• Tidak ada hasil yang ditemukan

Panduan Pekan Suci 2012

N/A
N/A
Protected

Academic year: 2021

Membagikan "Panduan Pekan Suci 2012"

Copied!
76
0
0

Teks penuh

(1)
(2)

Gereja Santo Aloysius Gonzaga Mlati

W

DAFTAR ISI PANDUAN

1. MISA MINGGU PALMA BAHASA JAWA... 1

2. MISA KAMIS PUTIH BAHASA JAWA ... 7

3. IBADAT JUMAT AGUNG BAHASA JAWA ... 12

4. MISA MALAM PASKAH BAHASA JAWA ... 19

5. MISA MINGGU PALMA BAHASA INDONESIA ... 40

6. MISA KAMIS PUTIH BAHASA INDONESIA ... 45

7. IBADAT JUMAT AGUNG BHS INDONESIA ... 52

8. MISA MALAM PASKAH BAHASA INDONESIA ... 60

9. DENAH GEREJA DAN KAPEL ... 72

JADWAL PERAYAAN PEKAN SUCI TAHUN 2012

TEMPAT HARI/ TANGGAL WAKTU BAHASA PEMIMPIN

PALMA Gereja Mlati Sabtu, 31 Maret 2012

Minggu, 1 April 2012 16.00 05.30 08.00

Indonesia (PS) Jawa Indonesia (MB)

Rm. Ign. Slamet Riyanto, Pr. Rm. L. Prasetyo, Pr. Rm. L. Prasetyo, Pr. Kapel Warak Sabtu, 31 Maret 2012 18.00 Indonesia Rm. Ign. Slamet Riyanto, Pr. Kapel Tambakrejo Minggu, 1 April 2012 07.00 Indonesia Rm. Ign. Slamet Riyanto, Pr.

KAMIS PUTIH Gereja Mlati Kamis, 5 April 2012 17.00

20.00 Jawa Indonesia Rm. Ign. Slamet Riyanto, Pr. Rm. Ign. Slamet Riyanto, Pr. Kapel Warak Kamis, 5 April 2012 18.00 Indonesia Rm. Jack Renrusun, MSC. Kapel Tambakrejo Kamis, 5 April 2012 18.00 Indonesia Rm. L. Prasetyo, Pr.

JUMAT AGUNG Gereja Mlati Jumat, 6 April 2012 15.00

19.00 Jawa Indonesia Rm. Ign. Slamet Riyanto, Pr. Rm. Ign. Slamet Riyanto, Pr. Kapel Warak Jumat, 6 April 2012 15.00 Jawa Rm. L. Prasetyo, Pr. Kapel Tambakrejo Jumat, 6 April 2012 15.00 Indonesia Rm. Jack Renrusun, MSC.

PASKAH Gereja Mlati Sabtu, 7 April 2012

Minggu, 8 April 2012 17.00 22.00 07.30 Jawa Indonesia Indonesia Rm. L. Prasetyo, Pr. Rm. L. Prasetyo, Pr. Kapel Warak Sabtu,7 April 2012 18.00 Indonesia Rm. Jack Renrusun, MSC. Kapel Tambakrejo Sabtu, 7 April 2012 18.00 Jawa Rm. Ign. Slamet Riyanto, Pr.

(3)

Gereja Santo Aloysius Gonzaga Mlati

W

MINGGU PALEM

PAHARGYAN RAWUH DALEM GUSTI YESUS ING YERUSALEM

(Umat jumeneng ngumpul ana ing jero greja karo nyekeli palem. Rama Imam rawuh kairing putra altar lan petugas liturgi liyane,agemane sarwa abang,siap ana ing ngarep lawang greja, dibagekake mawa kidung pambuka)

A. UPACARA BERKAHAN PALEM – PAMBUKA

01. KIDUNG PAMBUKA (Umat Dalem Ge Suraka)

02.TANDHA SALIB LAN SALAM PAMBAGYA

I Konjuk ing Asma Dalem Hyang Rama, saha Hyang Putra, tuwin Hyang Roh Suci

U Amin

I Gusti manunggala

U Kaliyan kula sadaya

I Para sadulur kinasih,

Wiwit dina Rebo awu kita wis padha nyawisake ati srana ulah pamartobat lan katresnan. Dina iki kita ngumpul perlu bebarengan karo Pasamuwan Suci mbuka kekeraning Paskah Dalem Gusti Yesus Kristus, yaiku sangsara,seda sarta wungu Dalem. Ya iki perlune Gusti rawuh ing kutha Yerusalem. Mula ayo padha ndherekake Gusti kanthi semedi lan kebak pengandel, mengeti anggene rawuh paring rahayu, amrih keparenga ndherek nampi sihing salib suci lan wungu Dalem Gusti.

(4)

Gereja Santo Aloysius Gonzaga Mlati

W

03. BERKAHAN PALEM

I Suwawi sami munjuk:

Allah ingkang mahakuwasa tuwin langgeng, mugi nucekna ron palem menika mawi berkah Dalem,(†)supados kawula saged ndherekaken Sang Kristus Nata mlebet ing Yerusalem langgeng. Ingkang gesang tuwin mengku keprabon ing salami-laminipun.

U Amin

(Paleming meja nuli dikepyuri banyu suci lan didupani. Kalajengaken berkahan palem umat.)

04. INJIL SUCI

I Gusti manunggala

U Kaliyan kula sadaya

I Pethikan Injil Suci anggitane Santo Markus (11:1-10)

U Linuhurna Gusti

I "Pinujia ingkang rawuh atas Asmaning Pangeran."

Nalika Gusti Yesus lan para murid tindak Yerusalem, sadurunge tekan Betphage lan Betania ing lerenge Gunung Jaetun, Gusti utusan murid loro didhawuhi ndhisiki, pangandikane, ”Menyanga desa ngarep kae. Kana ana belo kuldi dicencang sing durung tau ditunggangi wong. Belo iku uculana, gawanen mrene. Yen ana sing ngelokake, ’Badhe dipun menapaken belo menika?’ wangsulana, ’Gusti ingkang badhe ngagem. Mangke menawi sampun badhe dipun wangsulaken.’ ”

Murid loro mangkat. Ana ing desa weruh ana belo kuldi dicencang ingarep omah pinggir dalan. Belo engal diuculi. Wong sing ana ing sacerake padha ngelokake, ”Badhe dipun menapaaken belo menika?” Murid loro mengsuli kaya dhawuh Dalem Gusti. Lan sing duwe lega-rila. Kuldi nuli digawa, diaturake Gusti. Gegere ganjur dijerengi sandhangan minangka lapak lan Gusti diaturi nitih.

Akeh wong sing padha nggelar sandhangane ana ing dalan, ana uga sing nyebar gegodhongan anggone ngrempeli saka pategalan. Sing padha ngiringi tindak Dalem, ya sing ana ingarep ya sing ana ing buri padha surak-surak, ”Hosana! Pinujia ingkang rawuh atas Asmaning Pangeran! Pinujia timbuling kraton Dawud! Hosana ingaluhur!

Makaten Sabda Dalem Gusti.

