• Tidak ada hasil yang ditemukan

SAMBA JUWING KI NARTOSABDO

N/A
N/A
Protected

Academic year: 2022

Membagikan "SAMBA JUWING KI NARTOSABDO"

Copied!
5
0
0

Teks penuh

(1)

SAMBA JUWING

KI NARTOSABDO

Kaserat Dening: Puthut Santoso Nugroho, S.Sn

1.JEJER TRAJUTRISNA

Prabu Setija menggaihake anggone sang prabu daup karo Dewi Haknyanawati, dene wis setahun durung bisa saresmi. Dewi Hakyanawati mothah gelem leladi lamun bisa digawake dalan kang jejeg saka alun2 Trajutrisna jejeg nganti tekan Giyantipura. Prabu Setija bingung sebab umpama dipinangkane bakal nrejang pasarean astana gadamadana, Candining para leluhur Mandura kang nurunke trah Mandura kalebu Parabu Setija, abot manembah apa katresnan.(MAMBENG) Prabu Boma kepingin nyuwun pertimbangan karo ibune dewi Pertiwi ing Kayangan Ekapertala. (KONDUR NGEDHATON)

(2)

2.KEDATON TRAJUTRISNA(DEWI HAKYANAWATI)

Prabu Setijan nyuwun pamit marang Dewi Haknyanawati bakal nyuwun pertimbangan marang Dewi Pertiwi.

3. PASEBAN JAWI

Tumenggung Maudara ngawe Detya Satrutapa saha Satrutama.

4.BUDALAN.

5.JEJER 2 SUKUNING HARDI HASTANA GADA MADANA

Prabu Baladewa, Setyaka, Setyaki. Baladewa hangulare mendrane Raden Samba. KATEKAN RAKSASA ING TRAJUTRISNA.

6.PERANG

Bala Trajutrisna kalah. Baladewa lan setyaki bali ing Dwarawati. (BIDAL) 7.ADEGAN ASTANA GADA MADANA

Raden Gunadewa nampa sowane Raden Samba.

Samba nyaritaake menawa kasmaran marang Dewi Haknyanawati awit nalika dauping temanten malah raden Samba kang disembah.

Samba ora nampa pituture kakange ya Gunadewa.

Samba mbantah ana reca loro gupala-gupali.

Gunadewa nyaritaake menawa gupala-gupali dumadi saka Wulangdrema lan Wulangdremi putra bathara Darma. Bathara Darama duwe sesanggeman mranata gunung kang ana kayangane, jongring salaka. Merga akeh sesanggeman tledor momong putra. Wulangdremi saresmi wulangdrema kang diwuningane sang

(3)

Ywang Darma, disepatani dadi reca. Samba nakokake tulisan kang ana tebenge gapura, Gunadewa nerangake menawa tulisan kuwi kang nulis Ywang Ganesa. Paran nir lulut: paran: kepriye, nir:ilang, lulut:raket;

Sanetya ning sat mata: sanetya: tansah ning satmata: ing paningal;

mangaran rahina wengi, mangaran:ngarep2 awan bengi; jro styaning driya:ubayane/tekade; kusuma giyantipura: putri Giyantipura; setyan putra Dwarawati, setyan: semayan putra Dwarawati. Kabeh wis dikarepke dewa ora bisa langgeng manwa kabeh singular ing bebener.(GAPURA HOREG KATEMPUH ANGIN RECA WULANGDREAMA ING RADEN SAMBA, WULANG DREMI ING DEWI HAKNYANAWATI SAMBA DADI NGENGLENG) Guna Dewa aweh pamrayoga supaya masrahake lelakon iki marang Raden Janaka. (SAMBA PAMIT BUDAL).

8. Samba tapa ing ngisor wit gorda ditemoni Dewi Wilutama putri sidik pangudal-udal putra Narada kang memba macam. Amarga disotke marang Bathara Guru merga ayuning sliragawe horeging pasamuan.

Gandeng samba wis bisa nguwali panandang bali dadi Widadari maneh mula baka paraing ganjaran. Samba nyuwun ditemokake Dewi Haknyanawati. Bethari Durga dhawuh supaya Samba ngesong bumi tumuju keputren Trajutrisno. Samba diweling ora kena noleh lamun ana pepadhang kang tanpa sangkan. (BIDAL NGESONG BUMI) Samba gumun ana pepadang saka mburi, gumun sigra noleh mburi. Samba gumun delok payudarane Dewi Wilutama kasmaran sigra nubruk.

Samba disotke Dewi wilutama bakalle sesuk mati siya. Samba (Budal) 9.GARA-GARA

10. SEBA RADEN JANAKA

Raden Janaka nuruti susahe Dewi wara Sembadra, ngupadi Raden Samba. (PRAPTANE SAMBA). Samba nyuwun rabi. Dituturi ora gugu.

