• Tidak ada hasil yang ditemukan

TRADHISI MANTEN KOPI ING MODANGAN, NGLEGOK, BLITAR (Tintingan Makna, Fungsi, lan Owah Gingsir Tradhisi)

N/A
N/A
Protected

Academic year: 2021

Membagikan "TRADHISI MANTEN KOPI ING MODANGAN, NGLEGOK, BLITAR (Tintingan Makna, Fungsi, lan Owah Gingsir Tradhisi)"

Copied!
19
0
0

Teks penuh

(1)

TRADHISI MANTEN KOPI ING MODANGAN, NGLEGOK, BLITAR (Tintingan Makna, Fungsi, lan Owah Gingsir Tradhisi)

Mamlaul Masyruhin

Pembimbing: Dra. Hj. Sri Wahyu Widayati, M.Si

S-1 Pendidikan Bahasa dan Sastra Daerah, FBS, UNESA (mamlaul.masyruhin@yahoo.co.id) Abstrak

ABSTRAK

Tradhisi Manten Kopi ana ing Desa Modangan, Kecamatan Nglegok, Kabupaten Blitar. Upacara kasebut ditindakake saben setaun sepisan sadurunge panen kopi dening masyarakat Modangan minangka wujud rasa syukur marang Tuhan, kang wis dadi pakulinan kanggo nyuwun kaslametan, katentreman, aweh rejeki, lan diadohake saka bebaya. Tradhisi Manten Kopi narik kawigaten kanggo ditliti amarga tradhisi iki durung nate ditliti lan salah sawijine warisan kabudayan kang kudu diuri-uri supaya ora cures.

Underan panliten sajrone tradhisi Manten Kopi yaiku: 1) Kepriye mula bukane Tradhisi Manten Kopi? 2) Apa wae ubarampe lan makna kang kinandhut sajrone Tradhisi Manten Kopi? 3) Apa wae tata laku lan makna kang kinandhut sajrone Tradhisi Manten Kopi? 4) Apa piguna kang kinandhut sajrone Tradhisi Manten Kopi? 5) Kepriye owah-owahan kang dumadi bebarengan owah gingsire jaman? Ancase panliten yaiku: 1) Njentrehake mula bukane Tradhisi Manten Kopi, 2) Njlentrehake wujud ubarampe lan makna kang kinandhut sajrone Tradhisi Manten Kopi, 3) Njlentrehake tata laku lan makna kang kinandhut sajrone Tradhisi Manten Kopi, 4) Njlentrehake piguna kang kinandhut sajrone Tradhisi Manten Kopi, lan 5) Njlentrehake owah-owahan kang dumadi bebarengan owah gingsire jaman.

Panliten ngenani Tradhisi Manten Kopi uga nduweni paedah, yaiku: 1) Panliten iki bisa nambahi dhokumentasi kailmuan ing babagan budaya, 2) Bisa didadekake referensi panliten sabanjure, 3) Asil panliten iki bisa dadi bahan tambahan kuliyah tradhisi, 4) Sarana menehi kawruh ngenani owah-owahan Tradhisi Manten Kopi kanggo pemerhati budaya lokal ing Kab. Blitar, lan 5) Wigatine kanggo masyarakat, sarana kanggo piwulangan kudu tansah ngugemi tur nglestarekake tradhisi supaya ora ilang bebarengan pangrembakane jaman.

Tradhisi Manten Kopi ditintingi kanthi nggunakake metodhe panliten dheskriptif kualitatif komparatif kang mbandhingake tradhisi ing jaman biyen lan jaman saiki. Panliten iki kalebu panliten budaya. Kanggo ngandharake babagan makna nggunakake teori simbol. Babagan fungsi utawa piguna kang kinandhut sajrone Tradhisi Manten Kopi nggunakake teori Merton. Dene kanggo ngandharake owah ginggsir tradhisi nggunakake konsep Koentjaraningrat.

Asiling panliten nuduhake sawijine uba rampe panjakepe adicara yaiku, cok bakal, dupa, ingkung, tumpeng, gedhang, jenang, sega gurih, lan sega kuning. Tata rakiting adicara yaiku, persiapan, manten kopi, obong dupa, arak-arakan, serah tinampa, lan slametan utawa genduri.

Piguna kang kinandhut yaiku, 1) Ngurmati dhanyang ing Desa Modangan, 2) Sarana panggula wenthah tumrap kawula mudha, 3) Wujud rasa syukur marang Gusti, lan 4) Ngleluri budaya Jawa tumrap masyarakat. Tradhisi Manten Kopi ing jaman biyen lan jaman saiki ana bedane. Bedane antara liya uba rampe, tata rakit, lan piranti panyengkuyunge. Faktor owah-owahan kang dumadi ing tradhisi Manten Kopi saka njero, internal yaiku, 1) Tetanduran kopi kang diganti, lan 2) Kaperdhulen masyarakat tumrap tradhisi. Faktor saka njaba, eksternal yaiku ekspor kopi kang saya suwi saya mudhun. Saengga tetandhuran kopi diganti tanduran dening masyarakat.

Tembung wigati: Tradhisi manten kopi, owah-owahane. PURWAKA

1.1 Landhesan Panliten

Kabudayan ora bisa dipisahake saka panguripane manungsa. Kabudayan minangka warisan leluhur kang ngandhut aturan-aturan,

norma-norma sing bisa dadi paugeran manungsa ing panguripan. Maran (2000:47-49), wujud kabudayan diperang dadi telu yaiku: (1) wujud ideal yaiku wujud kabudayan minangka komplek

(2)

saka idhe-idhe, gagasan-gagasan, nilai-nilai, norma sarta paugeran, (2) sistem sosial, yaiku pepenginane manungsa kanggo nindakake kagiyatan kanthi cara bareng-bareng, (3) kabudayan fisik ngemot piranti utawa objek fisik asil karyane manungsa kayata omah, gedhung, kantor, dalan, jembatan, lan mesin. Kabudayan nduweni corak dhewe-dhewe, banjur corak kasebut ana ciri lan nilai keunikan. Nilai lan keunikan mau bisa nglompokake utawa digolongake. Sudikan (2001:4) ana telung golongan kabudayan yaiku : (1) kabudayan suku bangsa (sing luwih dikenal kanthi cara umum ing Indhonesia yaiku kabudayan dhaerah), (2) Kabudayan umum lokal, lan (3) kabudayan nasional.

Kabudayan umum lokal yaiku kabudayan kang bisa diarani kabudayaan kang ana ing dhaerah. Saben dhaerah ing tlatah Jawa nduweni kabudayan kang beda-beda, wujude maneka warna. Wujud kabudayan lokal bisa tradhisi, upacara adat lan kesenian. Luwih cetha maneh, Poerwadarminta (1984:108) njlentrehake tradisi yaiku adat, pakulinan, kapitayan, lan sapanunggale kang diwarisake kanthi cara turun-tumurun. Tradhisi uga nduweni wujud maneka werna lan lumaku wiwit jaman para leluhur nganti jaman saiki. Saka lumakune jaman kang wis ngrembaka, anane tradhisi mau ngalami owah-owahan bebarengan karo lumakune jaman, malah ana tradhisi kang ilang. Ilange tradhisi kasebut amarga akeh nom-noman kang ora gelem ngugemi lan nglestarikake. Senajan ana tradhisi kang ilang, nanging isih ana tradhisi lan diugemi dening masyarakat. Salah sawijine tradhisi kang ana lan isih diugemi yaiku tradhisi Manten Kopi kang ana ing tlatah Blitar mligine Desa Modangan, Nglegok, Kab. Blitar.

Tradhisi Manten Kopi yaiku salah sawijine tradhisi kang ana ing Kabupaten Blitar. Tradhisi kasebut dianakake setaun pisan sadurunge panen kopi. Tradhisi iki ditindakake dening saperangan masyarakat, mligine klompok tani Margo Maju kanthi pangajab antuk berkah lan wujud rasa syukur kanggo ngurmati Gusti Kang Maha Kuwasa lan dhanyang ing desa kasebut. Klompok tani kasebut minangka klompok masyarakat kang isih ngugemi uga nglestarekake. Saliyane kuwi, klompok tani kasebut uga menehi kawruh lan tuladha marang para kawula mudha ngenani tradhisi Jawa supaya bisa tetep lestari lan ora ilang bebarengan lumakune jaman.

Sairing pangrembakane jaman, ana owah-owahan kang dumadi tumrap pangrembakane kabudayan ing sakupenge masyarakat. Pangrembakane kabudayan kasebut uga mangaribawani owah-owahan ing tradhisi Manten Kopi. Owah-owahan kuwi dumadi sadurunge taun 2000 ngamti sawise taun 2000. Owah-owahan kang bisa dideleng yaiku babagan tata laku tradhisi Manten Kopi. Bab kasebut kang dadekake pokok panliten iki. Panliten iki kalebu panliten budaya kang munjerake owah-owahan tradhisi Manten Kopi ing Desa Modangan. Pendekatan kang digunakake yaiku owah-owahan budaya. Panliten iki dikarepake ana paedahe tumrap masyarakat mligine lan dhaerah umume.

Panliten ngenani tradhisi Manten Kopi minangka salah sawijine wujud patuladhan kabudayan kang trep kanggo ngleluri budaya Jawa. Panliten iki bisa kanggo sarana pasinaon mligine ngenani kabudayan supaya ora saya mungkret lan muspra, sarta ora gampang dilalekake dening masyarakat amarga kabudayan manca kang saya suwe saya disenengi ing jaman saiki. Saka pamawas ing ndhuwur nuwuhake rasa pepenginane panliti kanggo ngudal lan mbabar babagan tradhisi Manten Kopi amrih ora cures lan tansaya ngrembaka, mligine masyarakat sakupenge. Panliten kaya mangkene nduweni tujuan kanggo mbangun semangate para pemudha supaya nduweni rasa njaga lan nyengkuyung kabudayan Jawa uga bisa ngelstarekake. Saengga masyarakat Jawa ora lali Jawane amarga kabudayaan tansah ngrembaka ana ing panguripan masyarakat.

Tradhisi Manten Kopi ing Modangan Kab. Blitar durung tau ditliti. Anane panliten ngenani tradhisi Manten Kopi iki bisa nambah dhokumentasi kailmuan. Panliten iki bakal ngonceki apa kang ana sajrone tradhisi Manten Kopi. Bab kang dionceki yaiku ngenani mula bukane lan tata laku tradhisi, makna lan fungsi ubarampe tradhisi, lan owah gingsir kang ana sajrone tradhisi Manten Kopi. Adhedhasar sakabehe bab kasebut, mula panliti menehi irah-irahan panliten iki yaiku “Owah-owahan Tradhisi Manten Kopi ing Modangan, Nglegok, Blitar” kanthi Tintingan Makna lan fungsi.

