• Tidak ada hasil yang ditemukan

L3 Ngonceki impen sos sastra anyar revis

N/A
N/A
Protected

Academic year: 2018

Membagikan "L3 Ngonceki impen sos sastra anyar revis"

Copied!
20
0
0

Teks penuh

(1)

NAMA : LINTA DWI RAHMAWATI

NIM : 12020114021

KELAS : 2012 A

MSTKUL :SOSIOLOGI SASTRA

PACOBAN URIPE PARAGA SAJRONE CERBUNG “ NGONCEKI IMPEN”

ANGGITANE SRI SUGIYANTO

(TINTINGAN SOSIOLOGI SASTRA IAN WATT)

1. Purwaka

Manungsa kang urip ing donya kebak pacoban, mula ing urip bebrayan kudu nduweni sipat sabar. Sabar anggone ngadepi pacoban urip kang wis dadi ginarising Gusti.

Manungsa kudu tansah sabar lan nrima. Pacoban urip utamane nalika urip ing bale somah lan wis bebojoan iku kudu tansah ngati-ati lan waspada. Sabar lan nrima kudu tansah diduweni dening titahe Gusti. Sipat pikir lan tresna pasutri tansah kudu tetep ditengenake.

Pacoban uripe manungsa kuwi akeh dicritakake sajrone karya satra arpua cerbung,novel uga cerkak. Kabeh karya sastra kuwi ngandharake kepriye pacoban uripe manungsa kuwi lan

kepriye cara mrantasine. Mula sajrone karya sastra nduweni piwulangan etik, estetik, lan saintik, kanthi aspek-aspek kuwi mau ndadekake manungsa bisa nggayuh kasampurnan.

Cerbung kanthi irah-irahan sajrone “ Ngonceki Impen” anggitane Sri Sugiyanto iki

minangka salah sijine cerbung kang nyritakake pacoban urip arupa masalah sosiale paraga utama yaiku waskitha. Dheweke sajrone urip balesomah tansah katerjang pacoban kang

maneka warna. Pacoban-pacoban kuwi dilakoni dheweke kanthi sabar lan ikhtiyar kang ora kendat, saengga pungkasane aweh kanugrahan lan karaharjan.

Cerbung kanthi irah-irahan Paraga Priya sajrone “ Ngonceki Impen” anggitane Sri

(2)

agung. Karya –karya sing wis ditulis kayata cerbung kanthi asesirah “janggrung” taun 2006, cerbung kanthi irah-irahan”Ngalacak Singlon Sardulo Krodha” taun 2000. Ing kene uga nulis

novel kanthi asesirah “Tirisan Derai Kasih” taun 2000 lan “Selendang Buat Inuk”taun 2002. Sakliyane seniman uga dadi budayawan sing nyiptakake tari, uga seneng nulis sing ndadekakae pengarang lan panulis.

Masalah-maslah sosial lan pacoban urip kang ana sajrone cerbung “Ngonceki Impen” narik kawigaten kanggo ditliti. Panliten iki ditliti kanthi tintingan sosiologi sastra Ian Waat.

Tintingan iki digunakake amarga cundhuk karo isine cerbung kang ngandharake prekara-prekara sosial. Kanthi ngerteni Pacoban urip bisa meruhi isine crita lan kanthi ngerti masalah-maslah sosial kanggo ngerteni kahanane crita..

2. Landhesane Teori 2.1 Cerbung

Cerbung salah sijine crita carangan kang kapacak ana ing pirang-pirang majalah, dadi ora mung sepisan wae, nanging pirang-pirang majalah utawa medhia masa. Critane

sambung-sinambung kanthi pirang-pirang episode. Crita sambung uga luwih kompleks tinimbang cerkak.

Suripan Sadi Hutomo ngendhika yen crita sambung minangka kawitane ngrembakane novel Jawa modern kang kapacak ing pira-pira majalah. Adhedhasar andharan kuwi bisa diweruhi yen crita sambung ana gandheng rakete karo ngrembakane novel Jawa modern, crita

sambung uga nduweni peran kang wigati aiku dadi sarana lan prasarana kanggo karya sastra Jawa sing didadekake obek panliten teka saiki (Suripan Sadi Hutomo, 1987:5)

2.2 Pamarekan Struktural

(3)

kang lelawanan saka asumsi en karya sastra dadi karya kreatif kang otonom. Saengga saumpama arep ditliti kudu sikaji uga unsur pambangune karya kuwi yaiku kaya tema, alur,

latar, panokohan, lan aspek-aspek sing ndadekake karya sastra (Atar Semi, 1996:67)

Ratna (2011:21) ngandharake yen sajrone tintingan struktural, bisa dititiki: (1) karya sastra minangka modhel tulisan kang kasusun saka maneka unsur kang diatur dening

paugeran sastra, lan (2) anane faktor paugeran unsur kang ngasilake efek kasusastran tanpa nengenake kanyatan sajabane sistem struktur.

Nurgiyantoro (2007:124) ngandharake yen tintingan struktural nduweni tujuwan kanggo njlentrehake kanthi setiti fungsi lan gegayutan antarane maneka unsur karya sastra. Tintingan struktural nduweni tujuwan kanggo nuduhake gegayutan antarane unsur-unsur kasebut sarta

tujuwan kaendahan.

