• Tidak ada hasil yang ditemukan

La saiki aku ngomong nganggo basa ngoko marang sliramu kabeh ing sarasehan iki. Tegese apa? Aku sapa lan sliramu sapa, drajatku apa drajatmu apa?

N/A
N/A
Protected

Academic year: 2021

Membagikan "La saiki aku ngomong nganggo basa ngoko marang sliramu kabeh ing sarasehan iki. Tegese apa? Aku sapa lan sliramu sapa, drajatku apa drajatmu apa?"

Copied!
6
0
0

Teks penuh

(1)

IMBAL WICARA BASA JAWA

TUMRAP PRILAKU BANGSA

SESORAH ING NGARSANE 800 KEPALA SEKOLAH

SD, SMP, SMA, SMK NEGERI LAN SWASTA SE KOTA SURABAYA ING SMA PETRA I JL.GRAHA FAMILI

28 JANUARI 2008 Kulanuwun.

Nuwunsewu, keparenga aku ngomong nganggo basa ngoko.

Kena apa nganggo basa ngoko? Marga sarana basa ngoko komunikasi lan interaksi antarane aku lan sliramu ing sarasehan iki bisa sambung. Sarana basa ngoko lumrahe wong Surabaya dhamang kabeh. Nanging yen nganggo basa krama, apa maneh krama inggil, wong Surabaya akeh sing ora ngreti. Nyatane nalika ngestreni jagong manten, MC-ne ngomong ndakik-ndakik nganggo basa krama, akeh wong Surabaya sing padha rawuh ora ngreti maknane babar pisan. Mangka kuwi jan basa Jawa kang adiluhung.

Malah sasi Oktober 2007 kepungkur ing Taman Budaya Surabaya nggebyagake Kabaret Does, “ludrug” saka Suriname sing antawecanane nganggo basa Jawa ngoko, kebak lelucon sing kudune ditanggapi “ger!” dening para penontone, pranyata amem wae. Aku ditilpun sawenehe wartawan sing nyekseni, kandha jare basa Jawane kok beda, kok seje karo basa Jawa biyasane, nganti sing nonton ora tanggap lan ora dhong. Bareng ketemu karo Pak RM. Yunani sing uga nyekseni kabaret mau, jarene Pak Yunani basa ngokone padha karo basa ing Ponorogo utawa Tulungagung, basa Jawa “ndesa”. Lan Pak Yunani kandha lelucone pancen sem lan nges tenan, marga migunakake basa Jawa kang tradhisional banget. (Tanggapane Pak Yunani uga ditulis ing Jawa Pos). Meningi kang kaya mengkono kuwi aku ndakwa yen wong Surabaya wis ora bisa ngrasakake nikmate basa Jawa ngoko.

Kena apa aku ngucap “nuwunsewu” nyuwun palilah dhisik ngomong nganggo basa ngoko? Sing sepisanan aku arep aweh tuladha menawa ngomong basa Jawa kuwi tansah kasinungan tata-cara, sarwa santun. (Carane ditata. Nglakoni apa-apa sing sakira ngganggu gawe liyan, ngucap “nuwunsewu”).

Kang kapindho, ngomong “ngoko” kuwi uga ana “tata-cara”-ne anggone ngetrapake, yakuwi sing diarani “unggah-ungguh”. Wong ngomong nganggo basa ngoko kuwi wis ngetarani unggah-ungguhe prilaku pribadine sing ngomong. Ngreti tata-cara apa ora wong iku, wis genah ketara saka basa Jawa sing diucapake.

Basa Jawa kapérang gedhe pilah byak dadi loro, yakuwi basa krama lan basa ngoko. Kasarane: BASA NGOKO kanggo srawung antarane:

(1) wong sing sapadha-padha drajate,

(2) lan/utawa wong sing drajate luwih dhuwur marang sing luwih asor, kayata guru marang murid, wong tuwa marang wong anom, bendara marang batur.

