• Tidak ada hasil yang ditemukan

SERAT KAKI WALAKA serat kaki walaka1

N/A
N/A
Protected

Academic year: 2017

Membagikan "SERAT KAKI WALAKA serat kaki walaka1"

Copied!
191
0
0

Teks penuh

(1)

SERAT KAKI WALAKA

Tedhakan Serat Kina

Ingkang mratelakake lelampahan Sarta sugengipun Kangjeng Sunan Kalijaga Ingkang cinandhi ing Pasarean Kadilangu Demak

Kababar lan lan kawedalaken

PAGUYUBAN AHLI WARIS KULAWARGA

KANGJENG SUNAN KALIJAGA

Dening

PAGUYUBAN AHLI WARIS/KULUWARGA

SUNAN KALIJAGA

Cabang Jakarta 1993 ---

(2)

Perangan I

Ing ngandhap punika amratèkaken rawuhipun para wali, ingkang sami lelana aniti pariksa ingkang amemarahi rubet-rentenging ngari Demak. Kala samanten sampun sami sapatemon kaliyan Kangjeng Sultan Demak, anyariyosaken angsal-angsalipun piyambak-piyambak. Wantuning para ahli ngèlmi, temah sami medalaken mangunah, kados ta, Sunan Giri kaliyan Sunan Kudus lajeng kawasa ngudanèni para kawula para kawula ageng alit, jaler estri. Ingkang nandhang sakit, sinabdan kèmawon, saras. Nadyan para wali lelana ngidul-ngilèn, inggih sami katandha kaluwihan. Wonten ingkang saged nggendam, kemat, panglerepan, nerang jawah, ndhatengaken jawah, sapanunggilanipun sampun kagelaraken ing ngrasa Nata.

Dupi ing antawis dinten, para wali ingkang kantun sami reraosan gethok-tular, yèn ing kedhaton wonten tiyang nama Kaki Walaka, saweg kineker, sinihan ing Narèndra. Sarta winartan, yèn Kaki Walaka wau sampun natè dipun seking dèning Sunan Maryapada, muksa. Sampun sami nginten sirna, wusana mumbul malih. Malah ngetheker wonten kedhaton. Bokmanawi dipun guroni Sultan Demak. Katawis winong sakajengipun. Manawi wujudipun tiyang, boten mèmper, saking sipatipun dahat papa. Pakartinipun ngarit rumput. Denè talitining tiyang, asal ing dhusun Galinggangan, trahing alit balaka.

(3)

Ingkang dinangu matur, “Kawula pun Walaka. Mila Paduka Nata sampun kagèt. Anggèn kawula mancala warni ageng inggil punika, rèhning badhè sapatemon kaliyan para wali.”

“Yen mangkono tut wuri.” Kaki Walaka matur sandika, umiring. Sareng dumugi ing panepèn, andadosaken kagètipun para wali sadaya. Anginten yèn gandarwa. Wekasan tinakènan, ngaken nama Kaki Walaka.

Sunan Maryapada tetanya, “Karananè sipatira rowa, bèda lawan nalika kapanggih rumiyin?”

Kaki Walaka mangsuli, “Saking boten kekirangan kucahing Nata.”

Sunan Muryapada ngandika, “Dènè para wali iki kabèh wus lawan sinuba-suba ing Nata, teka tan ana undhaking kulit daging. Saweneh malah saya kuru, ananging rina wengi amung ngulah budi. Layak tan bisa lemu. Balik sira, mung nganggur. Yekti wus dadi benerè, yèn wong cilik iku, angger wus wareg wetengè baè, wus trima. Mangangan saananè baè wus bungah. Sarta kang binudi, liya turu angorok satutugè, ora ana manèh. Wah ora mèlu mikir rubet rentenging praja. Ora sumurup reretu, angger awakè lemu.”

(4)

Allah ora kawasa? Apa Allah ora murba amisesa? Apa Allah nora èlok? Nora sampurna? Muhung angugung para wali baè? Yèn mangkono, Sunan Muryapada iku bisa gawè abang-ijo. Parlu apa ngaub wibawaning Narèndra? Manawa panimbangku, ngendi ana wali kadunungan ati panas atèn, panasbaran? Mangko manungsa ijèh kanggonan angkaramurka, èwanan maring sapadha-padhaning ngurip, karem canggèh, karem dhawèn, karem opèn kamèren baè, wus kena dèn arani kèwan. Upama ingsun ngawulakakè wong kaya kowè, èman angulungi pangan. Mubadir angulungi kècèran. Caturan baè èman.”

Sunan Muryapada sakalangkung mèrang ing galih. Badhè dipun candhak, pinenggak kancanipun. Tanpa damel anglawani Kaki Walaka. Mindhak boten kajèn, sarta nyenyamah badan, ngapesaken dhiri, yèn mengsaha tiyang alit balaka. Kang pinenggak ènget. Amung Sunan Kudus ingkang mandhengkel galihipun. Sunan Giri amenggak, amung paring sasmita kèmawon, kinèn anandukaken panglerepan, pangatisan. Nadyan para wali ingkang sami mentas lelana, inggih jumbuh tampining sasmita. Dadya sami nandukaken aji pangatisan, sarta tuju tenung pangleburing satru.

Amung Sunan Punggung, kalih Seh Lemahbang, tiga Molana Ibrahim Jatiswara ingkang mboten tumut ganggu gawè. Malah mbekuh ngandika, sarwi medal jawi, api-api tetoya, “E, sasat apa, padha kadunungan watak brangasan. Bener kang ngarani wali tanpa guna.

(5)

Kacarita para wali saya kabangan galih dènya ningali Kaki Walaka. Lajeng sami nandukaken aji pangapesan, pangatisan, sapanunggalipun. Wantu-wantu tanpa pedhot dènya nandukaken donga pangleburan sarta donga sait, donga tlekim, nanging boten saged tumama. Kaki Walaka sumerep gelar sikaraning para wali, lajeng anjawil Sang Nata, mrih mundura. Kangjeng Sultan ing Demak anampèni sasmitanipun Kaki Walaka, lajeng kondur ngadaton. Para wali rinilan bibaran, mantuk sowang-sowang.

Sareng dumugi sanjawining kori Brajanala, para wali sami paguneman, angraosaken Kaki Walaka anggènipun wentala. Boten pasah kataman sakathahing aji panglerepan, miwah donga sikara sapanunggilanipun boten rinasa.

Saking pamanggihipun para wali, anarka dèdè manungsa. Wonten ingkang amastani dhanyang perayangan ingkang rumeksa ing pura. Trekadhang wonten ingkang amastani kadangipun Sang Nata piyambak ingkang lair sadinten. Pangintenipun para wali, nalika kataman ing reretu, Sang Nata manekung dhatengipun kadang papat kalima pancer, nanging ingkang sawujud amung satunggal, sedya badhè labuh ing sungkawèndra. Awit manungsa punika, manawi sanget pangèsthinipun anekakaken kadang, yekti kadugèn. Manawi mboten makaten pasthi sirna kataman ing piranti.

(6)

nywun lilahipun Sang Nata, Kaki Walaka dipun ruda peksa ing kathah.”

Gantya kacariyos, sakonduripun Nata, Kaki Walaka tinimbalan, dinangu sawewadining sedya, duk patemonan para wali. Kaki Walaka matur sajarwa, “Dhuh Sri Nata, sayektosipun amung sedya andadar kadibyanipun para wali kèmawon, menggah pangreksaning praja, punapa pancèn mimbuhi santosa punapa mboten. Wasana kalèjemipun amung gumulung èla-èlu kèmawon. Wonten ingkang radi patitis. Sunan Giri asring dhoyong. Wonten ingkang moncol pangawikanipun. Sunan Kudus karem jejailan. Seh Lemahbang samukawis ngujubriya, angoglèng ngengkoki, tanpa dipun waranani. Dados satengah kupur, Seh Molana Ibrahim Jatiswara nyata punjul, nanging pakèwed, margi saking kasoran talitinipun. Dados sadaya wau tangèh anyamènana Susuhunan ing Ngampèldenta kalih Susuhunan Bènang. Punika nyata trus ing lair batinipun. Wonten malih wali balila ing ratu, Susuhunan ing Kalijaga. Upami puruna ngumpul para wali, kados tetiga punika kèmawon saged nguwawèni pangreksaning praja.

Sri Nata tetanya malih, “Satuhunè sira kaprenah apa lawan Susuhunan Kalijaga, dènè bangkit anggancarakè?”

Kaki Walaka matur, “Dèdè sanak, dèrèng natè uninga. Amung gethok tular karna binandhung, indhaking pawartos kèmawon ingkang kula cariyosaken punika. Papan prenahipun wisma tan uninga.”

(7)

Kaki Walaka matur, “Boten.”

Sasampuning imbal wacana, kasaput ing ratri, Narèndra tedhak ing panepèn malih, amanggihi para wali. Kaki Walaka tansah atut wuri Sang Nata, tunggil lungguh kalih palawija pun Wada, Wadaka. Ing ngriku Kangjeng Sultan ngandika asmu pegel, angraosaken para wali kalih Kaki Walaka.

“Hè para pinundhi, dahat kodheng pamanggih kula, dènè jengandika kadi badhè ngrebut prang. Katawis pating bathithit. Nitya sirung, serenging pandulu lir mulat dhem-dhemanipun, dènè jengandika anon tiyang kebon kèmawon dadak murang-muring. mBok radi kasarèhaken sawatawis. Manawi anggung makatena, temah lèna rumeksaning nagari, mimbuhi karubetaning manah kula. Dados ing panepèn punika boten kaanggè nenepi, boten sedya semadi, tansah kaanggè padudon ingkang tanpa waton.”

Para wali sareng ngulap sirunging nityanipun Sri Nata, temah tumungkul, tan ana saged amangsuli. Ananging wantuning sampun sami kumpul ing rembagipun, dados amung ngentosi jengkaring Nata kemawon. Sedya badhè ngrujak Kaki Walaka.

Duk samana Sri Nata lajeng kondur ngadhaton, saking kirang mirena aningali patrapipun para wali, sampun boten kènging dipun pambengi. Wasana asmu kaaben kèmawon. Kaki Walaka tinilar kari priyangga.

(8)

jawi, awit boten pangling ningali gelaripun Kaki Walaka. Nyata yen Sang Pinudya.