U Sembah nuwun kunjuk ing Gusti 05. HOMILI CEKAK

Arak-arakan

(Arak-arakan nuli diwiwiti kanthi urutan: padupan, salib diapit lilin, putra altar, petugas liturgi liyane, lan Rama Imam. Sajerone arak-arakan umat ngidung Sang Kristus Unggul ing Yudha KA 317, Yerusalem, Galo Sang Kristus Nata SK 12, Kristus Unggul ing Yudha KA 318)

(5)

Gereja Santo Aloysius Gonzaga Mlati

W

Yerusalem, Galo Sang Kristus Nata

06. SEMBAHYANGAN PAMBUKA

(Tanpa pamartobat terus diwiwiti sembahyangan pambuka dening imam ing mimbar)

I Suwawi sami munjuk,

Allah ingkang mahakuwasa tuwin langgeng, kangge nglabeti umat manungsa, amrih sageda nulad tuladhaning andhap asor, Gusti ngarsakake Panebus kawula mundhut kamanungsan saha nandhang sangsaraning pamenthangan. Wontena renaning penggalih, kawula sami saged nggilud piwulanging kasabaran Dalem saha lajeng pantes ndherek wungu Dalem. Lantaran Sri Yesus Kristus Gusti kawula…

(6)

Gereja Santo Aloysius Gonzaga Mlati

W

(Umat kasuwun lenggah)

B. LITURGI SABDA 07. WAOSAN I

P Pethikan saking Kitab Isaias (50:4-7)

“Aku diwirangake, raiku ora dakdhelekake. Aku ngerti, Aku ora bakal kawirangan.”

Gusti muruki aku basa, basane wong winasis, supaya aku bisaa gawe lejar wong kang sumpeg atine. Saben esuk aku kagugah,dipangandikani, aku ngrungokake sabdane, kaya carane murid ngrungokake gurune. Gusti ngandika marang aku, aku ora mancahi, ora mengo ngungkurake. Gegerku dakpasrahake marang kang nggebugi aku, uwangku marang kang mbubuti jenggotku. Aku diwirangake, raiku ora dakdhelikake. Diidoni aku ora mlayu. Jalaran Gustimbelani aku, mula aku ora rikuh, mula aku tatag kaya waja. Aku ngerti,aku orabakal kawirangan.

Makaten sabda Dalem Gusti

U Sembah nuwun konjuk ing Gusti. 08. KIDUNG PANGLIMBANG Reff:

09. WAOSAN II

P Pethikan saking Seratipun Rasul Paulus dhateng umat ing Philipi (2:6-11)

“Gusti Yesus ngasorake dhiri, mula jinunjung dening Allah.”

Para sadulur, Gusti Yesus iku sanadyan manungsa, kagungan kaluhuraning Allah, sajajar karo Allah. Gusti sajatine wenang ngatingalake kaluhuran mau, nanging ora karsa, malah mundhut sipating manungsa, dadi padha karo manungsa, lan ing samubarang katon kaya manungsa. Gusti ngasorake dhiri saya asor maneh, srana tundhuk nganti seda, malah seda nistha kasalib. Marga saka iku jinunjung dening Allah lan pinaringan asma pinunjul, ngungkuli asma liyane, supaya krana Asma Dalem Sri Yesus umat sing ana ing swarga, ing ndonya lan sangisoring bumi padha sujud lan sakehe lesan ngakonana, yen Gusti Yesus jumeneng ing kamulyan Dalem Allah Hyang Rama.

Mekaten sabda Dalem Gusti

U Sembah nuwun konjuk ing Gusti 10. KIDUNG CECALA

(7)

Gereja Santo Aloysius Gonzaga Mlati

W

11. INJIL SUCI

(Pawartos “Kasangsaran Dalem Gusti Yesus” anggitane Santo Markus kawaos dening petugas. Petugas passio sadurunge maos nyuwun berkah dhisik marang Rama. Paraga Gusti Yesus katindakaken dening imam. Umat tetep lenggah. Kidung selingan: Apa Ta Umat-Ku SK 28, O Tyas Labet ing Sara KA 336, Duh Sri Yesus KA 309)

12. HOMILI CEKAK 13. KAWULA PITADOS 14. PANYUWUNAN UMUM

I Sumangga sami ndherek Gusti Yesus, ingkang setya tuhu ngantos dumugining seda, nanging dipun luhuraken dening Rama Dalem, kanthi ngaturaken panyuwunan-panyuwunan:

L Kangge ingkang sami nandhang sangsara. Dhuh Rama ingkang mahaasih,

mugi ingkang sami nandhang sangsara awit dipun ina, dipun pitenah, saha dipun aniaya krana kapitadosanipun, pinaringana mantep manahipun, penuh pangajeng-ajeng, bilih sasampunipun nampi pacoben badhe nampi karahayon. Kawula nyuwun.

U Gusti mugi nyembadanana panyuwun kawula.

L Kangge para panuntuning masyarakat. Gusti, mugi karsaa ngamping-ampingi

para panuntuning masyarakat, amrih samia tetep mbudidaya tata tentrem kartaraharjaning masyarakat sarta sampun ngantos keguh ing pamrih. Kawula nyuwun:

U Gusti mugi nyembadanana panyuwun kawula.

L Kangge kawula sadaya ing ngriki. Gusti, mugi kawula karentahana

semangatipun Putra Dalem, amrih sageda tulung-tinulung nindakaken ayahan manggul salib napak tilas pada Dalem Gusti Yesus. Kawula nyuwun.

U Gusti mugi nyembadanana panyuwun kawula.

I Gusti Allah, Rama mahaasih ing swarga, saking gunging asih Dalem kawula dipun karsakaken kaangkat dados putra-putra Dalem karana lelabetanipun Gusti Yesus, Sang Abdi ingkang nandhang sangsara. Panyuwun kawula, mugi karsaa nyembadani unjukipun umat Dalem lantaran Sang Kristus Gusti kawula.

U Amin

C. LITURGI EKARISTI

(8)

Gereja Santo Aloysius Gonzaga Mlati

W

16. SEMBAHYANG CECAWIS PISUNGSUNG

I Gusti Allah sumbering sih palimirma, wontena renaning penggalih lilih dhateng kawula krana sangsaranipun Putra Dalem. Estunipun manawi ngengeti lelabetan kawula, kawula dereng pantes nampi sih palimirma Dalem. Nanging krana kurban lelabetan Dalem Sang Kristus menika, kawula ngantu-antu keparenga nampi, jer Sang Kristus menika Gusti tuwin lantaran kawula wonten ing ngarsa Dalem.

U Amin

17. PREFASI LAN KIDUNG SUCI (KA 224) 18. SEMBAHYANGAN PUJI PANUWUN AGUNG

19. RAMA KAWULA (KA 141)

20. CEMPENING ALLAH (KA 234)

21. KIDUNG KOMUNI: Minulya Kristus Nata (KA 410) O Tyas Dalem Lir Samodra (KA 414) 22. SEMBAHYANG BAKDA KOMUNI

I Suwawi sami munjuk:

Gusti Allah, Rama mahaasih, kawula sampun pinaringan tuwuk krana nugraha suci; samenika kawula taksih ngasih-asih nyuwun, margi kawula sampun kepareng pitados saha ngajeng-ajeng karana sedanipun Putra Dalem, keparenga ugi, kawula sami nggayuh idham-idhaman kawula krana wungunipun saking seda ndherek ing kamulyan Dalem. Lantaran Sang Kristus, Gusti kawula.