Dene BASA KRAMA uga mengkono ana trap-trapane carane migunakake:

(A) kanggo srawung antarane wong sing sapadha-padha drajate (nanging iki luwih padha-padha ngajeni, nganti sok ora bisa akrap),

(B) lan/utawa wong sing drajate asor marang wong sing drajate luwih dhuwur. Kosok baline basa ngoko sing mau, yakuwi batur marang bendarane, wong anom marang wong tuwa, murid marang guru.

(2)

La saiki aku ngomong nganggo basa ngoko marang sliramu kabeh ing sarasehan iki. Tegese apa? Aku sapa lan sliramu sapa, drajatku apa drajatmu apa? Ing kene wis kena katitik sopan-santunku, “perilakuku”. Aku ngomong nganggo basa ngoko apa tegese drajatku luwih dhuwur katimbang sliramu, apa aku guru lan sampeyan murid, apa aku luwih tuwa lan kowe luwih enom? Aku ngomong nganggo basa ngoko, dadi ya bisa wae disengguh mengkono. Yen disengguh utawa diarani mengkono, aku klebu wong sesongaran, wong methakil, semu kurangajar, jare Arek Surabaya “sumbung”.

Sakjane dipilih saka kriteria sing endi wae aku pancen duwe cekelan kang kaya mengkono, aku wicara ing kene luwih luhur drajate timbang kowe, aku ngguroni marang kowe, aku luwih tuwa katimbang kowe kabeh. Ing kene, wektu iki, aku nduweni jabatan kuwi kabeh. Wis dadi hakku ngomong ngoko. Diarani sumbung ya wis gak papa.

Nanging aku mau ing ngarsa rak wis matur “nuwunsewu”. Tegese apa? Tegese aku wis njaluk palilah, aku nganggo basa ngoko iki tingarah kasengguha antarane aku lan sliramu iki drajate sapadha-padha. Nganggo basa krama ya bisa minangka komunikasi srawung sing drajate sapadha-padha, kenapa aku ora nganggo basa krama wae? Kuwi luwih ajen-kinajenan. Ning rak sok diarani ora akrap. Lan, yakuwi mau, mengko yen aku nganggo basa krama inggil awak pena gak ngreti apa-apa, kaya ndhuk resepsi kemantenan aé. Aku wis nganggo basa ngoko, aja nganti sarasehan iki kaya ing pentase Kabaret Does, Rèk.

Dadi sliramu ngomong sakecap rong kecap marang wong liya nganggo basa Jawa, kuwi wis ketara sliramu kuwi sapa, drajat lan pangkatmu apa, suba-sitamu (sopan santunmu) kepriye, prilaku tingkah lakumu kepriye. Kena dipathak saka ucapanmu basa Jawa (krama apa ngoko). Ngomong basa Jawa wis meksa sliramu mapanake dhirimu ngleksanani perilakumu, tingkah lakumu, sopan santunmu.

Tapi ana siji maneh alasanku kenapa aku migunakake basa ngoko.

Aku ngrasa kenapa aku dipilih dina iki sesorah ana kene, didhapuk dadi narasumber ing sarasehan “gebyar” sepisanan wicara basa Jawa saben dina Senen ing sekolahan sa-Surabaya. Kenapa aku sing dudu guru utawa dosen, dudu mubalik basa Jawa sing baleg aweh piwulang sarana ngomong, dudu pejabat pendhidhikan, kok dipilih dadi narasumber? Dipilih dakkira marga aku dikondhangake kadidene gegedhuge pengarang sastra Jawa modern. Jenengku kondhang saantero donya (one of the five thousand personalities of the world 1998) kadidene pengarang sastera Jawa modern.

Sastra Jawa modern kuwi apa?

Manut konvensi, sastra Jawa modern kuwi sastra Jawa sing ditulis nganggo: aksarane abjad ABC, (dudu hanacaraka),

gancaran (ora nganggo guru lagu, guru gatra lan guru wilangan), lan NARASINE BASA NGOKO.