1.2 Underane panliten

Adhedhasar landhesane panliten kasebut kang wis diandharake ing ndhuwur, mula underane panliten kang bakal ditintingi yaiku: 1) Kepriye mula bukane Tradhisi Manten Kopi?

(3)

2) Apa wae ubarampe lan makna kang kinandhut sajrone Tradhisi Manten Kopi?

3) Apa wae tata laku lan makna kang kinandhut sajrone Tradhisi Manten Kopi?

4) Apa piguna kang kinandhut sajrone Tradhisi Manten Kopi?

5) Kepriye owah-owahan kang dumadi bebarengan owah gingsire jaman?

1.3 Tujuwan Panliten

Adhedhasar underane panliten kasebut ing ndhuwur bisa ditemokake tujuwan panliten kanggo menehi gegambaran yaiku:

1) Njlentrehake mula bukane Tradhisi Manten Kopi. 2) Njlentrehake wujud ubarampe lan makna kang

kinandhut sajrone Tradhisi Manten Kopi.

3) Njlentrehake tata laku lan makna kang kinandhut sajrone Tradhisi Manten Kopi.

4) Njlentrehake piguna kang kinandhut sajrone Tradhisi Manten Kopi.

5) Njlentrehake owah-owahan kang dumadi bebarengan owah gingsire jaman.

METODHE PANLITEN

Bageyan metodhe panliten iki bakal diandharake subbab ngenani ancangan panliten, objek panliten lan papan panliten, sumber dhata lan dhata, instrumen panliten, tata cara ngumpulake dhata, intrumen panliten, teknik nganalisis dhata, sarta keabsahan dhata. Tujuwan saka metodhe panliten supaya panliten bisa tumata. Andharan luwih jangkepe ana ing ngisor iki.

3.1 Ancangan Panliten

Panliten ngenani tradhisi Manten Kopi kang ditindakake ing Kec. Nglegok Kab. Blitar nggunakake jinis panliten kualitatif. Panliten kualitatif ora nggunakake angka, ing kene tegese ora nggunakake dhata statistik utawa rumus-rumus matematika. Panliten kualitatif nggunakake tembung-tembung utawa ukara-ukara kang ana sesambungan karo objek kang ditliti. Sajrone elmu sosial, sumber dhatane yaiku masyarakat. Dene objek dhatane yaiku tumindak-tumindak kang ditindakake dening masyarakat. Kualitatif minangka tatacara panliten kang ngasilake dhata dheskriptif arupa tetembungan kanthi wujud lesan utawa tulisan saka pawongan lan tumindak kang ditliti. Hutomo (sajrone Sudikan, 2001:85)

ngandharake yen panliten kualitatif kang asipat dheskriptif yaiku nyathet kanthi tliti sakabehing kedadeyan kang dideleng lan dikrungu sarta diwaca kanthi sarana wawancara, cathetan lapangan, foto, video tape, dhokumen, cathetan utawa memo lan sapanunggalane. Miturut (Arikunto, 2006:207 ), Metode dheskriptif iki bisa ngandharake utawa menehi gegambaran kanthi cara sitematis, faktual, lan uga akurat, ngenani fakta, lan sipat kang nduweni sinambungan antara fenomena kanga arep ditliti. Saliyane kuwi uga ngandharake sikape panemu, kahanan, lan prosedhur.

Saliyane kuwi, panliten iki uga nggunakake ancangan komparatif. Soegono (2006; 48) komparatif yaiku sawijine metodhe kanthi mbandingake data. Mbandingake kuwi bisa pepadhane utawa pambedane saka objek kang ditliti. Sajrone panliten iki, bakal mbandhingake objek panliten kang ana. Kanthi mbandhingake objek kasebut, bisa kadeleng pambeda uga pepadhane antarane tradhisi biyen karo tradhisi kang ditindakake saiki. Mula, bisa dimangerteni owah-owahan kang dumadi saka tradhisi kasebut.

Pendekatan kanggo panliten iki yaiku pendekatan budaya. Bab kasebut bisa mbabar tata laku, makna, piguna, sarta owah-owahan kang dumadi sajrone panliten iki. Saliyane iku, sakabehe perkara-perkara kang ana gegayutane saka tradhisi Manten Kopi ing Desa Modangan, Kecamatan Nglegok, Kabupaten Blitar sajrone panliten uga diandharake.

3.2 Objek Panliten lan Papan Panliten

Supaya bisa dimangerteni lan ngaweruhi ngenani tradhisi Manten Kopi kang ditindakake dening para pelaku tradhisi ing Desa Modangan, mula kudu nemtokake objek lan papan saka panliten. Pelaku kabudayan iki rata-rata kelompok tani Margo Maju. Mula saka kuwi perlu anane andharan ngenani objek lan papan kanggo nindakake panliten.

Kabudayan kang ana ing Kab. Blitar maneka warna tur akeh. Sakabehe kabudayan kasebut, ana kang isih lumaku uga ana kang wis ilang utawa ora ditindakake dening masyarakat. Salah sawijine kabudaya kang bakal ditliti sajrone panliten iki yaiku ngenani tradhisi Manten Kopi. Babagan tradhisi Manten Kopi iki minangka

(4)

kabudayan kang mujudake gegambaraning masyarakat kanggo menehi rasa syukur, guyub rukun, njunjung rasa nyawiji, lan uga gotong royong. Tradhisi Manten Kopi kasebut dianakake dening masyarakat nalika arep panen kopi lan tansah ditindakake dening masyarakat Desa Modangan.

Papan panliten tradhisi Manten Kopi ana ing wewengkon pagunungan. Tetanduran kang cundhuk karo wewengkon kasebut yaiku tetanduran kopi. Saperangan dhaerah ing Kab. Blitar ana perkebunan kopi, kayata Kec. Nglegok, Kec. Gandurasi, lan Kec. Wlingi. Nanging, tradhisi Manten Kopi iki ditindakake dening warga Dusun Karanganyar Desa Modangan Kec. Nglegok Kab. Blitar. Pamilihe lokasi iki amarga tradhisi Manten Kopi mung dilaksanakake ing Desa Modangan. Dhaerah liya kang ana perkebunan kopi, ora ana tradhisi kasebut. Tradhisi Manten Kopi ditindakake dening warga masyarakat kanthi kolektif ngumpul ing pendhapa pabrik kopi. Tradhisi Manten Kopi dilaksanakake kanggo nuduhake rasa syukur kanthi cara dedonga lumantar slametan.

3.3 Sumber Dhata lan Dhata Panliten

Supaya panliti bisa antuk katrangan kanthi cetha lan uga ngenani tradhisi Manten Kopi, mula sajrone panliten iki bakal ditemtokake sumber dhata lan dhata panliten iki saka ngendi.

3.4 Sumber Dhata

Sumber dhata yaiku sumber kang bisa menehi katrangan arupa informasi marang panliti. Bab kasebut nduweni teges kudu anane wong kang bisa menehi katrangan kang dibutuhake kanggo ditliti. Sumber dhata bisa kaperang dadi loro, yaiku sumber dhata utama lan sumber dhata tambahan. Endraswara (2006:119) ngandharake sumber dhata ing panliten kualitatif arupa tetembungan lan tumindak, dene dhokumen lan liya-liyane minangka sumber dhata tambahan. Kalorone padha-padha nyengkuyung supaya dhata bisa valid. Panliti minangka pihak sing ngrencanakake, paraga kang nglasanakake, ngumpulake dhata, nganalisis, pawongan kang bisa nafsirake upacara kasebut lan nglapurake asiling panliten. Panliten iki mbutuhake informan kanggo ngasilake dhata sajrone panliten. Saliyane kuwi, sumber dhata liyane uga bisa arupa dhokumen kang awujud foto lan sapanunggale.

Informan yaiku pawongan kang dikarepake ngerteni babagan ngenani fokus panliten. Sajrone milih informan ana limang prasyarat minimal yaiku:

(1) Enkulturasi wutuh yaiku informan kasebut minangka panyengkuyung lan urip sajrone lingkungan kabudayan landhesane kabudayan kang wis apik.

(2) Melu langsung yaiku, informan ing panliten kasebut isih urip lan melu kanthi cara langsung sajrone lingkungan kabudayane.

(3) Swasana budaya kang ora dingerteni yaiku, landhesane kabudayan informan isih akang karo panliti. Kanthi latar kaya mangkono kang njalari panliti tetep objektif lan sensitif tumrap panliten kang ditindake.

(4) Wektu kang cukup yaiku, informan kang dipilih nduwe wektu kang cukup kanggo ditliti lan nduwe minat karo proyek panliten kang ditindake.

(5) Non analitis yaiku, informan kang apik bisa sinau ngrespon pitakonan saka panliti, ora nganalisis utawa ngolah pitakonan kasebut luwih dhisik saengga asipat apa anane Spradley (sajrone Sudikan, 2001:79)

Informan sing digunakake sajrone panliten tradhisi Manten Kopi minangka narasumber dhata utama kanggo nggolek dhata diperang dadi:

(1) Informan Pokok

Sumber dhata primer kuwi wujude asile wawancara marang informan kang nduweni sesambungan karo tradhisi. Ngrembug babagan Informan, informan kuwi kaperang dadi loro cacahe yaiku ana informan utama/kunci lan informan tambahan. Miturut Sudikan (2001: 86) ngandharake yen anggone nemtokake sapa kang kudu dadi informan kunci kudu ngliwati istilahe pertimbangan ing antarane: (1) wong kasebut nduweni jam terbang kang mumpuni sing ana gegayutane karo babagan sing bakal ditliti, (2) Umur informan kasebut wus tuwa, (3) Informan pancen sehat jasmani lan rohani, (4) Informan kuwi nduweni sipat sing netral, (5) Informan uga tokoh saka masyarakat, (6) Informan kasebut isih nduweni pengetahuan kang jembar ngenani babagan kang bakal ditliti

Sajrone TMK iki lumaku kang sepisan ditindakake yaiku nemtokake informan pokok utawa diarani informan kunci kang bisa didadekake

(5)

sumber dhata kang arupa sumber dhata primer. Sajrone panliten iki informan pokok yaiku Pak Sunardi. Dheweke minangka ketua klompok Tani Margo Maju ing Desa Modangan.

(2) Informan Tambahan

Informan tambahan yaiku informan yaiku informan kang mung njangkepi saka informan baku. Informan tambahan kang ana ing panliten sajroning panliten iki yaiku masyarakat jawa mligine ing Desa Modangan kasebut lan para perangkat desa Modangan, kaya den Pak Suherman kang nduweni pangerten lan wawasan ngenani tradhisi Manten Kopi kasebut.