U Amin

D. PANUTUP 23. BERKAH PANUTUP

(9)

Gereja Santo Aloysius Gonzaga Mlati

W

PAHARGYAN GUSTI YESUS PARING BOJANA SUCI KEMIS

A. PAMBUKA

01a. KIDUNG PAMBUKA : Gusti Karsaa Ngrawuhi (KA 251) 01b. TANDHA SALIB LAN SALAM PAMBAGYA

02a. GUSTI NYUWUN KAWELASAN (KA 180)

02b. MINULYA (KA 190)

(Sasuwene kidung Minulya, lonceng lan klinthing diunekake. Umat jumeneng.)

03. SEMBAHYANG PAMBUKA

I Suwawi sami munjuk.

Allah ingkang mahaasih, Putra Dalem ontang-anting kinasih, nalika badhe ngurbanaken sugengipun maringi tilaran bojana suci dhateng para murid minangka kurban enggal kangge ing salaminipun, saha bojananing katresnan tumrap pasamuwan Dalem. Kawula sami nyuwun, mugi krana kekeran agung menika keparenga sami ngangsu penuhing katresnan tuwin gesang. Lantaran Sri Yesus Kristus, Gusti kawula…

U Amin

B. LITURGI SABDA 04. WAOSAN I

P Pethikan saking Kitab Pangentasan (12:1-8, 11-14)

“Pranatan bab Bojana Paskah”

Nalika samana Gusti Allah ngandika marang Nabi Musa lan Harun ana ing tanah Mesir mangkene: “Sasi iki dadekna pambukaning sasi-sasi, dadi sasi kapisan ing taun. Dhawuhna marang kabeh umat Israel lan kandhaa: Tanggal sepuluh sasi iki saben brayat mbeleha cempe siji kanggo sabrayat lan saomah. Yen ora bisa dientekake wong sabrayat, poma ngundanga tangga-teparo sing cedhak. Cempe iki kudu tanpa cacad, lanang, umur setaun, kena gembel kena kacangan lan ingunen dhisik nganti tanggal patbelas sasi iki. Ing dina iku sakehing putra Israel caosa kurban ing wayah sore. Getihe dileletna cagak lawanging omah kang kanggo mangan. Daginge dipanggang ing geni lan wengi iku kudu dientekake karo roti

(10)

Gereja Santo Aloysius Gonzaga Mlati

W

sikil trumpahan, tangan nyekeli teken, mangane sarwa rerikatan. Awit iki Paskah, tegese Pangeran langkung.

Wengi iku Aku bakal njajah nagara Mesir lan nggebug kabeh anak pembarep sanagara Mesir, manungsa lan rajakaya. Kabeh dewa-dewa Mesir bakal Dakukum. Aku Yahwe Pangeran. Tanda–tanda getih iku bakal agawe slamete omah kang padha kokenggoni. Yen ana tandhane getih bakal Daklangkungi, temah kowe luput saka pageblug mau. Dina iku dadia dina pangeling-eling tumrap kowe. Mulyakna minangka pakurmatan marang Pangeran, tetepna dadi riyaya sateruse turun-temurun.

Makaten sabda Dalem Gusti.

U Sembah nuwun konjuk ing Gusti. 05. KIDUNG PANGLIMBANG

06. WAOSAN II

P Pethikan saking Seratipun Rasul Paulus dhateng umat ing Korintus ingkang kapisan (11:23-26)

“Saben-saben kowe mangan roti iki lan ngombe saka tuwung iki, kowe martakake seda Dalem Gusti.”

Para sadulur, iki kang daktampa saka Gusti lan dakterusake marang kowe, yaiku: ing wengi anggene Gusti Yesus diulungake, Gusti mundhut roti lan matur nuwun marang Allah. Roti nuli dicuwil-cuwil karo ngandika, “Iki salira-Ku, kang Dakkurbanake kanggo nglabuhi kowe. Tindakna iki minangka pangeling-eling marang aku.”

Samono uga sawise bojana, Gusti ngasta tuwung lan ngandika, “Tuwung iki isi rah-Ku, rahing prajanjian anyar. Saben-saben kowe ngombe isining tuwung iki, tindakna minangka pangeling-eling marang Aku.”

Mulane saben-saben kowe mangan roti iki lan ngombe saka tuwung iki, kowe martakake seda Dalem Gusti, nganti Gusti rawuh maneh.

Makaten Sabda Dalem Gusti.

U Sembah nuwun konjuk ing Gusti. 07. KIDUNG CECALA

08. INJIL SUCI

I Pethikan Injil Suci anggitane Santo Yohanes (13:1-15)

“Kasok tresna Dalem”

(11)

Gereja Santo Aloysius Gonzaga Mlati

W

nanging saiki karsa ngatingalake, sapira kasoking tresna Dalem. Sajerone bojana setan mbisiki Yudas, anake Simon Iskariot, supaya nyidrani Gusti, Gusti priksa, yen kabeh wus dipasrahake Hyang Rama ana ing asta Dalem, sarta menawa asal saka Allah lan kondur marang Allah. Gusti banjur jumeneng saka anggene lenggah, lukar agemane singep lan mundhut sembet kagem ubet, nuli ngiling banyu ing bokor, lan wiwit mijiki sikile para rasul, terus diusap ngagem sembet.

Bareng tekan gilirane Simon Petrus, Petrus matur, “Menapa Gusti ugi badhe mijiki suku kula?” Gusti Yesus paring wangsulan, “Kang Daktindakake iki, saiki kowe durung mangerti; nanging besok bakal nyandhak.” Ature Petrus, “Salaminipun boten badhe Gusti mijiki suku kula.” Paring Dalem wangsulan, “Yen kowe ora Dakwisuhi, kowe ora bakal tetunggalan karo aku.” Simon Petrus matur, “Gusti yen makaten boten namung suku kula, nanging tangan lan sirah kula dipun wijikana pisan.” Gusti Yesus ngandika, “Sing wis adus, wisuh sikil wae wis cukup, awit wis resik babarpisan. Kowe iku padha resik, nanging ora kabeh.” Jer Gusti priksa, sapa sing bakal cidra. Mula pangandika Dalem, “Ora kabeh kowe iku resik.”

Bareng wis rampung anggene mijiki, singeb diagem maneh. Tumuli Gusti lenggah ngadhep meja lan ngandika, “Andhak kowe mangerti, apa sing mentas Daktindakake iki mau? Kowe padha nyebut Aku Guru lan Gusti. Mula bener kandhamu. Pancen Aku iki Guru lan Gustimu. Kang iku, manawa Aku, Guru lan Gustimu, wis misuhi sikilmu, mangkono uga kowe, ya kudu gentenan misuhi sikil. Awit aku wis paring tuladha. Kowe padha nindakna apa sing wis Daktindakake.” Rahayu wong kang uripe salaras karo sabda Dalem, lan ngugemi dhawuh-dhawuh Dalem….

