• Tidak ada hasil yang ditemukan

UPACARA TUMPENG SANGA SALEBETING TRADHISI GREBEG BESAR TLATAH BINTORO DEMAK Satunggaling Pangrembag Semiotika

N/A
N/A
Protected

Academic year: 2021

Membagikan "UPACARA TUMPENG SANGA SALEBETING TRADHISI GREBEG BESAR TLATAH BINTORO DEMAK Satunggaling Pangrembag Semiotika"

Copied!
96
0
0

Teks penuh

(1)

UPACARA TUMPENG SANGA SALEBETING TRADHISI

“GREBEG BESAR” TLATAH BINTORO DEMAK

Satunggaling Pangrembag Semiotika

SKRIPSI

Dening UMI KULSUM NPM 06430044

PROGRAM STUDI PENDIDIKAN BAHASA DAN SASTRA JAWA FAKULTAS PENDIDIKAN BAHASA DAN SENI

IKIP PGRI SEMARANG 2010

(2)

UPACARA TUMPENG SANGA SALEBETING TRADHISI

“GREBEG BESAR” TLATAH BINTORO DEMAK

Satunggaling Pangrembag Semiotika

SKRIPSI

Dipunajengaken Minangka Syarat Kangge Njangkepi Gelar Sarjana Pendidikan Bahasa Dan Sastra Jawa

IKIP PGRI SEMARANG

Dening UMI KULSUM NPM 06430044

PROGRAM STUDI PENDIDIKAN BAHASA DAN SASTRA JAWA FAKULTAS PENDIDIKAN BAHASA DAN SENI

IKIP PGRI SEMARANG 2010

(3)

KACA PASARUJUKAN

SKRIPSI

UPACARA TUMPENG SANGA SALEBETING TRADHISI

“GREBEG BESAR” TLATAH BINTORO DEMAK

Satunggaling Pangrembag Semiotika

Ingkang kasusun dipunajengaken dening

UMI KULSUM NPM 0630044

Sampun dipunsarujuki dening Pambimbing lan saged kawontenaken pandadaran skripsi surya kaping 10 Agustus 2010

Pambimbing I, Pambimbing II,

Dr. Bengat, M.Pd. Sunarya, S.S.

NPP 084301217 NPP 096801243

FAKULTAS PENDIDIKAN BAHASA DAN SENI

IKIP PGRI SEMARANG

(4)

KACA PANGESAHAN

SKRIPSI

UPACARA TUMPENG SANGA SALEBETING TRADHISI

“GREBEG BESAR” TLATAH BINTORO DEMAK

Satunggaling Pangrembag Semiotika

Ingkang kasusun dipunajengaken dening

UMI KULSUM NPM 06430044

Sampun dipundadar ing sangajengipun Dewan Penguji Surya kaping 10 Agustus 2010

Dewan Penguji

Pangarsa, Panyitra,

Dra. Sri Suciati, M. Hum. Dra. HR. Utami, M. Hum NIP 196503161990032002 NPP 906301071 Anggota Penguji: 1. Dr. Bengat, M.Pd. ( ) NPP 084301217 2. Sunarya, S. S. ( ) NPP 096801243 3. Sutadi, S. Pd, M. Pd. ( ) NIP 196705041990031012

FAKULTAS PENDIDIKAN BAHASA DAN SENI

IKIP PGRI SEMARANG

(5)

SESANTI LAN PISUNGSUNG Sesanti:

~ Aja sira nacad piyandeling liyan, jalaran durung mesthi piyandel ira iku sing bener dhewe.

~ Janganlah kamu agungkan kekayaan dan kecantikan serta ketampanan semata karena semua itu tidak akan kekal dan abadi kecuali ilmu

yang telah kamu amalkan dan kamu dapatkan.

Pisungsung:

Skripsi punika katujukaken dhumateng: - Bapa lan Ibu ingkang sampun saha donga.

- Kaluwarga Besar Hj. Semi Mawarti lan H. Masykuri ugi Aby manfaat alwany ingkang tansah nyemangati.

- Kanca-kanca angkatan 2006 mliginipun kelas A ingkang sampun biyantu lan sesarengan sinau ing IKIP PGRI Semarang.

- Kanca-kanca kos Rejosari Gang 08 Semarang mliginipun kanca-kanca TIM Es Lidah Kacau PIMNAS XXIII Taun 2010 ingkang sampun paring motivasi.

(6)

SARI PATHI

Umi Kulsum. NPM 06430044. “Upacara Tumpeng Sanga Salebeting Tradhisi “Grebeg Besar” Tlatah Bintoro Demak: Satunggaling Pangrembag Semiotika ”. Program Studi Pendidikan Bahasa dan Sastra Jawa. Fakultas Pendidikan Bahasa dan Seni. IKIP PGRI Semarang. 2010. Pembimbing I Dr. Bengat, M.Pd. Pembimbing II Sunarya, S.S. Tembung wos : Satunggaling pangrembag semiotika: wujud, tandha lan makna

lambang Tumpeng Sanga.

Rancangan momotan wonten ing panaliten inggih punika kados pundi wujud, tandha, makna lambang utawi simbol tumpeng sanga lan prosesi upacara tumpeng sanga salebeting tradhisi Grebeg Besar Demak. Ancasing saking panaliten punika kangge mangertosi wujud, tandha lan lambang utawi simbol tumpeng sanga lan prosesi upacara tumpeng sanga salebeting tradhisi Grebeg Besar Demak. Ing panaliten punika mirungganipun tetingalan bilih tumpeng sanga punika ngandut makna lambang lan wujud tandhanipun ingkang boten sami kaliyan tumpeng sanesipun. Wonten mriku bebrayan kathah ingkang boten mangertosi. Bebrayan anamung mupangataken tumpeng kasebat miturut kapitadosan piyambak.

Teori ingkang wonten gegayutanipun kaliyan panaliten punika antawisipun semiotika ingkang ngrembag ngilmu tandha lan makna lambang utawi simbol. Dene teori folklore ingkang dipunserat dening James Danandjaja ingkang nggambaraken bilih upacara tumpeng sanga minangka wujud tradhisi budaya ingkang kawaris kanthi turun-tumurun. Tumpeng sanga punika piyambak kalebet folklor boten lisan ing jinising material arupi panganan ingkang nggadhahi makna simbol. Wondene saking punika wonten teori sanesipun kadosta pangertosan upacara slametan tumpeng lan pangertosan tradhisi kabudayaan.

Metodhe sasaran panaliten ingkang dipunkaji inggih punika ngengingi wujud, tandha, makna lambang utawi simbol lan prosesi upacara tumpeng sanga salebeting tradhisi Grebeg Besar Demak. Panaliten punika kalebet panaliten kualitatif jinis folklore. Saking punika kangge nganalisis ugi migunakaken jinis Stukturalisme Levi-Strauss inggih punika ngengingi makna simbolik lan semiotika ingkang wonten gandeng cenengipun kaliyan teori ingkang dipunginakaken. Wekdal lan papan panaliten punika wonten ing tlatah Bintoro Demak, surya 10 Dzulhijjah tabuh 19.30 dalu. Sumber dhata ing panaliten punika migunakaken dhata primer lan dhata sekunder. Dhata primer arupi wawanrembag kaliyan informan ingkang mangertosi upacara tumpeng sanga salebeting tradhisi Grebeg Besar Demak. Panaliti ugi ngawontenaken wawanrembag kaliyan bebrayan ingkang nate ningali tradhisi kasebat. Dene dhata sekunder arupi sumber-sumber saking mediya utawi buku-buku sanesipun. Teknik pangumpulan dhata ing panaliten punika inggih punika observasi kanthi cara ngamati objekipun ing lapangan lan supados langkung gamblang panaliti ugi njingglengi kahanan wonten rekaman video upacara tumpeng sanga kasebat. Wawanrembag kaliyan informan salah satunggalipun inggih punika Bapak Rohmat minangka tiyang ingkang damel tumpeng sanga lan saking pihak-pihak sanesipun ingkang

(7)

langkung mangertosi ngengingi upacara tumpeng sanga kasebat. Wondene teknik pangumpulan dhata arupi kapustakan ingkang gegayutan mawi kajian teori lan

referensi sanesipun ugi dokumentasi ingkang arupi gambar (foto). Piranti ingkang

dipunginakaken ing pangumpulan dhata inggih punika perekam (tape recorder), kamera lan catatan lapangan. Teknik analisis dhata ing panaliten punika kaperang dados tigang tahapan inggih punika reduksi dhata, sajian dhata, lan dudutan utawi

verifikasi. Saking tahapan analisis punika wonten tahapan pangumpulan dhata

kanthi cara migunakaken wawanrembag kaliyan informan. Dhata saking informan setunggal dipunbandhingaken kaliyan dhata saking informan sanesipun. Pramila saged ngasilaken dhata ingkang dipunpikajengaken ing momotan panaliten punika.

Asiling panaliten nedahaken bilih tumpeng sanga minangka jinising panganan ingkang nggadhahi wujud, tandha lan makna lambang. Wujudipun tumpeng setunggal ingkang ageng arupi maket Masjid Agung Demak lan tumpeng cacahipun wolu wujuding kerucut. Dene tandha lan makna lambangipun inggih punika cendhela maket Masjid cacah enem minangka lambang rukun iman. Kori maket Masjid cacah gangsal nglambangaken rukun Islam. Atap maket Masjid kanthi susun tiga nglambangaken bilih pemeluk agama islam kedah nggadhahi iman, islam, lan ikhsan. Mustaka maket Masjid mawi lafad Allah makna lambangipun manungsa kedah sujud, taat lan istiqomah ing ngarsaning Gusti Allah. Tumpeng werni pethak kanthi ulam, pithek, sambel goreng, gereh pethek, bergedel, tempe tahu makna lambangipun pangarep-arep sadaya cita-cita ingkang inggil supados saged kalaksanan kanthi sae. Tumpeng kanthi Jangan urap arupi pitung werni godhong tela, kacang panjang, kecambah, keciper, kol, lembayung, petet (mlanding) dipunurap dodos setunggal kaliyan bumbunipun makna lambangipun pitulung, panyuwun guyub rukun. Gedhang raja saklirang minangka lambang sipatipun raja. Sega golong minangka lambang panuwun kumpuling kawula Gusti. Tumpeng sanga nglambangaken wali sanga.

(8)

ABSTRAK

Umi Kulsum. NPM 06430044. “Upacara Tumpeng Sanga Salebeting Tradhisi Grebeg Besar Tlatah Bintoro Demak: Satunggaling Pangrembag Semiotika”. Program Studi Pendidikan Bahasa dan Sastra Jawa. Fakultas Pendidikan Bahasa dan Seni. IKIP PGRI Semarang. 2010. Pembimbing I Pembimbing I Dr. Bengat, M.Pd. Pembimbing II Sunarya, S.S.