3.5 Dhata Panliten

Dhata panliten yaiku informasi sing diasilake saka sumber dhata. Dhata sajrone tradhisi Manten Kopi iki awujud dhata lesan. Sunarto (2001: 130) ngandharake yen dhata iku wujude ana loro, yaiku dhata lisan lan dhata barang. Sajrone dhata lisan iku awujud wawan rembag karo informan ing desa kasebut. Dhata lisan iki asli wawancara kaliyan sesepuh utawa pelaku tradhisi kang nduweni kawruh lan luwih ngerti wawasan ngenani tradhisi Manten Kopi kasebut.

Jinising dhata ing panliten iki kaperang dadi loro yaiku ana dhata primer lan uga dhata sekunder. Tegese sumber dhata primer yaiku sumber dhata kang mligi kang ana sajroning panliten kuwi dhewe. Dhata primer kang diasilake luwih fokus tumrap perkara kang ditliti sajrone panliten iki, yaiku ; 1) Wujud lan makna ngenani rantaman prosesi tradhisi Manten Kopi ing Desa Modangan, 2) wujud lan makna ngenani ubarampe kang digawe sajrone tradhisi Manten Kopi ing Desa Modangan, 3) Fungsi kang kinandhut kang tradhisi Manten Kopi Desa Modangan tumrap masyarakat kang nyengkuyung, lan 4) Owah-owahane kabudayan ing tradhisi Manten Kopi. Banjur yen sumber dhata sekunder yaiku sumber dhata tambahan.

Dhata barang kuwi kalebu dhata kang arupa dhokumentasi, kaya dene poto ngenani tradhisi Manten Kopi dianakake. Foto uga digawe wujud dhata barang, amarga salah sijine dhata kang nyata, kaya dene dhokumentasi arupa poto uba rampe, panganan, lan tata carane lumakune tradhisi Manten Kopi. Kanthi cara kasebut, dhata kang ana bisa luwih rinci lan jangkep.

3.6 Instrumen Panliten

Instrumen panliten minangka sakabehane alat kang digunakake sajrone panliten kanggo ngumpulake, nintingi sawijine perkara utawa kanggo ngumpulake, ngolah, lan ngandharake dhata kanthi sistematis kanggo ngudhari perkara kang ditliti. Instrumen panliten iki awujud dhaptar wawancara marang informan. Panliten ngenani tradhisi Manten Kopi iki kalebu panliten lapangan kang mbutuhake piranti panliten kanggo nyengkuyung dhata asile panliten supaya bisa apik lan tumata (Endraswara, 2009:135). Ing sajrone panliten kualitatif panliti dadi intrumen kang utama. Intrumen panliten sejatine kagolong dadi loro kang bisa digunakake sajrone panliten, yaiku 1) intrumen digunakake kanggo antuk katrangan utawa informasi ngenani kahanan obyek utawa proses kanggo ditliti, 2) intrumen digunakake kanggo ngontrol obyek utawa proses kang ditliti.

Panliten tradhisi Manten Kopi kalebu panliten lapangan kang mbutuhake instrumen panliten kanggo nyengkuyung asile dhata panliten. Nalika nindakake panliten dibutuhake piranti-piranti ing antarane yaiku:

a) Kamera digital kanggo ngasilake gambar uga video.

b) Handphone kang digunakake kanggo ngrekam dhata-dhata kang awujud tetembungan asile saka informaan kang luwih ngerti ngenani adicara tradhisi Manten Kopi.

c) Dhaptar pitakonan utawa pedhoman wawancara. Sadurunge nindakake wawancara, becike nyusun dhaptar piatkonan luwih dhisik minangka pedhoman ing lapangan.

d) Buku cathetan lan pulpen kanggo nyathet bab-bab kang dianggep wigati nalika nindakake panliten ing lapangan.

3.7 Tatacara Nglumpukake Dhata

Sajrone panliten tradhisi Manten Kopi iki yaiku kanthi nggunakake ancangan panliten method kualitatif. Tata carane anggone ngumpulake dhata kang bakal digunakake yaiku nggunakake teknik observasi, wawancara lan dhokumentasi. Andharan luwih jangkepe ana ing ngisor iki.

(6)

3.7.1 Observasi

Observasi yaiku ngamati minangka objek langsung kanga arep ditliti. Teknik observasi minangka langkah kang wiwitan saka panliten iki, observasi iki kanggo ngumpulake dhata kanthi cara ngamati langsung objek kang ditliti. Sadurunge nganakake wawancara, panliti wis duwe gambaran marang apa kang ditliti. Panliti tumuju langsung menyang papan panggonane yaiku ing Dhusun Karangayar. Danandjaja (1986: 197) ngandharake nalika obsevasi ora mung nyawang utawa ngamati kahanan kang ana sajrone panliten, nanging kudu bisa oleh ilmu utawa pengalaman. Observasi iki kanggo menehi kasunyatan utawa kanggo nampa dhata sing konkret kanthi langsung saka lapangan utawa papan panggonan panliten.

Sudikan (2001: 87) ngandharake tatacara observasi kaperang dadi loro, yaiku observasi kanthi cara langsung lan ora langsung, kaya dene andharan ing ngisor iki:

1) Observasi cara langsung yaiku panliti kanthi langsung ngamti objek panliten. Parsudi Suparlan (sajrone Sudikan 2001: 87) ngandharake ngenani babagan kang kudu digatekake nalika observasi yaiku, ruang lan wektu pelaku, kagiyatan, piranti, prastawa, tujuwan, lan pangrasa. Sajrone observasi iki dianakake ora mung sepisan nanging bisa sawayah-wayah.

2) Obsevasi kanthi cara ora langsung yaiku kanthi teknik panliti minangka panindak wong liya. Panliti ora perlu melu partisipasi aktip sajrone kagiyatan kang dianakake

sajrone adicara tradhisi Manten Kopi. Panliten observasi kuwi diperang dadi loro cacahe (Sudikan, 2001:86) :

1) Observasi partisipasi, yaiku observasi kanthi panliti melu langsung sajroning kagiyatan panliten ing lapangan. Panliti wis dadi bagean saka kelompok kang ditliti.

2) Observasi non partisipasi, yaiku observasi kang dilakoni kanthi ora nglibatake panliti minangka partisipasi utawa kelompok kang ditliti, cara kang kaya mangkono iki akeh dilakoni dening panliti ing jaman saiki.

Adhedhasar observasi kasebut. panliti bisa nindakake langkah-langkah utawa tata carane anggone nglakoni sajrone kagiyatan observasi iki yaiku kanthi cara:

1) Panliti nekani daleme sesepuh utawa pelaku kabudayan.

2) Panliti deleng kegiyatan kabudayan.

3) Panliti melu ndeleng lan ngamati kanthi langsung tata lakune sajrone pagelaran.

4) Panliti njupuk dhokumentasi utawa gambare (foto) ngenani uba rampe kang digunakake saka wiwit nganti pungkasan.

5) Panliti nyathet bab-bab kang mirunggan sajrone tradhisi Manten Kopi.

Supaya oleh dhata kang nyata sajrone tradhisi Manten Kopi kudu bisa observasi langsung ing panggonan tradhisi kasebut. Kanthi nglaksanani bab kasebut, panliti bisa oleh dhata kang jangkep lan luwih akurat, lan panliti bisa luwih jeru maneh olehe ngandharake ngenani tradhisi Manten Kopi, kang manggon ing Desa Modangan.

3.7.2 Wawancara

Sudikan (2001: 90) ngandharake yen wawancara minangka sawijining cara kanggo nggunakake metodhe wawancara. Panliti ora bisa langsung percaya karo asiling wawancara, nanging kudu dilarasake karo observasi kang dilakoni, saengga dhata sing diolehi iku dhata kang valid. Mula kanthi cara saka wawancara iki, panliti bakal bisa oleh dhata kanthi langsung saka masyarakat lan pawongan kang nindakake tradhisi kang mangerteni anane tradhisi Manten Kopi iki.

Koentjaraningrat (1986:136), Wawancara bisa diperang dadi rong jinis yaiku, wawancara adhedhasar butuh orane panliti nyusun dhaptar pitakonan kanggo pedhoman wawancara. Wawancara adhedhasar butuh lan orane dhaptar pitakonan bisa didadekake saka wawancara direncanakake nggunakake dhaptar pitakonan lan wawancara ora ngrencanakake dhaptar pitakonan kanggo pedhoman wawancara. Tujuwan saka wawancara yaiku supaya antuk dhata kanthi langsung saka narasumber utawa informan. Dideleng saka pitakonan, wawancara diperang dadi loro, yaiku: (1) Wawancara katutup, lan (2) Wawancara terbuka (Sudikan, 2001:190). Sing bedakake kalorone manggon ing wangsulane informan, yen wangsulane informan diwatesi dening panliti bisa kasebut wawancarakatutup, yen wangsulane informan ora diwatesi dening panliti, mula kasebut wawancara tinarbuka, supaya informan bisa njlentrehake lan menehi wangsulan

(7)

tanpa anane wewatesan saka panliti saengga bisa ngasilake dhata saakeh-akehe.

Maryaeni (2005:70) ngandharake wawanrembug minangka salah sawijining cara nglumpukake dhata lumantar pacelathon lesan bisa ditindakake kanthi terstruktir, semi terstruktur, lan ora terstruktur.

1) Wawancara terstruktur

Minangka wujud wawancara kang wus diarahake dening saperangan pitakonan kang rumaket. Ing wawancara iki biyasane panliti wus ngerti apa kang pengin diweruhi, saengga panliti bisa gawe reng-rengan pitakonan supaya antuk wangsulan pitakonan kang digoleki. Dadi pitakonan ana ing panliti, dene wangsulane ana ing informan.

2) Wawancara semi terstruktur

Minangka wujud wawancara kang wus diarahake dening saperangan pitakonan nanging ora nutup kamungkinan yen tuwuh pitakonan anyar kang ora ana ing peprincen pitakonan.

3) Wawancara ora terstruktur

Minangka wujud wawancara kang punjere ana ing perkara utama tanpa ana format-format tartamtu kang rumaket. Ing wawancara iki panliti durung ngerti apa kang pengin diweruhi, saengga panliti gumantung marang informan supaya informan kasebut menehi katrangan.

Panliten ngenani TMK kanthi cara wawancara, supaya luwih rowa. Sudikan (2001:90) ngandharake wawancara luwih rowa asipat tinarbuka, bisa ditindakake kanthi bola-bali, panliti ora langsung percaya ngono wae katrangan saka informan, nanging butuh njingglengi luwih tliti ing lapangan supaya ngasilake dhata kang jangkep tur uga akurat. Piranti-piranti kanggo panyengkuyungan kang digunakake sajrone nindakake wawancara yaiku ana Hp, pulpen, kamera digital, lan uga buku cathetan.

Babagan wawancara kang bakal dilakoni dening panliti sajrone panliten ngenani tradhisi Manten Kopi, yaiku:

1) Panliti kudu nyusun dhaptar pitakonan kang arep ditakokake marang informan luwih dhisik.