U Rinesepna Sabda Dalem Gusti ing manah kawula. 09. HOMILI

10. UPACARA MIJIKI

(Putra altar ngaturi sing padha diwijiki, lan nyawisake uba rampene. Rama Imam lukar kasula, lan yen wis tumata banjur wiwit mijiki.Bakda mijiki terus diwiwiti “Panyuwunan umum”, tanpa kawula pitados)

Katresnan Dalem Gusti (SK 20)

(12)

Gereja Santo Aloysius Gonzaga Mlati

W

11. PANYUWUNAN UMUM

I Suwawi sami munjuk sesarengan kaliyan Gusti Yesus ingkang lenggah ing tengahing umat Dalem ngaturaken panyuwunan ingarsa Dalem Rama ing swarga. P Gusti, mugi kersaa ngrentahaken Rohing katresnan Dalem dhateng Sri Paus, para

uskup, para imam saha umat Dalem sadaya, amrih sageda nindakaken ayahan ngladosi sesami kanthi semangat asih tresna. Kawula nyuwun.

U Gusti mugi nyembadanana panyuwun kawula.

P Gusti, mugi karsaa nuntun ingkang sami dipun pasrahi tanggel jawab, amrih samia nglambari kawibawanipun mawi katresnan tulus tanpa pamrih. Kawula nyuwun.

U Gusti mugi nyembadanana panyuwun kawula.

P Gusti, mugi ingkang sami nandhang sakit sageda nampi pitulungan margi saking tresnanipun sesami. Kawula nyuwun.

U Gusti mugi nyembadanana panyuwun kawula.

P Gusti, mugi keparenga kawula sami nggatosaken saestu pitedah Dalem Sang Kristus ingkang nembe kawula pireng menika wau. Kawula nyuwun.

U Gusti mugi nyembadanana panyuwun kawula.

I Gusti Allah, Rama mahaasih, kawula sami kumawani nyuwun ingarsa Dalem, awit Putra Dalem sampun maringi priksa gunging katresnan Dalem. Kawula pitados, Gusti temtu ngabulaken, jer kawula unjukaken lantaran Sang Kristus Gusti kawula.

U Amin

C. LITURGI EKARISTI

11. KIDUNG PISUNGSUNG: Manunggil Ing Sang Kristus (KA 215) 12. SEMBAHYANG CECAWIS PISUNGSUNG

I Gusti Allah, Rama mahasuci, kawula sami nyuwun keparenga ndherek ngalami kekeran-kekeran menika kanthi pantes, awit saben-saben dipun riyayakaken kurban panebusan menika kalampahan malih. Lantaran Sang Kristus, Gusti kawula.

U Amin

13. PREFASI LAN KIDUNG SUCI (KA 225)

14. SEMBAHYANGAN PUJI PANUWUN AGUNG

15. RAMA KAWULA LUMRAH (KA139)

16. KIDUNG CEMPENING ALLAH (KA 235)

17. KIDUNG KOMUNI:

O Sakramen Maha Suci (KA 252)

(13)

Gereja Santo Aloysius Gonzaga Mlati

W

(Bakda komuni sibori siji tetep ana ing altar dene liyane disimpen ing Sakristi. Mis Suci ditutup mawa sembahyang bakda komuni.)

18. SEMBAHYANG BAKDA KOMUNI

I Suwawi sami munjuk. Allah ingkang mahakuwasa tuwin langgeng, kawula sami pinaringan tuwuk karana bojananing Putra Dalem ing wekdal samangke. Kawula sami nyuwun keparenga pantes pinaringan tuwuk mekaten menika kangge ing salaminipun. Lantaran Sang Kristus Gusti kawula.

U Amin

D. PAKURMATAN SAKRAMEN MAHASUCI

(Umat kasuwun jumeneng)

19. KIDUNG PAKURMATAN SAKRAMEN: Ayo Ngidung lan Memuji (KA 328)

20. TUGURAN

(Sarampunge sembahyangan bakda komuni Rama Imam ngiseni padupan lan ngadepi Sakramen Mahasuci. Nuli ngagem singep lan ngasta sibori. Arak-arakan diwiwiti, dipucuki salib. Diiringi kidung katur Sakramen Mahasuci. Tekan papan palerepan, sibori diparingake ing papane lan didupani. Rama Imam, putera altar, lan petugas liturgi liyane pada ngabekti sawatara, nuli jengkeng lan mlebu ing sakristi, tanpa nyanyian panutup)

(14)

Gereja Santo Aloysius Gonzaga Mlati

W

JUMUWAH ADI

PAHARGYAN SANGSARA LAN SEDA DALEM GUSTI YESUS

(Altar resik tanpa apa-apa. Rama Imam agemane sarwa abang. Rawuhe didherekake para putra altar, lan petugas liturgi liyane, banjur ungkep-ungkep. Bakda iku Rama Imam tindak menyang mimbar sabda lan kanthi ngadhepi umat asta nlakup, wiwit sembahyang tanpa pangajak.)

A. PAMBUKA 01. SEMBAHYANG PAMBUKA

I Suwawi sami munjuk: Gusti kawula aturi ngengeti sih kawelasan Dalem, saha nucekna para abdi krana pangayoman Dalem, jer sang Kristus, Putra Dalem, margi nglabeti para abdi, sampun yasa kekeraning Paskah sarana nuntasaken rah. Panjenenganipun ingkang gesang tuwin mengku keprabon ing salami-laminipun.

U Amin

B. LITURGI SABDA 02. WAOSAN I

P Pethikan saking Kitab Isaias (52:13 – 53:12)

“Panjenengane nandhang tatu marga dosa-dosa kita.”

Abdiku bakal maju, bakal jinunjung dhuwur lan sinengkakake ingaluhur. Umat kaget, nyawang Panjenengane: slira rusak, ora mantra-mantra rnanungsa. Umat gumun, para nata njenger ora kumecap ingarsane, nyawang lelakon kang durung tau dicaritakake manungsa, nyipati prakara kang durung tau keprungu: "Sapa kang bakal ngandel, apa kang kita rungu? Marang sapa astaning pangeran diwedharake?" Kaya trubus mudha Panjenengane ana ingarep kita, kaya oyod ing lemah garing, tanpa kaendahan tanpa kawibawan, slirane ora ana kang resep sinawang; diina Ian ditampik sapa bae, kebak kasusahan lan kasangsaran; saben wong nutupi rai, ora sudi nyawang; Panjenengane disepelekake lan kita ora nggape. Sajatine kasangsaran kita kang disangga, kasusahan kita kang disandhang. Nanging kita malah ngarani Panjenengane wong dosa, kang nampa bebendu lan siniksa Allah. Ajur marga kaluputan kita, lebur rnarga dosa kita. Panjenengane nyangga paukuman kang asung keslametan kita, lan marga rojah-rajeh slirane kita slamet. Kita kasasar-sasar kaya wedhus, nurut dalan sakarepe dhewe, lan Pangeran nempuhake dosa kita marang Panjenengane. Dianiaya kasar, panjenengane sabar, tanpa kumecap kaya cempe menyang papan pambelehan, kaya wedhus dicukur tanpa nyuwara. Panjenengane diadili murang adil; sapa kang mbelani prakarane? Dilaraksaka tengahe wong urip, dibuwang ing tengahe wong mati krana dosa kita Panjenengane disedani bareng karo wong duraka, dipetak ing makame wong sugih, mangka ora nindakake piala lan pangandikane ora tau cidra. Pancen wis dadi karsane Pangeran paring sangsara marang Panjenengane.Yen wis ngurbanake jiwa minangka dhendhaning dosa, panjenengane bakal nyawang pandherek-pandhereke umur dawa lan apa kang dikarsakake Pangeran bakal