Kata kunci : Membahas tentang Semiotika: bentuk, tanda dan makna lambang atau simbol tumpeng sanga.

Rumusan masalah dalam penelitian ini adalah bagaimana wujud, tanda, makna lambang atau simbol tumpeng sanga lan prosesi upacara tumpeng sanga didalam tradisi Grebeg Besar Demak. Tujuan dari penelitian ini adalah untuk mengetahui wujud, tanda, lambang atau symbol dari tumpeng sanga dan prosesi upacara tumpeng sanga didalam tradhisi Grebeg Besar Demak. Didalam penelitian itu keunikan dari tumpeng sanga dapat dilihat bahwa tumpeng sanga mempunyai makna lambang dan tanda bentuknya yang berbeda dengan tumpeng lainnya. Disitu banyak masyarakat yang tidak mengetahuinya. Masyarakat hanya memanfaatkan tumpeng tersebut menurut kepercayaan sendiri.

Teori yang berhubungan dengan penelitian ini diantaranya semiotika yang membahas ilmu tanda-tanda dan lambang. Ada juga teori folklor yang ditulis oleh James Danandjaja yang memberi gambaran bahwa upacara tumpeng sanga merupakan bentuk tradisi budaya yang sudah turun tumurun dari dulu sampai sekarang. Tumpeng itu sendiri termasuk dalam folklore tidak lisan jinis material berupa makanan yang mempunyai makna simbol. Selain itu ada teori lainnya seperti pengertian upacara slametan tumpeng dan pengertian adat tradisi kebudayaan yang sangat mendukung didalam penelitian ini.

Metode sasaran penelitian yang dikaji mengenai bentuk, tanda, lambang atau simbol dan prosesi upacara tumpeng sanga didalam tradisi Grebeg Besar Demak. Penelitian ini termasuk penelitian kualitatif dengan pendekatan folklore. Untuk menganalisis menggunakan jinis Stukturalisme Levi-Strauss yaitu mengenai makna simbolik dan semiotikayang berkaitan dengan teori yang digunakan. Waktu dan tempat penelitian ini ada di kota Bintoro Demak, tanggal 10 Dzulhijjah jam 19.30 malam. Sumber data dalam penelitian ini menggunakan data primer dan data sekunder. Data primer berupa wawancara dengan informan yang mengetahui tentang upacara tumpeng sanga didalam tradisi Grebeg Besar Demak. Peneliti juga mewawancarai masarakat yang pernah melihat upacara tersebut. Sedangkan data sekunder berupa sumber-sumber dari mediya atau beberapa buku lainnya. Teknik pengumpulan data dalam penelitian ini melalui observasi dengan cara terjun ke lapangan dan supaya lebih jelasnya peneliti mengamati dari rekaman video upacara tumpeng sanga tersebut. Wawancara dengan informan salah satunya Bapak Rohmat selaku orang yang membuat tumpeng sanga dan dari pihak-pihak lainya yang lebih mengetahui tentang upacara tersebut. Adapun teknik pengumpulan data berupa kapustakan yang

(9)

berhubungan dengan kajian teoritis dan referensi lainya dan dokumentasi yang berupa pengambilan gambar foto yang diharapkan dalam penelitian ini. Alat yang digunakan dalam pengumpulan data adalah perekam (tape recorder), kamera dan catatan lapangan. Teknik analisis data dalam penelitian ini terbagi menjadi tiga tahapan yaitu reduksi data, sajian data dan verifikasi atau kesimpulan. Dari semua tahapan analisis itu terlebih dahulu diadakan pengumpulan data menggunakan wawancara dengan informan. Data dari informan satu dibandingkan dengan data dari infoman lainya sehingga menghasilkan data yang diharapkan sesuai dengan rumusan masalah.

Hasil penelitian ini menunjukakan bahwa tumpeng sanga merupakan jinis makanan yang mempunyai bentuk, tanda dan makna lambang. Bentuk dari tumpeng satu berupa maket Masjid Agung Demak dan untuk tumpeng jumlah delapan bentuknya kerucut. Untuk tanda dan makna lambangnya adalah jendela berupa maket Masjid jumlahnya enam merupakan lambang rukun iman. Pintu maket Masjid jumlahnya lima melambangkan rukun islam. Atap maket Masjid tersusun tiga melambangkan bahwa pemeluk agama islam harus mempunyai iman, islam, lan ikhsan. Mustaka maket Masjid dengan lafad Allah makna lambangnya manusia harus sujud, taat dan istiqomah kepada Allah. Tumpeng warna putih ada ikan, ayam, sambel goreng, gereh pethek, bergedel, tempe tahu melambangkan pengharapan semua cita-cita yang tinggi supaya terwujud. Tumpeng ada jangan urap berupa tujuh warna yaitu godhong tela, kacang panjang, kecambah, keciper, kol, lembayung, petet (mlanding) dicampur jadi satu dengan bumbunya melambangkan pitulung, panyuwun guyub rukun. Gedhang raja saklirang merupakan lambang sipatnya raja. Sega golong merupakan lambang panuwun kumpuling kawula Gusti. Tumpeng sanga melambangkan wali sanga.

(10)

ATUR CECALA

Kanthi ngaturaken puja puji syukur dhumateng Gusti akarya jagad ingkang sampun pinaringan rahmat lan hidayah saengga panyeratan skripsi kanthi sesirah “ Upacara Tumpeng Sanga Salebeting Tradhisi “Grebeg Besar” Tlatah Bintoro Demak: satunggaling pangrembag semiotika” saged purna tanpa boten wonten pambengan punapa kemawon.

Panyeratan skripsi punika awujud tugas ingkang pungkasan tumraping mahasiswa kangge njangkepi mata kuliah ing Fakultas Pendidikan Bahasa dan Seni, Program Studi Pendidikan Bahasa dan Sastra Jawa IKIP PGRI Semarang.

Saderengipun panyeratan skripsi punika, panyerat sampun kathah pambiyantu saking sadaya pihak. Pramila kanthi andhap asoring manah, panyerat ngaturaken matur nuwun kangge:

1. Muhdi, S. H., M. Hum., minangka Rektor IKIP PGRI Semarang.

2. Dra. Sri Suciati, M.Hum. minangka Dekan Fakultas Pendidikan Bahasa dan Seni ingkang sampun paring palilah kangge ndamel skripsi. 3. Dra. HR. Utami, M. Hum., minangka pangarsaning Program Studi

Pendidikan bahasa lan sastra Jawa.

4. Dr. Bengat, M.Pd. minangka pambimbing I ingkang sampun paring kawruh lan bimbingan kanthi ikhlas, sabar, lan taliti salebetipun pandhapuking skripsi punika

5. Sunarya, S.S. minangka pambimbing II ingkang sampun saha bimbingan lan pamawas anggenipun nyerat skripsi

(11)

ikhlas, taliti lan sabar.

7. Bapa saha Ibu ingkang sampun suka donga restu ingkang kathah.

8. Bapa sarta Ibu dosen Pendidikan Bahasa lan Sastra Jawa ingkang sampun suka ilmu anggenipun kuliah ing IKIP PGRI Semarang.

9. Kanca- kanca Pendidikan Bahasa lan Sastra Jawa taun angkatan 2006 mliginipun kelas A ingkang sampun sesarengan sinau ing papan kuliah IKIP PGRI Semarang.

10. Sadaya pihak Dinas Pariwisata lan Kabudayaan Kabupaten Demak mliginipun bagian Budaya lan Seni ingkang sampun maringi idin ing papan panaliten punika.

11. Sadaya pihak ingkang boten saged dipunsebataken kanthi mligi.

Panyerat nyuwun agunging sih samudra pangaksami bilih anggenipun skripsi punika tasih kathah kekiranganipun. Mugi-mugi skripsi punika saged suka kawruh tumraping pamaos sadaya.

Amin.

Semarang, Panyerat

(12)

DAFTAR ISI

Kaca

IRAH-IRAHAN ... i

PASARUJUKAN ... iii

PENGESAHAN ... iv

SESANTI LAN PISUNGSUNG ... v

SARIPATHI ... vi

ABSTRAK ... viii

ATUR CECELA ... x

DAFTAR ISI ... xii

DAFTAR LAMPIRAN ... xv

DAFTAR GAMBAR ... xvi

BAB I. PURWAKA... 1

A. Pawadaning Prakawis ... 1

B. Rancangan Momotan Panaliten ... 5

C. Ancasing Panaliten ... 6 D. Mupangating Panaliten ... 6 1. ... Mup angat Teoritis………... 6 2. ... Mup angat Praktis……….. ... 6 E. Panegesing Tembung ... 7

(13)

Tumpeng Sanga………... 7

Tradhisi Grebeg Besar………. 8

Bintoro Demak……….. ... 8

Semiotika ……… 9

Makna Simbolik……….. 9

F. Tatarakiting Panyeratan Skripsi ... 9

BAB II. LANDHESAN TEORI……….. 11

A. Pangertosan Semiotika ... 11

B. Pangertosan Folklore ... 14

1. Titikanipun Folklor ……….. 15

2. Mupangatipun Folklor ……… 16

3. Wujuding Folklor ……… 17

C. Upacara Slametan lan Tumpeng ... 22

D. Adat Tradhisi lan Kabudayaan……….... 27

BAB III. METODE PANALITEN... 32

A. Sasaran Panaliten ... 32

B. Jinising Panaliten ... 32

C. Wekdal lan Papan Panaliten... 33

D. Sumber Dhata ... 33

E. Teknik Pangumpulan Dhata... 35

Observasi………. 35

Studi Pustaka……….. 35

(14)

Dokumentasi……… 36

F. Piranti Pangumpulan Dhata………... 36

G. Teknik Analisis Dhata………. 37

BAB IV. PANGREMBAG ASILING PANALITEN... 39

Deskripsi Dhata... 39

Asiling Panaliten ... 48

Pangrembag Asiling Panaliten (Intepretasi Panaliten)... 54

BAB V. PANUTUP... 57

Dudutan ... 57

Pamrayogi ... 59

KAPUSTAKAN... 60

(15)

DAFTAR LAMPIRAN

1. Daftar Informan... 64

2. Asil Wawancara... 65

3. Foto Tumpeng Sanga... 77

4. Surat Penelitian... 81

(16)

DAFTAR GAMBAR

Kaca

1. Pemotongan Tumpeng Dening Bupati Demak ... 77

2. Tumpeng setunggal saking lebetipun maket Masjid Agung Demak ... 77

3. Tumpeng Sanga ... 78

4. Tumpeng wujud Masjid Agung Demak ... 78

5. Upacara Tumpeng Sanga ing Pendopo Kabupaten Demak ... 79

6. Pengunjung nalika pembagian Tumpeng Sanga sami padha rebutan... 79

7. Tumpeng Sanga saderengipun dipuniring ... 80

(17)

BAB I PURWAKA

A. Pawadaning Prakawis

Demak minangka satunggalipun kitha ingkang angsal predikat kitha wali. Para wali damel Masjid naminipun Masjid Agung Demak ing taun 1477 M/ 1399 S mawi candra sengkala “Kori trus gunaning janmi”. Demak punika nggadhahi sejarah lan potensi ingkang kathah sanget, kawit wekdal Kasultanan Bintoro Demak. Wonten kalih objek wisata religius ingkang kawentar ing Indonesia lan Asia inggih punika Masjid Agung Demak lan Makam Sunan Kalijaga Kadilangu Demak.