2) Banjur panliti nekani omahe informan kanggo nemtokake papan lan dina kang becik kanggo wawancara.

3) Panliti ngaweruhi papan lan dina kang wus disarujuki, banjur panliti nindakake wawancara kanthi menehi pitakonan kang mirunggan babagan tradhisi Manten Kopi kang wis disusun sinambi nggunakake alat rekaman gawe informan.

4) Panliti nyathet wangsulane informan kang nduweni sesambungane karo babagan tradhisi Manten Kopi.

3.7.3 Dhokumentasi

Dhokumentasi yaiku sakabehane bahan kang tinulis utawa ora tinulis kanthi awujud rekaman film, foto lan sapanunggalane kang ana saben prasatawa. Anane dhokumentasi supaya luwih cetha anggone nindakake panliten kanggo bukti. Miturut Afifudin (2009:141) yaiku sawijne teknik kanggo nglumpukake dhata lan katrangan kanthi nggoleki lan nemokake bukti-bukti. Dhata lan katrangan kasebut asale saka saliyane manungsa, mula bisa diarani samubarang kang mati. Dhokumentasi nduweni paedah kang padha karo observasi lan wawancara. Dhokumentasi bisa digunakake kanggo nguwatake dhata saka observasi lan wawancara. Asil saka observasi supaya panliten bisa luwih dipercaya yen disengkuyung anane foto.

Dhata dhokumentasi lapangan arupa gambar-gambar kang gegayutan karo tradhisi Manten Kopi kayadene foto lan video tatarakite adicara. Dhokumentasi lapangan ditindakake banjur diperang miturut wujud lan pigunane banjur ditintingi luwih jero supaya panliten bisa cetha. Dhata dhokumentasi liyane mujudake dhata kahanan Desa Modangan Kecamatan Nglegok Kabupaten Blitar. Dhata kasebut minangka dhata kang ora bisa dipisahake karo tradhisi Manten Kopi amarga adicara iki nduweni daya pangribawa lan gegayutan karo kahanan panguripane masyarakat ing Desa Modangan. Kahanan desa menehi pamawas kanggo para pamaca babagan wigatine kabudayan. Dhata dhokumentasi lapangan arupa kahanan desa, cacahe pendhudhuk desa, lan asile panliten kahanan kang ana ing desa.

(8)

Tata cara dhokumentasi sajrone panliten ngenani tradhisi Manten Kopi, kanthi cara kaya ing ngisor iki:

1) Panliti menyang papan panggonan kang nindakake tradhisi sadurunge tradhisi Manten Kopi diwiwiti.

2) Panliti ngamati langsung kabudayan saka wiwitan nganti paripurna sinambi njupuk gambar sajroning kabudayan.

3.8 Teknik Analisis Dhata

Teknik analisis dhata yaiku proses ngatur urutane dhata kang bakal dianilis. Luwih gamblange maneh, (Sudikan, 2001: 85) Teknik analisis dhata kang digunakake sajroning panliten iki yaiku kanthi teknis analisis dheskriptif. Tata carane ngonceki dhata kanthi nggunakake tetembungan lan dudu angka kang bisa menehi katrangan utawa andharan panliten adhedhasar dhata kang antuk saka subjek kang ditliti.

Sajrone panliten iki, teknik analisis dhata nggunakake telung tahapan, yaiku: (1) open coding, ateges panliti golek dhata jangkep ngenani tradhisi Manten Kopi, (2) acial coding, ing tahap iki panliti ngurutake adhedhasar kategori, (3) selective coding, panliti nggunakake klasifikasi (Sudikan, 2001:80). Analisis dhata ing tradhisi Manten Kopi, nggunakake tata cara kaya ing ngisor iki:

1) Ngumpulake dhata lan informasi kanthi cara observasi, wawancara, lan dhokumentasi. 2) Transliterasi dhata wawancara menyang wujud

tulisan, banjur diverifikasi dhata utawa milih lan milah dhata adhedhasar kapentingan.

3) Dhata-dhata kang wis ana, banjur diperang adhedhasar guna lan perkara kang arep ditliti. Kaya dene mula bukane, makna denotasi, konotasi, mitos, lan nilai budaya banjur dianalisis kanthi cetha.

4) Penafsiran dhata kang wis dikumpulake dianalisis kanggo nggoleki isi lan pesen kang kinandhut ing tradhisi Manten Kopi.

5) Proses kang pungkasan yaiku penyajian dhata kang awujud dheskripsi ngenani tradhisi Manten Kopi.

Katrangan ing dhuwur, anggone ngolah dhata saka kawitan nganti pungkasan nggunakake urut-urutan kaya dene: (1) transkrip dhata , yaiku ngolah dhata lesan menyang data tulis. kayata rekaman wawanrembug karo informan-informan, cathethan nalika nindakake wawanrembug, dhokumen-dhokumen. (2) Verifakasi dhata, yaiku data kang ana sajrone panliten sawise ditranskrip banjur dipilih lan dipilah adhedhasar wujud, makna, fungsi, lan pamawas masyarakat kanthi tliti lan dicocogake karo jinis-jinis kang dadi sasaran. (3) identifikasi lan kodifikasi data, yaiku penggolongan dhata adhedhasar kategori perkara kang ana ing panliten, kayata wujud, makna, fungsi, lan owah-owahan tradhisi. (4) Penafsiran utawa nerka data. Penafsiran ngenani data bisa ditegesi asil kang pungkasan saka proses panliten, utawa bab dudutan babagan ringkesan kang wis diklasifikasi.

ANDHARAN ASILE PANLITEN

Tradhisi Manten Kopi ing Desa Modangan Kecamatan Nglegok minangka upacara adat sing isih diugemi dening warga desa Modangan linuwih sakupenge pabrik kopi. Saben taun, tradhisi iki ditindakake kanthi tujuwan wujud rasa sukur warga masyarakat Modangan bisa panen kopi. Bab iki bakal ngandharake asiling panliten kang arupa anadharan ngenani tradhisi manten kopi lan alesan kena apa ditindakake, tata laku lan ubarampe sajrone tradhisi manten kopi, makna sajrone tata laku lan uba rambe tradhisi manten kopi, panemune masyarakat marang tradisi manten kopi, sarta owah-owahaning manten kopi wiwit jaman biyen nganti saiki sairing lumakune jaman. Supaya luwih mangerteni papan panggonan panliten, luwih dhisik bakal diandharake gegambaran desa

Modangan sarta kahanane masyarakat panyengkuyunge tradhisi manten kopi ing desa Modangan. Andharan kasebut ana ing ngisor iki. 4.1 Mula Bukane Tradhisi Manten Kopi

Tradhisi Manten Kopi kang ana ing Desa Modangan, Kec. Nglegok, Kab. Blitar ajeg ditindakake saben setaun sepisan kanthi tujuwan tandha sukur masyarakat marang Gusti Kang Maha Agung wis aweh rejeki arupa panen kopi. Saliyane kuwi tradhisi Manten Kopi uga minangka aweh pakurmatan marang leluhur lan dhanyang kang ana ing Desa Modangan. Mula bukane tradhisi Manten Kopi iki ana sesambungane karo dumadine salah siji panggonan. Mula Bukane tradhisi Manten Kopi iki diolehi kanthi cara lisan, yaiku crita rakyat kang wis diwarisake kanthi cara turun-temurun.

(9)

Amarga tradhisi Manten Kopi iki salah sijine tradhisi kang isih diugemi dening masyarakat Desa Modangan.

Desa Modangan salah sawijine desa kang ana ing Kab. Blitar. Blitar wis ana ing jaman praja Majapahit. Tradhisi Manten Kopi iki wis ana wiwit jaman biyen sadurunge panen kopi. Nanging luwih cethane utawa gamblange ora ana sing weruh kapan tradhisi iki kawiwitan. Informan ngandharake, yen ing taun 1874 tradhisi Manten Kopi iki wis ana. Ateges, sadurunge taun kasebut, tradhisi Manten Kopi wis ditindakake dening masyarakat. Taun 1874 mertandhakake yen ing jaman kolonial Belanda, tradhisi Manten Kopi ngrembaka. Tradhisi kang ditindakake dening masyarakat iki mesthi ngandhut piguna tumrap masyarakat panyengkunyunge. Mula, tansah dinguri-nguri nganti seprene.

Tradhisi Manten Kopi dilaksanakake sadurunge panen kopi utawa ditindakake saben wulan Juni nalika mengeti ambal warsa pabrik kopi. Bab kasebut kaya diandharake dening Pak Wima ing ngisor iki.

“Tradhisi Manten Kopi ini setiap setahun sekali diadakan. di bulan Juni bertepatan dengan hari ulang tahunnya pabrik kopi ini. Dan sebelum panen kopi dilakukan. Menurut orang Jawa bagus, buat minta keselamatan” (Pak Wima, 6 Agustus 2018) “Tradhisi Manten Kopi iki dianakake setaun sepisan ing wulan Juni, cundhuk klawan ambal warsane pabrik kopi iki. Lan sadurunge nglakoni panen kopi. Miturut wong Jawa apik, gawe njaluk slamet” (Pak Wima, 6 Agustus 2018)

Saka pethikan ing ndhuwur, bisa dimangerteni yen tradhisi Manten Kopi kang dianakake saben setaun sepisan sadurunge panen kopi cundhuk klawan ambal warsane pabrik kopi. Kapitayan wong Jawa, yen mengeti ambal warsa utawa saperangan masyarakat nyebutake ngampirne neton minangka nyuwun keslametan. Mula, tradhisi iki uga bisa nglambangake kanggo nyuwun keslametan marang Gusti kanthi kirim dedonga.

Tradhisi Manten Kopi kang ana wiwit jaman biyen isih lestari lan ngrembaka bebarengan karo lumakune jaman. Masyarakat nduweni

kapitayan yen tradhisi iki akeh banget piguna. Salah sijine nguri-nguri kabudayan kan ana ing tlatah Jawa, mligine ing Desa Modangan. Saliyane kuwi uga, tradhisi Manten Kopi kang ditindakake wujud rasa bungah masyarakat kanthi ngucap sukur marang Gusti amarga bisa panen kopi. Sarta, nyuwun marang Gusti supaya antuk kaberkahan lan adoh saka bebaya. Tradhisi Manten Kopi uga minangka aweh pakurmatan marang para leluhur kang merbawani tumrap desa Modangan.