Kala samanten Sunan Kudus dalah para wali tuwin pamagangan sakantunipun sampun sagolong gumulung ing galih. Amung Sunan Giri ing galih karaos sumelang. Mila sareng Sunan Kudus, Sunan Muryapada sakancanipun sareng mengsah, Sunan Giri cangkèlak wangsul, malah medal ing jawi, nunggil pangintipanipun para wali ingkang medal wau, sarta lajeng nunggil lawan Sang Nata.

Kacariyos salebeting dalem panepèn swaranipun sakalangkung ramèning solah, sabawaning patrap. Amung swaraning pangucap boten mireng. Dadya amung pating kalepruk, pating kalebrug, pating galudhug, dènya ngrubut Kaki Walaka. Amung kanyatanipun Kaki Walaka wau boten mingset saking palungguhan. Amung èca-èca anggènipun nata cundhuk, utawi ngilo, apepidihan sarwi nggebeg sarunganing wangkingan kèmawon.

Dènè ingkang pating galebrug, ting galudhug punika Sunan Kudus sakancanipun, anggung larak-linarak piyambak, gèrèt-ginèrèt, dugang-dinugang, bithi, tabo-tinabok, jengkang-jinengkang, larak-linarak ramè.

Dangu-dangu Kaki Walaka welas aningali solahing pasulayan. Kaki Walaka lajeng muksa tan katingal. Sunan Giri rikat malebet ing panepèn kaliyan para wali ingkang sami umpetan, atut wuri Kangjeng Sultan. Sapraptaning dalem panepèn lajeng misah para padu kalintu padu sadaya.

(9)

regejegan lawan sakancanira para wali. Kaya priyè pangrasaning tyasira kabèh?”

Sunan Kudus, Sunan Muryapada matur piyambak-piyambak. Saking pangraosipun para wali wau ugi angrubut Kaki Walaka. Jalaran tinubruk ngiwa, manengen. Ing kidul Kaki Walaka, mangalor Kaki Walaka. Nadyan tinubruk saking lèr, mangetan. Rinujak, manengah inggih ical. Dangu-dangu ribut panduluning para wali.

“Kaki Walaka pating sariwet, manengah langkung kathah. Busananipun sadaya sami, cundhuk sekar wora-wari bang. Sareng Paduka pisah punika, Kaki Walaka sirna tan katingal.”

Mila para wali sami rèbat, rumaos kasoran ing adilaga. Cipta mati, yèn tan kecepenga. Nanging Kaki Walaka lajeng boten katingalan. Temah gelaning manah dènè mengsahipun miruda, tan panggih ing adilaga.

Sunan Giri sakancanipun ingkang ngintip sadaya sakalangkung gumujeng ing panggalih dahat. Temah angandhika dhateng Sunan Kudus, “Hè Jebèng, boya menang sira aprang lawan wong sudra papa. Mung sawiji baè sira bangganè, karana Kaki Walaka sira krubut ngakèh. Ora layak mungsuhira sirna.”

(10)

nyenyamah badan, angapesaken dhiri. Luhung kinèndelaken kèmawon. Tur kantun mirengaken sakojah-kojahing tiyang alit sudra papa.”

Sunan Kudus sakancanipun sami boten saged amangsuli. Amung tumungkul, asmu mèrang dahat. Dèrèng kèndel dènya imbal wacana, kasaru dhatengipun Sunan Ngudung. Dadya lajeng winartan sasolahing pancakara. Sunan Ngudung ambekuh makaten, “O hah, wong ngatuwaku, teka dadak kapilarè temen, dènè wus anthuk dhawuh wewelingè Sunan Ngampèldenta miwah wewelingè Sunan Bènang, menawa ana lelakon aneh kang luwih saka kalaumrahaning ngakèh, aja wani-wani anyulayani, karana Sunan Kalijaga sukak anyoba ing sapadha-padha. Panyobanè mung saka arep nonton tekading wong sawiji-wiji. Wekasanè mung mamrih rahayuning tumitah kabèh.

Kapindhonè, yèn ana lelakon anganèh-anèhi, mangka dudu sawantahe, iya iku tandha panggawèning Pangèran Kang Agung, enggonè bakal amaringi lelakon becik-becik. Wasana wong ngatuwaku dalah para wali padha kapilarè temen. Malah padha kuwalik panemunè, anuruti hardanè, angumbar nepsunè. Dadi tan rumeksa ing ratu, ora ngèman dhirinè. Mangka wus jumeneng wali, iku mung kari ngidaki benerè baè, ora perlu maèlu kang tanpa perlu. Awit wis pinundhi-pundhi sanagara, sinembah-nembah putra santana, anak-putu. Tanpa gawè yèn padha maksih ngunggarakè kanepsonè.”

(11)

Saking sanget kalingsemipun, Sunan Kudus sakancanipun para wali sami kalimpukan wonten ing wana Kardhayana. Saking Demak ngidul-ngètan, lampahan sadinten sadalu. Laminipun para wali andhelik, dhateng wana satengah wulan.

Dumadakan wontenipun ngriku dipun opèni tiyang èstri, wismanipun ropoh roning jati aking. Suprandosipun saged angaturi sugata sawontenipun. Saking katuju ing karsa, para wali wau temah arerèwang ngupados kayu rèncèk, sarta ngupayakaken barang saisining wana-wana. Kados ta : ndhudhuk wi gembili. Saking kalabetan saè, dados kedah amales sasagedipun. Sareng antawis dangu, Sunan Muryapada tetakèn, “Hè Nyai, pagènèya sira wong wadon wis tuwa wisma samadyaning wana, tanpa rowang? Apa tan duwè sumelang? Lawan saka ngendi kang minangka ular-ularing pangan?”

Kang dinangu matur makaten, “Anggèn kula gegriya wonten wana punika sampun sinedya, sarta mituhu sapakèning gurulaki kula. Anggènipun, nedha inggih amung angandel-kumandel ing Pangèran kèmawon. Awit kamirahaning Allah punika boten kènging kinaya ngapa. Sayekti saenggèn-enggèning gesang, sinung pangan. Nadyan uler salebeting kayu, watu, inggih sami dipun gantungi tedha.”

Sunan Muryapada miwah Sunan Kudus anganthuki bener, “Masak Allah, sira wruh kamurahaning Pangèran Kang Murba Kawasa Amisèsa. Mungguh lakinira iku sapa? Anambut gawè apa? Teka wus suwè durung mulih mrènè.”

(12)

Sato kèwan, sakinten sakit lajeng dipun sukani, saras. Yèn siyang sadè sekul, kaideraken dhateng dhusun ngadhusun. Manawi dipun tumbas, boten suka. Pakartinipun amung sinungaken tiyang miskin. Pinggir margi sami sinungan tirta wening anèng wadhah, supados kaanggè ngunjuk tiyang miskin. Dènè simah kawula punika sajegipun gesang, boten nyepeng punapa-punapa, sarta boten natè nedha. Kaki Walaka wau remenipun lelana sapurug-purug, sarta boten natè kekaya dhateng kawula. Dènè Gusti Allah inggih paring kamirahan. Amung sèmah kawula, Kaki Walaka punika, manawi nuju wonten griya, tetiyang ingkang sami pepanggihan tansah lumintu, boten pedhot ingkang kula anggè nyugata dumadakan mboten kirang. Sarta Kaki Walaka wau boten mesthi naruwe tetiyang. Saben dhatèng namung kinèndelaken kèmawon. Suprandosipun kathah ingkang dhateng, nyuwun sabda pangèstu. Tur para ingkang dhateng punika mawi ambekta, inggih boten. Yèn wonten tiyang dhateng mawi angsal-angsal, malah dipun wangsulaken. Suprandosipun rijeki kula sakalangkung kathah, utawi lajeng kula sukakaken anak-putu kula sadaya, waradin. Ing wewadhah tuwin lumbung sanget luberipun. Dènè yèn sèmah kawula, Kaki Walaka, wau kèsah, mangka kula katamuan, agengipun sanak sadhèrek darbè karya, wadhak kula donya sampun isi. Dados boten garobyagan uru-urun.”

Para wali sadaya kagèt, panggalihipun sanget ngungun. Kathah kaduhungipun wardaya. Mila sareng dipun cariyosi makaten punika, sangsaya kathah mèranging galih, lajeng nedha pangapunten, badhè andugèkaken lampah. Ingkang liningan nyumanggakaken ing karsa.

(13)

pakaranganipun Nyai Walaka ngantos kawekèn ing galih, dènya para wali tansah bola-bali, boten saged lajeng medal. Wantuning tyas kawelèh, temah mudalèh, “He Nyai Walaka, kapriyè anggoningsun arsa lumaku, dènè tan bisa metu saka pakaranganira? Apa duk lagining bebadra, apa sira mendhem oyot mimang? Marmanè ingsun sarananana, supaya aja bingung bola-bali. Dène saluput-luput, manawa ana garap gangsulè iya kang agung aksamanira.”

Nyai Walaka matur, “Boten kawula pendhemi punapa-punapa. Dènè anggèn Paduka boten saged medal saking pakarangan punika, bokmanawi wonten ingkang gadhah osik kirang prayogi, awit welingipun sèmah kawula, sanadyan kutu-kutu wong alang ataga ingkang malebet pakarangan kawula, mangka gadhah osik awon, tamtu boten saged mantuk. Mila sèmah kawula welingipun, sinten ingkang malebet ing pakarangan ngriki, kula kapurih nyaèni. Sukur kawula saged boja, yèn boten sagedipun, kula inggih krama. Kawula wineling, sampun ngantos gadhah renguning nitya. Ewadènè rèhning Paduka punika Panjenengan wali, kawekèn punapa ambirat pakartining ngalit? Yèn kula sageda, saèstu lajeng kula birat sesaratipun. Rèhning amung wewelinganipun tiyang jaler, dados kedah ngentosi sadhatengipun bojo kawula. Dèrèng kantenan antukipun.”

