• Tidak ada hasil yang ditemukan

suluk sasmitaning sanjata cipta

N/A
N/A
Protected

Academic year: 2017

Membagikan "suluk sasmitaning sanjata cipta"

Copied!
2
0
0

Teks penuh

(1)

AAK culture library

I

Effort to Preserve National Culture

www.alangalangkumitir.wordpress.com

SULUK SASMITANING SANJATA CIPTA

Anggitan!dalem Ingkang Sinuhun Kangjeng Susuhunan

Pakubuwana kaping III.

DHANGDHANGGULA DHANGDHANGGULA DHANGDHANGGULA DHANGDHANGGULA

۞۞ Pada 01۞ ۞

Sun amurwa ing tembang ngartati, sasmitanya purwa ningkang jagat, denka/wruhana mulane, kriyeke watang putung, awor lawan kukus ing bedhil, apetak mring gagana, mega wor sumaput, lindhu bentar kang pratala, gunung guntur segara mumbul wiyati, dene arebat karsa.

۞۞ Pada 02 ۞ ۞

Salang deleng datan ana kongkih, kagiri!giri dennya kotbuta, lwir grah kapitu swarane, wor lawan ririsipun, makirtya ring kanang palupi, asru dennya murcitra, welahe lir tugu, akeh kenyut ing pakeyan, den kukudang jasmani den lingling!lingling, tandhane yen kabandhang.

۞۞ Pada 03 ۞ ۞

Den kukudang ragane den lingling, endi silih kang liyan punika, den luhuraken ragane, jatine Suksma tuhu, nyata amba wite dumadi, miwah isining jagat, iku suking ingsun, wus katampan saking ngamba, kang den!aken kanyatahan ing Hyang Widdhi, iku tetebengana.

۞۞ Pada 04 ۞ ۞

(2)

AAK culture library

I

Effort to Preserve National Culture

www.alangalangkumitir.wordpress.com ۞۞ Pada 05 ۞ ۞

Jakat pitrah iku sampun dadi, atilara sakeh ingkang ngamal, tata krama ing jenenge, alam punapa iku, jenengira pan sampun lair, tan ana pringga baya, sabarang pakewuh, siksa kubur saking sira, nora genti pan bareng wijining jati, tan ana ingkang liyan.

۞۞ Pada 06 ۞ ۞

Den gegema den angati!ati, ujar iku aja sumambrana, den ulati salawase, aja amuji iku, duk semana sampun amuji, puwasa ing Ramelan, apan wis pitekur, ingkang ngawal balenana, sira iki nora Islam nora kapir, nyateng jatining Suksma.

۞۞ Pada 07 ۞ ۞

Wong ngangetang!etang iku pangling, lawan amaca Kur’an tilawat, punika jakat pitrahe, tan ana sawabipun, tingalana jagat wis sepi, anging sira kang ngana, asale ing makluk, ping ngillolah sipattolah, gih puniku witing puji wit ing bekti, sira jatining / sembah.

۞۞ Pada 08 ۞ ۞

Iku poma agemen kang becik, lamun ana janma ingkang ngrunjang, akena sembahyang mangke, den bisa ngambil sanggup, ngecanana lan tata krami, asanget lunganana, tibanira iku, kaki ilang yektinira, wis kuwasa muluk sabanira nglangit, nyateng sampun wisesa.

۞۞ Pada 09 ۞ ۞

Nora dadi sembayange kaki, yen tan wruha patitising sembah, dadi sembah buh gawene, aja kaya weregul, gebyar!gebyur saba ing warih, aywa kaya likasan, aywa kaya tugu, lan aywa kaya maesa, wong ngamuji yen tan wruha kang pinuji, yen mati mati bongka.

Referensi

Dokumen terkait

pada penelitian ini akan dibuat Pengembangan Sistem Informasi Proses Belajar Mengajar Online Dengan Menggunakan Metode Simple Addittive Weighting Pada Pembelajaran

Hasil belajar adalah suatu gambaran yang menjelaskan kemampuan siswa dalam memahami materi pelajaran dalam bentuk aspek pengetahuan dan keterampilan setelah mendapat

Salanjutnya riset lain yang dilakukan oleh God Alon, fisioterapis dari Amerika serikat bahwa beberapa fungsi tubuh manusia di tingkat seluler, organ, maupun sistemik juga

1 : Begini sob, orang miskin itu nanti kita suruh jadi peminta-minta.. 2 : aduh makin keliatan aja nih ente begonya, penghasilan peminta-minta itu

Dari beberapa penelitian terdahulu didapatkan hasil yang tidak konsisten atau berbeda-beda sehingga pentingnya dilakukan penelitian yang berjudul PENGARUH

Denganmengakses website Senasbuto, pengunjung dapat melihat angka akumulasi sedekah terkumpul, fasilitas mendaftar anggota dan informasi ketentuan bersedekah.

• Berbeda dengan disiplin Hubungan Internasional yang memasukkan baik aktor negara maupun non-negara ke dalam kajian, Politik Luar Negeri hanya mengkaji aktor negara.. Dalam

[r]