4.2 Wujud lan Makna Ubarampe ing Tradhisi Manten Kopi

Masyarakat Jawa nduweni tradhisi awujud upacara adat utawa ritual slametan kang wis diakrabi wiwit lair kanthi maneka warna uba rampe. Upacara adat kang maneka warna, wujud uba rampe uga bakal beda, nduweni titikan dhewe-dhewe. Nanging, ora kabeh pawongan mangerteni apa makna, simbol, lan tujuwan kang kinandhut sajrone uba rampe, rata-rata masyarakat nindakake upacara adat mung melu apa kang wis dilaksanankake dening para sesepuh. Senajan kaya mangkono, masyarakat isih gelem ngugemi lan nglaksanani upacara adat, saya suwi bakal mangerteni makna kang kinandhut saka maneka warnaning uba rampe. Uba rampe kang ana sajrone tradhisi Manten Kopi yaiku cok bakal, dupa utawa impling, ingkung, lan tumpeng. Sakabehing uba rampe nduweni makna dhewe-dhewe. Supaya luwih gamblang babagan maknane, kaandharake ing ngisor iki.

4.2.1 Cok Bakal

Cok bakal salah sawijine uba rampe kang ana sajroning nindakake upacara adat Jawa. Cok bakal minangka wujud sesembahan kanggo dhanyang utawa kang mbaureksa ing desa Modangan. Masyarkat nduweni kapitayan, yen ora ana cok bakal, dhanyang kang manggon ing kono bakal nganggu nalika nindakake upacara lan nalika panen kopi. Saliyane kuwi, Masyarakat bisa antuk bebaya. Mula, uba rampe kaya dene cok bakal kudu dicepakake. Cok bakal diseleh ana ing satengahing tetanduran kopi kang wis ditemtokake. Cok bakal arupa wadhah takir kang digawe saka godhong gedhang. Isine ana endhog pitik Jawa lan kembang setaman. Saben perangan cok bakal nduweni makna dhewe-dhewe. Wadhah takir kang digawe maknane takerane manungsa. Makna kan

(10)

kawedhar yaiku masyarakat desa Modangan kuwi bisa urip rahayu santosa. Kaya dene andharan Pak Rebo iki.

“Cok bakal maknane siji. Bakale dadi siji. Cok bakal diwadhahi takir, maknane takeran manungsa, iya bisa dianggep masyarakat kene. Takir isa ditegesi padhang ing pikir. Maksude nduweni pikiran sing ora aneh-aneh. Terus ana endhok uga kembang setaman” (Pak Rebo, 8 Juli 2018)

Andharan ing ndhuwur bisa dimangerteni makna kang kinandhut bisa kawawas saka arane, cok bakal nduweni makna “cok” iki siji, bakale dadi siji. Takir nduweni makna padhang ing pikir. Padhang ing pikir bisa ditegesi ora mikir sakabehe samubarang kuwi ora apik. Kabeh ana pigunane, ana paedahe kanggo panguripan.

4.2.2 Dupa

Dupa utawa impling yaiku kutug (menyan) kang diobong lan digunakake ing adicara tartamtu. Kaya dene tradhisi Manten Kopi, uga nggunakake dupa utawa impling kang diobong nalika nindakake adicara tradhisi Manten Kopi. Dupa kang digunakake sajrone adicara tradhisi Manten Kopi iki nduweni makna kanggo mujudake rasa syukur lan ngilangi bebaya kang ora apik tumrap adicara tradhisi Manten Kopi nalika lumaku lan masyarakat uga pegawai pabrik nalika panen kopi. Bebaya kuwi bisa arupa lelara amarga diganggu dening para dhanyang kang ora seneng marang para masyarakat. Kaya kang diandharake dening Pak Rebo ing ngisor iki.

“Dupa kuwi sarat wajib kang kudu ana. Dupa kuwi kanggo ngguwak bebaya pas adicara uga pas panen kopi lan maringi pakurmatan marang dhanyang utawa mbaureksa ing kene. Yen ora ana, isa-isa kesurupan” (Pak Rebo, 8 Juli 2018)

Saka andharan ing ndhuwur, bisa dimangerteni yen dupa utawa impling minangka uba rampe kang asipat wajib ana nalika nindakake adicara tradhisi Manten Kopi. Ngobong dupa nduweni tujuwan kanggo ngguwak bebaya nalika nindakake adicara tradhisi Manten Kopi lan nalika masyarakat nglaksanakake panen kopi. Saliyane kuwi, dupa nduweni makna weneh pakurmatan

marang dhanyang utawa kang mbaureksa kang manggon ing kono. Supaya ora ngganggu saengga lumakune tata laksanane adicara awit nganti purna ora alangan apa wae lan masyarakat nalika nglaksanake panen kopi krasa aman.

4.2.3 Ingkung

Ingkung yaiku pitik kang wis dibeleh, diolah lan dimasak ngangggo bumbu tartamtu banjur salah sajine digawe nganggo sajen sajrone upacara adat Jawa. Ingkung minangka uba rampe kang wajib dicepakake sajrone tradhisi Manten Kopi. Ingkung ora bisa diganti karo uba rampe liyane. Ingkung kang arupa pitik wutuh diwujudake kaya wong kang lungguh utawa wong kang lagi lungguh nalika salat. Tegese ingkung kuwi nggambarake tata lakune kang lagi dedonga marang Gusti. Ingkung kang ana ing uba rampe tradhisi Manten Kopi iki nduweni tujuwan yen masyarakat desa Modangan atur panuwun kang wis diwenehi kanikmatan linuwih lan nyuwun keslametan marang Gusti. Saliyane uga ingkung nglambangake kepasrahan. Pasrah marang Gusti Kang Maha Agung. Kaya kang diandharake dening Pak rebo ing ngisor iki.

“Uba rampe ingkung kuwi artine pasrah. Pasrah sekabehane takdhire gusti. Mula, ingkung kae ditaleni, pasrah marang apa wae ora isa apa-apa, adat e ngono kuwi mas” (Pak Rebo, 8 Juli 2018)

Adhedhasar andharan ing ndhuwur, salah siji uba rampe yaiku ingkung nduweni makna pasrah. Pasrah tumrap sekabehe takdhir Gusti. Bab kasebut dilambange kanthi ingkung kang ditaleni utawa dibanda. Kabeh manungsa mesthi nduweni kekarepan bisa ningkatake drajad panguripane supaya luwih prasaja. Bab kasebut dibarengake karo usaha lan donga kanthi temen kanggo bisa nggayuh kekarepan kang dikarepake. Kaya dene masyarakat desa Modangan kang ana ing adicara tradhisi Manten Kopi nduweni tujuwan kanggo ngucapake rasa syukur marang Gusti, lan uga nduweni rasa pasrah marang Gusti. Masyarakat wis ngerti sekabehane ing ngalam donya iki wis ana kang ngatur yaiku Gusti Kang Maha Kuwasa. Mula, saka makna uba rampe ingkung, bisa nduweni rasa pasrah lan nrima ing pandum marang Gusti

(11)

nalikane usaha lan donga wis katindakake nanging durung bisa nggayuh apa kang dikarepake.

4.2.4 Tumpeng

Tumpeng yaiku sega putih kang diwangun kerucut utawa gunungan. Wujud tumpeng kang digawe sajrone tradhisi Manten Kopi iki ora beda karo wujud tumpeng masyarakat Jawa kang nindakake slametan. Tumpeng umume diwadhahi tampah, lawuh ditata ana ing sangisore sega putih. Isi kang ana ing tumpeng iki, yaiku mi, tempe, tahu endhok, lan urap-urap kuwi minangka jejangkepe lawuh kanggo tumpeng.

Tumpeng nduweni makna yaiku tumungkula utawa tumindak kang mempeng. Mempeng ateges tumindak becik kanthi niyat kang mantep uga jejeg dadi anggone tumindak becik ora separo kanthi iklas lan ora njaluk piwalesan. Kaya dene diandharake dening Pak Rebo ing ngisor iki.

“Ana unen-unen Jawa, Tumpeng iku tumungkula sing mempeng. Maksude mempeng marang Gustine uga marang manungsa liyane kayata tangga teparone. Yen kabeh wong isa mempeng, Gusti mesthi seneng banjur menehi kanikmatan. Apik marang liyane uga perlu, bakale oleh piwalesane lan kabeh bakale ngundhuh apa sing wis ditandur, adat kaya ngono kuwi mas” (Pak Rebo, 8 Juli 2018) Adhedhasar andharan ing ndhuwur, bisa dimangerteni yen kabeh manungsa kudu tumungkul kanthi mempeng marang Gusti lan marang manungsa liyane supaya Gusti seneng lan menehi kanikmatan linuwih. Tumungkul utawa tumindak mempeng bisa kanthi cara ngibadah marang Gusti kang ajeg tur jejeg lan bener tur pener. Saliyane ngibadah marang Gusti, tumindhak becik marang pepadhane, kayata tangga teparo. Tumindak becik marang pepadhane kayata bisa sabiyantu marang liyan, seneng awehan, ora nganggu, lan uga ora gampang menangan utawa sakarepe dhewe. Kanthi nindakake kabecikan, bakal antuk kabecikan uga. Nanging, yen nindakake kan ora apik, uga bakal antuk piwalesan kang pantes. Ing panguripan ngalam donya, wong bakal ngundhuh apa kang wis ditandur.

4.3 Makna Tata rakiting Adicara Tradhisi Manten Kopi

Tradhisi Manten Kopi ngandhut saperangan tata laku utawa tata rakit. Tata rakit minangka babagan kang wajib ana sajrone upacara adat utawa ritual adat. Tata rakit uga nduweni nilai, simbol, lan makna kang wigati banget tumrap panguripan masyarakat. Kapitayan kang ana sajrone masyarakat, simbol lan makna kang kinandhut ana sesambungane karo Gusti kang Maha Kuwasa lan uga bisa dadi pangeling-eling. Mula, anane tata rakit sajrone tradhisi Manten Kopi satemene wigati banget kanggo masyarakat. Sakabehe makna kang kinandhut kudu tansah digatekake supaya bisa mangerteni apa nilai luhuring kabudayan sajrone adicara tradhisi Manten Kopi. Masyarakat panyengkunyunge nalika nindakake tradhisi Manten Kopi bakal nduweni pengarep-arep supaya kekarepane bisa kasembadan dening Gusti.

Tata rakit kang ana sajrone tradhisi Manten Kopi yaiku manten kopi, obong dupa, arak-arakan, serah tinampa, lan slametan utawa genduri. Sakabehing tata rakit kasebut makna dhewe-dhewe. Supaya luwih gamblang babagan maknane, kaandharake ing ngisor iki.

4.3.1 Manten Kopi

Tata laku kang utama utawa punjure adicara yaiku manten kopi. Sadurunge adicara manten kopi kalaksanakake, panitia upacara adat tradhisi Manten Kopi milih tetanduran kopi kang cundhuk klawan apa kang wis ditemtokake. Pamilihan tetanduran kopi kasebut ora antuk sembarangan. Mula, dipilih dening pawongan kang ngerti babagan tradhisi iki. Pamilihan tetanduran kopi, biyasane sesepuh desa Modangan utawa kepala pabrik kopi. Tetanduran kopi kang pilih yaiku kopi kang wohe gembel lan tetanduran kopi kasebut yen bisa ana ing satengahing kebun. Bnjur tetanduran kopi kang wis dipilih banjur dipageri nganggo pring lan diwenehi janur kuning. Papan kasebut bakal digunakake kanggo acara manten kopi. Kaya kang diandharake dening Pak Suherman ing ngisor iki.