Analisi struktural minangka tingkat kawitan ing panliten sajrone karya sastra. Tingkat

iki angel diilangake, amarga analisis struktural minangka gerbang kang utama kanggo meruhi unsur-unsur kang dadi pambangune. Kita bisa meruhi jrone karya sastra kanthi cara nggoleki njabane dhisik. Dhasarae analisis struktural nduweni tujuwan kanggo njlentrehake kanthi tliti

lan sajero-jerone sesambungane saben-saben unsur karya sastra saengga ngasilake makna kang sampurna (Sangidu,2004:15)

Pradopo sajrone Suwondo (2012:69) ngandharake yen sing dadi konsep dhasar tintingan struktural yaiku anane pamawas yen sajrone karya sastra mujudake sawijine

struktur kang otonom sing bisa dingerteni minangka sawijine kesatuan kang nyawiji karo

unsur-unsur pamangune karya sastra kang gegayutan antara siji lan sijine. Tintingan struktural bisa ditintingi kanthi cara nengenake unsur intrinsik karya sastra, tanpa nengenake

(4)

2.3 Tema

Dick Hartoko lan B. Rahmanto (1986:67) ngendikake tema minangka struktur karya

sastra kang nduweni peran wigati ing salah sijine crita. Tema lumrahe dirancang luwih dhisik tinimbang unsur intrinsik liyane, amarga kanthi anane tema dhisik kang disusun bisa ndadekake crita ora metu saka isi kang dikarepake dening pangripta sajrone crita. Tema saka

andharan ing ndhuwur bisa diweruhi minangka unsur kang pokok sajronbe crita.

Tema minangka gegambaranbe urip utawa pambiji-pambiji tartamtu kan mangun

dhasar utawa gagasan kang utama saka karya sastra (Henry Guntur Tarigan, 2003:125). Burhan Nurgiyantoro (1994:12) ngendika yen salah sijine novel bisa nduweni luwih saka siji tema, yaiku tema utama lan tema tambahan, nanging tema tambahan kedah nduweni sipat

nopang lan nduweni gegayutan karo tema utama kanggo merkoleh kepanduan.

2.4 Sosiologi sastra Ian Watt

Sosiologi sastra tumuju ana ing pangripta yaiku ana ing sosial sastrawan sajrone masyarakat lan ana gegayutane karo masyarakat pamaca. Pangripta bisa nuduhake sastrane

amarga ana kedadeyan sing dilakoni ana ing panguripane lan pada karo apa sing dadi pakaryane. Sasta sing cinipta dening sastrawan uga bisa dirasakake dening pamaca.

Sosiologi sastra Ian Watt ana telu yaiku sing sepisan konteks sosisl pangripta sing gegayutan karo masyarakat pamaca bisa nuduhake kedadeyan-kedadeyan sing dilakoni masyarakat ing paguripa. Sing kalebu faktor-faktor social sing bisa menehi pangaribawa

marang pangripta minangka paraga ing sajrone karya sastra. Konteks sosial pangripta kuwi jembar uga kudu nduweni kawiwiwtan masalah sing arep dikaji.

(5)

pakaryan dadi minangka profesi ing kene uga pakaryan sing ditandang dening opangripta bisa nuduhake pakaryan sing ajeg dilakoni. Masyarakat apa sing kudu dituju saka pangripta ing

kene uga nuduhake satra sing digawe kudu laras karo pakaryan sing dilakokake lan uga bisa ngrasakake kedadeyan-kedadeyan sing ana ing masyarakat saiki.

Kaloro yaiku sastra minangka pandangan masyarakat. Masyarakat nduweni

kedadeyan sing pada bisa nunjukakake kepriye nunjukakae apa kang dilakoni dening pangripta sing nduweni kaendahan kanggo ndadekake sastra sarana kanggo apa kang

dilakoni. Ana kang dadi wigati ing kene yaiku sepira sastra kuwi dadi pandangan masyarakat wektu karya sastra ditulis ing kene uga sastra sing wis ditulis bisa didadekakae pedoman kedadeyan kang wis dilakoni kanggo menehi ciri sing wigati, sepira sipat pribadi pangripta

bisa menehi pangaribawa gambaran masyarakat sing diandharake ing kene uga sastra sing diasilake kudu nduweni kaendahan saengga bisa ngajak masyarakat bisa ngrasakakae apa

sing ditulis pangripta, sepira genre sastra sing digunakake pangripta bisa makili masyakatat ing kene uga sastra sing digawe pangripta bisa makili masyarakat supaya akaeh sing ngerti isine sastra kasebut.

. Katelu fungsi social sastra. Fungsi sosial sastra sepira njeru nilai satra gegayutan karo nilai sosial. Ana kang dadi wigati ing kene yaiku sepira sastra nduweni fungsi minangka

perombak masyarakat ing kene uga nuduhake apa kang dilakoni masyarakat bisa didadekake sastra kang bisa ndadekakae masyarakat kuwi ngerti apa sing ana ing masyarakat , sepira sastra nduweni fungsi panglipur ing kene uga satra bisa ndadekakae pangglipur kanggo sapa

bae lan sasatra kasebut bisa narik pamaca kanggo ngersti lan ngrasakake apa sing katulis uga bisa didadekake carita saengga bisa ndadekakae masyarakat bisa seneng.