Sastra Jawa modern (lan uga pers basa Jawa) ngleksanani konvensi iki kena diarani kawiwitan saka anyake penerbitan majalah Panjebar Semangat 1933, kang dikelola dening (antara liya) Dr. Sutomo. Dr. Sutomo kadidene pemimpin bangsa kala samana wis milih nerbitake majalah Panjebar Semangat kanthi kriteria kang kaya mengkono, marga migunakake aksara Hanacaraka karepotan, nganggo aksara ABC rata-rata wong melek sastra padha bisa maca, nganggo basa gancaran luwih dening gampang digunakake kanggo ngungkapake crita, lan migunakake basa ngoko luwih demokratis, lan diajab demokratis mengkono kuwi mbesuke wong Jawa ngrembakane gagasan tembe mburine.

(3)

Aku nglakoni dadi pengarang sastra Jawa modern uga mecaki ing kriteria rintisane Dr. Sutomo iki. Mula bareng saiki dadi kondhang kadidene pengarang sastra Jawa, narasi ngoko iki sing dakgegem. Narasi ngoko sing wis dakkulinani mau dakrasa luwih demokratis, lan bisa kapatrapake kaya cita-citane pemimpin bangsa Dr. Sutomo.

Marga kulina nganggo basa ngoko, lan aku kepatuh dadi pengarang sastra Jawa modern, mula madegku dadi narasumber ing sarasehan iki uga tetep kadidene pengarang sastra Jawa. Omongku ya nganggo basa ngoko, kaya tulisanku ing sastra Jawa modern.

Dene saiki saancas karo grengsenge bangsa Jawa arep “nglestarekake budaya adiluhung bangsa” sarana ngulinakake basa Jawa kanggo komunikasi lan interaksi, terus kanthi adreng mulihake maneh basa krama, tulisan Hanacaraka, mekar ngambarake wacan macapatan (dudu sastra gancaran), mangga wae. Jaman tansah gumanti, budaya tansah geser. Yen dirancang kanthi cita-cita kang becik, disengkuyung dening masyarakate, owah gingsire budaya mesthi klakon kanthi rancag kaya kang digantha. Kosokbaline yen diumbar tanpa rancangan, budayane uga bakal ngatut kepriye nuting jaman. Dene yen jamane karoban budaya global, ekonomi global, teknologi global, bangsa dhewek ora duwe cita-cita nanggulangi utawa nglestarekake budayane dhewek, tembe mburine bangsa ya dijajah kang sarwa global mau. Wasanane bangsa iki tanpa ciri, lan tanpa daya.

Nanging arep nglestarekake basa Jawa, apa maneh basa krama, tulisan Hanacaraka, macapatan, rekasa banget, lo, Pak. Utamane akeh pengajar (guru) kang ora mumpuni.

Tumrapku, kuwi alasan klasik. Alasane wong (bangsa) sing kesed. Kesed kuwi bribik-bribike wong dadi bodho. Bangsa sing kesed ya dadi bangsa kang bodho longa-longo kaya kebo.

Wong urip ing donya iki, supaya nguwasani panguripan, mesthi mbutuhake perjuwangan. Perjuwangan apa? Perjuwangan semangat anggone arep nguwasani barang/ilmu/kawruh anyar, kaprigelan anyar kanggo ningkatake drajat panguripane. Yen wis nguwasani dadi kenikmatan, kasengseman, kebanggaan, kapiandelan. Yen bisa nguwasani utawa prigel migunakake barang/ilmu/kawruh/abrag mau uripe dadi nikmat/sengsem/jumawa/sugih/kepenak.