“wit kopi dipilih sing paling gembel wohe, sukur bage nggone wit kopi maeng ana ing tengah, lek ora ana ora pa-pa, sing penting ana wit kopi sing gembel, iku sing dinggo” (Pak Suherman, 1 Juli 2018)

(12)

Adhedhasar andharan ing ndhuwur, bisa dimangerteni yen tetanduran kopi kang digunakake sajrone tradhisi Manten Kopi yaiku tetanduran kopi kang wohe gembel lan tetanduran kopi kasebut ana ing tengah. Nanging, yen tetanduran kopi kasebut papan panggonane ora ana ing tengah, ora dadi masalah. Kang wigati wis netepi sarate.

Makna kang kinandhut sajrone prosesi manten kopi iki yaiku njaluk kaberkahan lan kamakmuran marang Gusti Kang Maha Agung. Masyarakat nganggo janur kuning minangka simbol kanggo njaluk sekabahe samubarang mung marang Gusti. Masyarakat kudu tansah iling marang pangriptane. Sekabehe ing ngalam donya iki mung titipan lan bakale dijupuk klawan kang duwe. Mula, masyarakat kang melu tradhisi Manten Kopi di wenehi kawruh supaya gampang atur panuwun utawa syukur tumrap apa kang wis dinduweni. Kanthi asring ngucap sukur, bakal antuk kanikmatan kang linuwih saka Gusti.

4.3.2 Obong Dupa

Tata laku sawise prosesi manten kopi yaiku prosesi obong dupa. Prosesi obong dupa yaiku ritual kanthi cara mbakar utawa ngobong dupa. Sajrone tradhisi Manten Kopi iki ritual obong dupa ditindakake dening Pak Rebo. Pak Rebo minangka pamimpin upacara adat Manten Kopi uga sinebut Pak Modin. Dupa kang dibakar karo damen lan areng ngetokake keluk kang mulek gandane. Obong dupa kalebu salah siji tata laku kang ora oleh ditinggalake kaya dene tata laku liyane sajrone tradhisi Manten Kopi.

Tata laku obong dupa uga nduweni makna kang kinandhut kaya tata laku liyane. Obong dupa minangka simbol ucapan sukur marang Gusti Kang Maha Agung. Kaya kang diandharake dening Pak Imam ing ngisor iki.

“obong dupa mben bangsa sing ora ketara ora nganggu mas, tapi iya panggah, tujuwane nyuwun slamet marang Gusti Pangeran. Percaya ora percaya, bangsa alus ngono yen ora dikurmati mesthi ganggu. Mboh kuwi diruhi-ruhi, pokoke ana ae” (Pak Imam, 23 Agustus 2018)

Adhedhasar andharan ing ndhuwur, bisa dimangerteni yen obong dupa minangka aweh

pakurmatan marang dhanyang utawa bangsa lelembut kang ana ing desa Modangan linuwih ing kebun kopi sarta pabrik kopi. Kanthi anane obong dupa, masyarakat ngarepake ora antuk bebaya utawa gangguan dening dhanyang kang manggon ing kono. Nanging, tujuwan utama obong dupa sarana nyuwun kaslematan marang Gusti Kang Maha Agung supaya antuk kalancaran lan tanpa alangan apa wae.

4.3.3 Arak-Arakan

Tata laku sawise prosesi manten kopi yaiku prosesi Arak-arakan. Prosesi arak-arakan yaiku ritual kanthi cara ngubengi seperangan tetanduran kopi kang wis temtokake. Arak-arakan iki kawiwitan saka papan panggonan acara manten kopi kanthi nggawa manten kopi, banjur mlaku ngubengi saperangan tetanduran kopi tumuju menyang pendhapa pabrik. Nalika arak-arakan kalaksanakake kanthi kairingan jaranan nganti purna. Pandherek sajrone arak-arakan iki masyarakat lan pegawai pabrik kopi. Saliyane kuwi, pandeleng tradhisi iki uga antuk melu arak-arakan.

Arak-arakan manten kopi minangka kanggo seksi utawa ngaweruhi marang para leluhur. Kanthi ngaweruhi tradhisi Manten Kopi kang lagi ditindakake, bisa aweh restu ing adicara. Saengga acara Manten Kopi bisa lancar. Kaya dene andharan ing ngisor iki.

“Arak-arak manten kopi iki kanggo seksi mas, seksi kanggo para leluhur bene ngekeki restu neng acara manten kopi. Saliyane kuwi, pengarep-arep bisa diwenehi slamet nalika panen kopi”(Pak Rebo, 8 Juli 2018)

Adhedhasar pethikan ing ndhuwur, bisa dimengerteni yen arak-arakan minangka seksi supaya para leluhur ngaweruhi yen lagi ana tradhisi Manten Kopi. Kanthi ngaweruhi tradhisi Manten Kopi kang lagi ditindakake, bisa aweh kalancaran. Arak-arak iki uga dadi pangarep-arep dening pandherek tradhisi, nalika panen kopi tansah diwenehi kaslametan lan kamakmuran dening Gusti Kang Akarya Jagad.

4.3.4 Serah Tinampa

Tata laku sawise prosesi arak-arakan yaiku prosesi serah tinampa. Prosesi serah tinampa yaiku

(13)

acara serah tinampa manten kopi dening pemimpin adat tradhisi Manten Kopi marang direktur pabrik lan direktur pabrik masrahake manten kopi marang kepala pabrik kopi. Prosesi serah tinampa kasebut dilaksanakake nalika arak-arakan wis teka ing pendhapa pabrik. Direktur pabrik bakal diundang supaya nekani pendhapa pabrik kanggo nrima manten kopi. Pak wima minangka direktur pabrik kopi nrima utawa nampa manten kopi saka Pak Rebo. Manten Kopi kang wis ditampa dening direktur pabrik kopi mertandhakake yen acara Manten Kopi rampung ditindakake. Manten Kopi kang wis ditampa, minangka lambang yen direktur aweh idin utawa palilah kanggo miwiti panen kopi. Bab kasebut kaya kang diandharake dening Pak Rebo.

“acara serah tampa iku, aku ngekekne manten kopi neng gene pak direktur, banjur pak direktur maringne manten kopi neng gene kepala pabrik. Iya maknane, pak direktur dadi seksi manten kopine wis dilakoni. Tapi iku kanggo miwiti panen kopi merga dijine karo pak direkture mas” (Pak Rebo, 8 Juli 2018)

Andharan ing ndhuwur, bisa dimangerteni yen Pak Rebo nyerahake manten kopi marang Pak Wima minangka seksi uga ngaweruhi yen acara kasebut wis ditindakake. Masyarakat nduweni kapitayan yen manten kopi kang ditampa dening direktur pabrik kopi, nglambangake awit panen kopi. Ateges Pak Wima minangka direktur aweh idin utawa palilah kanggo masyarakat lan pegawai pabrik kanggo miwiti panen kopi. Tetanduran kopi wis ngancik kala mangsane siyap dipanen.

Serah tinampa iki saliyane nduweni lambang uga ngandhut makna. Makna kang kinandhut sajrone tata laku serah tinampa yaiku nampa lan nrima sekabehe kanikmatan kang diwenehake dening Gusti Kang Maha Agung. Akeh utawa thithik, kudu bisa disyukuri lan ora gampang ngresula. Gusti aweh kanikmatan kanggo ngukur sepira manungsa atur sukur. Nalika nrima kanikmatan kang sethithik, nampa kanthi eklas lan sabar. Nanging, yen nrima kanikmatan kang akeh, ora antuk bombong atine. Akeh lan thithik, sekabehe wis ana sing ngatur. Manungsa mung bisa ngupaya lan tansah dedonga marang Gusti supaya antuk kang prasaja.

4.4 Owah-owahaning kang ana sajrone Tradhisi Manten Kopi

Owah-owahan kang dumadi sajrone tradhisi dipangaribawani saperangan faktor. Faktor-faktor kasebut bisa diseja utawa ora diseja. Mula, tradhisi minangka salah sijine kabudayan kang nduweni sipat dinamis, saengga bisa owah anut lumakune jaman. Saliyane kuwi, masyarakat kang dadi subjek nggunakake kasebut duwe sipat kreatip supaya tansah njaga kalestarine tradhisi Manten Kopi. Ing ngisor iki, bakal diandharake ngenani bedane biyen lan saiki babagan uba rampe lan tata laku.

4.4.1 Bedane Tradhisi Manten Kopi Jaman Biyen lan Saiki

Tradhisi Manten Kopi ing jaman biyen lan jaman saiki tamtune wis ana kang beda. Bab kasebut dipangaribawani dening lumakune jaman tansaya moderen. Supaya mangerteni kang njalari pambedane, mula bisa dideleng saka bab uba rampe, tata laku, lan peserta kang ana sajrone tradhisi Manten Kopi. Andharane kaya ing ngisor iki.

1) Uba Rampe

Uba rampe sajrone tradhisi Manten Kopi ing jaman biyen karo saiki ngalami owah-owahan amarga bebarengan karo lumakune jaman. Nanging, masyarakat nganakakake adicara kanthi temen-temen amarga masyarakat isih ngajeni tradhisine para leluhur. Tradhisi iki uga kalebu tradhisi kang nduweni sesambungan karo kapitayane masyarakat saengga masyarakat banget anggone nindakake tradhisi kasebut.

Kapiyatan kang dienut dening masyarakat kuwi diugemi kanthi pengarep-arep oleh kaslametan lan ucap sukur marang Gusti. Saliyane kuwi, uga ngurmati dhanyang kang manggon ing desa Modangan. Mula, masyarakat tansah nindakake tradhisi kasebut senajan ana owah-owahan kang dumadi. Kaya dene andharan Pak Suherman ing ngisor iki.

“bab uba rampe, biyen karo saiki beda mas. Yen dibandhingne ngono, akeh saiki uba rampe, merga sangkik penake panganan ing jaman saiki. Iya panggah ana sing panggah, ora ganti” (Pak Suherman 28 Juli 2018)

(14)

Saka andharan ing ndhuwur, tradhisi Manten Kopi iki wis ngalami owah-owahan, lumaku bebarengan karo jaman tansaya maju. Majune jaman, pola pikir masyarakat uga saya maju. Anut paugeran tartamtu kaya biyen utawa adhaptasi lingkungan sakupenge. Kabeh kuwi gumantung masyarakate dhewe. Kayata babagan uba rampe. Kanggone masyarakat, tradhisi Manten Kopi iki wigati banget, amarga minangka wujud rasa sukur marang Gusti kang wis wenehi panen kopi lan nduweni pangarepe-arep taun ngarep isa panen kopi linuwih.