(15)

Gereja Santo Aloysius Gonzaga Mlati

W

lega. Kanthi nandhang kabeh mau, Abdiku dadi jalaranewong akeh dibenerake,marga anggone nyangga lupute. Mulane Aku bakal masrahake wong akeh dadibageane,wong-wong kuwasa bakal dipilihi kaya barang jalaran, minangka ganjarananggone wus toh pati, anggone gelem dianggep wong dosa, gelem nyangga lupute wong akeh, lan anggone tansah nyembahyangakewong-wong dosa. Makaten sabda Dalem Gusti.

U Sembahnuwun konjuk ing Gusti.

03. KIDUNG PANGLIMBANG (Mzm. 31:2,6,12-13,15-16,17-25)

04. WAOSAN II

P Pethikan saking Serat dhateng umat Hibrani (4:14-16, 5:7-9)

“Gusti nggegulang watak mituhu lan dadi sumber rahayu tumrap kabeh kang mituhu ing Panjenengane.”

Para sadulur, wiwit kala darbe Imam Agung minulya, yaiku Sri Yesus Putra Dalem Allah, kang wus nrabas kabeh lapisaning langit, kita kudu ngukuhi pangandel kang kita ugemi.

Imam Agung kita iki karsa ngraosake kasekengan-kasekengan kita,karsa ngalami pacoban-pacoban kaya kita, lan ing samubarang padha karo kita, kejaba mungguh ing dosa. Mula ayo padha marak ing dhamparing sih kanthi pangarep-arep teguh, bakal nampa nugraha sih pitulungan saka Pangeran, samangsa kita mbutuhake.

Sang Kristus Imam Agung kita kala sugenge jumeneng manungsa wus sembahyang kanthi ngasih-asih ngunjukake panyuwunan marang Hyang Rama, kang saged ngluwari saka pati, lan marga tlatose panyuwunan mau dikabulake. Sanadyan jumeneng Putra, ewadane sagah nandhang sangsara, perlu ngatingalake anggene mituhu. Nanging sawise nggayuh kasampurnan, Sang Kristus dadi sumber tumrap kabeh kang mituhu ing Panjenengane.

Makaten sabda Dalem Gusti.

U Sembah nuwun konjuk ing Gusti. 05. KIDUNG CECALA

(16)

Gereja Santo Aloysius Gonzaga Mlati

W

06. INJIL SUCI (Umat kasuwun lenggah)

(Petugas passio nyuwun berkah Imam lan banjur nindakake tugase)

a. Apa Ta Umat-Ku? (SK 28)

b. O Tyas Labet ing Sara (KA 336)

c. Dhuh Sri Yesus (KA 309)

07. HOMILI

(Upacara Sabda ditutup mawa Panyuwunan Umum. Rama Imam anggone maos ana ing altar).

08 a. PANYUWUNAN UMUM (umat lenggah)

(1) Pasamuwan Suci

I Para sadulur kinasih,Ayo padha nyembahyangake Pasamuwaning Allah kang suci. Muga Gusti Allah lan Pangeran kita renaa ing panggalih paring tentrem lan rukun, sarta njangkung Pasamuwan ing salumahing bumi, apa maneh marengake kita bisa urip tentrem ayem, lan ngluhurake Allah, Rama kang mahakuwasa.

Allah ingkang mahakuwasa tuwin langgeng, ingkang karsa medharaken kamulyan Dalem dhateng para bangsa lantaran Sang Kristus, mugi karsaa njagi pakaryan kawelasan Dalem; Mugi Pasamuwan ingkang suci, ingkang sumebar ing saindenging bumi, lestantun ngakenana Asma Dalem kanthi pitados santosa. Lantaran Sang Kristus, Gusti kawula.

U Amin (2) Santo Bapa

I Ayo padha nyembahyangake Sri Paus Benedixtus XVI. Muga Allah lan Pangeran kita, kang milih panjenengane nglenggahi pangkat imam agung, njagia kasugengan lan karaharjane, amrih sageda mangreh umating Allah, Pasamuwan Dalem.

(17)

Gereja Santo Aloysius Gonzaga Mlati

W

dhedhasaring samukawis, kawula aturi menggalih panyuwunan kawula, saha karana kasaenan Dalem ngreksaa imam agung kawula, pilihan Dalem, supados umat Dalem ingkang tinuntun imam agung wau atas Asma Dalem, sageda ngrembaka krana lelabetaning kapitadosanipun.

Lantaran Sang Kristus Gusti kawula

U Amin

(3) Umat lan kang ngasta tuntunan

I Ayo padha nyembahyangake Uskup Agung Mgr.Johanes Pujasumarta, Pr, lan para Uskup, Imam, Diakon kang nglenggahi pepangkatan ing Pasamuwan, sarta kabeh umat Dalem.

Allah ingkang mahakuwasa tuwin langgeng, ingkang krana Roh Dalem nucekaken saha ngerehaken Pasamuwan Suci, inggih salira Dalem Gusti, midhangetna panyuwunan kawula kangge sadaya kemawon ingkang sami ngayah-ayahi wonten ing Pasamuwan wau, keparenga sami setya pangabdinipun dhateng Gusti karana sih pitulungan Dalem. Lantaran Sang Kristus, Gusti kawula.

U Amin

(4) Para magang baptis

I Ayo padha nyembahyangake para magang baptis: muga Allah lan Pangeran kita mbuka atine sadulur-sadulur mau, apa maneh korining sih kawelasan Dalem, supaya kasiram ing banyuning kalairan anyar, padha bisaa nampa pangapuraning dosa-dosane, lan tansah manunggal ing Sri Yesus, Pangeran kita.

Allah ingkang mahakuwasa tuwin langgeng, ingkang paring subur dhateng Pasamuwan, srana mbabar putra-putra enggal, maringana tambahing kapitadosan tuwin pangertosan dhateng para magang baptis, amrih sageda lair malih wonten ing sandhanging baptis saha kakempalana kaliyan para putra angkat Dalem. Lantaran Sang Kristus Gusti kawula.