Kabudayaan peninggalanipun Raden Pattah lan para Wali Sanga dipunjagi kalestantunipun. Kabudayaan minangka dhasar pandukung saking bebrayan, ingkang boten saged uwal saking makna simbolik. Simbol inggih punika tandha utawi titikan ingkang nyatakaken maksud tartamtu utawi mangertos objekipun. Simbol sipatipun abstrak ingkang maknanipun dipunparingaken dhumateng tiyang ingkang migunakaken simbol. Wujudipun simbol inggih punika benda-benda, warni, gerak lan suwanten. Manungsa mahluk budaya, mahluk sosial ingkang boten saged gesang piyambak. Kabudayaan punika piyambak gagasan, simbol-simbol, bobot ajining asil karya lan budipakarti manungsa. Pramila hakekatipun manungsa inggih punika animal symbolicum.

(18)

Miturut panaliti para sarjana (Koentjaningrat, 1954: Herusatoto, 1985) tindakan simbolis wonten tigang pepanthan inggih punika tindakan simbolis salebeting religi, tindakan simbolis salebeting seni lan tindakan simbolis salebeting tradhisi (Suhartati, dkk 2007: 125). Simbolis tradhisi warisan budaya ing kitha Demak, karumat kanthi sae. Warisanipun inggih punika Ringgit Purwa, Pusaka Sunan Kalijaga (Kotang Ontokusumo lan Keris Kyai Crubuk), Grebeg Besar lan sanes-sanesipun.

Salah satunggalipun warisan budaya ingkang saben setunggal warsa sapisan kaadani surya 10 Dzulhijjah utawi Idul Adha (kurban) inggih punika Grebeg Besar. Makna Grebeg Besar inggih punika kempalanipun bebrayan Islam saben wulan Besar setunggal warsa sapisan, kangge jejibahan dhakwah Islamiyah ing Masjid Agung Demak. Kabudayaan bebrayan Jawi wonten upacara adat naminipun Upacara

Wilujengan. Kawiwitan saking wilujengan gesangipun manungsa, wilujengan resik Dhusun ngantos wilujengan ing wulan Besar.

Cariyos ing jaman kalarumiyin, para raja Jawa asring ngadani Wilujengan Nagari (selametan Kerajaan) kangge Pesta Kurban saben warsa enggal. Ancasipun Wilujengan Nagari punika supados raja lan rakyat dipunsukani kaslametan. Rajanipun inggih punika Raja Weda utawi

Raja Meda, tegesipun Kitab Suci Raja utawi Kebajikan Raja utawi kewan Kurban Raja (A. Kasah, 2006: 6).

(19)

Wekdal kerajaan Raden Pattah upacara kurban dipungantos jejibahan dhakwah Islamiyah, sarta dados sarana syiar Islam ingkang dipunlampahi dening para wali. Para wali sarujuk, Sunan Kalijaga ngawontenaken acara. Amargi Sunan Kalijaga mangertos bilih rakyatipun remen pahargyan ingkang wonten gandeng-cenengipun kaliyan upacara kaagamaan. Ing pahargyan punika dipunsukani kanthi ngungelaken gangsa. Wiramanipun gangsa Nang Neng, Ning Nung Gung. Ungel nang tegesipun “menenga saka hawa napsumu, isa ngendalekake hawa

napsumu”. Ungel neng tegesipun “meneng”, supados tiyang punika boten

nggadhahi sipat srei kaliyan tiyang sanes. Ungel ning nglambangaken

“wening”, saengga manungsa punika saged gayutaken ing alam sarta

caket dhumateng Allah SWT. Dumugi kanthi tataran kasebat, saged kagayuh tahapanipun dumunung (nung) Gung (agung). Tegesipun saged mersani mangsa saderengipun winarah. Pramila saking ungelipun gangsa kasebat, saged narik kawigatenipun bebrayan Demak. Kawit punika

Upacara Kurban langkung prayogi katepang dados Upacara Tradhisi Grebeg Besar.

Salah satungglipun prosesi tradhisi Grebeg Besar wonten upacara naminipun “Selametan Tumpeng Sanga” utawi Wilujengan Tumpeng

Sanga. Wilujengan minangka ajaran Jawi kangge kaslametaning manungsa. Ajaran punika sampun wonten saderengipun agami Hindu lan Budha mlebet nusantara mliginipun Jawi (Chodjim, 2006: 277). Bebrayan Demak piyambak ngawontenaken wilujengan punika, supados sadaya

(20)

ingkang dipunpikajengaken saged kalampahan, usaha dagang dipunridhoi gusti Allah SWT lan slamet boten wonten musibah.

Wilujengan inggih punika ngawontenaken upacara sedhekah ingkang wigati supados dipunsukani kaslametan (Atmodjo, 1990: 365). Slametan minangka upacara kaagamaan ingkang nglambangaken kasatuan mistis lan sosial. Salah satunggalipun upacara sedhekah ing kitha Demak inggih punika tumpeng sanga. Tumpeng sanga punika wonten wujud lan makna isinipun ingkang dipunpitadosi dening bebrayan Demak.

Miturut bapak Rohmat ingkang damel tumpeng, bilih tumpeng wonten sanga. Wujudipun tumpeng inggih punika tumpeng ageng setunggal arupi maket Masjid Agung Demak lan tumpeng alit cacahipun wolu arupi wujud kerucut. Isinipun saking tumpeng inggih punika tumpeng ageng isinipun pitik, sambel goreng, ikan asin, tahu tempe, ijo-ijo jejanganan lan sanes-sanesipun. Wondene tumpeng alit punika isinipun sekul golong. Sekul golong dipundamel ngantos ewunan. Ancasipun supados boten sami rayakan.

Wilujengan kasebat nggadhahi makna simbol. Lambang utawi simbol inggih punika hal utawi kahanan mangertosi ing objekipun. Simbol punika peranan ingkang wigati ing pagesangan lan solah bawanipun manungsa (Suhartati, dkk, 2007: 125). Makna simbol saking sedaya tumpeng sanga punika, nglambangaken wali ingkang sampun dhirikaken Masjid Agung Demak inggih punika wali sanga.

(21)

Bebrayan mliginipun Demak, kathah ingkang boten mangertos makna lambang saking tumpeng sanga. Umumipun bebrayan Demak, anamung mupangataken kahanan tradhisi kasebat. Kahanan tradhisi punika anamung kangge nindakaken pagawean dol tinuku ing pahargyan naminipun pasar rakyat. Pahargyan punika ngasilaken sumber penghasilan kanthi jejibahan dol tinuku ekonomi produktif. Antawisipun promosi asil pertanian, asil perkebunan, lan asil industri, sarta ugi karcis

mlebu acara, jasa parkir, sewa kaplingan lan sanes-sanesipun. Pramila wontenipun tradhisi punika saged ningkataken pendapatan bebrayan lan Pamerintah Kabupaten Demak.

Pramila panyerat nggadhahi panemu badhe naliti babagan Upacara tumpeng sanga salebeting tradhisi “Grebeg Besar” Tlatah Bintoro Demak: satunggaling pangrembag semiotika.

B. Rancangan Momotan Panaliten

Adhedhasar pawadaning prakawis ing nginggil, pramila ingkang ndadosaken momotan panalitenipun inggih punika:

1. Kados pundi prosesi upacara Tumpeng Sanga salebeting tradhisi “Grebeg Besar” Demak?

2. Kados pundi wujud, tandha lan makna lambang utawi simbol Tumpeng Sanga salebeting tradhisi “Grebeg Besar” Demak?

(22)

C. Ancasing Panaliten

Adhedhasar momotan panaliten punika panaliti nggadhahi ancas panaliten inggih punika:

1. Kangge mangertosi prosesi upacara Tumpeng Sanga salebeting tradhisi “Grebeg Besar” Demak.

2. Kangge mangertosi wujud, tandha lan lambang utawi simbol Tumpeng Sanga salebeting tradhisi “Grebeg Besar” Demak.

D. Mupangating Panaliten

Mupangat panaliten ingkang dipunpikajengaken wonten kalih jinis inggih punika:

1. Sacara Teoritis

a. Asil panaliten punika kaajab saged nuwuhi kawruh ngengingi makna upacara tumpeng sanga mliginipun tumrap bebrayan ing kitha Demak.

b. Kangge pamaos lan kadhang Mahasiswa, panaliten punika mujudaken seserapan ingkang migunani tumraping pasinaon basa Jawi lan kabudayaan Jawi.

2. Sacara Praktis

a. Kangge panaliti, panaliten punika migunani sanget supados angsal pangetahuan lan wawasan babagan wujud lan makna lambang tumpeng sanga ugi prosesi upacara tumpeng sanga salebeting

(23)

tradhisi Grebeg Besar Demak.

b. Kangge pihak panyangkul gati ingkang ngawontenaken upacara tumpeng sanga ing tradhisi Grebeg Besar, panaliten punika saged dipundadosaken dokumentasi lan tradhisi punika supados tambah ngrembaka ing kitha Demak.

c. Kangge masarakat luas mliginipun generasi muda. Asil panaliten punika kaajab saged maringi informasi ngengingi prosesi upacara tumpeng sanga, wujud, makna lambang tumpeng sanga lan supados saged ngrembakaaken ugi nglestantunaken tradhisi Grebeg Besar ingkang dados asset budaya bangsa.

d. Kangge pameritahan Dati II Kabupaten Demak mliginipun bidang kabudayaan asil panaliten punika saged dados panjangkep ing dokumentasi.

E. Panandhesing Tembung

Supados gampil anggenipun mangertosi punapa ingkang dipunangkah ing irah-irahan, pramila badhe dipunandharaken panandhesing tembung inggih punika:

1. Tumpeng Sanga

Miturut Atmodjo (1990: 400) tumpeng inggih punika sekul ingkang dipunwangun pasungan kangge acara wilujengan, lan sanga punika angka ingkang cacahipun wonten sanga.

Tumpeng sanga inggih punika tumpeng ingkang cacahipun wonten sanga dipundamel kangge acara wilujengan ing upacara

(24)

tradhisi Grebeg Besar Demak. 2. Tradhisi Grebeg Besar

Tradhisi inggih punika lelaku-lelaku ingkang dipunlampahi kanthi turun tumurun (Atmodjo, 1990: 469).