(14)

gadhah atur wewangsulan, “Masak Allah, manawi dhasar sanyata antep Paduka, kula amung darmi ambuka wewelingipun sèmah kawula. Daweg Paduka sami kula irit malebet ing guwa wingking griya. Mangkè yèn kapanggih bojo kula, mitembunga piyambak. Kados antuk pangaksama. Ananging lebet Paduka dhateng guwa, angucapa makaten : (para wali nuruti)

“Ingsun Kang Agung, Kang Amaha Kuwasa Suksci sajati. Iya Ingsun Amisèsa, iya Ingsun Kang Wenang Angluwari rubet rentengingsun dhèwè. Ora ana Pangèran anging Ingsun Sajatining Dat, kang anglimputi ing sipatingsun. Anartani ing asmaningsun, amratandhani ing apngalingsun. Byar sampurna padhang terawangan, ora ana apa-apa. Anging Ingsun kang binuka saka kijabingsun dhèwè. Wus sanyata kasahid dèning Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga, kalawan anteping kodratingsun.”

Sunan Kudus sakancanipun sami nurut sawewarahipun Nyai Walaka.

Dupi wus malebet ing guwa sadaya, para wali lajeng sumrepet panonipun. Kadi ngambah ing ngalam kanyut. Sakedhèping nètra para wali sampun dumugi ngarsa Nata, sarta Kaki Walaka taksih sumiwi sakiwaning Narèndra.

(15)

Kala samanten para wali sampun jumurung, boten anulayani, karana sampun rumaos kasoran ing ngilmunipun, dalah kaluwihan ingkang medal saking gaib inggih kalindhih. Mila satunggal boten wonten ingkang nulayani.

Sasampunipun makaten, Kangjeng Sultan ing Demak lajeng kondur ngadhaton, angrakit sapakartining puruita. Dènè ingkang kapareng bèla : palawija kalih pisan, pun Wada, pun Wadaka. Sami binusanan saèngga pangantèn sapekan. Kaki Walaka ingkang kapitados mbusanani para wali, inggih amung Sunan Giri, Sunan Kudus, sapanunggalipun. Nanging Kaki Walaka boten purun sinalinan busana. Mila sareng dumugining ratri, Sri Nata sampun miyos. Dupi aningali kusuting busananing Kaki Walaka, Sang Nata asmu duka. Nginten para wali ingkang gething, boten purun ambusanani. Para wali matur sajarwa, yèn Kaki Walaka boten purun santun busana. Wangsulipun makaten, “Manawi pancèn rinilan Allah, sami sanalika kèmawon saged antuk busana.”

Sareng sampun dumugi wanci sirep tiyang, para wali sapamangangan pepak, sami ngadhep ing ngarsa Nata. Dènè para wali ingkang sepuh-sepuh kalilan lenggah jajar lawan Sang Nata.

Sasampuning makaten Kaki Walaka matur bilih kapareng nyuwun lenggah nginggil, majeng mangètan. Kangjeng Sultan miwah para wali kinèn ngadhep majeng mangilèn. Narendra mituruti.

(16)

Ing nalika punika para wali sami ajrih ndengèngèk, awit sampun rumaos kalindhih sarèkanipun, kawelèh saakalipun, kawirangan rambah-rambah, sarta katutupan wicaranipun piyambak. Dados sanget sumungkemipun kaliyan Kaki Walaka, sasat pitik iwèn kaparekan ama.

Makaten malih Sang Nata, dhasar sampun sinedyakaken ing Guru Rama, tumanceping manah sasat angluluh sarira. Mila nggung tumungkul, ajrih tumenga. Amung palawija kekalih ingkang ngawasaken dhateng Kaki Walaka.

Dènè para wali ingkang sumerep dhateng Kaki Walaka amung Sunan Giri kalih Sunan Panggung. Sunan Ngatasangin, Sèh Lemahbang, Sèh Molana Ibrahim Jatiswara, tamat dènya mancala warni.

Sareng sampun matrapaken pangandika sapisan, saparluning wewejangan, Kangjeng Sultan Demak kalilan tumenga, margi badhè kagelaraken paraboting ngilmi.

Kangjeng Sultan ing Demak duk tumenga, boten wawang yèn ingkang Kaki Walaka punika Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga.

Knagjeng Sultan boten saranta, sigra angrungkebi pangkonipun, nanging Kangjeng Sultan ing Demak lajeng dipun inggati. Sunan Kalijaga muksa sakala, tan katingal, amung kantun warni cahya gumilang tanpa wawayangan, sumorot amrabani sadalem pura.

(17)

nyata yèn sampun waliyullah Gaib, nyata yèn dados panggayuhipun, rinilan manjing Rijalullah Gaib. Mila Susuhunan ing Giri sakancanipun ènggal dènya marepeki Kangjeng Sultan ing Demak, sarya ngrerepa, amrih lipuring Narèndra, dènya lara karuna saèngga kantu, tan enget ing purwa duksina.

Dupi wus paripurna, lajeng lenggah ing singasana, kaapit-apit para wali sepuh-sepuh, kaadhep para wali anèm dalah pamaganganipun sadaya. Amung pun Wada lawan wadaka ingkang marepeki Sunan Kajenar, kalih Sèh Ibrahim Jatiswara, awit palawija kekalih punika maripatipun amung mantheleng, boten kedhèp, kadi mata walangen. Dupi sampun sami waluya jati, temah taken-tinakènan sababipun sami kami tonggongen. Ingkang dinulu punapa, ingkang mitakoni sinten ? Yèn kagèta, dènè sidhem, tan ana swara sora, boten wonten tetingalan punapa-punapa.

Pun wada, Wadaka matur, “Saking kami tenggengen ningali warnanipun Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga, dènè mawa cahya mancur, mancorong gumilang tanpa wewayangan. Dados anggèn kula mantheleng boten kadhèp, saking kasorotan cahya nurbuwah. Dados cahyaning nètra kurub, kalimputan ingkang mancur mancorong wau. Wantunè kula taliwining ngalit balaka, sajeg kula gesang saweg punika uninga prabaning cahya anglimputi bawana. Dados lajeng anglarataken cahyaning nètra kawula..”

Para wali atetanya malih, “Mungguh pangrungu kita duk amedhar rahsa gaib marang Kangjeng Sultan Demak, apa sira angleng pangandikanè Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga?”

(18)

Pandangunipun para wali dhateng pun Wadaka, Wada, tansah dineder saparluning wejangan. Pun Wada, pun Wadaka matur, “Boten saged anggancaraken. Amung saking ancer-ancer kèmawon ingkang kula tampèni. Wisikan ananing dadya. Manawi duk misik dhateng Kangjeng Sultan, pamireng kula sasahidan kanyataan ing dalem rahsa rumasa, sarta anggelaraken wisikan kahananing Dat kang mutlak, kang kadim ajali abadi, tuwin ambabar budiman ingkang amratandhani purba wasèsaning Dat Kang Mahasukci. Pungkasanipun amedharaken Kajat Jatiwasèsa, inggih punika nyataning Kawula Gusti. Dados anedhahaken Sangkan Paraning

Tanajultarki, katetepaken pangawasaning tèkat ingkang dhateng pangancas panjing-suruping pati, neteg sahadatipun Kangjeng Sultan. Saweg saangkatan lajeng katungka wonten prabaning cahya nurbuwah, winantu jasat kawula kami tenggengen punika wau. Dados gagar boten kantenan.”

Para wali jalimet dènya tetakèn. Pun Wada, pun Wadaka sugal wewangsulanipun, “Kadi pundi dadak tansah tetaken? Punapa ngilmi punika wonten bèdanipun ? Menawi pancèn wonten bèdanipun, kula nrimah. Manawi boten bèda, kadi pundi sami pangkating wali sami ndhedhes dhateng kula ? Sok makatena Jengandika sadaya dereng paja-paja ngèmperi Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga. Dados Jengandika punika kènging dipun wastani mentah ngilminipun, awit tandhanipun para wali tanpa mangunah. Mangka tiyang ahli ngelmi kasampurnan punika, manawi sged angancas dadining awal-akir, nyata kawasa. Wasana kagètan, gumunan, èraman.

(19)

kadunungan budi jatmika, boten anglebeti panguwasanipun, pinareng gesang ing awal-akir. Inggih punika tetep kayun pidarèni. Tegesipun : gesang toya kalih. Wonten ing alam dunya gesang, wonten kahanan ngalam akirat saged saged gesang.”

Boten kacarita pandhedhesing para wali dhateng pun Wada, pun Wadaka. Sakonduripun Kangjeng Sultan ing Demak, para wali tansah paguneman angraosaken gaibing Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga. Mila parawali sepuh, sanget panggagasing galih, dènya bèda lawan ingkang ngumbara. Dènè para wali ingkang nèm, sarta para pamaganganipun saya kirang gadug panggagasing galih.

Amung Susuhunan Panggung ingkang sampun ngregem wasitanipun Kangjeng Susuhunan Kalijaga. Mila sumalonong atur dhateng Sunan Giri, Sunan Kudus, kados ing punika pagunemanipun.

“Kula punika inggih sampun angsal berkahipun Kangjeng Sunan Kalijaga, nanging amung gelaran wahananing Dat kèmawon punika ngantos sawarsa dèrèng saged ngregem parlunipun. Ngantos dumugi sapriki meksa dèrèng mangerti nyatanipun. Mangka Kangjeng Sultan kaliyan pun Wada, pun Wadaka, anggènipun amaringi amung sadumuk malih, sageda gadug. Mila dados sakalangkung panggagasing manah.”

(20)

Sunan Giri angandika, “Yèn mangkono sira iku wis pinaringan barkah lawan Sunan Kali ? Kalèjemè malah kalawan Sunan Panggung. Yèn cilikanè Sèh Molana Ibrahim Jatiswara uga katara kedalè pamicara utawa rerasanè marang bangsa rahsa, akèh sulayanè. Tur ingsun iki kabèh, para wali, uga padha wiji saka Sunan Benang. Witè ing dhuwur pisan saka Ngampèldenta. Suprandènè kang wus katandha kasunyatanè marang ngilmu makripat, Sunan Kalijaga iku wus antuk gaibing kanugrahan. Mulanè kabèh para wali ora ana kang lawan mujijatè utawa kanugrahanè.”

Sunan Panggung matur, “Puanapa Paduka nama Kaki Walaka ? Para wali boten anyektosi, dados ing mangkè wajib sami dipun èngeti, supados ing tembè yèn wonten kaèlokan, dados boten balolokan ing paninggal. Ing nguni kula sampun angsal dhawuh piwelingan kados ing ngandhap punika :

1. Dhestar wulung, nyamping wulung, rasukan sami wulung, cundhuk sekar wora-wari bang, wangkingan warangka ladrang kacothè ngajeng, anyampiraken kacu gembaya.