U Amin

(5) Manunggale umat Kristiani

I Ayo padha nyembahyangake kabeh sadulur, kang nunggal ing pangandel ing Sang Kristus: muga Allah lan Pangeran kita dhangana ing panggalih ngrukunake sarta ngreksa para sadulur kang ngugemi kasunyatan ing Pasamuwan Dalem kang sawiji. Allah ingkang mahakuwasa tuwin langgeng, ingkang ngempalaken umat ingkang sumebar, saha ngreksa ingkang sampun sami ngempal, wontena karsa Dalem menggalih dhateng menda-mendanipun Putra Dalem, supados ingkang sampun sinucekaken ing baptis satunggal tinangsulana ing murnining kapitadosan tuwin bebandaning katresnan.

(18)

Gereja Santo Aloysius Gonzaga Mlati

W

(6) Kang ora ngandel marang Sang Kristus

I Ayo padha nyembahyangake para sadulur kang ora ngandel marang Sang Kristus: muga padha pinadhangana ing Hyang Roh Suci banjur bisa ngambah dalaning karahayon.

Allah ingkang mahakuwasa tuwin langgeng, mugi ingkang sami boten ngakeni Sang Kristus, sami temen-temen lelampahanipun wonten ingarsa Dalem, lajeng sami sageda manggih kasunyatan, dene kawula piyambak keparenga mindhak-mindhak anggen kawula tresna-tinresnan saha kagigah kepingin nampi kekeraning sugeng Dalem ingkang langkung penuh, amrih sageda dados seksining katresnan ingkang langkung sampurna wonten ing donya.Lantaran Sang Kristus, Gusti kawula.

U Amin

(7) Kang ora ngandel marang Allah

I Ayo padha nyembahyangake para sadulur kang ora ngandel marang Gusti Allah: muga padha ngupadia kasunyatan kanthi temen-temen sarta pantesa sowan ing ngarsaning Allah.

Allah ingkang mahakuwasa tuwin langgeng, ingkang ngarsakaken sadaya manungsa tansah sami madosi Gusti margi kepengin lan sami lerem margi saged manggih, kawula sami nyuwun ngasih-asih, mugi wonten ing madyaning rubeda mawarni-warni sadaya kemawon sageda manggih tandhaning asih tresna Dalem, saha bukti saening pakaryanipun para pitados, lajeng sami rumaos bingah margi ngakeni bilih Gusti ingkang jumeneng Allah sanyata tuwin Ramaning umat manungsa. Lantaran Sang Kristus, Gusti kawula.

U Amin

(8) Kang ngasta peprentahaning nagara

I Ayo padha nyembahyangake kang padha ngasta peprentahaning nagara muga Allah lan Pangeran kita karsaa nuntun ati lan budine marang katentreman lan kamardikan sejati salaras karo karsa Dalem Gusti.

Allah ingkang mahakuwasa tuwin langgeng, manahipun sadaya tiyang lan wewenangipun para bangsa wonten ing asta Dalem. Wontena renaning panggalih mriksani ingkang sami ngasta panguwasa ing atasipun kawula sadaya, keparenga wonten ing pundi kemawon tansah sageda ngudi tata-tentrem karta-raharjaning para bangsa, dene kamardikaning agami pinaringana dipun pepetri.

Lantaran Sang Kristus, Gusti kawula

U Amin

(9) Kang padha reribed

I Para sadulur kinasih, ayo padha nyenyuwun ingarsaning Allah kang mahakuwasa, supaya kabengkasa sakehing panasaran saka ing donya, kabirata lelara,

(19)

Gereja Santo Aloysius Gonzaga Mlati

W

pinaringana slamet kang padha lelungan, bisaa bali kang padha lelayaran, bisaa padha waras kang lara, lan nemua karahayon kang padha tilar donya.

Allah ingkang mahakuwasa tuwin langgeng, panglipur tuwin kakiyatanipun tiyang ingkang nandhang sedhih tuwin sangsara, mugi midhangetna pasambatipun tetiyang ingkang saweg manggih reribed menapa kemawon; keparenga sadaya kemawon rumaos bingah margi salebetipun ngalami rubeda mboten tinilar ing sih kawelasan Dalem Gusti.

U Amin.

8.b NOVENA KERAHIMAN ILAHI Hari I

Sabda Yesus kepada St Faustina:

“Hari ini, bawakan kepada-Ku segenap umat manusia, khususnya semua pendosa, lalu benamkanlah mereka dalam lautan kerahiman-Ku. Dengan demikian engkau akan menghibur Aku dalam kesedihan mendalam yang diakibatkan oleh hilangnya jiwa-jiwa manusia.”

Doa:

P: Yesus yang Maharahim, ciri-Mu yang khas ialah mengasihani kami dan mengampuni kami. Janganlah Engkau memandang dosa-dosa kami, melainkan keyakinan kami akan kebaikan-Mu yang tak terhingga, dan terimalah kami semua dalam kediaman Hati-Mu yang maharahim dan jangan biarkan kami terlepas daripadanya selama-lamanya. Kami mohon Engkau demi kasih-Mu yang mempersatukan Engkau dengan Bapa dan Roh Kudus.

U: Bapa yang kekal, pandanglah dengan mata kerahiman segenap umat manusia, khususnya para pendosa malang yang telah tertampung dalam Hati Yesus yang penuh belas kasihan. Demi sengsara-Nya yang pedih, tunjukkanlah kepada mereka kerahiman-Mu, supaya kami dapat memuji kemahakuasaan kerahiman-Mu, sepanjang segala masa. Amin.

Doa Koronka:

(Doa Koronka dibuka dengan doa-doa)

Bapa Kami 1x, Salam Maria 1x, dan Aku Percaya 1x.

(Pada manik-manik “Bapa Kami” rosario biasa, diucapkan doa sebagai berikut)

Bapa yang kekal, kupersembahkan kepada-Mu Tubuh dan Darah, Jiwa dan ke-Allahan Putra-Mu yang terkasih, Tuhan kami Yesus Kristus, sebagai pemulihan dosa-dosa kami dan dosa seluruh dunia.

(Pada manik-manik “Salam Maria” rosario biasa, diucapkan doa sebagai berikut)

Demi sengsara Yesus yang pedih, tunjukkanlah belas kasih-Mu kepada kami dan seluruh dunia.

(Koronka ditutup dengan doa)

(20)

Gereja Santo Aloysius Gonzaga Mlati

W

C. UPACARA NGABEKTI SALIB

(Romo maringi renungan “Salib”. Salib sing dilurubi dibukak saka sathithik dening Rama Imam wiwit saka lawang mlebu greja, tengah, lan ngarep altar, dibarengi wawan atur,umat jumeneng)

09. WAWAN ATUR: Iki Salib Suci (KA 331)

10. UMAT NGABEKTI SALIB KAIRING KIDUNG

Salib Ing Puncaking Ardi (KA 335)

(Sawuse ngabekti salib kotak kolekte banjur diedharake)

11. KOMUNI

(Altar ditatani taplak, korporal, buku, salib, lilin. Sakramen Mahasuci nuli diparingake ing altar. Yen kabeh wis cumawis, upacara komuni diwiwiti Rama Kawula).