Miturut A. Kasah (2006: 6), Grebeg Besar punika saking tembung Gerebeg, Grebeg, Gerbeg maknanipun swanten angin ingkang wanter. Tembung basa Jawa (h) anggarebeg maknanipun iring-iringan raja agung utawi temanten lan dipunkepung. Grebeg tegesipun dipungiring, dipunkempalaken lan dipunkepung. Dados

Grebeg inggih punika salah satunggalipun kempalan kangge jejibahan

ing papan panggenan ingkang mligi. Tembung Besar punika mundhut saking nami wulan inggih punika wulan Besar (Dzulhijjah).

Pramila Tradhisi Grebeg Besar inggih punika lelaku-lelaku ingkang dipunlampahi turun tumurun saben wulan Besar (Dzulhijjah) setunggal warsa sapisan, kaangkah kangge jejibahan dhakwah Islamiyah wonten ing Masjid Agung Demak.

3. Bintoro Demak

Miturut kamus Kawi Indonesia kaca 44, tembung Bintoro asalipun saking tembung Bhatara = Bh- in- atara = Bhinatara = Bhintara. Bhatara punika raja, dewa. Tegesipun Bintoro inggih punika

dipunangkat dados raja. Dene Demak asalipun saking basa kawi

inggih punika hadiah, penerimaan, syarat, upah ( Pujo lan Khafid, 2008: 39).

(25)

Demak inggih punika kitha wali ingkang utami wonten ing Propinsi Jawa Tengah, tetengeripun ing tengah-tengahing jalur jalan raya antawis Semarang – Kudus.

4. Semiotika

Istilahipun semiotika saking tembung “semion” (Yunani) tegesipun tandha. Semiotika ingkang dipunandharaken dening Ferdinand De Saussure (1857-1913), inggih punika ngelmu ingkang sacara sistematis nyinauni tandha-tandha lan lambang, sistem-sistem lambang lan prosesipun lambang (Hidayat, 2006: 130).

5. Makna Simbolik

Miturut Endraswara (2003: 171), tembung simbol asalipun saking Yunani inggih punika symbolon. Tegesipun tadha utawi titikan ingkang paring pangertosan dhumateng tiyang.

Makna simbolik inggih punika tandha utawi titikan ingkang paring pangertosan tartamtu ingkang sipatipun abstrak, wujudipun warni, swanten, piranti lan sanes-sanesipun.

F. Tatarakiting Panyeratan

Supados runtut anggenipun mangertosi andharan ing salebeting seratan punika, tatarakiting panyeratan skripsi katata kados mekaten.

Bab I mujudaken pambukaning seratan, wonten ngriki nerangaken punapa mawon ingkang dados Pawadaning Prakawis, Rancangan Momotan Panaliten, Ancasing Panaliten, Mupangating Panaliten, Panandhesing Tembung, Tatarakiting Panyeratan

(26)

Dene teori utawi kawruh punapa mawon ingkang kaginakaken kangge ngrembag perkawis ing panaliten punika kaserat ing Bab II. Dados Bab II punika mujudaken landhasan teori ngrembag babagan kaping satunggal pangertosan Semiotika. Kaping kalih pangertosan

Folklor kaperang wonten tiga inggih punika titikanipun Folklor,

mupangatipun Folklor, wujuding Folklor antawisipun wonten folklore lesan, folklore saperangan lesan lan folklore boten lesan. Kaping tiga ngengingi Upacara Slametan lan Tumpeng. Kaping sekawan ngengingi Adat Tradhisi lan Kabudayaan.

Babagan cara-caranipun panaliten punika kaperang lan dipunandharaken wonten ing Bab III, andharanipun inggih punika

Sasaran Panaliten, Jinising Panaliten, Papan lan Wekdal Panaliten,

Sumber Dhata antawisipun saking Dhata Primer lan Dhata Sekunder, Teknik Pangumpulan Dhata, antawisipun saking Observasi, Studi Pustaka, Teknik Wawancara, lan Dokumentasi, Piranti Pangumpulaning Dhata lan Teknik Analisis Dhata.

Ing Bab IV, inggih punika pirembagan, wonten Bab punika ngandharaken asiling panaliten.

Bab V inggih punika panutup ngandharaken Dudutan lan Pamrayogi. Salajengipun ing perangan pungkasan kaserat Kapustakan lan Lampiran.

(27)

BAB II

LANDHESAN TEORI

A. Pangertosan Semiotika

Bebrayan minangka pandukung kabudayaan ingkang boten saged uwal saking symbol. Miturut C. A, Van peursen kabudayaan minangka

endapan saking kagiatan lan karya manungsa. Manungsa mahluk budaya,

mahluk sosial ingkang boten saged gesang piyambak. Miturut Suhartati, dkk (2007: 124) kabudayaan punika piyambak gagasan, simbol-simbol, bobot ajining asil karya lan budipakarti manungsa. Pramila hakekatipun manungsa inggih punika animal symbolicum.

Miturut Ferdinand De Saussure (1857-1913), ngilmu ingkang sacara sistematis nyinauni tandha-tandha lan lambang, sistem-sistem lambang lan prosesing perlambangan dipunwastani semiotika (Hidayat, 2006: 130).

Miturut Charles Sander Peirce (1839-1914) minangka ahli filosof Amerika (lumantar Zoest, 1993: 19), bilih jinising tandha wonten tigang macem adhedhasar sipat groundipun inggih punika:

1. Qualisigns

(28)

2. Sinsigns

inggih punika tandha-tandha minangka tandha dhasar ingkang kasunyatan utawi tampilanipun kaleresan nyata.

3. Legisigns

inggih punika tandha-tandha minangka tandha dhasar ingkang wonten aturanipun sacara umum.

Adhedhasar andharan ing nginggil punika, saged dipuntaliti bilih ing prosesi tumpeng sanga wonten salah satunggalipun tandha adhedhasar sipat groundipun inggih punika:

Werni pethak ing tumpeng minangka tandha utawi sipat. pethak minangka jinising tandha Qualisigns. Ing tandha punika kedah nggadhahi wujud. Pramila wujud tumpeng sanga inggih punika kerucut.

Saderengipun upacara tumpeng sanga kawiwitan wonten group rebana lan tari jipin. Wiramanipun rebana minangka Sinsigns lan gaya obahing tari jipin punika minangka tandha Legisigns.

Miturut C. A. Peursen (lumantar Herusatoto, 2001: 11) ngandaraken bilih wujudipun tandha wonten tiga inggih punika: lambang utawi simbol, tandha (ikon) lan isarat (indeks).

Tembung simbol asalipun saking basa yunani, symbolos suraosipun tandha utawi titikan ingkang nyukani pangertosan tartamtu dhumateng tiyang. Ing salebeting Kamus umum bahasa Indonesia karya W. J. S. Poerwadarminta ngandharaken bilih, simbol utawi lambang inggih punika kados tandha, lukisan, guneman lan sapanunggalipun ingkang ngandut

(29)

teges tartamtu. Tuladhanipun werni pethak ing tumpeng minangka lambang reresik (kasucian), gambar pari minangka lambang kamakmuran, sekul ingkang dipundamel lan kabentuk pasungan kados gunung punika ndadosaken lambang. Miturut bebrayan Demak ngengingi tumpeng kados gunung suraosipun nglambangaken sumber pagesangan lair lan bathin.

Tandha (ikon) inggih punika hal utawi kahanan ngandaraken objek dhumateng subjek. Tandha nggadhahi titikan tartamtu mawi punapa ingkang dipuntandhai. Tuladhanipun ing tumpeng katancepan Lombok, gereh, jejanganan, kacang lanjar lan sanes-sanesipun.

Dene isarat (indeks) inggih punika hal utawi kahanan ingkang paring pangertosan dening subjek dhumateng objek. Suraosipun subjek asring maringi pangertosan tartamtu arupi isarat dhumateng objek. Isarat boten saged dipunnetepaken ing pangageman, sadaya gumantung saking subjek lan wujudipun saged dipunewahi dados tandha. Tuladhanipun saderengipun upacara tumpeng sanga kawiwitan tandha bedug dipunungelaken. Ungelipun swanten bedug minangka isarat bilih upacara sagedipun wiwiti.

Adedhasar panjlentrehan ing inggil punika bilih ngengingi upacara tumpeng sanga wonten tandha utawi ikon, isarat utawi indeks lan makna simbol utawi lambangipun. Antawisipun ing tumpeng katancepan Lombok, gereh, jejanganan, kacang lanjar lan sanes-sanesipun minangka tandha. Werni pethak ing tumpeng minangka lambang reresik (kasucian), sekul ingkang dipundamel lan wujudipun pasungan kados gunung punika

(30)

ndadosaken lambang. Miturut bebrayan Demak tumpeng kados gunung suraosipun nglambangaken sumber pagesangan lair lan bathin. Ungelipun swanten bedug minangka isarat bilih upacara tumpeng sanga saged kawiwitan.

B. Pangertosan Folklor

Folklor minangka salah satunggalipun disiplin ilmu utawi cabang ilmu kawruh ingkang jumeneng piyambak ing Indonesia lan dereng dangu

ngrembaka. Miturut etimologi, folklor punika mula bukanipun saking tembung folk lan lore.

Folk punika kempalaning tiyang ingkang nggadhahi pengenalan

fisik, sosial lan kabudayaan. Tandha pangenal kasebat saged arupi: warni kulit, rupi rukmanipun, padamelan, basa, kawruh lan agami ingkang sami. Ananging ingkang langkung wigati punika piyambakipun sampun nggadhahi tradhisi ingkang sampun kawaris kanthi turun-tumurun, sekedikipun kalih generasi ingkang saged dipunwastani gadhahipun bebrayan. Ingkang langkung wigati piyambakipun kedah eling dhateng identitas klompokipun piyambak (Dundes ing Danandjaja, 2007: 1).

Lore punika tradhisi, Folk minangka kabudayaan ingkang kawaris

kanthi turun-tumurun kanthi lesan utawi lumantar patuladhan ingkang dipunsarengi kaliyan owahing tandha utawi pambiyantu pepeling. Folklor punika saperangan kabudayaan ingkang kolektif, ingkang kasebar lan dipunwarisaken turun-tumurun (Danandjaja, 2007: 2).

(31)

Andharan ing kawiwitan saged dipundudut bilih definisi folklore inggih punika saperangan kabudayaan ingkang kolektif lan sumebar ugi dipunwarisaken turun tumurun, antawis kolektif punapa kemawon kanthi tradisional ing salebeting versi ingkang boten sami, wonten ing wujud lesan utawi tuladha ingkang dipunjangkepi kaliyan gerak isarat utawi piranti pambiyantu pangeling-eling (mnemonic device).