(6)

masyakat kanggo nyipta iki uga bisa digabungake saka bisa digunakake kanggo nuduhake masyarakat kuwi nduweni sastra kang macam-macam saka latar lan wektu saengga bisa

didadekake minangka sarana kanggo panglipur saka sastra-satra sing wis kabentuk lan uga bisa didadekake gambaran saka panguripan.

Kanthi cara epitemologi ora mungkin kanggo mbangun samubarang sosiologi sastra

general sing nyangkup kabeh pendekatan sing dikemukake iku uga menehi tradisi sing kuat. Miturut (faruk, 2013) yaiku Konsep ngenani masyarakat wis bedha karo pendekatan siji lan

sijine, durung konsep ngenani sastra iku dewe.

Sesambungane karo sastra yen sastra nampilake gambaran kauripan sing nyakup sesambungan antrane masyarakat, antara masyarakat karo per wong, antar manungsa, lan

antarane prastawa sing muncul saka sajrone batin pawongan sing asring dadi bahan sastra, yaiku pantulan sesambungane pawongan karo wong liya utawa karo masyarakat lan

nuwuhake sikap sosial tartamtu utawa bahkan kanggo nyampekake prastawa sosial tartamtu, Damono (1979). Saka skema lan klarifikasi ing dhuwur maeng bisa digambarake yen sosiologi sastra, yaiku pendekatan sastra kanggo bandingake segi-segi kemasyarakatan,

nduweni sikap sing jembar, akeh wernane lan ruwet, sing nyangkut ngenani panggripta, karyane, sarta pamaca.

Saka katrangan ing dhuwur bisa didudut yen apa sing diandharake yaiku sosiologi sastra miturut para ahli mligine Ian Watt dibagi dadi 3 yaiku: 1. Konteks sosial pengarang, 2. Sastra sebagai cermin masyarakat, 3. Fungsi sosial sastra

3. Andharan:

(7)

kapisan njlentrehake ngenani tema, banjur kapindho ngandharake masalah prekara sosial. Perangan-perangan iku bakal dijlentrehake siji blaka siji ana ing ngisor iki.

3.1 Pacoban Urip Paraga

Pacoban uripe Waskitha yaiku ing antarane ora nduwe dhuwit nalikane nambakake

wong tuwane, rusake komputere, kulawargane difitnah, kacingkrangan, lan dipalak pawongan. Pacoban-pacoban iki bakal diandharake siji mbaka siji ing ngisor iki.

3.1.1 Ora Nduwe Dhuwit Kanggo Nambakake Wong Tuwane

Pacoban urip kang dialami dening Waskhita yaiku salah sijine nalikane dheweke tau

kepepet ngetokake dhuwit akeh kanggo nambakake wong tuwane. Andharan kuwi bisa dideleng ing pethikan ngisor iki.

. . . . Wong urip sandungane lelakon kuwi akeh. Apa sing diangen-angen kadhang mrucut saka panggantha. Nyatane dheweke bola-bali kejeglong ing butuh. Wong tuwane mlebu rumah sakit ambal pindho. Dhuwit slempitan nggo mbayar semesteran kepeksa kabut kebrandhat, isih tambah utangan nggo nebus wong tuwane. (Ngonceki Impen, PS no. 12 :2014 , kaca 19:3-1).

Kutipan ing dhuwur kuwi nuduhake apa sin bakal dilakoni Waskitha iku bakal wedi yen

kelekon kayata apa sing dialami ing jaman biyen. Wis tau dheweke kya kedadeyan kya mangkono, wis nyelengi nanging ana kedaeyan ing ira bisa diduga. Saka kedadeyan kuwi Wskhita wedi arep ngalkokake apa sing arep dilakokae saiki. Saiki dheweke mung aren

nyenengake keluargane tanpa ana kekurangan kabeh mau wujud tanggung jawabe Waskhita mrang keluargane.

(8)

Ana kedadeyan kang nnguciwani kanggo Waskhita maneh minangka pacoban uga yaiku nalikane ngetik komputere Waskitha rusak. Ora gelem dilakokake mung macet.

Kagambara ana kutipan ing ngisor iki:

. . . . wis piye anggone nguthegi CPU nanging panggah ora gelem dijak nyambut gawe, rsane angluh . computer kuwi kaya-kaya sambat. Dhweke ora gelem yen dijak mlayu kaya playune inspirasi sing terus nggendring saben drijine nutuli keybord (Ngonceki Impen, PS no. 12 :2014 , kaca 20:1).

Kutipan ing dhuwur kuwi nuduhake Wskhita iku tresna marang komputere. Amarga

sing digawe kanggo ngetik karyane ya mung computer iku. Atine Waskitha mung bisa sabar. Amaga dheweke ing dina iku wis nduwe inspirasi-inspirasi sing wis di konsep marang dheweke. Mulane dheweke krasa gela marang apa sing kedadeyan ana ing dheweke saiki kok

dumadaka komputere macet.