2. Dhestar modang cemeng, rasukan tiga gangsal, paningset puluh watu malang, èpèk sangkelat cemeng, nyamping cakar ayam, nyampir kacu baya gembaya, nyothè wangkingan.

3. Sorban koncèran, baju kebayak mubah, ing jawi rasukan antakusuma, nyamping gembaya, kacu gembaya, lancingan panji-panji, gasperan.

Panganggè tigang prekawis wau dugi sapunika boten kènging tinulad, yèn maha katamun walad.

(21)

5. Yèn mangagem cara sudra papa, inggih sanget kusutipun, kados tiyang miskin, ananging ginemanipun kedah kumalungkung, angungkul-ungkuli sasamining tiyang.

6. Yèn mindha pawèstri, ingkang dipun agem bangsa aji pangapesa, sasaminipun. Mila duk mindha tiyang ngarit, nama Kaki Walaka, ginemanipun langkung adigang adiguna. Mila manawi kirang mulur panggalihipun, tamtu dados pasulayan, awit saking ngungasaken pangawikanipun.

Sunan Giri miwah Sunan Kudus dahat sukaning galih, jalaran sampun tinedahaken titikanipun. Saupami boten dipun aturi, ing wuri badhè kasaluru kados ingkang sampun kalampahan. Temah badhè nuwuhaken salah surupanipun. Sareng sampun jinarwanan dèning Sunan Panggung, sadaya suka ing galih, jalaran para wali punika sampun sami suka sumungkem ing galih dhateng Sunan Panggung kalih Sunan Kajenar, tiga Sèh Ibrahim Jatiswara. Tetiga punika sejatosipun sampun nyuwun widana. Tegesipun : nyuwun barkahing Pangèran Kang Agung. Nadyan wong pidak padarakan, kedah canjè-canjè. Punika tembung Arab ingkang dèrèng wewangunan. Tegesipun : ingkang nyata nyatanè. Manawi sesikuning Pangèran, jampènipun andaluya punika giniro-gira, supadosipun harja kanjeng suistha jampi.

Menggah ingkang kasebut ing suwalik punika, saking pikajengipun Sèh Ibrahim Jatiswara. Tembung Canjè wau nyata.

Ginira andaluya punika tiyang ingkang ngglangyong tanpa kering.

Harja kajeng suistha jampi tegesipun : kang urip ora kena pati.

(22)

punika nyata Sunan Kalijaga. Inggih punika ingkang urip tan kena ing pati. Kang langgeng, ora kena ing owah gingsir. Mila mawi kapethuk sadaya wau, mugi dèn prayitna. Utaminipun, manawi karsa mampir. Manawi boten, inggih ingkang ajrih, ingkang kurmat. Awit manawi wonten tiyang ingkang menthangul, malah dipun perpeki.

Lega tyasè para wali sadaya, rumaos ing tembè badhè boten kènging cobinipun Kangjeng Sunan Kalijaga, awit sampun angsal pitedahipun Sunan Panggung bab ingkang dipun agem sadintenipun, utawi pangagemanipun ingkang padinan.

Kacariyosaken sasampunipun makaten, para wali lajeng lelana, ngupados siti payah, awit sayah nalika rerejenganipun sami dipun abèr-abèr kajalonipun. Awit manawi ngalempruk sadaya, inggih katut papa sangsara.

Kala samanten para wali lajeng darbè musintarasab, tegesipun : marèntah. Dados tiyang Demak sadaya sami manut dhateng Sunan Giri, lamenipun sadasa taun. Sareng mentas kapacel dèning Kangjeng Sunan ing Kalijaga, tiyang Demak lajeng sami purun manut.

Ing nalika samanten Sunan Giri lajeng wiwit malincur. Arang sapatemon kaliyan Kangjeng Sultan, rukun kaliyan Sunan Kudus. Dipun timbali sapisan kaping kalih, ngantos kaping rambah-rambah, meksa boten dhateng. Kangjeng Sultan dahat sungkawaning galih.

(23)

Jebèng, aja sira rasakakè, mundhak ngungkat-ngungkat nalar. Anggur sira mamardia rahsaning ngilmu. Ayo ginilut kang prayogi.

Kala semanten Kangjeng Sultan Demak kaliyan Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga sampun sami malebet ing kadhaton. Pun Wada, pun Wadaka boten kènging kantun. Sakawan pisan wau lajeng terus tedhak ing patamanan, tumamèng Wisma Kembang (Keterangan : manawi jaman samanika winastan Bandengan, A.H.). dumugining ngriku Kangjeng Susuhunan Kalijaga angandika makaten :

“Jebèng, ing mengko ingsun ambalèni wewejangan kahananing Dat, kaya mangkènè. Tilingena.

Sajatinè ora ana apa-apa, awit duk maksih awang-awang, durung ana sawiji-wiji. Kang ana dhingin iku Ingsun. Ora ana Pangeran, anging Ingsun, sajatining Dat kang anglimputi ing sipatingsun, anartani ing amaningsun. Iya Ingsun sajatining Dat Kang Murba Amasèsa ing ngalam kabèh.

Mungguh sajatining Dat anglimputi sipat iku, iya rupa kita pribadi, sanyata kalimputan Dating Pangeran Kang Agung.

Anartani asma iku iya nama kita pribadi, nyata kaaken sebuting Dat Kang Wisèsa.

Amartandhani apngal iya ya solah bawa kita pribadi, kaaken pakartining Dat kang èlok.

(24)

Mula kasebut wewakil. Dadi ora mung Ratu kalawan kawulanè. Kabèh manungsa nyata wewakiling Allah. Tunggal Kawula Gusti, tanpa antara kahananè; tanpa sesawangan wahananè.

Dènè kang kasebut wewakiling Allah iku Ratu. Mung dianggo misahakè sarèngat lawan hakèjatè baè.

Mula dèn awas, aja uwas. Nyatanè kabèh manungsa pada nganggo pirantining jasat. Ora bèda lawan praboting Ratu. Ngibaratè mangkènè :

1. Kang dhing, Ratu iku kaupamakake sipating Gusti. Tandhanè, wenang murba amisèsa. Mungguhing sarèngatè, sapa madhani Ratu ?

2. Kang kaping pindho, Kawula iku minangka warangkaning Gusti. Yakti ora kena yèn oncata salah sawiji.

Upama kawula tanpa Gusti, sasat embanan tanpa sesotya. Dadi kaupamakakè kinjeng tanpa soja, anggalandha kari kandhang. Mangka sajatining kawruh iku iya dèn kongsi weruh. Ngilmu Makripat iku kawruh kang wus kasat mata nyatanè. Kaya kancana winor lawan sarining tembaga, pasthi ilang wujuding loro.

Pasthi dadi sawiji. Aranè suwasa mulya.

Ing kono maring endi wujuding kencana ? Tiba ngendi sipating dembaga sari ?

Iya iku sejating Kawula Gusti. Yakti nora keno yèn kasebut roro. Mulanè wus aja nganggo wani ambèdakakè. Nyata, yèn Kawula iya Gusti, Gusti iya Kawula.

(25)

Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga amituruti. Kados makaten wejanganipun :

1. “Jebèng, kang dingin dèn arani DAT.

Tegesè : wujud sawiji, nanging wenang murba amisèsa. Awit DAT iku sipating Pangèran.

Marmanè, yèn cilik samrican, binubut. Yèn gedhè angebeki jagad raya, jaba jero.

2. Jebèng, kang dèn arani SIR, iku angen-angen. Iya iku kang minangka warananing Pangèran. Iya iku bisa obah, tan nana kang ngobahakè. Iya iku kakèkating rahsa. Wahananè wenang nganakakè roh. Dadi sipating Atma, mahanani marang suksma, iya iku kang kasebut nyawa.

3. Jebèng, kang dèn arani NUR ing cahyaning Pangèran, kang dèn wenangakè dadi warangkaning suksma utawa bisa amrabawani sèsining dumadi ing jagad raya.

4. Jebèng, kang dèn arani KAYU iku uriping Pangèran, kang wus gumadhuh marang Sir Nur. Marmanè kasebut HIDAYATULLAHI. Tegesè : nyata uriping Pangèran.

5. Jebèng, mungguh kang dèn arani NEPSU iku sajatinè uriping cahya patang prakara, dadi sawiji anjajah saereping SIR, NUR, KAYU, NEPSU. Dadi obahing patang prakara mau mahanani wewenanging angen-angen.

Mula NEPSU dèn arani HAWA. Matekè angkara murka. Ananging ora kena yèn kapisahna, awit minangko kekuwataning kahanan nyata.

6. Jebèng, kang dèn arani APNGAL iku budi. Marmanè kena dèn arani urip. Ananing Apngal enggonè urip mau kasorotan cahya patang prakara. Marma bisa ambabar cipta, rasa, sapanunggalanè.

(26)

Namung sawiji Jebèng, dèn awas èling. Kabèh kang wus ingsun gelarakè iku, senadyan wus wenang sesilih Dating Pangèran, ananging ijih kena ing lara pati, ijih kena ketaman ing rencana. Amung sawiji kang langgeng, ora owah gingsir, ora kena lara pati, ora kena susah bungah. Iku mung asma kita sajati. Nyata urip, ora ana kang nguripi.

Mulanè ana ngibarating para Pandhita, dèn umpamakakè simbar nèng kakayan. Uripè mung tumèpèl, tanpa milu pancering wit; ora milu nambahi oyod dhangkèlè. Suprandenè ngrembaka.

Marmane dèn awas èling, aja uwas sumelang. Lairè Dat iku wus kawengku ana ing sira kabèh. Tegesè : iya aranira dhèwè.

Iku kang kawasa mengku kabèh mau, awit mungging Pangèran iku ora kagungan nama. Muhung angagep ing nama kita pribadi. Iku kang dèn aku sesebutaning Pangèran Kang Agung, Kang Mahamulya.

Ing kono sakaliring Dat kabèh mau ana sesebutan reringkesan, amung dhapur patang prakara :

1. DAT, tegesè : wujud.

2. SIPAT, tegesè : lelungidan ing rupa. 3. ASMA, tegesè : aran.

4. APNGAL, tegesè : budi.

Patang prakara iku nuduhakè kang mahanani Nepsu. Marmane Nepsu bisa kanggonan cahya patang prakara. Iya iku tandhanè panuntuning karep iku kabèh.

