklik sacedhake Merak.Merak banjur ngoser-oseri kabeh kulite Kancil nganggo tlutuh karet.

Bareng kawawas wis ora ana sing keri, baka siji Merak nemplekake wulu-wulu nut karo kebutuhane. Wulu gulu ditemplekake ing gulu, wulu awak ing awak, wulu sikil ing sikil, dene wulu buntut uga dipasang ing buntute Kancil.Sedina natas, kabeh wulu wis kapasang ing kulite Kancil.“Rampung, Cil,” ujare Merak mesem. “Kae ana pengilon, ndang ngiloa!”Kancil banjur ngilo. Weruh kahanan awake, dheweke mongkog, “Iki sing dakkarepake!” celathune. “Aku bakal dadi salah sijining kewan kang paling endah!”“Bener kandhamu, Cil. Tur ora ana sing madhani!” Merak mbombong. “Mung aja nganti kaendahan mau malah ngreridhu lakumu,” bacute ngelingake.“Ngreridhu piye? Wong apike kaya ngene kok ngreridhu.”“Lho, wulu-wulu kuwi mung templekan. Cetha bakal ngebot-eboti awakmu!”Kancil ora nggagas, malah gage pamitan. “

(5)

tumrap Kancil esem mau tinampa beda, “Kabeh kewan padha kesengsem lan kepincut karo aku,” ujare jroning ati.Nanging sengsem, edi, lan endah mau ora suwe. Bareng tlutuh karet mau garing, kulite Kancil dadi kaku nyekengkeng. Akibate sikil, gulu, lan buntute angel diobah-obahake. Kancil mung bisa njegreg ngececer, ora bisa lumaku.“Tulung! Tulung! Tuluuung!” pambengoke sabisa-bisane.“Ana apa, Cil?” pitakone Merak krungu pambengoke Kancil.“Gage tulungana aku, saranduning badanku angel diobahake!”“Kabeh wulu sing nemplek ing awakmu kudu dicopot kabeh, kowe gelem?”“Gelem, Rak!” ujare Kancil nglenggana marang apa sing wis dilakoni. Dheweke eling menawa kabeh paringane Gusti mono kudu tansah disyukuri. Apik, edi, lan endah tumraping sesawangan kadhang bisa ngganggu utawa mbilaheni.

Alon-alon, Merak mbubuti wulu sing

Referensi

Dokumen terkait

Penelitian ini bertujuan untuk (1) mengetahui kekuatan, kelemahan, peluang, dan ancaman, (2) menganalisis strategi yang digunakan dalam pengembangan Ekowisata Mangrove Muara

Sehubungan dengan pelaksanaan Pelelangan Sederhana Paket Pekerjaan Pengadaan Alat Sosialisasi, Untuk Pemilihan Kepala Daerah dan Wakil Kepala Daerah Kab.. Batubara TA 2013,

Hal ini didukung oleh pendapat Kompiang (2000) menyatakan melalui proses fermentasi dengan Aspergillus niger nilai protein kasar kulit kopi dapat ditingkatkan dan kandungan

Untuk mengetahui pengaruh secara simultan antara kesadaran membayar pajak, pengetahuan dan pemahaman tentang peraturan perpajakan, persepsi yang baik atas efektiitas

Simpulan yang didapat dari penelitian implementasi sistem Informasi berbasis web dengan studi kasus di GKE Sion Palangkaraya diharapkan memotivasi gereja untuk

Deskripsi Perangkat lunak ini digunakan untuk memudahkan user agar dapat melihat jadwal pesawat, info wisata, info hotel, info kendaraan, dengan mudah saat akan

Hasil penelitian ini adalah: (1) Komunikasi kepala sekolah dalam peningkatan kinerja guru di SMP Negeri 26 Surabaya adalah kegiatan yang dilakukan oleh kepala

Penerapan prinsip keadilan dalam pengelolaan lingkungan dan sumber daya alam menjadi penting terkait dengan pelaksanaan hak menguasai negara pada satu sisi, diperhadapkan dan