Dana sing diduweni Waskita kangge ndandani computer mau ora nnutu. Akeh

kebutuhan liya sing kudu dilakokake dheweke mula bingung ora duwe dhuwit. Kagambara ana kutipan ing ngisor iki:

“ Dhuwite rung nuntut. Tabungan sithik nggi jagan sragame Wisnu mlebu Play Group karo nggo nyicil semesteran”. Kunthi mesem tipis. Drijine sing alus mucuk eri njupuk utri dionceki, agahan diwenehake menyang sing kakaung. Langune ora pati krasa , merga gula jawane akeh rada akeh, saengga luwih krasa legine timbang paite (Ngonceki Impen, PS no. 12 :2014 , kaca 20:1).

Kutipan ing dhuwur kuwi nuduhake duwit sing diduweni Waskitha iku ora nuntut. Mung bisa

kangge mangan lan nguripi anake iku, mula kudu bisa ndadekake kabeh mau kudu bisa ngalahi apa sing bakal kedaeyan ing dina temban uga kudu jaga-jaga kanggo apa sing bakal diperlokake kangge kabutuhan saiki sing luwih wigati.

(9)

Kulawargane Waskhita difitnah yen Kunthi selingkuh karo Jumeno saengga ndadekake arep bubrah. Fitnah kuwi akhire kabongkar nalikane para warga ngaku yen

nyebarake fitnah kuwi amarga dikongkon Jumeno. Andharan ngenani kulawarga kang difitnah kuwi bisa dideleng saka pethikan ing ngisor iki.

52. . . . ingkang baken underaning perkawis bilih Pak Sukra, Mas Joko Luwak lan kanca-kancane sampun ngakeni bilih ingkang nyebar pitbah punika inggih piyambake. Namung dhalangipun panic wonten. Inggih punika Jumeno”

Waskitha mung unjal ambegan landhung karo mangut-mangut (Ngonceki Impen, PS no. 32:2014 , kaca 47:1)

Kutipan ing dhuwur kuwi nuduhake ora ngira yen anane tukar padu, anane kabar sing ana ing keluargane iku amarga fitnah. Ing kene Jaka Luwak ngaku yen dheweke nyebarake finah sing njalari Jumeno. Jumeno pancen wong lanang sing sukses nanging mung arep ngrusak

kaliuarhgane wong liya. Tanpa mikir atine wong liya 3.1.4 Kacingkrangan

Kacingkrangan iki bisa diweruhi nalikane Waskhita bingung anggone nerusake kuliyah amarga ora anane bandha. Dheweke bingung arep nerusake kuliyah apa ora iku nandakake yen dheweke taksih ngalami kacingkrangan sajrone urip bebrayan. Andharan kuwi

digambarake ana kutipan ing ngisor iki:

24. “ piye mas, panjenengan kuwi sedhela maneh skripsi, apa ora eman-eman yen dioncati?” pitakone Kunthi.

“ kabeh wis dak niyati Dhik. Daal jaluk sliramu aja nggandhuli pancandanku iki sapa ngerti kabeh iki mujudake pacoban supaya mecut awake dhewe urip mandiri. Kabeh mumpung durung mbutuhake ragat. Memgko yen kedlarung anak gedhe tambah brayat ora wurung bakal dadai gandhulane ati” (Ngonceki Impen, PS no. 18:2014 , kaca 20:2)

Kutipan ing dhuwur kuwi nuduhake yen Waskita iku ora nduweni niyat arep ngakokake

(10)

dina liya bakal mbutuhake duwui, nagging dwis diwanti-wanti bijine nangging yo panggah ira bisa karo pepinginane dhweje sing panggah mikir ekonomine keluargane.

Waskitha ora sida sida nerusake kuliyahe amarag kanhi pikran dawa ana kabutuha sing luwih penting. Tinimbang apa sing arep dilakoni dheweke saiki. Amarag kurange dana sing kudu dijangkepi kangge skripsi. Kagambara ana kutipan ing ngisor iki:

25. sisihane wis njurug. Dhuwit tabungan, ditambah golek utangan bank, lan yen perlu penganggone Kunthi kena kanggo jagan samangsa kurang dana. Kuliyah sing wis ngadhepake skripsi kepeksa dipunggel merga danane nggo ngoyak butuh. Ora bakal digetuni, kabeh wis digagas kanthi pikirab kang dawa (Ngonceki Impen, PS no. 18:2014 , kaca 43:1)

Kutipan ing dhuwur kuwi nuduhake anggone nerusake kuliyah mau cuthel maneh gara-garane duwute kuraf kanggi ngragati apa sing kudu dibayar ing kuliyah. Saka iku mula Waskitha mau mung medhot maneh kuliyahe lan urung nduwe pikiran diterusake kapn.

Nanging kabeh mau ora digetuni, wis lakone urip, nangigng mesthi ana dalane dhwew nalika tenanan anggene nglakokake samubarang sing becik.