Adhedhasar panjlentreh punika, saged dipunpundhut dudutan bilih upacara tumpeng sanga minangka saperangan saking kabudayaan ingkang arupi folklor. Grebeg Besar tradhisi ingkang sampun dangu dipuntindakaken dening bebrayan minangka arupi kabudayaan ingkang kawaris kanthi turun-tumurun.

1. Titikanipun Folklor

Supados saged bentenaken folklor saking kabudayaan sanesipun, kedah mangertosi rumiyin titikanipun folklor ingkang utami ing umumipun. Miturut Danandjaja (2007: 3-5) titikan utamaning panepang folklor inggih punika:

a. Sumebaring lan kawarisanipun limrah katindakaken kanthi cara lesan, inggih punika lumantar setunggal tiyang dhumateng tiyang sanes (kanthi cara lesan, sumebaring lumantar tutur tembung saking pacelathoning tiyang).

b. Folklor nggadhahi sipat tradisional, inggih punika kasebaraken kanthi rupi relatip netep utawi ingkang standar.

(32)

c. Folklor wonten (exist) ing versi-versi utawi varian-varian ingkang boten sami

d. Folklor sipatipun anonim, tegesipun naminipun pangripta boten dipunmangertosi dening tiyang malih.

e. Folklor limrahipun nggadhahi wujud berumus utawi berpola. f. Folklor nggadhahi mupangat (function) kangge gesang sesarengan

ingkang kolektif.

g. Folklor asipat pralogis, inggih punika nggadhahi logika piyambak ingkang boten jumbuh kaliyan logika umum.

h. Folklor dados gadhahipun sesarengan saking kolektif tartamtu. i. Folklor limrahipun asipat wantah lan lugu, saengga asring katingal

kasar lan dumadakan.

2. Mupangatipun Folklor

Wonten ing salebetipun “Folklor Indonesia ilmu gosip, dongeng, lan sanesipun ” (Danandjaja, 2007: 19), William R. Bascom, satunggalipun dwija ageng Emeritus ing ilmu folklor wonten ing

Universitas California ing Berkeley ingkang sampun suwargi nerangaken bilih mupangatipun folklor wonten sekawan inggih

punika:

a. Minangka system proyeksi (projective system) inggih punika kangge piranti pencermin angen-angen minangka kolektif.

(33)

lembaga-lembaga kabudayaan.

c. Minangka piranti pendidikan anak (pedalogical device)

d. Minangka piranti pameksa lan pengawas norma-norma bebrayan tansah dipunpatuhi dening anggota kolektifipun.

3. Wujuding Folklor

Dene kabudayaan nggadhahi pitung unsur kabudayaan

universal inggih punika sistem mata pencaharian hidup (ekonomi), sistem piranti lan panjangkepan ing pagesangan (teknologi), sistem

kabebrayanan, sistem basa, sistem kesenian, sistem kawruh, lan sistem

religi.

Pramila folklor miturut Jan Harold Brunvand (lumantar Danandjaja, 2007: 21 – 23) inggih punika satunggaling ahli folklor saking Amerika Serikat saged nggolongaken ing tiga klompok ageng adhedhasar tipenipun inggih punika:

a. Floklor lesan (verbal folklor)

Floklor lesan punika folklor ingkang awujud murni lesan.

Ingkang kalebet klompok punika antawisipun: 1) Bahasa rakyat

Kadosta: logat, julukan pangkat tradisionl, lan munggah kabangsawan.

2) Ungkapan tradisional

(34)

3) Pitakenan tradisional

Ing Indonesia langkung kawentar dipunsebat bedhekan inggih punika pitakenan ingkang asipat tradisional lan wangsulan ingkang tradisional ugi.

4) Sajak lan Geguritan rakyat Kadosta: pantun, lan syair. 5) Cariyos prosa rakyat

Miturut William R. Bascom (lumantar Danandjaja, 2007: 50) cariyos prosa brayat kapantha ing tigang golongan ageng inggih punka: Mite (myth), Legenda (legend), Dongeng

(folktale)

6) Nyayian rakyat (folksongs)

Miturut Jan Harod Brunvand (lumantar Danandjaja, 2007:141) inggih punika salah satunggalipun genre utawi wujud folklore ingkang kapantha saking tembung-tembung lan tembang ingkang kawedaraken kanthi lisan ing antawis

anggota kolektif tartamtu awujud tradisional lan kathah

nggadhahi varian. Kadosta: nyanyian rerepan (lullaby),

nyanyian kerja (working song), nyanyian permainan (play

song).

Adhedhasar panjlentrehan ing inggil saged paring dudutan bilih tradhisi Grebeg Besar kalebet folklor lesan ingkang awujud ungkapan tradisional kadosta: pemeo isinipun “Sinten

(35)

kemawon ingkang nate ngunjungi Grebeg Besar Demak kanthi kaping pitu, sami mawon kaliyan nglaksanakaken Ibadah Haji”.

b. Folklor saperangan lesan (Partly Verbal Folklor)

Folklor saperangan lesan minangka folklor ingkang wujud

campuraning unsur lesan lan unsur boten lesan. Ingkang kagolong klompok punika kadosta:

1) Kapercayaan rakyat

Umpaminipun ingkang tiyang modern asring dipunwastani takhayul, kawujud saking pernyataan ingkang asipat lesan dipunwuwuhi kaliyan owah isarat ingkang dipunanggep nggadhahi surasa gaib.

2) Teater rakyat

Teater rakyat inggih punika teater ingkang dipunproduksi

dening rakyat, tanpa wonten ingkang nyandhang dana, kangge kekarepanipun insidentil, gesang lan ngrembaka ing satengahipun bebrayan.

3) Permainan rakyat

Permainan rakyat kalebet folklor amargi dipungadhahi

lumantar lesan. Dolanan brayat (folk game) kapantha dados kalih golongan ageng inggih punika dolanan kangge dolanan

(36)

Dolanan kangge dolanan sipatipun anamung kangge ngisi wekdal senggan utawi rekreasi. Menawi dolanan kangge

tanding kirang nggadhahi sipat kasebat amargi nggadhahi sipat

siasat (game of strategy), kaprigelan fisik (game of physical

skill), lan untung-untungan (game of change) (Roberts, Arth,

lan Bush lumantar Danandjaja, 2007: 171). 4) Adat istiadat

Adat istiadat, kalebet folklor saperangan lesan amargi adat istiadat punika tata kelakuan ingkang kekal lan turun-tumurun saking generasi setunggal tumuju generasi sanes minangka warisan, saengga kiyat integrasinipun kaliyan solah bawanipun bebrayan.

5) Tarian rakyat

Tarian rakyat inggih punika tarian ingkang gesang lan

ngrembaka ing satunggalipun daerah. Tuladhanipun tari gambyong saking Jawa Tengah, tari pendet saking Bali, lan sanes-sanesipun.

6) Upacara

Upacara kalebet folklor saperangan lesan amargi piranti (miturut adat istiadat) rantamanipun padamelan utawi solah bawa ingkang kaiket tumrap tatanan tartamtu miturut adat utawi agami.

(37)

Pesta rakayat kalebet folklor saperangan lesan amargi pesta

rakyat punika pasamuan ngunjuk lan dhahar ingkang kawontenan satengahing brayat nalika wonten prayaan punapa kemawon. Kadosta: sedekah laut, sedekah bumi, lan

sanes-sanesipun.

Adhedhasar katrangan ing inggil punika saged paring dudutan, bilih Upacara tumpeng sanga kalebet folklor

saperangan lesan. Bebrayan pitados Tumpeng punika saged paring berkah, kaslametan sarta punapa ingkang dipunsuwun saged kalampahan.

c. Folklor Boten Lesan (non verbal folklore)

Folklor boten lesan punika folklor ingkang wujudipun

boten lesan. Klompok ageng punika saged kaperang dados kalih, inggih punika material lan sanes material. Ingkang material antawisipun: arsitektur rakyat, karajinan tangan rakyat, pakaian, lan hiasan tubuh, makanan lan minuman, sarta obat-obatan

tradisional, bunyi isyarat kangge komunikasi rakyat, kasebat

kentongan lan gendang.

Panjlentrehan ing inggil punika bilih ing Upacara tumpeng sanga kalebet folklor boten lesan ing jinis material. Amargi tumpeng punika satunggaling jinis material awujud panganan ingkang nggadhahi makna simbol.

(38)

C. Upacara Slametan Lan Tumpeng 1. Pangertosan Upacara lan Slametan

Bebrayan Jawi ngawontenaken upacara slametan nggadhahi ancas. Ancasipun supados angsal kaslametan lan minangka wujud roas syukur ing ngarsanipun Allah SWT. Slametan minangka versi Jawi salebeting upacara kaagamaan ingkang umum ing dunya nglambangaken mistis lan sosial (Geertz, 1959: 13).

Miturut Koentjaraningrat (2004: 347) upacara lan slametan punika wonten gandeng-cenengipun kaliyan kapitadosan. Saperanganing tiyang Jawi wonten ingkang pitados bilih slametan boten saged uwal saking unsur-unsuripun mahluk gaib utawi mahluk alus. Mahluk halus kadosta memedi, lelembut, tuyul, demit, lan sanes-sanesipun. Miturut kapitadosan bebrayan mahluk-mahluk halus kasebat saged maringi kamulyaan, kaslametan. Ananging kosok wangsulipun, kapitadosan punika saged ewah minangka dados lelayu. Wondene kangge panganut agami Islam Jawi ingkang taat anamung pitados maring ngarsanipun Gusti Allah SWT lan kanjeng Nabi Muhammad SAW. Pramila kedah taat nglampahi ajaran-ajaran saking agami Islam, antawisipun sholat, pasa, zakat lan sanes-sanesipun.

Slametan inggih punika upacara dhedhaharan sareng-sareng lan dipunparingi donga saderengipun dipunparingaken. Slametan kagolong wonten sekawan jinis inggih punika:

(39)

tingkeban, mitoni, lelayu, khitanan lan sanes-sanesipun.

b. slametan ingkang wonten gandeng-cenengipun kaliyan resik-resik dhusun

c. slametan ingkang gegayutan mawi dinten-dinten riyadi utawi wulan- wulan Besar Islam, kadosta Maulud Nabi, Idul Fitri, Idul Adha lan sanes-sanesipun.

d. slametan ingkang wekdalipun boten tamtu, kadosta nggadhahi griya enggal, ngruwat, kaul lan sanes-sanesipun (Geertz, 1959: 38). 2. Pangertosan Tumpeng

Tumpeng minangka sajian khas Indonesia mliginipun bebrayan Jawa, Bali. Tumpeng asring dipunginakaken kangge syarat upacara adat. Umumipun upacara adat inggih punika upacara lelayu, upacara mitoni, upacara temanten lan sanes-sanesipun. Wujudipun tumpeng kangge upacara adat kathah sanget. Sadaya gumantung tata cara ing acaranipun.