Wong kepengin numpak sepedhah, kudu berjuwang ajar numpak sepedhah. Yen durung-durung wedi yen tiba, babak bundhas, banjur ora nyoba numpak sepedhah, ya ora bakal bisa ngrasakake nglenyer numpak sepedhah. Wong kepengin bisa prigel nyopir mobil, nanging tansah wedi mengko gek dheweke nabrak wong liya, nalika nyopir atine tansah was-was mengkono, ya ora bakal bisa nikmati nyopir mobil. Mengkono uga bangsa kepengin ngomong basa Jawa, nanging durung-durung nyacat basa Jawa kuwi angel, basa Jawa kuwi kuna, basa perasaan dudu basa ngelmu, dudu basa teknologi, ya ora bakal bangsa bisa migunakake basa Jawa. Ora ana kenikmatan, utawa kasengseman. Ora yakin, kanthi ngomong basa Jawa ngrasa optimis kena kanggo cagak kepenake ngaurip. Ya males, kesed berjuwang nguwasani basa Jawa.

Mengkono uga wong Surabaya sing wis kepenak ngomong nganggo basa sing saiki (basa Indonesia lisan), diajari/dipeksa ngulinakake ngomong basa Jawa sing ora dianggo ing saben dinane, ya wegah sinau, wegah berjuwang, sidane ya ora nguwasani basa sing dicita-citakake “Dinas Pendidikan”.

(4)

Jare sapa? Kuna lan ora kuna kuwi gumantung digunakake ing saben dinane apa diklemprakake. Sing dibutuhake dening wong urip yakuwi sing aktual digunakake. Sanajan wis duwe komputer nanging sing dienggo ya mesin ketik, sing migunani ya tetep mesin ketik, komputer kuwi “kuna”. Kena apa kudu blajar komputer, wong nganggo mesin ketik wae wis bisa dienggo ngarang pawarta nglabuhi profesine wartawan? Sidane wartawan mau keponthal, marga jaman tutuge ngirim pawarta ya kudu liwat email, nganggo komputer. Lan wartawan sing kesed ora gelem sinau (berjuwang) migunakake komputer mau, ora keconggah ngirim pawarta maneh. Cotho.

Mengkono uga basa Jawa, rasane ora kena minangka napaki basa ilmu, marga ora aktual dikulinakake nganggone, ora dikuwasani carane migunakake. Yen wis dadi pakulinan saben dina, nganggo basa Jawa kuwi ya bisa kanggo sarana komunikasi lan interaksi minangka nggayuh ilmu rupa-rupa, kok. Dr. Sutomo (pendhidhikane kawruh dhokter nganggo basa Walanda) tetep nuhoni basa Jawane ya bisa srawung karo para dhokter, ora kidhung rembugan karo para dhokter migunakake basa Jawa, nambani pasiene sing mung bisa basa Jawa ya bisa mari. Malah nambani pasien wong Jawa sing ora bisa basa Walanda nganggo basa Jawa bisa luwih ampuh enggal mari, tinimbang ngucap basa Walanda.

Basa Jawa kuwi sakjane pepak temenan. Dipigunakake ngumbar rasa-pangrasa batin iya kena, minangka basa ilmu teknologi apa kawruh modern ya bisa. Yakuwi anggere dipigunakake ing saben dinane, diaktualake kanggo komunikasi lan interaksi. Lan yen kanggo niteni watege utawa perilakune sing ngomong, sing migunakake, basa Jawa luwih dening pepak. Yakuwi marga anane basa ngoko lan basa krama kuwi. Yen wong alus budine, utawa prilakune ngurmati sing diajak ngomong, ing basa liya tembung-tembunge padha, racak-racake mung ditambahi sak tembung pangurmat ngono wae. Ing basa Indonesia, cara biyasa “duduklah”, yen ngurmat “silakan duduk”. Basa Landa, “ga maar zitten”, yen ngurmat ditambahi “als ‘t u belieft (alstublieft)”. Basa Inggris “sit down” ya ditambahi “would you”. Malah sak ukara ditambah tembung Sir, ing pungkasane ukara wis cukup ngurmat, “I know what you mean, Sir”. Basa Jepang “kake-nasai” ya diowahi “(dõzo) o-kake-kudasai”. Tembung dhasare isih cetha dienggo. Lha bareng basa Jawa ora, é. Kabeh tembunge diowahi. “Lungguha!” dadi “mangga, pinarak”, “mangga, lenggah”. Saukara kabeh yen kudu basa krama (ngurmat) ya kudu owah kabeh. “Aku ngreti kekarepanmu, Pak”. Dadi “Kula ngretos kekajengan panjenengan, Rama”. Dadi yen basa liya ngapalake basa dhasar siji wis kena dienggo ngomong biyasa utawa kurmat, ing basa Jawa tembung dhasar siji basa kramane lan ngokone beda, yen arep basa kurmat ya kudu ngapalake tembung kang beda ing basa ngokone. Saben tembung basa Jawa, meh kabeh beda basa ngokone karo basa kramane, dadi cacahe tembung Jawa sing kudu diapali yen arep nguwasani basa ngoko lan krama kepeksa luwih akeh. Kuwi durung maneh yen diprinci basa krama madya, ngoko andhap lan sing liya maneh. Meh saben tembung Jawa nduweni dasa nama, basa kembarane. La kuwi mbokmenawa sing marahi wong nyinau lan nguwasani basa Jawa kanthi sempurna, rumangsa kangelan. Megah-megahake.