Ana ning njero omah Waskitah mau mung mandengi lawang kanggo mikir gajine sing mung sethithik. Mula ing kene sissihane arep golek kerja kanggo nututu apa sing bakal diperlokakae dening keluargane. Kagambara ana kutipan ing ngisor iki:

26. nalika wengi saya nggremet anggone nyawang omah kaya ora ana entek-enteke. Sing digagas ora ana liya kajaba basib sateruse. Omah njenggarong ukuran pitu sangang meter durung katon mambu lepan. Cendhela lan angin-angin isih tembelan blabag tilas cor-coran. Gajine kadhang ora nyandhak yen nyendhengake kedbradhat butuh kang ora diyana. Sing dibledhig ora ana liya kejaba mung golek sebrakan koperasi.

“piye Mas, menawa aku nyambut gawe, menggko nggo nambah ekonomine?” pitakone kunthi kaya mecah swasana amem wengi kuwi.

(11)

“ Dititipne mbahe kaya wong kae. Nyatane wong-wong sing padha nyambut gawe kae nglakoni ngono yo isa mlaku” (Ngonceki Impen, PS no. 19:2014 , kaca 20:1)

Kutipan ing dhuwur kuwi nuduhake yen Waskitha mikirake urip sing dilakoni. Kudu bisa mikir mangarep apa sing bakal kelakon kanthi becik lan bener. Mulane direwangi

utang-utang supaya bisa cukup kabeh kebutuhan keluargane, oramung ngono sisihane uhga ngrewangi nyambut gawe kanggi nyukupi kabutuhan. Sisishane ora memtala nguasake garwane kaya mangkono binggung mikirake apa sing dadi kabutuhane keluargane, nanging

garwane pngah nuntut sisihane supayakudu bisa njagaanake la nana wektu kanggo anake mau.

3.1.5 Dipalak Pawongan

Prekara kriminal minangka maslah sosial kayata anane palak. Palak kuwi kedadeyan sajrone novel ngonceki impen iki nalikane Waskhita arep budhal ngajar menyang sekolahan.

Andharan kaya mangkono bisa diweruhi ing kutipan ngisor iki:

18. gendheng ora kena dislah, sepedhah motor nuli dituntun arep digawa menyang bengkelsing adohe mung setengah kilo wae. Nanging durung nganti muter sedehah montore, kadadak ana wong numpak RX King mandheg neng ngarepe. Jenenge Jojo Luwak. Pawakaane dempel rembuge sugal, gaweyane saben dina mung kluyuran dalan, adu jgo, main, ngombe.

“nyuwun dhuwite Pak , niki rak wonten rapelan undhak-undhakan gaji. Yen mung ngge tuku rokok men rak ora krasa”, guneme Joko Luwak karo ngathungake tangane. Mripate sing abang mentheleng, lambene sing nggada omben isih klomat-klamet (Ngonceki Impen, PS no.16 : 2014 , kaca 19:1)

Kutipan ing dhuwur kuwi nuduhake sepedahe Waskitha iku wis tuwa, nanging sish bisa

digawe amaraga dirawat. Sadawane dalan mau Waskitha cegad karo jaka Luwak. Jaka luwak siapate ala bangrt mung bisa ngentekake duwit, memdhem, adu jafgo lan ngombe. Jaga

(12)

batin, kok dina iki ana wong kaya mangkono mung isane njaluk la nyenenganke atine dhewe ora milrake kepentingane wong liya.

Waskitha akhir menehi dhuwit marang Jaka luwak. An uga menehake kanthi ikhlas. Kagambara ana kutipan ing ngisor iki:

19. Waskitha ngerti menawa Joko Luwak yen dhong mendem ngono kuwi wuws ora gelem disanak. Dheweke wegah rgejengan malah dadi masalah. Mula Wasktha banjur ngetokakae dompete. Dhuwit sing kari telung puluh ewu kuwi kepenakdiselser rong ruluh ewu diwenehake wong mendhem kuwi (Ngonceki Impen, PS no. 16 :2014 , kaca 19:3)

Kutipan ing dhuwur kuwi nuduhake yen Waskitha iku pancen apik bathine. Buktine dheweke

uga menehi dhuwit kaya sing dijalik dening Jaka Luwak, senajan dheweke mung nggawa dhuwit teung puluh ewu, kabeh mau oera dadi apa, mergane yen ora diwenehi bakal dadi rame nalika kuwi Waskitha wis kasep anggene masuk sekolah

Kriminal uga salah sijine ana maneh yaiku fitnah. Perkara kuwi bisa diweruhi nalika Kulawargane Waskhita difitnah yen Kunthi selingkuh karo Jumeno saengga ndadekake arep

bubrah. Fitnah kuwi akhire kabongkar nalikane para warga ngaku yen nyebarake fitnah kuwi amarga dikongkon Jumeno. Andharan ngenani kulawarga kang difitnah kuwi bisa dideleng saka pethikan ing ngisor iki.