Kaya tha :

1. Cahya abang, pakaryanè bisa anggelar kang kaliru. 2. Cahya ireng, pakaryanè anenuntun panggawè sisip.

(27)

Marmane cahya patang prakara iku, nadyan ora mancorong, nanging amblerengi. Iku sangka warna-warna prabanè. Ananging, sanadyan nepsu patang prakara mau mung anggelar angkara murka, yèn sira bisa mepeti dedalanè, ora sumorot prabanè, pasthi ilang panase.

Mungguh sawantahè, wus kasebut ing wewedharan triloka. Kaya tha : Bètalmakmur, Bètalmukaram, Bètalmukadas.

Telung kahanan iku pasèwakaning Dat Kang Mahasuci. Marmanè yèn sira arsa sapatemon lawan Kang Agung, Kang Mahaluhur, anetepana pepeti babulpranapa. Tegesè : lawanging sawarga sangang prakara, kaya ing dalem panekungan, nutupi babahan hawa sasanga :

1. Netro karo. Iku memarah karep kang ala becik.

2. Lèng grana karo, anggèrèt urub kang tanpa kira—kira. 3. Lèsan anuwuhakè wicara kang tanpa prayoga.

4. Parji, anuwuhakè karsa kang tanpa duga-duga.

(28)

Kangjeng Sultan ing Demak wus padhang tyasira terawangan, sumarambah dhateng palawija kekalih pisan. Pun Wada, pun Wadaka matur, “Gusti kawula kang aparing iman, rèhning kawula lampahi pundi ?”.

Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga ngandika, “Luhur-endhek, gedhe-cilik, padha baè. Amung nganggo duga-duga. Tegesè : ing ngatasè wong cilik, nadyan ngilmunè dadi, durung kuwat andulu anak-bojonè. Mulanè nadyan tumeka ing pati, titis tumanjanè.”

Pun Wada, pun Wadaka matur, “Nuwun kapundhi, amung sageda kalimputan ing sabda pangandika, sarta kaparengena kawula mantuk dhumateng asal kawula ing tanah Kidul. Bilih saged anglubèri anak-bojo kawula, sami katumusana ing sabda pangestu.”

Kacariyos pun Wada lawan Wadaka. Sasampunipun untuk nugraha saking saking berkahipun Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga, pun Wada, Wadaka sakalangkung memundhi. Wasana matur nyuwun kanca, rèhning sampun sepuh, sarta sampun lami dènya suwita ing Nata.

Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga ndangu asalipun, Wada, pun Wadaka. Asal saking dhusun wanasida. Dinangu ing sedya matur, yèn kepingin pejah. Nanging senadyan sampun kinubur, kaparenga taksih tumuntur ring karaton Jawi.

(29)

Sareng anak putunipun atur uninga, Kangjeng Sunan Kalijaga nedhaki piyambak. Sarawuhing ngriku andangu dhateng warisipun, lamining tumeka dumugining pati. Ingkang dinangu matur sajarwa, “Dhatengipun sèmah kawula punika saweg pendhak dinten, lajeng pejah. Wewelingipun namung nedahaken, manawi sawingking griya punika alas ageng. Kathah witipun jati, nanging kajengipun sami boten katingal. Manawi badhè uninga, kedah sarana toya mawi sekar setaman. Ingkang dipun anggè nandha, pangilon. Manawi katarimah, saged gana witing jati ageng. Ananging manawi dèdè karaton Jawi ingkang ngagem, boten kènging.”

Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga lajeng nglaksanani, dipun tandha sarana pangilon utawi kembang sataman, kanthi dedupa kang agung. Sasampuning makaten, Kangjeng Sultan namur kawula dhusun dhateng Wanasida. Dupi wus prapta lajeng sami nyatakaken. Wasana kanyatahan, wana ageng katingal. Tuhu tanpa sela, wit jati ageng-ageng. Kangjeng Susuhunan Kali lajeng dhedhawuh.

“Hè bojonè Wada lawan Wadaka, ing mengko mupakatna. Awit saka karsaningsun, ing alas Wanasida ingsun elih ing Danalaya, minangka panengeran patinè si Wada lawan Wadaka. Karo dènè rèhning wus dadi panuwunè si Wada lawan Wadaka kayu iki dadia pirantinè kraton Jawa. Ingsun wus angidèni, lestari. Aja katon, yèn nora bakal kagem ing Ratu.”

Kang liningan matur sandika. Kangjeng Sultan ing Demak utawi Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga lajeng kondur, paring tetilaran dunya sawatawis.

(30)

ngatingal. Nanging kedah dipun saranani sesajèn sekar setaman sarta pangilon, kanggè ngilokaken kajeng jati ingkang siluman wau. Ananging sanèsipun kagem ing Ratu, boten kènging.

Kacariyos ing nalika punika Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga kaliyan Kangjeng Sultan ing Demak samargi-margi anggung imbal pangandika makaten :

“Jebèng, wruhanamu, mungguh patinè si Wada lawan Si Wadaka iku luwih becik, dènè bisa anggawa saraganè. Yèn kang durung sumurup, si nengguh mranyanyang dadi dhemit sing rumeksa kayu jati siluman. Mangka sadurungè si Mada, Wadaka mati, kayu jati wus padha tumuwuh. Dènè enggonè ora katon janggerenging kayu, ing nguni pananemè Sang Hyang Bathara Wisnu, nuju siluman. Dalah wijinè nalika janggleng uga saka wiwitan suwarga. Utawa nalika nanjakakè wiji, iya sarana sinung sabda, sing sapa trahing Wisnu jumeneng tanah Jawa, iku kena negor kayu ing alas Wanasida. Marmanè saiki ingsun elih aran Danalaya, karana dadi panengran, enggonè si Wada lawan Wadaka mati ana ngalas iku.”

Kangjeng Sultan ing Demak matur tanjanipun, “Menggahing pati katun raganipun, punapa boten sinengguh mrenyanyang ? Upami nunggil lawan dhangnyang ingkang tengga wana, saèstu nistha ngilminipun.”

Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga angandika :

(31)

bisa tunggal lawan Hidayatullahi. Wus kena sinebut kamulyaning pati.”

Kanjeng Sultan ing Demak matur malih, “Punapa wonten inggahipun malih?”

Kangjeng Sunan Kalijaga angandika :

“Teka amindho kardi, dènè sira wus ingsun pituturi, mungguh caritaning Kadis pangandikaning Allah, sing sapa wus nunggal hidayatjati, yakti wus kalebu punjul panggayuhè. Ananging yèn katetepakè ing wewejanganingsun ijèh nyamut-nyamut nyatanè, karana saangkataning Hidayatullahi, banjur tumaka ing ngalam kanyut.

Iya iku dununging kalimput.

Dènè yèn wus bisa anembadani kahananing ngalam iku, banjur tumaka sajatining kira. Iya iku alam kang wus tan kanyanan, karana ananè kalingan ing nikmatullahi.

Sawusè tumeka ing ngalam sajatining kira, banjur ana rerupan kang sira durung tau sumurup salawasè urip.

Yèn carita duk Kangjeng Nabi Adam, kang kadulu mau sinebut Wohing Kuldi. Mulanè Kangjeng Nabi Adam nganti kasiku, tunurunakè ing dunya, iya saka dhahar Wohing Kuldi mau. Upama duk nguni ora dhahar Woh Kuldi, pasthi tulus Nabi Adam, nora kasiku, tinetepakè anèng swarga baè. Ora nitahake manungsa iki kabèh.”

Kanjeng Sultan Demak matur, “Sejatining Woh Kuldi ?” Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga ngandika :

“He Jebèng, mungguh kang diarani Wohing Kuldi iku sejatinè sesotya sarining swarga. Iya iku arang kang weruh rupanè dèning Allah Wohing Kuldi mau mung Nabi Adam dhèwè.

(32)

Iya bener, kang agawè luput, wus dadi ukumè yen wong rusuh, anemu pakèwuh.”

Kanjeng Sultan matur, “Menggah sesotya sarining swarga punika punapa ?”

Kangjeng Susuhunan Kalijaga ngandika :

“Wruhanamu Jebèng, mungguh kang diarani sesotya sarining swarga iku kahananing jinem.

Sajroning jinem iku : wadi. Sajroning wadi iku : madi. Sajroning madi iku : manikem.

Sajroning maningkem iku : rahsa sajatining rahsa, kang ginawè dèning Allah, kang rinengga dèning suksma, kang pinardi dèning ati.”

Kangjeng Sultan ing Demak sampun mangertos. Sakalangkung anuwun kapundhi. Wasana nutugaken lampah sakalih-kalihipun. Sareng dumugi Delanggung, labuh tan ana wong lumaku. Alas gung liwang-liwung, kathah bebujengan ingkang galak-galak. Kangjeng Sultan Demak matur, menawi kapareng kasengkakaken ing lampah, supados angicalaken samar.

Sunan Kalijaga angandika :

“Ngendi panggonanè samar, emar, wedi ? Dadinè ana ing sirri dhèwè. Aja sumelang, karana iki pangajaraning tekat. Mungguh ing dalem ati, luwih sangka iki pakewuhè. Kari luput pisan, kena pisan. Balik kang dilakoni iki gampang malasahè.

Bebasanè : saupama kapapag ing bebaya sarpa miwah sardula, kari ananting kuwandanè. Lamun sira kalah, sirna. Menang, ngukup. Mungguh kukupanè, sirna bathangè, pinangan ing sato galak.

(33)

menang ing aprang sabil. Tur mesthi kalahè, awit ing dalem pati, tanpa andulu apa-apa. Tan ana kayu kekayon kang katingalan. Mung kari awang-uwung, wus kari anglindhung dhèwè.

Mulanè si Kaki Dhalang bisa gawè ngibarat Arjuna kalawan Semar. Ing saben ana bebaya, Semar nangisi ngajak lumayu. Yèn Semar wus umpetan, Janaka prang lawan buta. Marmanè Kaki Dhalang agawè ngibarat wewayangan, amung nuduhakè barang lelakoning ngurip. Mulanè yèn Janaka ijèh kairing Semar lunga, buta mati.