O Tyas Labet ing Sara - SK 29 12. SEMBAHYANG BAKDA KOMUNI

I Ayo padha munjuk. Allah ingkang mahakuwasa tuwin langgeng, kawula sampun estu dipun tebus karana seda saha wungu Dalem Risang Kristus.

Mugi karsaa nglestantunaken pakaryan kawelasan Dalem tumrap kawula, supados sarana ndherek ngayahi kekeran menika, kawula sageda gesang ngabdi Gusti tanpa wonten kendhatipun. Lantaran Sang Kristus, Gusti kawula.

U: Amin

13. BERKAT PANUTUP

(Rama Imam ngungkulake asta)

I Kawula sami nyuwun, dhuh Gusti, mugi umat Dalem ingkang sami ngenget-enget sedanipun Putra Dalem kaliyan ngantu-antu wungunipun, karentahana berkat sih nugraha, kaparingana pangapuntening dosa, saha kateguhna panebusanipun. Lantaran Sang Kristus Gusti kawula.

U Amin.

(21)

Gereja Santo Aloysius Gonzaga Mlati

W

MALEM PASKAH

PAHARGYAN WUNGU DALEM GUSTI YESUS

A. UPACARA PEPADHANG 01. TANDHA SALIB LAN SALAM PAMBAGYA

(Greja peteng. Upacara ditindakake ana ing ngarep greja. Umat ngadep Rama Imam.)

I Konjuk ing Asma Dalem Hyang Rama saha Hyang Putra tuwin Hyang Roh Suci.

U Amin

I Gusti manunggala.

U Kaliyan kula sadaya.

I Para sadulur kinasih, wengi iki Sri Yesus Kristus, Pangeran kita, wungu saka seda. Pasamuwan suci ngajak putra-putrane, kang sumebar ing saindhenging jagad, nganakake tirakatan lan sembahyangan. Mula kita arep padha ndherek mengeti Paskah Dalem Gusti, srana ngrungokake sabda sarta mulyakake kekeran Dalem, kanthi pangarep-arep bisaa ndherek menang mungsuh pati, sarta urip nunggal ing Allah ndherek Gusti.

02. BERKAHAN GENI

I Suwawi sami munjuk :

Allah ingkang Mahakuwasa, lantaran Putra Dalem umat pinaringan latuning pepadhang. Mugi karsaa nyucekaken latu (

) enggal menika, saha keparenga manah kawula murub dening idham-idhaman kaswargan krana riyadi Paskah menika, amrih sageda ndherek mulyakaken riyadining pepadhang langgeng kanthi manah murni. Lantaran Sang Kristus, Gusti kawula.

U Amin

03. BERKAHAN LILIN PASKAH

(Kanggo nyungulake pralambanging Lilin Paskah, lilin dicekeli putra altar lan Rama Iman nggambari karo ngucapake tetembungan)

I Sang Kristus wingi lan saiki (lajer) Purwa lan Wasana (palang)

Alpha (A)

lan Omega (Ω)

ngasta wektu (2)

lan jaman (0)

mengku kaluhuran lan panguwasa (1) ing sagunging jaman kalanggengan (2)

A

2 0

1 2

(22)

Gereja Santo Aloysius Gonzaga Mlati

W

I Krana labet-labet Dalem suci (1)

lan mulya (2)

mugi karsaa ngayomi (3) tuwin nglestantunaken kawula, (4)

dhuh Sang Kristus,

Pangeran kawula. Amin (5)

(Lilin Paskah disumed mawa geni berkahan)

04. ARAK-ARAKAN

(Romo Imam ngasta lilin paskah. Kaping telu mandheg lan nguwuh):

Pepadhang Dalem

Pinujia Sang Pepadhang

(Sawise mandheg sing kapindho liline misdinar lan prodiakon diurubake mawa geni lilin paskah. Sawise sing katelu lilin umat diurubake)

05. WARTA PURWAKA PASKAH

(Sarawuhe ing panti, lilin paskah dipapanake ing tengah jejer jlagrag buku. Paraga exultet nyuwun berkah Rama lan wiwit ngidungake Purwaka Paskah, umat lenggah)

Kidung Surak-Suraka (KA 341)

I Gusti manunggala.

U Kaliyan kula sadaya

I Padha tumengaa ingaluhur

U Sampun tumenga ing Gusti.

I Ayo padha munjuk sembah nuwun konjuk ing Allah.

(23)

Gereja Santo Aloysius Gonzaga Mlati

W

I Mila pantes lan prayogi kawula penuh raos semedi sami ngidung muji ngalembana

Allah, Rama ingkang mahakuwasa, saha Putra Dalem ontang-anting Sri Yesus Kristus, Pangeran kawula. Awit Sang Kristus sampun caos dhendhaning lepatipun Adam, ingarsanipun Rama ingkang langgeng lan sampun anglebur serat dosa lami ngagem rah Dalem ingkang suci. Awit menika riagung Paskah, dintenipun Risang Cempe sejati dados kurban, saha nucekaken kori-korining umat ngagem rah Dalem. Inggih ing dalu menika Gusti nuntun para leluhur umat Dalem saking tanah penjajahan, kasabrangaken saganten Abrit tanpa teles sukunipun. Dalu menika ingkang nebihaken umat Kristiani saindenging buwana saking dursilaning donya lan kuceming dosa, lajeng kapasrahaken dhateng sih Dalem, sarta katuntun dhateng kasucian.

U Surak-suraka, umat sadonya ...

I Dalu menika Sang Kristus natas blengguning pejah sasap nilar kratoning pepejah. Estu boten ngertosaken asih tresna Dalem, dene Putra dipun kurbanaken amrih sageda nebus abdi. Mila kedah kalampahan dosanipun Adam, supados saged kalebur ing sedanipun Sang Kristus. Dosa ingkang asung begja, awit njalari pantes nampi Panebus ingkang samanten agungipun. Mila upacara dalu menika nyiram kalepatan, asung kasucian dhateng ingkang dhawah ing dosa, lan asung kabingahan dhateng ingkang sami nandhang susah. Dalu tuhu mulya, wawuhipun Allah kaliyan donya, lilihipun Allah kaliyan manungsa.

U Surak-suraka, umat manungsa ...

I Pramila Rama ingkang suci, sumangga karsaa nampi pisungsung kutug manci dalu, ingkang dipun caosaken Pasamuwan Suci lumantar para imam rupi lilin tawon. Ingkang menika Gusti, kawula nyuwun, mugi lilin ingkang dipun sucekaken konjuk ing Asma Dalem, sageda panggah murub mbirat pepetenging dalu menika. Saha sageda tinampi minangka arum-arum, lan babar nunggil ing pepadhang luhur. Mugi lintang panjer enjing taksih manggih urubipun, liripun Sang Lintang Panjer Enjing ingkang mboten nate angslup, inggih menika Sang Kristus, Putra Dalem, ingkang nilar kratoning pepejah, manther gumebyar nyunari bangsa manungsa, sarta gesang tuwin mengku keprabon ing salami-laminipun.

U Amin.