52. . . . ingkang baken underaning perkawis bilih Pak Sukra, Mas Joko Luwak lan kanca-kancane sampun ngakeni bilih ingkang nyebar pitbah punika inggih piyambake. Namung dhalangipun panic wonten. Inggih punika Jumeno”

Waskitha mung unjal ambegan landhung karo mangut-mangut (Ngonceki Impen, PS no. 32:2014 , kaca 47:1)

Kutipan ing dhuwur kuwi nuduhake ora ngira yen anane tukar padu, anane kabar sing ana ing keluargane iku amarga fitnah. Ing kene Jaka Luwak ngaku yen dheweke nyebarake finah sing

(13)

3.2 Prekara sosial sajrone sastra

Prekara sosial kang ana sajrone novel ngonceki impen iki. Prekara kuwi bakal diandharake ing ngisor iki.

3.2.1 Kacingkrangan

Kacingkrangan iki bisa diweruhi nalikane Waskhita bingung anggone nerusake

kuliyah amarga ora anane bandha. Dheweke bingung arep nerusake kuliyah apa ora iku nandakake yen dheweke taksih ngalami kacingkrangan sajrone urip bebrayan. Andharan kuwi digambarake ana kutipan ing ngisor iki:

24. “ piye mas, panjenengan kuwi sedhela maneh skripsi, apa ora eman-eman yen dioncati?” pitakone Kunthi.

“ kabeh wis dak niyati Dhik. Daal jaluk sliramu aja nggandhuli pancandanku iki sapa ngerti kabeh iki mujudake pacoban supaya mecut awake dhewe urip mandiri. Kabeh mumpung durung mbutuhake ragat. Memgko yen kedlarung anak gedhe tambah brayat ora wurung bakal dadai gandhulane ati” (Ngonceki Impen, PS no. 18:2014 , kaca 20:2)

Kutipan ing dhuwur kuwi nuduhake yen Waskita iku ora nduweni niyat arep ngakokake kuliyahe kuwi. Sisihane ming meneng nalikane gawrwane wis ngwndika kaya mabgkono

mau. Waskitha wis niyati yen dheweke mung mentingake keluargane , amarga wedi yen ing dina liya bakal mbutuhake duwui, nagging dwis diwanti-wanti bijine nangging yo panggah

ira bisa karo pepinginane dhweje sing panggah mikir ekonomine keluargane.

Waskitha ora sida sida nerusake kuliyahe amarag kanhi pikran dawa ana kabutuha sing luwih penting. Tinimbang apa sing arep dilakoni dheweke saiki. Amarag kurange dana

(14)

25. sisihane wis njurug. Dhuwit tabungan, ditambah golek utangan bank, lan yen perlu penganggone Kunthi kena kanggo jagan samangsa kurang dana. Kuliyah sing wis ngadhepake skripsi kepeksa dipunggel merga danane nggo ngoyak butuh. Ora bakal digetuni, kabeh wis digagas kanthi pikirab kang dawa (Ngonceki Impen, PS no. 18:2014 , kaca 43:1)

Kutipan ing dhuwur kuwi nuduhake anggone nerusake kuliyah mau cuthel maneh gara-garane duwute kuraf kanggi ngragati apa sing kudu dibayar ing kuliyah. Saka iku mula Waskitha mau mung medhot maneh kuliyahe lan urung nduwe pikiran diterusake kapn.

Nanging kabeh mau ora digetuni, wis lakone urip, nangigng mesthi ana dalane dhwew nalika tenanan anggene nglakokake samubarang sing becik.

Ana ning njero omah Waskitah mau mung mandengi lawang kanggo mikir gajine sing mung sethithik. Mula ing kene sissihane arep golek kerja kanggo nututu apa sing bakal diperlokakae dening keluargane. Kagambara ana kutipan ing ngisor iki:

26. nalika wengi saya nggremet anggone nyawang omah kaya ora ana entek-enteke. Sing digagas ora ana liya kajaba basib sateruse. Omah njenggarong ukuran pitu sangang meter durung katon mambu lepan. Cendhela lan angin-angin isih tembelan blabag tilas cor-coran. Gajine kadhang ora nyandhak yen nyendhengake kedbradhat butuh kang ora diyana. Sing dibledhig ora ana liya kejaba mung golek sebrakan koperasi.

“piye Mas, menawa aku nyambut gawe, menggko nggo nambah ekonomine?” pitakone kunthi kaya mecah swasana amem wengi kuwi.

“ menawa sliramu kerja megko Wisanu karo sapa?”

“ Dititipne mbahe kaya wong kae. Nyatane wong-wong sing padha nyambut gawe kae nglakoni ngono yo isa mlaku” (Ngonceki Impen, PS no. 19:2014 , kaca 20:1)

Kutipan ing dhuwur kuwi nuduhake yen Waskitha mikirake urip sing dilakoni. Kudu

bisa mikir mangarep apa sing bakal kelakon kanthi becik lan bener. Mulane direwangi utang-utang supaya bisa cukup kabeh kebutuhan keluargane, oramung ngono sisihane uhga

(15)

garwane kaya mangkono binggung mikirake apa sing dadi kabutuhane keluargane, nanging garwane pngah nuntut sisihane supayakudu bisa njagaanake la nana wektu kanggo anake

mau.