Tegesè : mungguh lelakonè ngurip utawa lelakoning pati, yèn maksih samar-samar, pasthi jèdok panggayuhe, awit kurang wani tèkadè, uwas-uwas pamawasè. Yèn wus ilang sumelangè, kari melang tekadè, iya tutug sedyanè.

Lamun nora mangkana, urip tutuging pati tansah dadi gawè, utawa tiwas uripè.

Ewadenè yèn sira meksa durung wani andadar tèkad, pasthi ingsun bisa angulihakè marang Demak, padha sanalika teka.”

Kangjeng Sulatan matur, “Gampil nglampahaken weninging tèkad. Wangsul ing mangkè anetepi angger-anggering karaton, inggih kedah dipun anggè. Dados angsal sakalih-kalihipun.

Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga angandika, “Iya bener.”

Sasampuning makaten lajeng ambèbèr baju gebayak landhung. Kangjeng Sultan ing Demak kadhawuhan malebet ing lengenan kabayak landhung wau, kinen merem netranipun sapandurat. Saking nyata kuwasa Sèh Sutabarit, saged angingset paran ungguling jagad. Kangjeng Sultan ing Demak sami sakala manjing lengenan kulambi. Sakedhèping nètra dumugi ing Demak.

(34)

reraosanipun nalika wonten samadyaning wana. Kangjeng Sultan ing Demak matur, “Pakartining pati, sagedipun titi pangruktining pakarti, tinarik saking punapa ?”

Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga angandika makaten dhawuhipun: “Hè jebèng, anadenè pangertining pati, manawa titi patitis, pasthi kena ginulang saiki. Supaya lanyah, amiwitana ngawruhi keplasing turu. Aja lali panglesing layap, tumekaning luyup. Tegesè : wiwit baliyut tumekaning angler, iya uga ana petunganè, minangka panengeran.

Kaping pindhonè tarèk, andadar tekad ing kauripanira dhèwè. Tegesè : anarik napas, pinepes amrih marang anpas.

Anpas pineksa supaya ngumpul marang tan napas. Tan napas pinusthi bisanè dadi sawiji marang nupus.

Mungguh sinaonè rong prakara ing mangkènè. Patitisena, Jebèng:

Kang dhingin : ngurangana pangan, supaya kothong wetenge.

Kapindhonè : ngurangana turu, supaya ènthèng badanè, padhang polatanè.

Kaping telu : dèn upakara jamunè, supaya kuwat balung ototè.

Kaping pat : dèn lega lila ciptanè, supaya menang papanthenganè.

Yèn wis sampeka pakartinè, supayo uwas atinè, iya sinaonana eling lerleraning turu dhingin. Angètunga keketeg ingkang terus pangrunguning kuping.

(35)

Yèn wus “greng”, “greng” kaping telu, banjur saya kerep “greng”, “greng”, “greng” tanpa sela. Iya iku kang dèn èling, aja lèna, awit ngarepakè tibaning bawa-bawa. Tegesè : lelimpet kang bakal anglimputi marang panon kita prabadi.

Kalalèn ler-leraning cipta maya. Banjur ana tumeka manèh gora-goraya. Tegesè : swara sora tanpa sela, ngungkuli gumlegering gelap utawa baledhèg, sarta ora nganggo antara karepè.

Iya iku kang bebarung mamrih rusaking pangangen-angen kita, manuman nonton bawur kuwur, ora ngawruhi sarta ora dèn kawruhi. Ing kono dèn prayitna, aja samar. Bokmanawa bakal uninga sajatining kahanan.

Kapindhonè, kang diarani tarèk, iya iku tarik. Tegesè : anarik

napas, anpas, tan napas, nupus.

Ananging panarikè ora sarana turu, ora nganggo alam kanyut. Amung pineksa lawan lungguh baè. Nanging pakartinè padha nganggo ngurangi pangan utawa turu, apadène jamu kang anget-anget. Utamanè, yèn nganggè minum arak kang nganti mendem. Ing kono dianggo tarèk, gelis kalakonè. Angger ora kalalèn, malah becik.

Dèn yèn dhasar bisa santosa budinè, mantheng ciptane, iya ora kaya kang tanpa sarana mendem.

Dadi wantah pamandengè ing kahanan jati.

Ewadènè pangkat-pangkating lelakon iya ora bèda dedalanè nalika patrap layaping nèndra. Amung yen wus tumekaning don sejating kira, uga tumangkar dadi telung perkara. Yèn padha katarima :

o Manawa padha turu, katrimanè ing dalem kasunyatan, bisa raga sukma.

(36)

Wekasanè malah anjalari tiwasè wong ngatuwa. Dadi gelisanè wong kang arep swara, wong kang sukak micara sora, wong kang dhemen solah, tenaga saru kurang rèrèh ririh, iya iku kalebu pancèn.

Tegesè : wus dadi pepancèning roh nalika lagi cumithak sajroning maningkem. Èwadènè ana tandhanè. Telung prakara panitikè wewatakan mau :

1. Kaèngetakè. Tegesè : dièlingakè laku-lakunè kang ora prayoga, brabah, sora, saru, supaya mari. Yèn meksa ndadra, tandha wus kodrat duk dadinè. Iya wus takdiring Allah.

2. Kaèngetakè, supaya patrapè kang ala bisa becik, mangka gelis miturut. Tandha patrap tetularan.

Tegesè : katut apa woworanè. Bebasanè amor maling, wruh lakune maling. Amor wong ala, katularan ala. Iku nyata bener kang padha ngarani.

3. Kaèngetakè supaya èling uripè, aja nganti darbè patrap kang ora prayoga. Mangka lagi dèn agagi gunem baè wus ènget dhèwè. Iya iku sajatining urip. Nyata elasing dumadi. Tetep kamangungsanè.

Jer manungsa sipatè, watakè bodho, druwolo, angèl wulanganè. Iku duk nitisake, mosiking Bapa-Biyung sepen pikirè kang premati. Dadinè manungsa pasthi kaya kebo. Anadènè ala sipatè, wekasan becik atinè, pasthi duk cumithak anuwuhakè budi paramarta. Katitik saka katuju tujunu karepè.

Anadènè maneh sipatè manungsa wekasanè lumancang langkah karepè. Iku nalika nitisakè kurang netes. Tegesè : kurang satiti, kurang sucinè. Dadi tibaning wiji becik, akèh borotè. Kabeh titahing Pangèran wus ora kena kinaya ngapa, lawan ora bedanè tibaning roh kang dadi luhur, lawan kang dadi asor.

(37)

nyatanè, kaya ta : wong tinitah luhur, mangka wani ngidak benere, bokmanawa kuwalik adilè. Kasiku padha asalè.

Marma dèn èling, Jebèng, kabèh wekasaningsun.”

Kangjeng Sultan Demak matur, “Pisah-pisahing toya buthek lan wening, puruging warna yèn wus mawor, paraning ijem-abrit dhateng pundi? Kawula nyuwun pitedah.”

Kangjeng Sunan Kalijaga angandika, “Wrunanamu Jebèng, mungguh empanè kang among sawarna, tunggal lawan kang wening. Kang wus wujud banyu bening iku tegesè : wus meneng. Iya iku kang nora obah. Kaworan banyu warna-warna, iya mulih marang warnanè dhèwè :

1. Banyu abang momor banyu wening, ulehè si abang iya mulih warang cahya abang, ya iku nepsu amarah.

2. Banyu ireng iya mulih marang cahya ireng, kahananing nepsu luamah.

3. Banyu kuning iya cahyaning nepsu supiyah.

4. Banyu putih iya mulih marang asaling cahya putih, kang ingaranan saka nepsu mutmainah.

Tumangkarè ana dhèwè. Kaya ta : biru, klawu, gedhah, lamus, sapanunggalanè iku padha saka wahananing cahya ireng.

Jambon, kapuranta, jingga, wungu, sapanunggalanè iku padha asalè, saka cahya abang.

Ijo pupus, gadhung, sapanunggalanè, iku asal saka cahya kuning. Pingul, sèta, pèrak, padha asal saka wahananè cahya putih.

Mungguh terusè sabarang warna teruse mangkènè : Putih iku bisa dadi kuning, awit saka cecampuran. Kuning bisa dadi abang, uga saka cecampuran.

(38)

Wekasan dadinè ora bisa mulih marang banyu wening. Mangka yèn satuhunè, warna iku mung rong bab :

1. Kang dhingin : anuduhakè luguning cahya ireng. Marmane ireng banget irengè iku putih.

Putih kang banget ireng.

2. Kaping pindho : anuduhakè satuhuning cahya abang. Manawa abang banget abangè, iku dadi kuning. Kuning kang banget kuningè bisa dadi abang. Iya iku sajatining warna.

Ananè wungu, dadu, ijo, jambon, sapanunggalanè iku soroting rong prakara mau.

Marmanè ana pati sasar, utawa ana rupa bagus, ala, kiwa, cacat, sapapadhanè.

Ing kono aja nganti kurang tampaning ati kita. Aja tumpang suh cipta rasanè. Aja kaliru surup budinira. Aja kuwur sedyanira

Ing kono ananè saka kita pribadi. Oranè iya kita kang amurungakè. Dadine iya kita kang ambebakali bisa dadi.”

Kangjeng Sultan ing Demak duk nampèni dhawuh wewedhararanipun Ingkang Sinuhun Kalijaga sakalangkung pamundhi panuwunipun. Salebeting panggalih rumaos padhang terawangan, saèngga boten wonten ingkang dados aling-aling. Melenging panggalih sampun karegem sadaya. Upami tinaruju kaliyan boboting wali sadaya, taksih awrat Narpati ing Demak, margi ginulang-gulang, wineleg ing siyang ratri. Suprandosipun manawi anandukaken tembung, kedaling lèsan, taksih katawis kirang seblaking budinipun. Mila Kangjeng Sinuhun ing Kalijaga anggung mangandika makaten :

(39)

Kangjeng Sultan ing Demak matur, saluguning sigeging galih, taksih wonten wewagelipun, amung jabaring cahya kawan prakawis. Anggènipun cacamburan weninging tirta marta, dèrèng saged tumancep anampeninipun. Mila nuwun wantahipun, supados saged tumanem amanggih ing manah. Kangjeng Sinuhun ing Kalijaga gumujeng, sarwi angandika makaten :

“Yahu Allah, teka banget temen enggonmu pindha bayi salapan umurè. Prakara cacamburan iku, upama ingsun ora nuduhakè, pasthi sira wus bisa ambabar pribadi sawewadinè kabeh. Amung saka banget temen enggonira jugul. Kang wus jumonggol, sira sengguh bonggol. Mangka yen prakara iku, bebasanè angger wus darbè paugeran kang ana pingilè, pasthi bisa ambabarakè dhèwè. Èwadènè sira ingsun tuduhakè salanjaran baè, bokmanawa banjur bangkit anuntumakè gothak-gathukè. Ana ta othak-athikè, anjarum sarumbunganè wus ora kawekèn. Mara pareka maning, Jebèng. Sira ingsun paringi lanjaran jarwaning wewadi.”