Tumpeng inggih punika tumpukan sekul wujudipun krucut, kadosta gunung. Wujud punika nggadhahi makna. Tumpeng minangka simbol ekosistem ing pagesangan. Wujud ingkang ngrucut minangka pralambang saking kaagunganipun Allah SWT. Isinipun tumpeng ugi wonten maknanipun. Punika nglambangaken sadaya saisinipun ing alam donya.

Warni tumpeng kalarumiyin anamung pethak kemawon. Saniki kathah modifikasi warni, saengga makna sakralipun sakedik

(40)

ical. Tumpeng saniki dados panjangkep kemawon, boten dipunwigatosaken makna utawi filosofinipun. Jinis-jinisipun tumpeng wonten pitu inggih punika:

a. Tumpeng Robyong

Tumpeng Robyong punika asring kangge upacara siraman ing temanten adat Jawi. Tumpeng Robyong kadamel saking sekul, katumpeng, kalebetaken ing cething, tinancepan ulam-ulam. Tumpeng ugi katancepan gereh pethek, krupuk urang, jejanganan, lombok, kacang lanjar, ijo-ijo, terong lan sesekaran. Punika gegambaran gegayuhan tumpeng sagedipun kasembadan, mawi kasengkuyung rinobyong-robyong, sakathahing sesaji lan kawontenanipun pirantos wilujengan (Soeranto lan Mulyani, 2004: 56).

Tumpeng robyong ing slametan pangaten miturut Kitab Primbon Adammakna (2008: 29) bilih ing tumpeng robyong wonten tigan godhogan sakulite dipunsunduk ngagem sujen, ing inggilipun tigan trasi bakaran lajeng brambang, ing inggilipun piyambak lombok. Sundukan punika dipuntancepaken ing pucukipun tumpeng sarta ing sakiwa tengenipun dipuntancepi sawarnanipun jejanganan. Kanthi tumpeng punika katon rompyo-rompyo. Amargi kathah sesundukan ingkang sami tinancepan wau. Sarta wonten tumpeng gundhul inggih punika tumpeng ingkang boten wonten lelawuhanipun.

(41)

b. Tumpeng Nujuh Bulan (Mitoni)

Tumpeng punika kangge syukuran tiyang estri ingkang wawrat. Tumpeng punika warninipun pethak, dipundelehaken ing tampah. Tampah dipuntlasari mawi godhong gedhang. Tumpeng ugi dipunparingi jejanganan ijo-ijo lan ulam. Tumpeng katata, dipundelehaken ing tengah lan dipunubengi tumpeng alit cacahipun enem.

c. Tumpeng Pungkur

Tumpeng punika kangge upacara Lelayu (kematian). Isinipun sekul pethak ingkang dipunubengi jejanganan ijo-ijo. Tumpeng dipuniris vertikal anggenipun delehaken kedah mungkuri.

d. Tumpeng Pethak

Tumpeng punika asring kangge acara sakral. Amargi warni pethak nglambangaken kesucian. Tumpeng pethak dipunsukani pitik ingkung, tempe, tahu lan gereh petek.

e. Tumpeng Sekul Kuning

Tumpeng punika asring kangge acara kadosta: kelairan,

ulang taun, khitanan, pertunangan, temanten, tolak balak lan

sanes-sanesipun. Isinipun tumpeng sami kaliyan tumpeng umumipun. Anamung dipunsukani bergedel, kering-keringan, abon, irisan ketimun. Warni kuning ing tumpeng suraos kekayaan lan moral ingkang luhur.

(42)

f. Tumpeng Sekul Uduk

Tumpeng punika asring kangge pengetan Maulud Nabi utawi tumpeng tasakura. Tumpeng raosipun gurih, isinipun pitek ingkung bumbu aren, lalapan, rambak, kedele cemeng lan sanes-sanesipun.

g. Tumpeng Seremonial utawi Tumpeng Modifikasi

Tumpeng punika sagedipun wastani tumpeng suka-suka. Gumantung raos kita piyambak amargi boten dipunwigatosaken makna filosofinipun.

(http:\\ncc.blogsome.com\2006\06\14\228\trackback).

Adhedhasar panjlentrehan ing inggil punika, saged dipundudut bilih ing upacara tumpeng sanga kagolong jinising slametan ingkang gegayutan mawi wulan-wulan Besar Islam inggih punika malam wulan Idul Adha, surya 10 Dhulhijjah tabuh 19.30 dalu. Ing isinipun slametan wonten tumpeng ingkang cacahipun sanga. Tumpeng setunggal ageng awujud Masjid Agung Demak. Ing lebetipun tumpeng ageng wonten tumpeng alit werni pethak, jejanganan, ulam, lan sanes-sanesipun. Tumpeng ingkang wolu wujudipun kerucut ing lebetipun wonten sekul golongipun. Sekul golong punika ingkang dipunparingaken dhumateng bebrayan mliginipun bebrayan Demak.

(43)

D. Adat Tradhisi lan Kabudayaan 1. Pangertosan Adat lan Tradhisi

Ing salebetipun kabudayaan wonten peradapan, adat lan tradhisi. Adab dipungayutaken kaliyan budaya saengga dados adab budaya. Tembung adat dipungabungaken kaliyan tradhisi dados adat tradhisi. Pramila adat lan tradhisi nggadhahi pangertosan ingkang sami.

Miturut Bastomi (1995: 11) Adat nyangkup pranata ingkang ngatur solah bawanipun manungsa salebeting pandukung tiyang setunggal lan sanesipun. Pranata punika mujudaken kalaziman, kasusilaan ingkang gesang ing tengah-tengahipun bebrayan saking pamuka adat. Adat punika sipatipun patuh, laras, sarta harmoni ingkang wonten gandheng-cenengipun kaliyan kahanan antawis setunggal lan sanesipun.

Adat inggih punika sadaya aturan lan hukum ingkang kaserat, boten dipunbukuaken ingkang nyangkup ing sadaya aspek pagesangan. Adat nemtokaken hal ingkang sae lan boten kangge warga bebrayanipun. Pramila anggenipun adat wonten larangan lan kedah boten saged dipunlanggar. Tiyang ingkang nglanggar adat, piyambakipun rumaos lepat lan dosa. Amargi adat sampun dipuntampi lan dipunpitadosi dening warga bebrayanipun. Adhedhasar kapitadosan adat ingkang dipunlanggar punika nekakaken ingkang awon sipatipun gaib.

(44)

Adat lan tradhisi minangka kasatuan kolektif saperangan bebrayan, sipatipun wiyar. Manungsa piyambak ingkang damel tradhisi ingkang saged katampi, kaewah. Wonten bentenipun antawis adat, tradhisi lan kabudayaan. Bilih adat lan tradhisi punika dipunrumusaken saking punapa ingkang ideal, kekal, aktual, ananging kabudayaan asring remen ningkataken punapa ingkang dipunasilaken saking generasi lami (Bastomi, 1995: 14).

2. Pangertosan Kabudayaan

Miturut Koentjaraningrat (2004: 9) Tembung kabudayaan asalipun saking tembung sanskerta buddhayah. Tegesipun wujud jamak saking buddhi suraosipun budi utawi akal. Kabudayaan inggih punika sadaya gagasan lan karya manungsa kedah mawi sinau, sarta sadaya punika saking asil budi lan karyanipun.

Budaya inggih punika wujud jamak saking tembung budi lan

daya, tegesipun cinta, karsa, lan rasa. Tembung budaya ugi asalipun

saking basa sanskerta budhayah jamak tembung buddhi, tegesipun budi utawi akal. Miturut E. B. Tylor kabudayaan inggih punika sadaya perangan ingkang kompleks ngengingi antawis kaweruh, kapitadosan, kesenian, moral, kailmuan, hukum, adat istiadat lan kaprigelan sanesipun saking manungsa lan bebrayan (M. Setiadi, dkk, 2007: 27).

Bebrayan nggadhahi kabudayaan ingkang boten sami kaliyan bebrayan sanesipun. Indonesia punika kagolong antawis suku bangsa ingkang benten-benten, ananging saben kabudayaan nggadhahi titikan

(45)

utawi sipat ingkang sami. Sipat punika boten dipuntegesi sacara

spesifik ananging asipat universal. Manungsa ing pundi kemawon

boten bentenaken faktor ras, lingkungan alam, utawi pawiyatan ingkang sipatipun budaya.

Kabudayaan nggadhahi sipat wonten ing pundi kemawon, amargi punika kangge sadaya budaya. Sipat hakiki saking kabudayaan kasebat antawisipun:

a. Budaya saged kawujud lan kalampahan kanthi sae, punika saking solah bawanipun manungsa.

b. Kalarumiyin budaya sampun wonten ing saperangan generasi tartamtu, sinaosa budaya generasi kasebat boten saged pejah. c. Budaya dipunpikajengaken dening manungsa, lan kawujud ing

solah bawanipun piyambak.

d. Budaya wonten aturan-aturan ingkang isinipun kawajiban-kawajiban, tindakan-tindakan ingkang dipuntampi lan boten katampi, lan tindakan-tindakan ingkang angsal idin lan boten dipunidini (M. Setiadi, dkk, 2007: 32-34).

Kabudayaan boten anamung nggadhahi sipat, ananging kabudayaan ugi nggadhahi tigang wujud inggih punika:

a. Wujud kabudayaan minangka satunggalipun komplek saking

ide-ide, gagasan, nilai-nilai, norma-norma, peraturan lan

sanes-sanesipun.

(46)

lelakunipun saking manungsa ing salebeting bebrayan.

c. Wujud kabudayaan minangka benda-benda saking asilipun karya manungsa.

Wujud sapisan inggih punika wujud idel saking kabudayaan. Sipatipun abstrak, boten saged dipunraba utawi dipunphoto. Papanipun wonten ing mustaka utawi pangandikan sanes, ing salebetipun alam pamikir saking warga bebrayan ing pundi kabudayaan punika gesang. Gegayutan mawi warga bebrayan bilih gagasan punika dipunserat, mila papan saking kabudayaan ideel punika wonten ing salebeting karangan lan buku-buku asil karya para panyerat warga bebrayan. Kabudayaan ideel ugi kathah kasimpen wonten disk, tape, arsip, koleksi microfilm lan microfish, kartu

computer lan sanes-sanesipun.

Kabudayaan ideel punika saged dipunsebat adat kelakuan utawi adat istiadat. Kawastanan tata kelakuan tegesipun bilih kabudayaan

ideel fungsinipun dados tata kelakuan ingkang ngatur, ngendaliaken

lan nyukani arahan kaliyan manungsa ing bebrayan. Fungsi saking punika sacara mligi adat kaperang saking pinten-pinten lapisan inggih punika abstrak kadosta sistem boboting budaya lan konkret kadosta sistem hukum.

