• Tidak ada hasil yang ditemukan

SULUK JEBENG

N/A
N/A
Protected

Academic year: 2017

Membagikan "SULUK JEBENG"

Copied!
2
0
0

Teks penuh

(1)

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library

I

Javanese Manuscripts

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 1 SULUK JEBENG

PUPUH

DHANDHANGGULA

1. Wejang jebeng mamanise sami, aja pangling sira susurupan, den awas sira tataken, ewuhe taken dunung, lamun nora kalawan wisik, lir kinjeng tanpa soca, saparane nglangut, poma

jebeng angungseda, tata kona ingkang wus angaji pati, patitis

kang tan samar.

2. Poma-poma anak putu mami, aja tungkul dunya lan kapenak, dene tanana dadinipun, lara pati sira nglakoni, nora wande mantuk, apan tan jenak neng dunya, jroning donya den padha sira prihatin, aja sah paguneman.

3. Agunema lan mitranireki, sira jebeng yen nora tatanya, ningalana sastra bae, sastra minongka wuruk, aja kandheg sira mrih kasil, upayanen den angsal, ywa kongsi katungkul, aja wedi beya wragad, yen tan darbe saosa ngandhap pakardi, asraha jiwa raga.

4. Supaya jebeng antuka wisik, yen tan nemen mongsa den wejanga, den sareh amet galiye, ewuh wong takon dunung, marga rungsut remit arungsit, pirantine wus teka, jebeng aja tungkul, poma-poma den waspada, raganira lir lungansipeng ing margi, pasthi tan wande pulang.

5. Dene jebeng elingen ing ngruip, aja sira laku dora-cara, dadi paneengeran ngakeh, ywa kandheg amrih ngelmu, nora kaya wong temen kaki, nastiti keh kang welas, lan kandel ing guru, pan kolur pamulangira, satibane wong temen kawelas-asih, lan kinasiyan ing Hyang.

6. Iya iku wong temen nastiti, angguguru ingkang wus apana, dadya wruh panjing surupe, keh lire wong guguru, ing saweneh ateki-teki, mring sakeh ingkang pandhita, tanana potipun, ataken ngelmu kang nyata, ewuh temen ya jebeng raga puniki, pataken ing dunungan.

(2)

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library

I

Javanese Manuscripts

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 2

sih urip, kang anom lan kang tuwa, tan wande alampus, tan wande tekeng ngakerat, raga iku nora wande pulang jisim, jebeng paekanana.

8. Kadang jebeng sira sengga ngimpi, ing rupane dhewe den kawangwang, pralambange turu dene, sajroning turu iku, angrasaken nikmating ngurip, saneskareng katingal, sajroning ngaturu, nora beda pejah gesang, kang ngaawas dene wruh raga pribadi, iku wekasing suksma.

9. Pan wong iku jebeng wus pinasthi, yen wong lara pangantepe teka, iblis laknat teka kabeh, ana kang rupa guru, ana rupa ibu lan nini, ana rupa wong sanak, na rupa sadulur, ana ngajak kekesahan, lah den tetep imanira aja gingsir, iku iman sakarat. 10. Poma jebeng sira yen asakit, ujar iku poma aja lena, weneh

andulu ngelmune, akeh lire kadulu, yen kapencut aneniwasi, dadi ing panasaran, kang ngagama dudu, yen tingale kang wus nyata, jroning pati tanana panggih-pinanggih, wus katingal sampurna.

11. Poma jebeng yen prapta sayekti, aja pegat ing pangrakitira, tegese iku elinge, dipun prayitneng kewuh, ngurebana ujar kang yekti, kawruhana den awas, ing sakarat iku, nora kena ginagampang, den amadhep gagamanira den becik, aja kongsi kasoran.

12. Yen kasoran mapan tibeng sisip, pan kasasar jro sakaratira, kono campuha prang gedhe, mungsuhira pra ratu, balane keh tur sekti-sekti, sira ijen kewala, tan wande kapikut, nanging jebeng ana uga, wong sawiji ngasorken mungsun sakethi, mawendra wurda kirna.

13. Tanah Arab jeng Bagendha Ngali, yen mangsah prang pan ijen kewala, amung lawan titihane, lan pedhangira ampuh, marma jebeng ing wong ngaurip, ngupayaa gegaman, ingkang luwih ampuh, lire gagaman kamuksan, yen wus nyekel sirna memalaning pati, mulya jati wisesa.

Referensi

Dokumen terkait

Sebagai target dari kegiatan pelatihan ini adalah tersusunnya perencanaan pembangunan desa terpadu berbasis tata ruang dan kewilayahan terkait dengan pemetaan komoditas

Hasil penelitian ini hendaknya memberikan informasi yang bermanfaat bagi petugas kesehatan untuk mengetahui tingkat pengetahuan dengan perilaku pencegahan

Sedangkan karakteristik kimia yaitu kemasaman tanah, Kapasitas Tukar Kation (KTK) dan rasio C/N yang relatif tinggi dan jumlah basa-basa tukar (Na + , K + , Ca 2+ , Mg 2+ )

Prema tome, glavne koristi koje strane direktne investicije pružaju zemlji u koju se ulažu su: (1) povećana proizvodna efikasnost – strana preduzeća u pravilu imaju bolja

Denganmengakses website Senasbuto, pengunjung dapat melihat angka akumulasi sedekah terkumpul, fasilitas mendaftar anggota dan informasi ketentuan bersedekah.

Menurut Subana (2001:89) menyatakan bahwa, “metode deskriptif adalah menuturkan dan menafsirkan data yang berkenaan dengan fakta, keadaan, variabel, dan fenomena yang terjadi

Ahmad, Zakaria, Cut Nyak Meutia, Jakarta: Departemen Pendidikan Dan Kebudayaan Direktorat Sejarah dan Nilai Tradisional, Proyek Inventarisasi dan Dokumentasi Sejarah

Sebuah skripsi yang diajukan untuk memenuhi salah satu syarat memperoleh gelar Sarjana pada Fakultas Pendidikan Ekonomi dan Bisnis. © Cintya