Nanging rata-rata wong Jawa mbiyen, gampang banget ngapalake lan ngaktualake tembung-tembung kuwi mau kabeh. (Marga wis ngreti/ngrasa banget sistem carane ngomong basa Jawa). Malah yen ngrakit tembang kudu ngripta guru lagu, guru gatra lan guru wilangane, sidane akeh para pengarang sastra Jawa sing kudu ngripta basa anyar. Sangsaya pepak, sangsaya akeh tembung-tembung basa Jawa cacahe marga pokale para

(5)

sarjana sastra kuwi. Ngarang tembang nganggo tembung Tambaksari, nanging marga manut guru lagune padane kudu tiba wanda suku, si pengarang kepeksa ngarang tembung anyar Tambaksantun. (Kuwi wong Jawa jaman biyen, sing wis kulina banget lan sengsem banget ngomong basa Jawa. Lan kanthi tembung anyar Tambaksantun kuwi sing ngrungokake tembang kuwi ya terus wae ngreti, tanpa kudu diterangake maknane tembung anyar kuwi).

Ya kuwi mau, marga nguwasani tenan basa Jawa sing samono rena-renane, basa Jawa dadi edipeni lan adiluhung. Dirasakake nyamleng, dirungokake kepenak, krasa tenan pangulir budine, lan “etika ke-jawa-an”-ne para sing ngendikan. Lan optimis uripe marga bisa nguwasani basa Jawa.

Aku duwe resep kang mujarab kanggo nguwasani ketrampilan urip apa wae, klebu nguwasani basa Jawa.

Wong urip kuwi kajaba nglakoni urip sarana kodrate, supaya bisa urip mapan kepenak, kudu disaranani kawruh (ilmu pengetahuan). Kawruh kuwi ing saben dina tansah mundhak-mundhak rupa renane. Yen wong kepengin urip mapan, ya kudu nglakoni uripe sarana disanggari kawruh mau. Kawruh kuwi, kang tatarane tansah mundhak terus rupa renane, kabeh wis ditulis ana ing buku. Buku rupa-rupa. Dadi, yen (bangsa) kepengin golek kawruh, dalane ora sah neka-neka. Maca buku lan nulis buku. Arep dadi dhokter, maca buku lan nulis buku. Arep nguwasani lan nglestarekake basa Jawa, maca buku lan nulis buku. Sarana maca (lan nulis) buku, wong (bangsa) bakal nguwasani kawruh, ngecakake kawruhe, lan banjur urip sengsem kepenak. Mengkono uga yen arep nguwasani ekonomi, teknologi, budaya, agama, kawruhe sarana maca buku lan nulis buku.