Wujud kaping kalih saking kabudayaan dipunwastani sistem sosial, ngengingi solah bawanipun saking manungsa punika piyambak. Sistem sosial punika antawis saking aktivitas-aktivitas

(47)

aduarep manungsa, sesambetan, lan sesrawungan kaliyan setunggal lan sanesipun adhedhasar saking adat tata kelakuan. Pramila sistem sosial sipatipun konkret.

Wujud kaping tiga saking kabudayaan dipunsebat kabudayaan

fisik lan betahaken katrangan kathah. Wujud punika minangka sadaya

asil fisik saking aktivitas, karya manungsa salebeting bebrayan. Pramila sipatipun langkung konkret lan arupi benda-benda ingkang saged dipunraba, dipunmersani lan dipunphoto.

Dene sadaya kabudayaan saking wujud tiga kasebat boten saged uwal saking setunggal lan sanesipun. Kabudayaan ideel lan adat istiadat punika ngatur lan nyukani arahan dhumateng karyanipun manungsa. Umpaminipun pikiran-pikiran sae lan ide-ide ingkang ngasilaken benda-benda kabudayaan fisik lan karya manungsa (Koentjaraningrat, 2004: 5-7).

Adhedhasar panjlentrehan ing inggil punika bilih adat lan tradhisi Grebeg Besar minangka warisan budayanipun bebrayan Demak. Pramila kedah dipunlestantunaken. Amargi saking kabudayaan punika wonten upacara slametanipun. Upacara punika naminipun upacara Tumpeng Sanga. Upacara tradhisi punika wujud kabudayaan ingkang kaadani saben wulan Idul Adha, surya 10 Dzulhijjah.

(48)

BAB III

METODHE PANALITEN

A. Sasaran Panaliten

Sasaran panaliten punika inggih punika Upacara Tumpeng Sanga. Ing panaliten punika ingkang dipunkaji ngengingi wujud, tandha, lambang utawi simbol lan prosesi upacara Tumpeng Sanga salebeting tradhisi “Grebeg Besar” Demak.

B. Jinising Panaliten

Magepokan mawi momotan panaliten ingkang dipunkaji. Pramila panaliti migunakaken jinising panaliten kualitatif. Panaliten kualitatif inggih punika panalitian ingkang ngginakaken pendekatan folklor ingkang awujud folklor boten lesan jinising material arupi panganan inggih punika Tumpeng Sanga.

Miturut Endraswara (2003: 62) bilih panalitian kualitatif folklore ingkang utami inggih punika asil panyajianipun saking tembung-tembung utawi ukara ing salebetipun struktur logik, saengga saged ngandharaken

fenomena budayanipun. Ing fenomena budaya punika nggadhahi realitas

langkung nyata.

Kangge nganalisis punika ugi ngginakaken pendekatan

strukturalisme Levi-Strauss. Pendekatan punika ngengingi bilih basa

(49)

sesambetan punika saged madosi semiotikanipun inggih punika wujud, tandha lan makna lambangipun. Kanthi cara punika saged ngasilaken dhata ngengingi upacara Tumpeng Sanga satunggaling pangrembag

semiotika.

C. Wekdal lan Papan Panaliten

Papan panaliten wonten ing Tlatah Bintoro Demak, ingkang mapanipun antawis: 006 43’ 26’-007 09’ 43’ Lintang Kidul lan 110 27’ 58’-110 48’ 47’ Bujur Wetan. Sacara administratif wiyar wilayah Kabupaten Demak inggih punika 89. 743 hektar. Ingkang kaperang dados 14 Kecamatan lan 243 Desa lan 6 kalurahan. Ing Kecamatan Demak wiyar wilayahipun nggadhahi 19 desa salah satunggalipun inggih punika Tlatah Bintoro Demak minangka dados papan panalitenipun.

Prosesi upacara Tumpeng Sanga papanipun langkung rumiyin wonten ing Pendopo Kabupaten Demak kalajengaken dipuniring wonten ing Masjid Agung Demak. Wekdal Surya 10 Dzulhijjah (Idul Adha), tabuh 19. 30 dalu.

D. Sumber Dhata

Sumber dhata ingkang dipunginakaken ing panaliten punika kaperang dados kalih inggih punika:

1. Dhata Primer

(50)

wawancara. Wawancara punika kaliyan ingkang damel tumpeng sanga Bapak Rohmat (28 taun) lan Ibu Farida (39 taun), pihak Kepala Bidang Budaya Lan Seni Ibu Isowarni, S.Sos. (51 taun), pihak Dinas Pariwisata lan Kabudayaan Demak Bapak Santo (49 taun) lan wawancara kaliyan bebrayan ingkang nate ningali ugi mangertos babagan upacara tradhisi punika.

2. Dhata Sekunder

Sumber dhata sekunder inggih punika sumber ingkang kaserat saking pinten-piten sumber utawi mediya. Sumber punika antawisipun: Filsafat Bahasa Mengungkap Hakikat Bahasa, Makna, dan Tanda (Ahmad, Asep Hidayat), Sejarah dan Legenda Grebeg Besar Kota Wali Demak (A. kasah, Hamid), Bausastra Jawa (Atmodjo, S. Prawiro), Filsafat Bahasa Mengungkap Hakikat Bahasa (Ahmad, Asep Hidayat), Seni Dan Budaya Jawa (Bastomi, Suwaji), Folklor Indonesia (Danandjaja, James), Metodologi Penelitian Kebudayaan (Endraswara, Suwardi.), Abangan, Santri, Priyayi Dalam Masyarakat Jawa (Geertz, Clifford), Simbolisme dalam Budaya Jawa (Herusatoto, Budiono), Kebudayaan Mentalitas dan Pembangunan (Koentjaraningrat.), Manusia Dan Kebudayaan Di Indonesia (Koentjaraningrat), Metodologi Penelitian Kualitatif (Moleong, J. Lexy), Ilmu Sosial dan Budaya Dasar (M Setiadi, Elly), Kitab Primbon Betaljemur Adammakna (R. Soemodidjojo), Sejarah Demak Matahari Terbit di Glagah Wangi (Semedi, Pujo dan Kasri, Khafid), Budaya Jawi

(51)

(Soeranto dan Mulyani, Sri), Fungsi dan Makna Simbolis Genta di Jawa Tengah.( Suhartati, dkk), Pendekatan Kuantitatif dan Kualitatif (Sumaryanto F, Totok), Serba-Serbi Semiotika (Zoes Aart Van dan Sudjiman Panuti), lan wonten dhata saking Dinas Pariwisata Kabupaten Demak (Upacara Grebeg Besar di Kabupaten Demak). .

E. Teknik Pangumpulan Dhata

Teknik pangumpulan dhata inggih punika teknik ingkang migunakaken pendekatan kualitatif kangge ngempalaken dhata–dhata ing panyusunan skripsi punika. Pramila teknik pangumpulan dhata ingkang dipunginakaken inggih punika:

1. Observasi

Observasi inggih punika satunggalipun metode utawi cara kangge ngasilaken dhata kaliyan ngamati objek ingkang dados momotan prakawisipun. Panaliti boten anamung njingglengi objek sacara langsung kemawon. Supados gamblang panaliti ugi njingglengi kahanan wonten ing rekaman video upacara tumpeng sanga tradhisi Grebeg Besar. Observasi punika ngasilaken dhata primer ingkang wigati, akurat, lan objektif.

2. Studi Pustaka

Studi pustaka inggih punika teknik pangumpulan data ingkang dipunpundhut kanthi cara madosi saking maneka warni sumber kaserat saking buku-buku umum utawi makalah-makalah ingkang jumbuh

(52)

kaliyan panaliten punika.

Sumber ingkang katulis lan jumbuh kaliyan panaliten punika, dipunjangkepi kaliyan sumber-sumber sanesipun. Saengga

validitasipun kajamin, saking studi pustaka punika saged ngasilaken

dhata sekunder. 3. Teknik Wawancara

Wawancara inggih punika wujud komunikasi verbal ingkang awujud pacelathon lan katindakaken kaliyan kalih tiyang. Inggih punika pewawancara (interviewer) lan ingkang dipunwawancarai

(interviewee) kanthi ancas angsal informasi (Moleong, 2002: 135 ).

Anggenipun wawancara punika kangge maringi dhata ingkang sipatipun mligi. Pitakenan ingkang dipuntangletaken inggih punika pitakenan ingkang fokus kaliyan objek ingkang dipuntaliti.

4. Dokumentasi

Dokumentasi inggih punika cara pangempalan dhata mawi mundhut gambar (foto-foto) ingkang dipunpikajengaken, kangge pandukung ing dhata panaliten. Sarta dados bukti ngengingi jejibahan ingkang wonten ing Upacara Tumpeng Sanga Salebeting Tradhisi “Grebeg Besar “ Demak.

F. Piranti Pangumpulan Dhata

Piranti ingkang dipunginakaken ing pangumpulan dhata kedah jumbuh kaliyan sumber dhata lan teknik pangumpulan dhata. Saking

(53)

punika piranti ingkang dipunginakaken inggih punika: a. Alat perekam ( tape recorder )

b. Kamera HP c. Catatan lapangan

G. Teknik Analisis Dhata

Proses analisis dhata kawiwitan kanthi nelaah sadaya dhata. Milles lan Huberman ngandharaken bilih dhata saking panaliten kualitatif awujud tembung-tembung boten angka. Dhata punika dipunkempalaken kanthi pinten-pinten cara, antawisipun wawancara, intisari dokumen, pita

rekaman, pencatetan, pengetikan lan sanes-sanesipun. Analisis punika

migunakaken tembung-tembung ingkang kasusun ing salebetipun teks. Teknik analisis dhata ingkang dipunginakaken ing panaliten inggih punika analisis ingkang ngliputi tigang tahapan inggih punika reduksi dhata, sajian dhata, lan dudutan utawi verifikasi. Analisis punika lumampah saking tigang tahapan punika (Sumaryanto F, 2007: 106-107).

Bagan Siklus Analisis Dhata Kualitatif

Sumber: Analisi dhata kualitatif (Miles lan Huberman, 1992).

Pangumpulan dhata

Reduksi dhata

Sajian dhata

(54)

Tahap pangumpulan dhata punika migunakaken wawancara lumantar informan. Dhata saking informan setunggal lajeng dipunbandhingaken kaliyan dhata saking informan sanesipun. Dados panaliti saged ngasilaken dhata ngengingi Upacara Tumpeng Sanga Salebeting Tradhisi “Grebeg Besar” Demak ingkang dados momotan panaliten.