Uba rampe kang ana ing tradhisi Manten Kopi saperangan uga ngalami owah-owahan. Kayata iwak pitik kang digawe ingkung. Ing jaman biyen iwak pitik kang digawe ingkung kuwi mesthi pitik Jawa utawa pitik jago. Pitik jago ing jaman biyen minangka samubarang kang angel golekane, mula dianggep sakral. Nanging saiki pitik babon uga bisa digawe ingkung. Ing jaman saiki, wis akeh pawongan kang ngingu pitik kasebut, mula pitik jago kepenak golekane ora kaya jaman biyen. Panemune masyarakat, kang wigati, kanggo gawe ingkung kudu iwak pitik Jawa. Bisa jago yen ora ana bisa diganti babon. Makna kang kinandhut sajrone ingkung uga ora owah, padha senajan kang digawe nganggo pitik babon.

Uba rampe liyane kang ngalami owah-owahan yaiku gedhang. Ing jaman biyen, nggunakake gedhang raja sajen satangkep. Gedhang raja minangka gedhang kang aji, miturut masyarakat gedhang kasebut minangka rajane gedhang. Mula, samubarang kang wajib ana sajrone tradhisi Manten Kopi. Ing jaman saiki, gedhang kang digawe kuwi sembarang, bisa gedhang susu, gedhang ambon, gedhang raja, lan liya-liyane. Gedhang kang dicepakakeka sakanane, amarga jaman saiki tetanduran gedhang akeh banget tur jinise uga akeh. Dadi bisa dipilih kang pantes tlan cundhuk klawan tradhisi Manten Kopi. Makna kang ana, uga ora beda, padha kaya jaman biyen. Uba rampe gedhang satangkep sajrone adicara biyasane digawe tindhihan jajanan tumpeng. Nanging, saiki gedhang satangkep mung kanggo sarat.

Tumpeng kang wajib ana sajrone tradhisi Manten Kopi uga ngalami owah-owahan. Jaman biyen, tumpeng sing digawe kuwi diawadhahi tampah, banjur digawa ing papan panggonan

adicara Manten Kopi, nanging saiki wadhah bisa diganti nganggo leser utawa panci kang gedhe. Bab kasebut dijalari luwih kepenak nalika nggawa lan kanthi nggunakake leser, tumpeng ora munjung-munjung nanging isa sakucupe. Saliyane kuwi, lawuh kang digawe sajrone tradhisi uga ngalami owah-owahan. Lawuh jaman biyen kang biyasane digawe yaiku lodho. Saiki wis diganti lawuh kang umume digawe genduri. Apa dene kang diandharake dening Pak Suherman ing ngisor iki.

“Uba rampene, sega gurih, buceng saklupane, cok bakal, dupa, lodo. Lodo saiki wis diganti lawuh sing kaya umum e genduren. Kaya sambel goreng tempe, kentang, lan liyane” (Pak Suherman, 28 Juli 2018)

Andharan ing ndhuwur, bisa dimangerteni yen lawuh lodo wis ngalami owah-owahan. Saiki lawuh bisa diganti, kayata sambel kacang tempe, kentang, uga liyane. Samubarang kasebut kepenak digoleki lan wis dadi adat saben nalika nganakake slametan adat Jawa. Lodo saya suwe angel ditemoni, dadi masyarakat gawe lawuh kang kepenak tur ana ing sakiwa tengene. Masyarakat saiki wis pengin instan lan ora ribet. Senajan beda, ora owah saka esensi saka uba rampe lodho kuwi mau, minangka panjangkep sajrone tradhisi Manten Kopi.

2) Tata Laku

Tata laku kang ana sajrone tradhisi Manten Kopi ngalami owah-owahan. Jaman biyen lan jaman saiki ana bedane. Owah-owahan kasebut dumadi bebarengan karo lumakune jaman. Jaman kang saya moderen lan pamikiran masyarakat saya suwe saya maju uga. Bab kasebut merbawani tumrap tradhisi Manten Kopi. Senajan kaya mangkono, masyarakat ora lali karo adate, nanging tradhisi kasebut tansah diugemi lan dilestarikake.

Tata laku kang ngalami owah-oawahan yaiku H-7 dina sadurunge nindakake adicara tradhisi Manten Kopi. Masyarakat jaman biyen, H-7 dina kuwi dianakake dedonga ing telung panggonan. Telung papan panggonan kasebut dianggep dening masyarakat nduweni sipat kramat. Masyarakat sadurunge nindakake adicara tradhisi Manten Kopi wajib nekani papan kasebut. Bab kuwi minangka sarat kang kudu dilaksanakake

(15)

dening masyarakat. Kaya dene andharan Pak Suherman ing ngisor iki.

“Jaman biyen, masyarakat sadurunge Manten Kopi, mara neng telung panggonan sing dianggep kramat. Telung panggonan kuwi, Gunung cilik, Pesarean mbah Taruna Manggala, lan Beji. Saka telung panggon kuwi bisa dipilih salah siji. Bisa neng Guning Cilik, pesarean, utawa neng Beji” (Pak Suherman, 28 Juli 2018)

Saka andharan kasebut, bisa dimangerteni, masyarakat jaman biyen sadurunge nindakake tradhisi Manten Kopi menyang ing telung papan kramat yaiku Gunung Cilik, Pesarean Mbah Taruna Manggala, lan Beji kanggo dedonga. Saka telung papan panggonan kasebut bisa dipilih salah siji kanggo dedonga. Milih salah siji panggon wis bisa makili sakabehe. Bebarengan karo lumakune jaman, H-7 dina iki wis ditinggalake masyarakat. Masyarakat desa Modangan saiki nggawa berkatan saka omah kang digawa menyang papan dilaksanakake tradhisi Manten Kopi. Masyarakata nduweni panemu, bab dedonga bisa dirangkep nalika genduren neng pendhapa. Kang wigati, masyarakat tansah weneh dedonga senajan ora menyang papan panggonan kasebut. Makna kang kinandhut uga ora owah, senajan tata rakite beda.

Ana adicara dedonga H-7 dina ing papan kang dianggep kramat sadurunge nindakake tradhisi Manten Kopi, uga ana adicara sawise tradhisi Manten Kopi katindakake yaiku adicara genduren bukak gilangan. Ing jaman biyen, adicara iki dianakake H+2 utawa H+3 dina sawise adicara Tradhisi Manten Kopi. Adicara iki dilaksanakake dening pabrik kanthi ngundang saperangan masyarakat Desa Modangan. Adicara bukak gilingan iki minangka tandha yen wis siyap kanggo giling. Kaya andharan Pak Suherman ing ngisor iki.

“Sawise manten kopi, ana acara maneh mas. H+2 utawa H+3 dina ana acara genduren bukak gilingan. Iki sing lakoni pabriki. Saiki paling dibarengne pas acara manten kopi” (Pak Suherman, 28 Juli 2018) Andharan kasebut bisa dimangerteni, ing jaman biyen, H+2 utawa H+3 dina pabrik nganakake adicara bukak gilingan. Pabrik nganakake adicara kasebut nduweni pengarep-arep supaya nalika panggilangan diwenehi kalancaran lan diadohake saka bab kang nganggu. Ing jaman

saiki, adicara kasebut tansah dilaksanakake, nanging ditindakake bebarengan karo adicara tradhisi Manten Kopi. Bab kang njalari owah mau, wektu kang digunakake bisa luwih efektif yen dibarengake karo tradhisi Manten Kopi. Senajan kaya mangkono, tujuwan kang kinandhut tansah padha karo ing jaman biyen.

Tata laku kang ngalami owah-owahan yaiku pawongan kang nggawa manten kopi. Jaman biyen, sadurunge tradhisi Manten Kopi ditindakake, masyarakat lan pabrik utawa uga bisa pabrik masrahake dening masyarakat kanggo milih pawongan kang pantes nggawa kopi. Pamilihan kang nggawa kopi ora bisa dianggep gampang, supaya ora kliru nalika ditemtokake. Sarat pawongan kang nggawa kopi yaiku wong lanang utawa wong wadon kang isih prawan. Kaya dene andharan Pak Suherman ing ngisor iki.

“sing nggawa kopi iku bocah lanang sing jaka utawa bocah wedhok sing isih prawan, kaya dene sing nggawa kembar mayang kan iya isih prawan kabeh” (Pak Suherman, 28 juli 2018)

Pethikan andharan ing ndhuwur, kang nggawa kopi nalika nglaksanakake tradhisi Manten Kopi yaiku bocah lanang kang isih jaka utawa bocah wadon kang isih prawan. Bab iki ora dipisahake dening pandhangan masyarakat ing jaman biyen kang nganggep tradhisi Manten Kopi iki suci tur wigati banget. Nanging ing jaman saiki ora kaya mangkono. Pamilihan kang nggawa kopi dipilih karo pabrik. Pamilihan kang nggawa kopi ora deleng apa isih prawan apa ora nanging, pabrik milih kang nggawa pabrik kuwi pegawai kang pantes kanggo nggawa kopi. Bab kasebut ora bisa disalahake. Bebarengan karo lumakune jaman, masyarakat minangka panyengkuyunge wis ora duwe jejibahan kanggo milih kang nggawa kopi. Masyarakat tetandurane kang wiwitane kopi wis diganti karo tetanduran liyane. Bab kasebut minangka salah sawijine faktor kang nyebabake dumadine owah-owahan sajrone tradhisi Manten Kopi.

Tata laku kang uga ngalami owah-owahan yaiku obong dupa. Ing jaman biyen obong dupa bisa diperang dadi loro. Kapisan, obong dupa nalika adicara Manten Kopi kang dilaksanake ana ing kebun kopi. Kapindho, nindakake obong dupa H+2 utawa H+3 dina sawise adicara saperlu bukak

(16)

gilingan kang dilaksanake ana ing pabrik. Obong dupa kasebut loro karo ditindakake dening pak modhin. Ing jaman saiki, obong dupa tansah dilaksanakake. Bedane, obong dupa kang dilaksanakake H+2 utawa H+3 dina kanggo bukak gilingan dibarengake nalika tradhisi Manten Kopi uga ditindakake. Bab sing njalari bisa dibarengake adicara obong dupa mau, tata laku kasebut minangka tata laku kang dumadi siji adicara, mung beda dina katindakake. Mula, bebarengan lumakune jaman, adicara obong dupa kanthi tujuwan bukak gilingan kasebut dibarengake supaya luwih efektif lan efisien. Masyarakat uga isih padha kumpul saengga bisa nyekseni obong dupa kasebut. Senajan beda nglaksanakake obong dupa, ora owah saka tujuwane yaiku dedonga supaya aweh kalancaran uga ora ana alangan apa wae nalika penggilingan diwiwiti.