Sang Nata nembah marbukuh ing ngarsa. Sigra ginelaran talering warih kang warna-warna.

“Tampanana, Jebèng, aja kaliru.”

Aturipun Sang Nata, “Sembah nuwun sandika.”

Ing nalika punika Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga wasitaning galih taksih asmu gumuyu. Dados kedaling pangandika kadi winor ing raras, binarung ing sesingir, kados ing ngandhap punika bebukanipun :

(40)

agungaka ing sendhang kang manca warna. Lamun kita cipta cidra, cinidranan, sedya harda antuk nepsu, niyat rusuh pasthi kisruh. Reged resikan tan saking osik kita. Kita iku yèn kukuh amasthi kuat. Lamun heneng pasthi hening. Hening iku tan lyan saka panggawè kita pribadi.”

Dhatdhat karaos panggalihipun Sri Nata ing Demak. Rumaos saged anggelaraken piyambak. Pasemonipun Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga, sasampunipun makaten lajeng paring pangandika malih saklimah, wantahipun makaten :

“Hè Jebèng, satuhunè banyu rahmani, iya iku lamun sira lagi mosik, aja kacamburan apa-apa. Manawa kacamburan rahsa rumasaning cipta kang ora bener, pasthi bakal malèncong dadinè.”

Pangandika makaten wau sarwi jumeneng kèsah Narèndra ing Demak badhè nyandhet, ajrih sesikuning guru. Mila mung sembah nuwun kaping sèwu kapundhi Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga atilar pangandika.

“Jebèng, bèsuk ingsun bali manèh manawa wus ana antaranè.”

Tumindaking lampah Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga dumugi sahandhaping taratag lajeng boten kawistara.

Gentos cinarita, para wali sadaya marek ngarsa Nata, atur uninga yèn Sunan Dèwakatong tilar dunya, Kangjeng Sultan ing Demak dahat pangunguning galih lajeng utusan anggandhèk tengen kalih, amringake waragatipun sawates.

(41)

mawi tambah ganjaran, margi Sunan Dewakatong saking sepuhing umur satus taun.

Sampun kapengker cariyosipun layoning Sunan Dèwakatong.

Nuju satunggaling dinten kangjeng Sultan ing Demak andangu prakawis roh dateng wali. Amung Sunan Kudus utawi Sunan Giri suwung. Minangka tadhah timbalaning Nata, Sunan Panggung sakancanipun. Patakèning Nata ugi dipun aturi sesorahipun satunggal-tunggal, kados ing ngandhap punika :

1. Dipun wastani Roh Ilapi, inggih punika roh kudus mulya. Pakartinipun : saged mapan ing gaib. Mila kawasa dados lambaring Jati Wasèsa, awit saking winenangaken dados manungsa, tan lyan saking Rohilapi.

2. Roh Jasmani, punika roh sajatining gaib, nanging boten dados lambaran, awit sanget kaalusanipun. Mila manawi taretip pangruktinipun, cepak anyorot dhateng bangsaning jim prayangan.

3. Roh Rokani, punika sakalangkun santosa. Kawasanipun saged

anambahi kekuwataning manungsa. Amung manawi kirang gemet pangukudipun, cepak-cepak anyorot dhateng bangsaning lelembat, brakasakan, sapanunggalipun.

4. Roh Kèwani, punika dados pirantining jiwa-raga. Saged anambahi kuwating bebayu miwah otot. Ananging manawi kirang resik pangungakipun, cepak saged dados bangsa kèwan.

5. Roh Mahdi, kawasanipun saged amimbuhi kalimpating budi sanubari. Ananging manawi kirang kabegyanipun, asring kasaluru ing panyipta, awit ambah-ambahanipun bangsa nikmat.

(42)

7. Rohmani, tegesipun wiji rangkep, ingkang kawasa anggelaraken sagung dumadi sadaya, punapa dènè kabegyanipun saged adamel bilai sami sanalika, awit tetarikanipun saking mukti wibawa enggènipun.

8. Rohkiyat, inggih punika ingkang winenang adamel

santosaning balung atot, kulit, bayu, daging. Ananging tibaning bilai tan anglabeti. Telas akalipun, lajeng larat sadaya.

9. Rohkayat, tegesipun roh ingkang anarik sakaliring begya dahulat. Mila saged andhatengaken palalullah. Tegesipun : ganjaraning Allah ingkang tanpa kanyanan. Kanyatanipun anarik bangsaning gaib. Ananging bancananipun amung sakedhap kanyanan. Mila kedah tineteg saking anteping tèkad kita kang saluguning cipta kita.

10. Roh Nurani, kawasanipun saged adamel padhanging budi, angluwari ricuh, andhatengaken bingah, awit panganggènipun angambah dhateng barang sedya kang asuci. Amung bilahinipun saking konusing wicara, kirang dyatmika. Mila kedah anteng.

11. Roh Nurmadi, punika raksaning roh ingkang rumeksa ing atma, utawi wonten ing sukma. Mila kawasanipun saged andamel padhang terawangan. Amung tiwasipun manawi boten ngati-ati.

12. Roh Nursiri, tegesipun : cahya ing kang kawasa nunggil lawan ing manah suci, sumrambahing dhateng budi sanubari. Kerep angsal beja, arang sungkawa, awit ing nalika punika nursiri wau dhatengipun kalawan cipta kita kang wening.

(43)

pakartining Roh Insani wau. Manawi angsal sakseriking sasama-sama, karsaning Allah tangala saged anuwuhaken osik ingkang kumrisik.

14. Rohnapi, tegesipun : roh ingkang alus. Inggih punika rahsaning Pangèran wewenang ingkang gaib. Kawasanipun saged adamel empaning wewenang ingkang tanpa wewangenan. Inggih punika ingkang amimbuhi kajat Jatiwasèsa. Tegesipun : osiking Pangèran Sajati.

Kangjeng Sultan ing Demak adangu kathahing roh. Sunan Panggung amangsuli atur, “Saking dhawuh pangandikanipun Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga, sajatining roh punika satunggal. Ananging kawasa dados satus kalih dasa roh. Mila kawula aturaken saweg kawan welas, awit saweg punika gaduging manah kawula, nadyan ing nguni sampun kagelaraken sadaya. Nanging kawula derèng gadug raosipun, anggelar satunggal-satunggal, kados ingkang kawula gancaraken. Èwadenè wonten ingkang radi kathah pangawikanipun, prayoogi dupun timbali : 1. Sèh Sitijenar; 2. Sèh Ibrahim Jatiswara.

Kangjeng Sultan ing Demak anayogyani, nanging kedah saselaning para wali-wali kathah. Ing saben malem Jumungah Sunan Punggung. Sèh Sitijenar, Sèh Molana Ibrahim Jatiswara katamtokaken amung saben malem Anggara Kasih.

(44)

tarikanipun? Saupami boten sarana uninga ing panengeran, punapa inggih badhe boten saged pejah? Kula nedha kapajarana.”

Sunan Giri, Sunan Kudus sakancanipun kagyat ing galih, nalika tampi pangandikaning Nata. Nanging èwet anggènipun badhè ngaturi wewangsulan, awit sami anginten yen cengkolongan pangandikanipun, awit Sultan Demak mentas anggeguru Sunan Kalijaga. Upami ngaturaken sapamanggih kèmawon, tamtu darbè kadho-kadho ing panggalih. Mila sami pakèwet dènya ngaturaken. Amung satunggal ingkang sumengka, purun matur sagadug-gadugipun, pamagangan wali, anama Sèh Molana Khaji, saking tanah Jepara, kados ing ngandhap punika :

“Saking pamanggih kula, gaduging alit balaka, menggah paugèraning panengeran punika sakalangkung kathah, nadyan saking kitab-kitab ugi mboten kirang uger-ugering panengeran. Èwadenè menggah angger panenggeran punika dèrèng tamtu. Ingkang tinamtu sampun boten èwah gingsir punika amung tigang panduman :

1. Osiking cipta kang karsa. 2. Tetep panetesing Jatiwasèsa. 3. Purbawasèsaning Susmayajati.

Tegesipun : ingkang tampa malèsèt punika, manawi sampun gadhah sentuging manah ingkang sampun dados gegelengan. Tandha yèn utusaning Pangèran.

Tegesipun : Jatiwasèsa punika, manawi kita sampun mratandani lelagon ènggal. Inggih punika : sanyataning tèkad sampun andungkap badhè tumeka ing ngalam kiyamat kubbra.

Purbawisèsaning Susmaya punika tegesipun : ingkang sampun mratandhani asating akhir jaman, yakti tumekaning don anyirnakaken cahya.”

(45)

Ingkang dinangu matur, “Saking Kitab Bayan Budiman.”

“Kitab Bayan Budiman iku pira kèhè?”

Molana Khaji umatur yèn gangsal Kuran :

1. “Kitab Bayan Budiman punika nyariosaken gumelaring ing roh, duk dadi manungsa.

2. Sasaming roh ingkang sampun winenangaken dhateng para Malèkat, winastan Bayan Mani, kitab pangarangipun pra jamhur sadaya.

3. Kitab Bayan Maot, ugi anggelaraken pakartining roh sadaya. 4. Kitab Bayan Tarikul, ambababraken pingiling roh ingkang

andhap, ingkang inggil, kadadosanipun sadaya.

5. Kitab Bayan Rakimul Kiyin, inggih punika ingkang anedahaken dununging roh ing dalem satus kalih dasa, sami kapratèlakaken satunggal-satunggal.

Kangjeng Sultan ing Demak lajeng anggraita, yèn sami kaliyan sorahipun Sunan Panggung. Èwadènè wajibing Ratu punika kedah momon, momot, mengko. Nadyan sampun uninga, kedah piarsa. Makaten pangandikanipun Kangjeng Sultan ing Demak, “Payo gelarna sapanemunira.”