3.2.2 Kriminal

Prekara kriminal minangka maslah sosial kayata anane palak. Palak kuwi kedadeyan

sajrone novel ngonceki impen iki nalikane Waskhita arep budhal ngajar menyang sekolahan. Andharan kaya mangkono bisa diweruhi ing kutipan ngisor iki:

18. gendheng ora kena dislah, sepedhah motor nuli dituntun arep digawa menyang bengkelsing adohe mung setengah kilo wae. Nanging durung nganti muter sedehah montore, kadadak ana wong numpak RX King mandheg neng ngarepe. Jenenge Jojo Luwak. Pawakaane dempel rembuge sugal, gaweyane saben dina mung kluyuran dalan, adu jgo, main, ngombe.

“nyuwun dhuwite Pak , niki rak wonten rapelan undhak-undhakan gaji. Yen mung ngge tuku rokok men rak ora krasa”, guneme Joko Luwak karo ngathungake tangane. Mripate sing abang mentheleng, lambene sing nggada omben isih klomat-klamet (Ngonceki Impen, PS no.16 : 2014 , kaca 19:1)

Kutipan ing dhuwur kuwi nuduhake sepedahe Waskitha iku wis tuwa, nanging sish bisa digawe amaraga dirawat. Sadawane dalan mau Waskitha cegad karo jaka Luwak. Jaka luwak siapate ala bangrt mung bisa ngentekake duwit, memdhem, adu jafgo lan ngombe. Jaga

luwak iku kepengen njaluk dhuwit karo Waskhith nangig ora sopan. Ing kene Waskitha mung batin, kok dina iki ana wong kaya mangkono mung isane njaluk la nyenenganke atine dhewe

ora milrake kepentingane wong liya.

Waskitha akhir menehi dhuwit marang Jaka luwak. An uga menehake kanthi ikhlas. Kagambara ana kutipan ing ngisor iki:

(16)

ngetokakae dompete. Dhuwit sing kari telung puluh ewu kuwi kepenakdiselser rong ruluh ewu diwenehake wong mendhem kuwi (Ngonceki Impen, PS no. 16 :2014 , kaca 19:3)

Kutipan ing dhuwur kuwi nuduhake yen Waskitha iku pancen apik bathine. Buktine dheweke uga menehi dhuwit kaya sing dijalik dening Jaka Luwak, senajan dheweke mung nggawa dhuwit teung puluh ewu, kabeh mau oera dadi apa, mergane yen ora diwenehi bakal dadi

rame nalika kuwi Waskitha wis kasep anggene masuk sekolah

Kriminal uga salah sijine ana maneh yaiku fitnah. Perkara kuwi bisa diweruhi nalika

Kulawargane Waskhita difitnah yen Kunthi selingkuh karo Jumeno saengga ndadekake arep bubrah. Fitnah kuwi akhire kabongkar nalikane para warga ngaku yen nyebarake fitnah kuwi amarga dikongkon Jumeno. Andharan ngenani kulawarga kang difitnah kuwi bisa dideleng

saka pethikan ing ngisor iki.

52. . . . ingkang baken underaning perkawis bilih Pak Sukra, Mas Joko Luwak lan kanca-kancane sampun ngakeni bilih ingkang nyebar pitbah punika inggih piyambake. Namung dhalangipun panic wonten. Inggih punika Jumeno”

Waskitha mung unjal ambegan landhung karo mangut-mangut (Ngonceki Impen, PS no. 32:2014 , kaca 47:1)

Kutipan ing dhuwur kuwi nuduhake ora ngira yen anane tukar padu, anane kabar sing ana ing

keluargane iku amarga fitnah. Ing kene Jaka Luwak ngaku yen dheweke nyebarake finah sing njalari Jumeno. Jumeno pancen wong lanang sing sukses nanging mung arep ngrusak

kaliuarhgane wong liya. Tanpa mikir atine wong liya.

3.2.3 Pelanggaran marang norma sosial

Pelanggaran marang norma sosial iki bisa diweruhi nalikane Waskhita nyedhaki Santi saperlu nglarakake atine Kunthi supaya krasa larane kaya sing diraskake Waskitha. Prekara

(17)

44. wektu iku Waskitha sengakja luwih ngatekake Santi katimbang sisihane. Srawunge digawe saya mepetlan kadhang sok senggolan lengen karo api-apai ngelusi tumoukan majalah sing mentas diwaca Santi. Asine Kunthi dadi goreh. Anggone nyuntak rasa kangen marang Jumeno dina kuwi kaya cagar merga nyipati Santi lan Waskitha katon raket (Ngonceki Impen, PS no. 28:2014 , kaca 20:1)

Kutipan ing dhuwur kuwi nuduhake yen Waskitha pengin ngerteni apa sing dirasakakae

dening dheweke. Kepriye rasane atine yen Kuthi metu karo Jumeno, senajan Jumeno iku mung kanca mitrane. Nanging kunthi kaya seneng karo kesuksesane Jumena, kesuksesan

kuwi maeng durung mesthi becik anggone ngolek.

3.2.4 Disorganisasi Kulawarga

Perkara disorganisasi kulawarga iki kedadeyan nalika Waskhita ngenengake bojone

amarga kuciwa. Kedadeyan kaya mangkono nuduhake yen mutus komunikasi marang salah siji anggota kulawarga kang ateges disorganisasi kulawarga. Kedadeyan mangkono

kagambarake ing pethikan ngisor iki.