Dadi yen bangsa Jawa pancen nggrengseng arep nglestarekake (malah ngrembakake) basa Jawa, aja mung dilantari basa lisan thok, nanging kudu dilambari maca buku lan nulis buku basa Jawa. Mula sumbang saranku, grengseng cita-cita ngrembakake basa Jawa kuwi aja mung dikulinakake lisan, nanging uga disanggari maca buku lan nulis buku basa Jawa. Maca buku lan nulis buku anggone ngulinakake (mbudayakake) ana ngendi? Ya ana ing sekolahan. Sekolah wiwit SD nganti SMA diwulang nganti dadi budayane utawa malah watege bocah maca buku lan nulis buku. Bocah (putra bangsa) lulus SMA wis duwe wewategan maca buku lan nulis buku, kena dijibake dheweke bakal urip kepenak, bisa dadi dhokter, insinyir, pengacara, politikus. Nanging lulus SMA ora duwe pakulinan maca buku lan nulis buku, lan sabanjure uripe tanpa pakulinan maca buku lan nulis buku, ora bakal dheweke kengguh ngrayuk kawruh kedhokteran utawa profesi adiluhung liyane.

Kena apa mulang muruk maca buku lan nulis buku kudu ana ing sekolahan? Marga siswa (putra bangsa) saiki ya mung ana ing sekolahan kuwi bisa pisah karo nonton televisi lan main play-station. Umure entek kanggo nonton TV. Lan ing sekolahan ana guru. Ana sliramu kabeh. Dadi kuwajibanmu kabeh mulang muruk putra bangsa ngulinakake maca buku lan nulis buku, aweh sangu putra bangsa supaya bisa urip mapan kepenak. Mula kuwi, kajaba anane guru ing sekolahan, uga kurikulum sekolah kudu ditatari bawera saamba-ambane minangka pembelajaran MACA BUKU LAN NULIS BUKU. Dene sing gegayutan karo basa Jawa, sokur piwulang maca buku lan nulis buku basa Jawa uga didadekake kurikulum, nanging saora-orane perpustakaan sekolah buku wacan basa Jawa ya kudu dipepaki. Sarana pepake buku wacan basa Jawa (lan buku wacan liyane) ing sekolahan, kawruh basa Jawa bisa dikuwasani siswa sing wis kulina

(6)

maca buku, lan mesthi wae para siswa uga ngresepi tingkah laku cara Jawa sing kababar ing buku sing diwaca.

Kepriye kuncine supaya murid (putra bangsa) sengsem ngomong, maca buku lan nulis buku basa Jawa? Kudu yakin yen sarana ngomong basa Jawa, nguwasani basa Jawa kuwi, kena dienggo cagak urip, kena dienggo nggayuh kawruh apa wae sing kena dienggo cagak panguripan. Nganti saprene, nganti Dinas Pendidikan Kota Surabaya ngejibake ing latar sekolah saben dina Senen kudu ngomong basa Jawa, wong (bangsa) Jawa durung yakin menawa sarana ngomong basa Jawa kuwi bisa ngepenakake uripe. Isih akeh sing takon, kenapa kudu ngomong basa Jawa, wong tanpa ngomong basa Jawa wae ya bisa dadi dhokter, bisa manggon ing Ciputraland, bisa populer?

Jalarane antara liya mengkene:

Wiwit kurikulum 1975, saka TK nganti PT, basa sing dienggo (diwulangake) mung basa Indonesia. Basa Cina, Sundha, Madura, Batak lan basa etnis liyane ya ora oleh (diwulangake) ing sekolahan. Marga dipenggak ing pamulangan, uga ing masyarakat sing dienggo ya mung basa Indonesia. Bareng Gus Dur dadi presiden, bebas, basa-basa etnis bangsa Indonesia oleh mbiwarakake basane dhewe-dhewe. Ing kono, etnis Cina yakin sarana ngomong nganggo basa Cina, uripe bisa kepenak. Tanpa diadani kongres-kongres, tanpa disanggari undang-undang apa Peraturan Pemerintah, etnis Cina yakin basa Cina kena dienggo cagak urip mubra-mubru, bisa dienggo nggayuh kawruh modern, disiyarake ing TV minangka basa warta berita (ora basa banyolan ngenyek-enyekan kaya basa Jawa sing disiyarake ing TV), tulisan basa Cina bisa dipacak ing koran, bisa dienggo ing HP (teknologi modern), bisa dienggo dedagangan internasional. Urip sarana fasih basa Cina kena dienggo urip kepenak ing Indonesia. Yakin!