Molana Khaji lajeng nggancaraken, “Ing nalika manungsa saweg tumitah wonten ing ngalam dunya, kasebut Adam. Mungging Pangèran saweg maringaken iman tetiga : 1. Kidam; 2. Juwar; 3. Nur. Ing nalika punika Malèkat Jabarail katitahaken wujud toya, pitung prakawis :

1. Toya Dal, dados panggesangan. 2. Banyu Kal, dados swara.

(46)

5. Banyu Manikem, dados nyawa. 6. Banyu Mani, dados paningal.

7. Banyu Wadhèh, dados pamirengan.

Dènè pancering roh sadaya wau kados makaten : 1. Banyu Angin, dados loh kalam.

2. Banyu Jasma, dados pikuwat.

3. Banyu Lebu, dados bumi langit sap pitu. 4. Banyu Panas, dadso Malèkat.

5. Banyu Ngèlmu, dados rina lan wengi.

6. Banyu Suhut, dados lintang, rembulan, srengèngè. 7. Banyu Matci, dados naraka.

8. Banyu Katdi, dados suwarga.

9. Banyu Musik, dados karsaning Allah.

Kangjeng Sultan ing Demak angandika, “Banget panarimaningsun, sira asung wimbuhing pangawikan. Amung saiki sira padha ingsun rilani bubaran dhingin, marga wus sadhengè ingsun arsa jengkar. Bèsuk Jumungah ngarep baè dèn tutugakè.”

Molana Khaji matur nuwun sandika.

Kangjeng Sultan lajeng jengkar, tilar weling dhateng Sunan Giri, Molana Khaji kinèn ganjar pangkat sapalihing wali.

Gantya lebetipun Sunan Panggung, kalih Sèh Sitijenar, tiga Sèh Molana Ibrahim Jatiswara. Tetiga wau anetepi ubaya ing saben malem Anggara Kasih tiga pisan sami rinilan sowan ing Jeng Sultan.

(47)

kaliyan aturipun Sunan Panggung miwah aturipun Sunan Lemahbang, punapa dene aturipun Sèh Ibrahim Jatiswara. Ananging taksih wetah balaka. Asaling kitab-kitab suprandosipun boten saged sami, margi pangawikaning dhusun. Tamtu garoyok duk winulangaken ing Narèndra.

Sunan Panggung ugi gumuyu nayogani. Sunan Kajenar miwah Sunan Jatiswara ugi sami nembadani karsa Nata, sarta gadhah atur makaten, “Tandha asnapun, parimarmaning Pangèran ingkang tumerah para titah, yèn ta boten kabèdakna pangawikaning dhusun utawi pangawikaning praja, kados pundi? Nadya para wali salebeting praja, yakti boten saged anyamèni pangawikaning Ratu.”

Sasampunipun makatèn, satengah dalu rinilan bibaran. Dados tandha suwunging budi tanpa gumana, awit kalingan caritanè Sèh Molana Khaji kèmawon. Mangka parlu sanget anggènipun badhè tetakèn dhateng ahli ngilmi. Wasana malah amung urug-urug uwuh kèmawon. Èwadènè kamirahaning Nata taksih lumintu tanpa kendhat.

Boten kacarita ing dalem pendhak dinten, nagari ing Demak kadhatengan jaja. Tegesipun : pakartining tetiyang sesadèyan anèh, utawi cara-caraning para kawula tilar padatanipun. Sarta mèh waradin, sanagari jaler-èstri sami kadunungan manah harda angkara-kara, akarem rerantan. Tegesipun : pawèstri katut ing jaler, jaler kabandhang pawèstri. Kathah tilar kawiraganing jaler estri. Sarta saben tiyang sami ngumbar hawa, kirang trimah panduming tedha samurwatipun.

(48)

kawula. Lelabet tan anglabeti, lelabuhan malah kabubuh, jejailan saya ngrebda, lali sihing kekadang, ilang lumrahing pawong sanak.

Watawis antuk sawulan, wimbuh malih kaèlokaning praja. Kados ta : pisang pupus cindhè, jamur tumuwuh ing waton. Ingkang makaten punika dhasar temen, manawi kathah lelampahan anèh. Mila katelutuh, ngantos dados prajangji èrang-èranging serat piyagem tuwin tebas-tinebas bumi.

Dupi angsal setengah taun, lajeng wonten lelampahan ingkang bebayani. Wadyabalanipun Arya Jipang ingkang sampun sanyata anata baris pendhem, lampahipun sami sesingidan, anyidra kadi traping durjana. Sawenèh ngècu, mandung, ambègal, adamel reresah ing nagari.

Mila sampun dados apesing praja. Tandhanipun tiyang sami nganèh-anèhi, wonten ingkang jejagongan, paguneman tanpa kusur, wonten ingkang tutur-tinutur awon nganggur. Saweneh wonten tiyang wicantenan kumriwik tanpa rowang. Upami kasengguh tiyang èwah, dèdè, awit boten gadhah cembilak polatanipun.

(49)

Kala samanten Sunan Panggung lajeng terus lelana, angulati Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga. Dènè Sèh Molana Ibrahim Jatiswara laju dhateng pantaran redi Merapi, anetepi pratapanipun lami, punapa dènè ngantos koonus ing pangandika dhateng garwa-putranipun, “Heh Rubiyah, ing mengko ingsun èstrenan. Ing saiki ingsun jenak ana gunung Mrapi kènè, sarta ora pati-pati bali marang Demak, yèn ingsun ijèh andulu Sunan Kudus.”

Ingkang garwa matur, “Sabab saking punapa teka ngantepaken prasetyaning galih?”

Sèh Ibrahim Jatiswara awewarta, yèn lunga kapeksa, saking ajrih dahat, awit arinira Sèh Lemahbang pinatèn tanpa dosa.

Garwanipun duk winartan, yèn ingkang rayi Sèh Lemahbang tumeka tiwas, lajeng anjerit lara karuna. Rèhning tanpa mendha panangisipun, sarta kaimur-imur boten saged sarèh, Sèh Molana Ibrahim Jatiswara kaken ing panggalih, lajeng angandika makaten, “Heh Rubiyah, mungguh benering waton, yèn katempuh ing pancabaya iku, kari rong prakara, pilih salah sawiji. Apa nglampus, apa nglamong? Tegesè nglampus iku bèla patining kadang. Yèn amilih nglamong milua Ratu Kalinyamat. Apa kang dadi prasetyanè, anirokena, supaya bisa kalegan karenteging tyasira.”

Ingkang garwa matur sandika, manembah, lajeng wisata, sumusul ing tapanipun Ratu Kalinyamat. Dinangu, matur sajarwa sawewadining sedyanipun. Ratu Kalinyamat matur dhateng ingkang bibi makaten :

(50)

urup kèmawon, bibi. Mila kagaliha ing saparlunipun. Nadyan sanget asih tresna ing kadang, kedah mawi dugi prayogi. Mangka upami tiyang njemparing, lèsanipun watu item. Dèrèng tamtu pasah bèdhoripun. Mangkè yèn ngantos bali, tikel, yakti tumampeg ing jaja, ambilaèni. Bokmanawi si bibi wonten kawawa kataman balining panah, awit lèsanipun bibi bongkotaning kayu tal. Tangèh sageda gempur lèsan wau. Aben-aben malah damel sangsara, jalaran si bibi dèdè timbangè kalih kang badhè dipun elas. Yaktine beda kalih lelakon kula. Kira-kira panah saè, bèdhor kencana, kedah boten pasah dhateng gedebog, inggih saking bejanè badan kula. Yèn Jèngandika ngilo lelakon kang kula lakoni, tamtu waluhu alam. Amung kinten kula si bibi tiwas rusak, dèrèng kantenan saged angrisak. Mila mugi dipun raosaken rumiyin. Amung kula gadhah pitedah kèmawon, sageda bibi mituhu atur kula. Ing dhusun Karang Galinggang wonten tiyang satunggal, nama Kaki Walaka. Bibi amanggihana, sapitedahipun sampun ngantos boten amituruti.”

Nyai Ibrahim Jatiswara suka ing galih, lajeng pamit mangkat. Boten kacarita ing margi, sapraptaning dhusun Galinggang, tetakèn boten angsal. Malah sadhusun ngriku boten sumerep ingkang nama Kaki Walaka, sarta mireng kèmawon saweg punika. Nyai Jatiswara sakalangkung ngungun, mangunandika ing galih, “Apa Ratu Mas Kalinyamat iku dora? Yèn cidraa pangandika, mokal. Nanging nyatanè ora ana kang aran Kaki Walaka.”

(51)

Ingkang darbè griya boten pangling, yèn punika tiyang estri asring wonten ing jurang. Malah saben tiyang anginten yèn punika bangsa miskin. Mila ingkang darbè griya asmu kirang mirena. Sareng Nyai Jatiswara dipun jarawani, lajeng ngaras pada, sarwi karuna. Dènè tiyang ingkang darbè griya wau sanget pangunguning manahipun. Wantuning tiyang alit kadhatengan tamu, kekalih estri. Mangka ingkang satunggal sipatipun kèrè, suprandosipun ingkang sarwabusana èndah malah ngabekti. Mila ingkang gadhah griya lajeng ngaturi para parpat manca lima, supados sami nyumerepi tetamu kalih pisan.

Dènè ingkang dipun aturi para parpat sadaya dhateng, dalah tangga tepalih. Dupi ingkang darbè griya nyadhiani sugata sakadaripun, Nyai Sepuh awewarta, “Aja susah ngrupakakè sugataning parpat manca lima, marga mengko sedhèla anak putuku teka anggawa piranti suguhan sapepakè, ora kuciwa.”

Ènggalipun, sareng para parpat sampun dhateng sadaya, lajeng wonten tiyang dhateng nyunggi tènong ageng-ageng, isi sekul ulam sapirantosipun, sumaji ngarsaning tamu. Ingkang gadhah griya dahat suka asmu ngungun, dènè anggung kabagyananipun. Wasana ingkang gadhah griya tetakèn, sinten nama miwah aslinipun. Nyai tuwa mangsuli, “Inggih kula kang nama Kaki Walaka utawi Nyai Walaka.”

Referensi

Dokumen terkait