3) Peserta

Jaman biyen, peserta kang nindakake tradhisi Manten Kopi iki akeh banget. Kayata, direktur pabrik kopi, pegawai pabrik, lan masyarakat Desa Modangan. Masyarakat ing kene, kang melu tradhisi Manten Kopi, masyarakat kang nduweni tanduran kopi. Mula, masyarakat kasebut perlu nganakake slametan. Masyatakat umum bisa melu ndeleng slametan kang sinebut tradhisi Manten Kopi sinambungan karo pabrik. Nanging, beda karo jaman saiki. Peserta kang nindakake tradhisi Manten Kopi sarwa titik. Senajan pesertane padha kaya biyen, kayata direktur pabrik, pegawai lan masyarakat Desa Modangan. Peserta paling akeh saka pabrik, mligine pegawai pabrik kopi. Masyarakat kang melu yaiku klompok Tani Margo Maju ing Desa Modangan. Kaya andharan Pak Rebo ing ngisor iki.

“saiki ora padha kaya biyen mas, akeh masyarakat sing wis ora melu. Sing akeh saka pabrike dhewe. Aku saben taun mesthi diundang” (Pak Rebo, 8 Juli 2018)

Saka andharan ing ndhuwur, bisa dimangerteni. Paserta kang paling akeh nindakake tradhisi Manten Kopi saka pabrik. Bisa jajaran direksi, bisa uga pegawaine. Saka masyarakate dhewe, saya suwe akeh sing ora melu nindakake tradhisi Manten Kopi. Bab kasebut mertandakake yen ana faktor kang njalari. Masyarakat kang melu sajrone tradhisi Manten Kopi biyasane warga

masyarakat kang diundang dening pabrik. Undhangan ora mung ditujokake kanggo masyarakat Desa Modangan, lan instansi pamarentahan Desa Modangan, lan para wartawan. 4.4.2 Faktor-Faktor kang Njalarani Owah Gingsir

Tradhisi Manten Kopi

Owah-owahan kang dumadi sajrone tradhisi ana musababe. Owah-owahan kang dumadi sajrone tradhisi Manten Kopi iki disebabake dening faktor-faktor, kaya dene faktor internal lan faktor eksternal. Babagan bakal diandharake ing ngisor iki.

4.4.2.1 Faktor Internal

Salah siji faktor kang nyebabake dumadine owah gingsir tradhisi yaiku faktor internal. Faktor internal yaiku faktor kang saka njero, ateges faktor kang dumadi ana ing lingkungan sakupenge masyarakat dhewe. Faktor internal bisa awujud discovery lan invention. Discovery yaiku salah sawijine panemu kanthi ora sengaja dene invention yaiku sawijining panemu kanthi ngupaya lan disengaja (Sukarman, 2006:38). Saliyane kuwi, Koentjaraningrat (1990:257), discovery bisa dadi invention yen masyarakat wis ngakoni, nampa, lan ngecakake panemu kang anyar kasebut. Masyarakat bisa ngakoni owah-owahan kang dumadi jalaran disengaja utawa ora disengaja yen masyarakat dhewe padha nampa lan nyarujuki bab kasebut. Owah-owahan kang dumadi sajrone tradhisi bisa dadi pangrembakane tradhisi kasebut bebarengan karo lumakune jaman saya maju, sarwa moderen.

Masyarakat minangka panyengkuyung tradhisi Manten Kopi uga bisa kang nyebabake owah-owahan tradhisi kasebut. Tansah ngrembaka utawa lestari tradhisi kasebut gumantung masyarakate dhewe. Supaya mangerteni bab kang njalari owah-owahan kang dumadi sajrone tradhisi Manten Kopi, bakal diandharake ing ngisor iki. 1) Tanduran Kopi kang diganti dening

Masyarakat

Salah siji faktor dumadine owah-owahan tradhisi Manten Kopi yaiku tanduran masyarakat kang sadurunge tanduran kopi diganti tanduran liya. Jaman biyen, tanduran kopi minangka tanduran utama dening masyarakat desa Modangan linuwih ing dhusun Karanganyar. Nanging, ing jaman jaman saiki masyarakat desa Modangan tanduran kopi dudu dadi tanduran

(17)

utama. Ing kebun, masyarakat kang isih nduweni tanduran kopi disandhingake karo tanduran liyane. Kaya andharan Pak Suherman ing ngisor iki.

“salah siji merga isa owah kuwi, tanduran kopi wis diganti karo tanduran liyane. Ngene mas, saiki kopi minangka tanduran sing utama, yen disisihe ana tanduran liyane, kaya telo, wit kambil, kopine bakal kalah. Ora bakal isa uwoh gembel. Saya suwi kopine mati. Diganti pisan karo sing duwe” (Pak Suherman, 28 Juli 2018)

Saka andharan ing ndhuwur, bisa dimangerteni, yen tanduran kopi minangka tanduran utama amarga bisa menehi babagan kang piguna tumrap masyrakat. Ateges nduweni nilai ekonomi kanggo masyarakat. Nanging, saya suwi tanduran kopi wiwit diganti dening masyarakate dhewe. Tanduran kopi kuwi wohe mung setaun pisan. Mula, masyarakat nanduri tetanduran liyane kang bisa ngasilake nilai ekonomi sakupenge tanduran kopi. Tanduran kopi yen sakupenge ana tanduran liya, bakal kalah. Nalika uwoh, ora bisa gembel kaya adate. Saya suwi, tanduran kopi mati. Masyarakat kang nduweni tanduran kopi saya suwi saya ora ana. Tanduran kopi wis diganti karo tetanduran liyane kang bisa ngasilake nilai ekonomi linuwih tumrap masyarakat. Bab kasebut kang njalari tradhisi Manten Kopi saya cures satengahing masyarakat. Nanging, anane pabrik kang saben taun nganakake tradhisi Manten Kopi, kabudayan kang ana bisa ngrembaka tur lestari lan masyarakat isih bisa ngugemi kaya padatan.

4.4.2.2 Faktor Eksternal

Tradhisi Manten Kopi kang ana ing Desa Modangan Kec. Nglegok Kab. Blitar ora diperbawani dening faktor eksternal. Ateges ora owah dening pawongan kang pindhah saka panggonan siji menyang panggonan liya. Pawongan saka liya dhaerah kang wis manggon ing Desa Modangan ora aweh pangaribawa tumrap tradhisi Manten Kopi. Pawongan kasebut luwih-kuwih nyengkuyung anane tradhisi Manten Kopi. Tradhisi uga ora dipangaribawani karo kabudayan liya sakupenge Desa Modangan. Kabudayan ing Desa Modangan lan sakupenge beda-beda. Sakabehe kabudayan mau bisa dilaksanakake bebarengan tanpa ana kang merbawani siji lan

sijine. Bab kasebut amarga saben kabudayan ngandhut makna lan fungsi dhewe-dhewe. Saliyane kuwi, upacara adat tradhisi Manten Kopi iki mung dilaksanakake ing desa Modangan, dhaerah liya ora ana kang nindakake senajan ana perkebunan kopi.

Faktor kang njalari tradhisi Manten Kopi owah yaiku ekspor kopi kang saya mudhun ing saben taune. Pabrik kang duwe tetanduran kopi luwih amba tur akeh uga ora bisa mbantu masyarakat. Ekspor kopi kang saya mudhun merbawani masyarakat kang duwe tetanduran kopi. Masyarakat wiwit ganti tetanduran kopi karo tetanduran liya kang dianggep luwih nguntungake. Babagan kasebut uga merbawani lumakune tradhisi Manten Kopi. Masyarakat nalika isih duweni tetanduran kopi isih gelem ngugemi tradhisi kasebut, nanging nalika wis ora duwe tetanduran kopi, masyarakat ora gelem nindakake tradhisi Manten Kopi. Saengga, tradhisi Manten Kopi saya suwe ditilarake dening warga desa Modangan. Mula, tradhisi Manten Kopi saya suwe saya cures bebarengan lumakune jaman kang saya maju lan moderen.

PANUTUP

Bageyan panutup iki bakal ngandharake ngenani ngenani dudutan lan pamrayoga. Bab dudutan ngenani asiling panliten kang mujudake sawijine bab kang wigati lan cundhuk karo tujuwan nganakake panliten. Andharan luwih jangkep ana ing ngisor iki.

5.1 Dudutan

Upacara adat tradhisi Manten Kopi ing desa Modangan Kec. Nglegok Kab. Blitar dadi salah siji kabudayan lan tradhisi kang wiwit jaman biyen nalika kolonial Belanda nganti saiki isih diugemi lan dilestarekake dening masyarakat panyengkuyunge. Tradhisi Manten Kopi iki ditindakake kanthi uba rampe lan tata rakit kang wis ana owah-owahan. Tradhisi Manten Kopi dianakake sadurunge panen kopi ing wulan Juni. Pamilihan wulan kasebut cundhuk klawan ambal warsane pabrik kopi. Tradhisi iki ditindakake kanggo ngucap rasa syukur dening masyarakat kang bisa panen kopi lan nyuwun supaya masyarakat urip tentrem uga slamet adoh saka bebaya marang Gusti Kang Maha Agung.

Referensi

Dokumen terkait

Proses adsorpsi kesadahan (Ca) oleh adsorben sekam padi memenuhi pola isoterm Langmuir dengan kapasitas adsorpsi maksimum adsorben berbasis sekam padi terhadap

Absorbsi melalui kulit dengan menembus daerah anatomi antara lain : lagsung menembus epidermis utuh, menembus sel stratum korneum, menembus kuit melalui kelenjar

Berdasarkan hasil penelitian terdapat suhu pengeringan terbaik pada pengeringan dengan menggunakan suhu 90°C mengahasilkan mutu simplisia rimpang jahe merah yang

Pemerintah Kota Pekanbaru seharusnya dapat memberikan reward and punishment serta kontrol terhadap partai-partai politik yang ada dalam memberikan pendidikan politik

sering mengatakan, dan memang demikian yang terjadi. Kesadaran politik yang terus meningkat dalam masyarakat membuat sosok ataupun figure dari sang calon yang lebih

Dari keempat fungsi partai politik tersebut yang paling signifikan terhadap keberlangungan sebuah partai politik adalah rekruitmen politik karena pada fungsi ini partai

Pada tabel 6 menjelaskan bahwa hasil uji simultan antara variabel kualitas produk, fitur produk dan desain produk terhadap keputusan pembelian motor Yamaha

Hasil Uji Statistik yaitu uji t dapat dijelaskan bahwa strategi promosi tidak berpengaruh terhadap keputusan pembelian di Dealer Sepeda Motor Yamaha Ranotana