(55)

BAB 1V

PANGREMBAG ASILING PANALITEN

A. Deskripsi Dhata

1. Wilayah Bintoro Demak

Bintoro Demak minangka papan ingkang dipundadosaken objek ing panaliten. Bintoro Demak nggadhahi tradhisi budaya salah satunggalipun Grebeg Besar. Prosesi ing Grebeg Besar wonten upacara naminipun wilujengan tumpeng sanga. Tumpeng sanga salebeting tradhisi Grebeg Besar punika wonten wujud, tandha lan makna lambang utawi simbolipun ingkang dipunpitadosi dening bebrayan Demak.

Demak, minangka salah satunggalipun kabupaten ing Jawa Tengah ingkang mapanipun antawis: 006 43’ 26’-007 09’ 43’ Lintang Kidul lan 110 27’ 58’-110 48’ 47’ Bujur Wetan, ingkang nggadhahi wiyar wilayah inggih punika 89. 743 hektar. Kabupaten Demak kaperang dados 14 kecamatan, 243 desa lan 6 kalurahan. Saking sekawan welas Kecamatan punika salah satunggalipun inggih punika kecamatan Demak ing kabupaten Demak ingkang nggadhahi wates wilayah inggih punika:

a. Ing iring ler winatesan kaliyan kecamatan Bonang, kecamatan Wedung

(56)

Karanganyar

c. Ing iring kidul winatesan kaliyan kecamatan Wonosalam d. Ing iring kilen winatesan kaliyan kecamatan Karang tengah.

Sacara administratif wiyar wilayah kecamatan Demak inggih punika 61,13 km2, kaperang saking 19 Desa salah satunggalipun Bintoro Demak. Tlatah Bintoro Demak kaperang saking 5 dhusun, 12 Rukun Warga (RW) lan 93 Rukun Tetangga (RT). Penduduk ing Bintoro Demak cacahipun langkung kathah, katingal saking jinising kelamin inggih punika jaler lan estri. Dipunpriksani saking cacahipun penduduk mayoritas agaminipun islam ngantos 99, 19 persen lan agami Kristen katholik ngantos 0, 77 persen lan agami Hindu utawi Budha ngantos 0, 04 persen.

Kahanan ingkang wonten ing Bintoro Demak saged dipunpriksani sacara umum ing pakaryanipun. Saking pakaryanipun wonten ingkang dados dwija, bakul, tani, buruh lan saperangan dados PNS. Kangge sarana pendidikan ingkang wonten inggih punika Pondok pesantren, Madrasah Ibtidakiyah (MI), Sekolah Dasar (SD), Madrasah Tsanawiyah (MTS), Sekolah Menengah Pertama (SMP), Sekolah Menengah Atas (SMA) lan Madrasah Aliyah. Kangge nindakaken jejibahan saben dintenipun bebrayan Demak migunakaken sarana transportasi. Sarana transportasinipun antawisipun sepedha, motor, mobil lan sanes-sanesipun. Wonten sarana sanesipun kangge pikantuk informasi kanthi cepet, saperangan warga wonten ingkang

(57)

nggadhahi radio, televisi, handphon minangka dados sarana komunikasinipun. Dene sarana kangge kesenian lan kabudayaan kagolong becik.

Kesenian lan kabudayaan ingkang wonten inggih punika arupi wayang, rebana, tarian jipin ugi tradhisi upacara inggih punika upacara iring-iringan wilujengan tumpeng sanga ingkang kaadani saben setunggal warsa sapisan.

2. Asalipun Tumpeng Sanga ing Tradhisi “Grebeg Besar” Demak Bebrayan Demak kathah ingkang boten mangertos asalipun tumpeng sanga punika. Pramila saged kaandharaken bilih jaman kalarumiyin para raja Jawa asring ngawontenaken slametan utawi wilujengan nagari. Wilujengan punika kangge pesta kurban saben warsa enggal. Ancasipun wilujengan nagari punika supados raja lan rakyat dipunparingi kaslametan. Rajanipun inggih punika raja weda lan raja meda, tegesipun kitab suci raja utawi kebijakan raja. Pahargyan kados punika sampun wonten wekdal pamerintahan raja Hayam Wuruk Majapahit. Pahargyan punika minangka tradhisi arupi

persembahan sesaji dhumateng para Dewa kanthi mantra-mantra.

Ancasipun kangge kurmati arwah para leluhur lan kaslamatan Nagari. Wekdal kerajaan Majapahit runtuh kalajengaken mawi kerajaan Islam Demak rajanipun Raden Pattah, kanthi gelar Kanjeng Sultan Raden Abdul Pattah Al Akbar Sayyidin Panatagama. Baginda boten remen tradhisi upacara punika, amargi ing upacara punika boten

(58)

leres lan katentang kanthi ajaranipun Islam. Ananging kathah bebrayan boten sarujuk saking kaputusanipun Raden Pattah. Upacara punika sampun dados kapitadosanipun bebrayan piyambak.

Kaarifan para Wali lan Raden Pattah upacara tradhisi kurban punika dipunwontenaken malih. Ing upacara punika dipunewahi kanthi dipunparingi jejibahan dhakwah Islamiyah. Para wali sarujuk bilih Sunan Kalijaga ngrembakakaken upacara punika kanthi ngungelaken gangsa. Gangsa punika dipunungelaken wonten ing Masjid Agung Demak. Saking ungelipun gangsa narik kawigatinipun para bebrayan Demak. Bebrayan ingkang mersani kedah maosaken kalih kalimah syahadat inggih punika Asyhadu alla ilaaha illallah lan Wa asyhadu anna Muhammadar Rasuulullah. Pramila saking punika bebrayan sampun dados tiyang muslim.

Upacara kurban langkung prayogi dipunewahi dados Upacara tradhisi Grebeg. Tradhisi Grebeg punika dipungayutaken kaliyan dinten Islam inggih punika Grebeg Syawal, Grebeg Besar lan Grebeg Maulud. Para wali mundhut upacara punika dados upacara Grebeg Besar ingkang kalampahan kawit wulan Besar (Idul kurban).

Saben upacara Grebeg, Sultan nyukani sedhekah inggih punika arupi tumpeng. Tumpeng punika dipundamel cacahipun kanthi sanga, supados para bebrayan Demak kemut kaliyan jasa-jasanipun para wali. Tumpeng sanga punika salah satunggalipun wonten ingkang awujud maket Masjid Agung Demak. Tumpeng ingkang wolu

(59)

wujudipun kerucut ing lebetipun wonten sega golongipun. Tumpeng sanga nglambangaken wali ingkang damel Masjid Agung Demak inggih punika Wali sanga. Miturut para bebrayan Demak bilih kawontenanipun tumpeng sanga punika supados daganganipun lares, dipunsukani kaslametan dunya akhirat lan panyuwun sanes-sanesipun dipunijabahi.

3. Prosesi Upacara Iring-iringan Tumpeng Sanga Demak

Upacara tumpeng sanga kawiwitan tabuh 19.30 dalu ing suya 10 Dzulhijjah. Urut-urutanipun prosesi upacara iring-iringan tumpeng sanga inggih punika:

Kaping sepisan, saderengipun tumpeng sanga dipuniring langkung rumiyen dipunkempalaken wonten ing Pendopo Kabupaten Demak. Kalajengaken wonten tarian jipin lan tembang islami (sholawatan) saking para santri. Tarian jipin lan tembang punika minangka dados hiburan kemawon.

Kaping kalih, laporan seksi upacara kaagamaan dening Bapak Drs. Amsori minangka kepala kantor Departemen agama Kabupaten Demak kanthi penghormatan dhumateng Bupati Demak inggih punika Bapak Drs. H. Taftah Zani, MM.

Kaping tiga, acara pambuka saking Bupati Demak kawiwitan kanthi waosan Basmalah lan Allahu Akbar. Kalajengaken iring-iringan

(60)

tumpeng sanga lumaku saking Pendopo kabupaten Demak tumuju ing Masjid Agung Demak.

Saben klompok ingkang ngiring inggih punika klompok satunggal wonten ingkang beta spanduk, vandel, manggar, ghendera, tiyang ingkang dados para wali sanga, tumpeng ageng setunggal, tumpeng alit wolu, ing wingkingipun group rebana kanthi nembangaken tembang ilir-lir, ing iring kiwa lan tengen barisan wonten ingkang beta obor, lan para tamu undhangan ugi para pengunjung, kados asil wawanrembag ing andhap punika:

Setiap kelompok yang mengiring yaitu yang pertama kelompok yang membawa spanduk, vandel, manggar, bendera, para wali sanga, tumpeng ageng satu, tumpeng kecil delapan, dibelakangnya group rebana dengan melantunkan lagu ilir-ilir, untuk barisan kanan dan kiri ada yang membawa obor dan para tamu undangan juga para pengunjung (Rohmat: 9 Juni 2010).

Iring-iringan tumpeng sanga saben lumaku nembangaken tembang ilir-lir. Tembanganipun kados ing andhap punika.

Ilir-ilir tandure wis sumilir

Tak ija raya-raya tak sengguh penganten anyar Cah angon-cah angon penekna blimbing kuwi Lunyu-lunyu penekna kanggo masuh dhadhatira Dhadhatira-dhadhatira kumitir bedhahing pinggir Dhandhamana jlumatama kanggo seba mengko sore

Mumpung padhang rembulane mumpung jembar kalangane Ya suraka, surak hiye.

Referensi

Dokumen terkait

Hasil uji viabilitas bakteri A.SI.3A dan S III 5.1.2 pada media yang mengandung logam merkuri dengan berbagai konsentrasi menunjukkan bakteri uji mampu beradaptasi dan tumbuh

Pada saat ini untuk mengukur gas yang dipakai sebagai bahan bakar dalam fuel cell diperlukan akurasi yang tinggi untuk mengukur gas yang bereaksi karena setiap jumlah gas

Hasil penelitian ini mengungkapkan bahwa dari 3 indikator, yaitu indikator modal internal, modal eksternal dan modal manusia, indikator modal manusia merupakan

Pada tabel 6 menjelaskan bahwa hasil uji simultan antara variabel kualitas produk, fitur produk dan desain produk terhadap keputusan pembelian motor Yamaha

Hasil Uji Statistik yaitu uji t dapat dijelaskan bahwa strategi promosi tidak berpengaruh terhadap keputusan pembelian di Dealer Sepeda Motor Yamaha Ranotana

Penelitian ini bertujuan untuk mengurangi konsumsi energi AC dengan cara mempertahankan suhu ruangan antara 22,8 °C sampai 27,1 °C menggunakan sistem kontrol

Berdasarkan diagram 3 terlihat perkembangan kemampuan siswa pada pertemuaan pertama, kedua dan ketiga khususnya kemampuan dalam merumuskan soal baru dan

Berdasarkan hasil penelitian dan pengujian hipotesis yang telah dilakukan maka dapat disimpulkan bahwa proses pembelajaran inquiry berjalan secara efektif yang