(4)

Janaka among gelem menehe dalan supaya bisa ketemu. Janaka sabiyantu ngendake beteng Trajutrisna. (BUDAL)

11. JEJER KAYANGAN EKA PRATALA

Bathari Pertiwi nampa sowane Prabu Bomanarakasura nyaritakke kedadian kang saknyatane, cubriya karo raden Samba kang seneng karo dewi Haknyanawati (BOMA BUDAL, DWI PERTIWI NGETUTKE)

12. ADEGAN NJABA TAMAN TRAJUTRISNO(MENYURA)

Janaka mbiyantu ngedake beteng, kaca kedah kang ngubengi Dewi Haknyanawati kapanah sirna, Samba mlebu taman.

13.ADEGAN TAMAN TRAJUTRISNA

Dewi Haknyanawati nampa praptane Raden Samba. Raden Bismaka putra Boma muningani njebol kori pasarean. Gathutkaca mbelani Samba perang karo Bismaka, Bismaka mati. Pancatnyana caos palapuran marang Bomanarakasura Manawa Dewi Haknyanawati nanging ora duka. Nampa lapuran Bismaka sirna ora duka. Boma kongkon Pancatnyana supaya sowan ana ing Dwarawati menawa ora nganggep perkara malah bakal ndaupake Samba. (BUDAL)

14.ADEGAN NEGARA DWARAWATI

Prabu Kresna nampa sowane Raden Samba. Kresna duka marang Raden Samba. (SOWANE PATIH PANCATNYANA) atur palapuran Manawa Samba bakal kadaupaken bade kaarak saka Trajutrisna nganti tekan Dwarawati, Prabu Boma pingin bebesanan lan Prabu Kresna. (SAMBA KATIMBALAN) Samba wedi dipisakit ing Negara Trajutrisna. (SAMBA BIDAL , BALADEWA RAWUH) Kresna nerangake karepe Boma. Baladewa duka perang mala karo Pancatnyana njaluk Raden Samba. Merga ora

(5)

wani karo Baladewa Pancatnyana males lara marang Raden Samba.

Samba sambat Janaka, Pancatanyana diperung kupinge karo Raden Janaka. Kupinge Pancatnyana ditempleki layang penantang diaturke marang Trajutrisna. Pancatnyana palapuran ing Trajutrisna kedadiyan apa anane, nampa layang penantang duka yayah sinipi, ngluruk perang ing Dwarawati.

15. Samba + Haknyanawati katekan Bomanarakasura.

Sanggit: Boma mengestoni Samba. Diubupi Wilmuna, jare raden samba mentheleng mripate, matane samba dicukil, jare tangane srakatan arep bale, tangane lan sikil disempal, jare njenggelek samba dijuwing2.

Boma+Janaka perang, Janaka kewirangan kampuhe suwek oncat saka Dwarawati. Prabu Kresna bakal ngendake Boma. Kresna nedya misah Boma musthi senjata Cakra. Wilmuna+Boma pejah awit natap senjata Cakra awit keblerengen senjata Cakra. Werkudara perang buta2 trajutrisna bubar mawut. TANCEP KAYON.

Referensi

Dokumen terkait

The properties of the membranes, especially their mechanical properties and methanol permeability, were close to that of Nafion® 117 membrane, so SPS-LS membranes

Tujuan penelitian ini adalah untuk mengkaji keragaman plankton dan ikan, serta kualitas perairan berdasarkan indikator keragaman plankton dan ikan yang dijumpai pada lokasi sampling

Maka dapat disimpulkan melakukan penempatan dana dalam bentuk investasi berupa Deposito, Obligasi dan Saham hasil atas investasi tersebut dapat mempengaruhi kinerja

86 Maka didapat dari perhitungan diatas rata-rata sepeda motor yang melewati marka melintang garis henti untuk simpang Jalan Perdana (pendekat Timur) yaitu 40,3

MODUL PEMANTAUAN – CEK SEKOLAH KU 9 Ø Dokumen-­‐dokumen  kebijakan  yang  menjelaskan  struktur  organisasi  dan  tata  kerja  dari  badan  publik  .. yang

1. Bubur kertas Teknik coil dan cetak.. Dari tabel diatas yang bukan merupakan teknik pembuatan karya kerajinan dari bahan lunak.. adalah... Beragamnya jenis kayu yang ada di

Pada penggalan puisi yang berjudul Hujanku Menghilang, pada bait pertama baris pertama, kedua, dan ketiga menggunakan gaya bahasa personifikasi karena gaya bahasa tersebut

Pelaksanaan koordinasi kegiatan dan kerjasama teknis dengan p ihak lain yang berhubungan dengan bidang pendidikan, kebudayaan, kepemudaan dan olah raga yang