Wong Jawa kepriye?

Wis nganggo kongres-kongres, wis dilambari UUD 1945, lan Peraturan Pemerintah, wong Jawane, wong Sundhane, wong Baline, isih ora yakin, yen nguwasani basa etnise (basa Ibu, sing dipengeti sadonya Internasional saben 21 Februari) kuwi bisa dienggo cagak urip, bisa dadi cirine bangsa kang adiluhung, lan liya-liyane kang sarwa optimis. Marga ora yakin, sanajan miturut Unesco penutur basa Jawa isih watara 80-90 yuta (kuwi cacah kang akeh banget yen katandhing karo bangsa Walanda, utawa etnis Cina ing Indonesia) banjur mopo, wegah ngomong basa Jawa. Mula mbokmenawa yen Jangka Jayabaya kuwi kaleksanan, “wong Jawa kari separo, Cina kari sajodho” sing urip kepenak sing sak jodho kuwi, marga yakin ngomong nganggo basa Cina kena dienggo cagak urip sembada. Aja disalahake Jangka Jayabayane, nanging salahna anggonmu ORA YAKIN yen ngomong basa Jawa kuwi bangsa Jawa bakal keponthal uripe. Ora. Wong kulina ngomong basa Jawa ya bisa kok, dadi saranane nggayuh urip modern, urip kepenak ing jaman sarwa global (ekonomi global, teknologi global).

Supaya bisa yakin kepriye? Ya kudu bali bamban, diwulangake maca buku lan nulis buku ing sekolahan, wiwit mlebu SD nganti saumur uripe. Sarana duwe kadibyan maca buku lan nulis buku, wong (bangsa) bakal duwe geganthan uripe bakal kepenak, cita-citane bakal saya ngrembaka, uripe dadi optimis, gedhe atine. Sarana kadibyan maca buku lan nulis buku, geganthan lan pengarep-arep bakal tansah kajereng ing angen-angen, ati ora mupus utawa ceklek. Sumangga maca buku lan nulis buku dicakake ing sekolahan, wiwit klas siji SD nganti salawase urip.

Dakkira cukup samene andharanku. Sarinem kebentur jendhela, namung semanten atur kawula. Nuwun. (Suparto Brata)

Referensi

Dokumen terkait

Viabilitas benih merupakan daya hidup benih yang dapat ditunjukkan dalam fenomena pertumbuhannya, gejala metabolisme, kinerja kromosom atau garis viabilitas

1. Bubur kertas Teknik coil dan cetak.. Dari tabel diatas yang bukan merupakan teknik pembuatan karya kerajinan dari bahan lunak.. adalah... Beragamnya jenis kayu yang ada di

Used in main input files to force generation of full output from header-file (or, if it is not specified, from the header file with the same base name as the file containing

Dalam bab ini terdiri 4 bagian tentang hasil penelitian yaitu : Gambaran umum lokasi penelitian, Faktor Yang Menyebabkan Ibu-Ibu Majelis Ta’lim Gampong Suak Perbong

Respon positif (kooperatif) diberikan oleh caleg baru karena beberapa sebab, pertama caleg yang bersangkutan mendapat jaminan dukungan dari komunitasnya; ke dua

Demikian Pengumuman Penyedia ini dibuat dengan sebenarnya, ditandatangani oleh Pejabat Pengadaan RSUD Natuna, untuk dipergunakan sebagaimana mestinya. FAZRI

Setelah PENYEDIA JASA menandatangani kontrak tersebut di atas dengan PENGGUNA JASA , maka BANK wajib membayar sejumlah uang kepada PENGGUNA JASA sampai dengan sebesar

Biaya produk yang dihitung dengan pendekatan full costing terdiri dari unsur biaya produksi (biaya bahan baku, biaya tenaga kerja langsung, biaya overhead pabrik