30. “ aku melu bali. Mengko yen Wisnu nggoleki malah panjenengan repot.”

Waskitha wis ora aweh wangsulan. Angahan sepedha motore distater nuli ninggalake plataran omah sawise nggunakake klakson ping pibdho. Sadurunge bali, kanggo nglipur atine Wisnu dijak mlebu toko swalayan. Bocah kuwi karemane es krim. Dijarake milih sing disenengi. Ora ndang muulih, sepedha motor diengokake neng warung sega goring lesehan (Ngonceki Impen, PS no. 17:2014 , kaca 19:1)

Kutipan ing dhuwur kuwi nuduhake saka kedadeyan kuwi mula Waskitha enggal-enggal metu saka panggone ibuke sisishane iku. Wisnu dijak muleh, ing dalan diajak mlaku-mlaku

marang bapake. Kanggo nglipur atine supaya bisa nyenengake atine bapake. Mung Wisnu sing bia ndadekake atine Waskitha bisa seneng nyawang kahahn sing kedadeyan ana ing

(18)

4. Dudutan

Cerbung iki nduweni amanat yen oleh pacoban urip kudu tamsah sabar lan nrima sarta tetep upaya. Sipat iku mau kang bakal dadi piwales kang apik ing sabanjure. Pacoban uripe Waskitha yaiku ing antarane ora nduwe dhuwit nalikane nambakake wong tuwane, rusake

komputere, kulawargane difitnah, kacingkrangan, lan dipalak pawongan. Prekara-prekara sosial sajrone cerbung iki ing antarane ngenani kacingkrangan, kriminal, pelanggaran marang

norma, lan disorganisasi kulawarga.

KAPUSTAKAN

Agus Sujanto, dkk. 2006. Psikologi Kepribadian. Jakarta: Bumi Aksara.

Albertine Minderop. 2011. Psikologi Sastra: Karya Sastra, Teori, dan Contoh Kasus. Jakarta:

Yayasan Pustaka Obor Indonesia.

Atar Semi. 2012. Metode Penelitian Sastra. Bandung: Angkasa.

Escarpit Robert. 2008. Sosiologi Sastra. Jakarta: Yayasan Obor Indonesia

Farug. 2013. Pengantar Sosiologi Satra. Yogyakarta : PUSTAKA PELAJAR

Herman J. Waluyo. 2002. Pengkajian Sastra Rekaan. Salatiga: Widya Sari Press.

Nurgiyantoro, Burhan. 2007. Teori Pengkajian Fiksi. Yogyakarta: Gadjah Mada University Press

Redaksi Jaya Baya, Majalah Jaya Baya. Minggu IV Oktober 2014. Surabaya : Redaksi PT

Jayabaya Prabu Gendrayana.

Sangidu. 2004. Penelitian Sastra, Teori, Metode, Teknik dan kiat. Yogyakarta: UGM

(19)

Suripan Sadi Hutomo. 1987. Telaah Kasusastraan Jawa Modern. Jakarta: Pusat Pembinaab dan Pengembaan Bahasa Departemen Pendidikan dan Kebudayaan.

Suwardi Endraswara. 2008. Metode Penelitian Psikologi Sastra Teori, Langkah dan Penerapannya. Yogyakarta: MedPress.

Wellek, Rene dan Austin Warren. 1977. Teori Kesusastraan. Terjemahan oleh Melani

(20)

Referensi

Dokumen terkait

Faktor pengaruh kebudayaanberada pada kategori sedang.Hasil uji analisis hubungan antara faktor- faktor pembentuk sikap dengan sikap petani terhadap program GP-PTT dalam

Penelitian ini sebanding dengan penelitian yang dilakukan oleh Ramadhani (2016).(11) Daun mangkok ( Nothopanax scutellarium ) memiliki efektivitas terhadap bakteri

mutual relations antara orang tua dan lembaga TAPAS, hal ini diperlihatkan dengan beragam cara seperti bentuk kerja sama yang dilakukan di TAPAS, yaitu saling bekerja

Hal ini didukung oleh pendapat Kompiang (2000) menyatakan melalui proses fermentasi dengan Aspergillus niger nilai protein kasar kulit kopi dapat ditingkatkan dan kandungan

Hasil penelitian yang diperoleh setelah diolah oleh peneliti adalah (1) siswa (internal) termasuk dalam kategori baik atau 81 % siswa yang tidak bermasalah, (2) guru

Pramushinta (2015) menyebutkan bahwa sistem pelaporan pajak oleh wajib pajak akan efektif apabila dilakukan secara online karena dengan sistem online wajib pajak tidak

Perguruan Tinggi Raharja memiliki berbagai official website, mulai dari website milik Perguruan Tinggi Raharja sendiri dan ada juga website milik setiap jurusan

Indikator pendidikan yang signifikan terhadap Indeks Pembangunan Manusia di Provinsi Jawa Timur terdapat 6 indikator yaitu meliputi angka partisipasi kasar pada jenjang