B. LITURGI SABDA

(Waosan saka Prajanjian Lawas werna telu: Kitab Purwaning Dumadi, Kitab Pangentasan, lan Kitab Isaias) (Sakdurunge, Rama ngacarani)

I Para sedulur kinasih. Tirakatan bebarengan iki wis padha kita wiwiti, prayoga saiki padha nggatekake Sabda Dalem Gusti karo nglimbang-limbang anggene Pangeran paring rahayu marang umat Dalem ing jaman kuna, lan wasanane ngutus Putra Dalem jumeneng Pamartaning donya. Ayo padha nyuwun, muga-muga Gusti Allah kita dhangana ing panggalih paring sampurna lan penuh wutuhing panebusan Paskah tumrap kita kabeh.

(24)

Gereja Santo Aloysius Gonzaga Mlati

W

06. WAOSAN I

P Pethikan saking Kitab Purwaning Dumadi (1:1, 26 - 31a) “Gusti Allah priksa, kabeh pakaryan Dalem becik anane.”

Ing mula buka Gusti Allah nitahake langit lan bumi. Gusti Allah priksa kabeh pakaryan Dalem becik anane, nuli ngandika, ”Dakgawe manungsa miturut pepethan ngemperi Aku lan ngerehna iwak-iwak ing sagara, manuk-manuk ing awang-awang, sato kewan ing salumahing bumi, sarta sakehing gegremet mobah ing dharatan”.

Lan Gusti Allah karya manungsa miturut pepethan Dalem: miturut pepethan Dalem anggene nitahake; priya lan wanita kang dititahake. Gusti Allah paring berkah lan ngandika, ”Ngrebdaa lan tangkar-tumangkara, jagad kebakana, iwak-iwak ing sagara, manuk-manuk ing wang-awang lan kabeh kang urip mobah ing dharatan erehna lan kuwasanana.”

Gusti Allah ngandika, ”Ngertia, kowe wis diparingi sakehing tetuwuhan mawa wiji ing sadhuwuring bumi lan sakehing kekayon mawa wiji manut jinise, minangka dadi panganmu. Dene kabeh kewan ing bumi lan manuk-manuk ing awang-awang, apa maneh kabeh bae kang urip mobah ana ing bumi uga Dakparingi ramban minangka pangane.”

Lan kalakon mangkono. Gusti Allah priksa, kabeh pakaryan Dalem becik anane. Mekaten sabda Dalem Gusti.

U Sembah nuwun konjuk ing Gusti.

07. KIDUNG PANGLIMBANG: Salumahing Bumi

08. SEMBAHYANGAN

I Suwawi sami munjuk:

Allah ingkang mahakuwasa, manungsa sampun tumitah kanthi ngeram-eramaken lan langkung ngeramaken malih anggenipun katebus. Kawula sami nyuwun pinaringana budi wening, saha sageda nulak pangrimuking dosa kanthi dhadhag. Lantaran Sang Kristus, Gusti kawula.

U Amin 09. WAOSAN II

P. Pethikan saking Kitab Purwaning Dumadi (22:1-18). “Kurbane leluhur kita Abraham.”

Nalika samana Gusti Allah paring pacoban marang Abraham lan nimbali Abraham, “Abraham!” Atur wangsulane, “Nun kula Gusti.” Sabda Dalem, “Iskak anakmu ontang-anting kang kotresnani gawanen menyang laladan Moria lan caosna dadi kurban obong ana ing salah sijine puncaking gunung kang bakal Dakparingake

(25)

Gereja Santo Aloysius Gonzaga Mlati

W

Satekane ing gunung kang ditemtokake ing Gusti Allah, Abraham yasa altar. Nuli tangane kumlawe ngunus pedhang arep kanggo mbeleh putrane. Nanging malaekating Allah ngandika saka ing langit, “Abraham! Abraham!” Atur wangsulane, “Nun kula.” Malaekat ngandika maneh, “Aja kokapak-kapakake putramu. Saiki aku ngerti, kowe wedi asih marang Allah lan ora ngeman putramu ontang-anting.”

Abraham tumenga, weruh wedhus lanang sungune kecanthol ing grumbul. Wedhus mau nuli dicekel lan dikurbanake minangka ijole putrane. Malaekat banjur ngandika maneh marang Abraham, “Aku sumpah demi Aku dhewe: Sarehne kowe wus nindakake dhawuh-Ku lan ora ngeman anakmu, kowe bakal Dakberkahi, Turunmu bakal tangkar tumangkar kaya lintang ing awang-awang lan kaya pasir ing pasisir lan bakal ngrebut gapuraning mungsuh-mungsuhe. Lan sakehing bangsa ing salumahing bumi bakal binerkahan krana turunmu, awit kowe wus netepi dhawuh-Ku.”

Mekaten sabda Dalem Gusti.

U Sembah nuwun konjuk ing Gusti. 10. KIDUNG PANGLIMBANG:

11. SEMBAHYANGAN

I Ayo padha munjuk:

Allah Hyang Rama ingkang mahaluhur, putra-putraning prajanjian Dalem sampun tumangkar lan sampung sumebar ing saindenging bumi kanthi sihing putra angkat; dene Abraham putra Dalem miturut sumpah, sampung jinunjung dados bapa-babunipun sadaya bangsa karana kekeran Paskah punika.

Mugi kaparenga umat Dalem pantes nampi sihing timbalan. Lantaran Sang Kristus, Gusti kawula.

U Amin. 12. WAOSAN III

P. Pethikan saking Kitab Pangentasan (14:15 – 15:1).

“Putra-putraning umat padha nrabas tengahing sagara kang garing.”

Nalika samana Pangeran ngandika marang Musa mangkene, ”Yagene kowe sesambat marang Aku? Kandhaa marang umat supaya padha mangkat. Tekenmu angkaten lan tanganmu athungna ing sagara lan piyaken banyune, supaya umat bisa mlebu ing tengahing sagara, lan ngambah dhasare sing garing. Dene Aku bakal gawe atine wong-wong Mesir padha mantep mlebu ing sagara nututi umat. Nanging ing wektu iku bakal katon kamulyan-Ku marang Pirngon sawadyabalane, kreta lan prajurite jaranan. Lan wong-wong Mesir bakal padha ngakoni manawa Aku

(26)

Gereja Santo Aloysius Gonzaga Mlati

W

prajurite jaranan”.

Ing kono malaekating Allah, kang maune tindak ana ingarepe umat, banjur genti tindak ana ing saburine; samono uga tugu mega pindhah saka ingarep menyang ing saburine umat, nggejejer ing antarane kemah Mesir karo kemahing umat. Marga mega lan pepeteng mau, sawengi natas sing siji ora bisa nyedhaki sijine.

Ing kono Musa nuli ngathungake astane ing sagara lan Pangeran ngesobake sagara ngagem angin saka wetan sawengi natas lan sagarane dadi garing. Banyuning sagara piyak lan umat mlebet ing tengah-tengahe sing garing; dene banyu kaya tembok ngadeg ing kiwa tengen. Nanging wong-wong Mesir padha mbledig; jarane Pirngon, kreta-kretane lan prajurite jaranan bebarengan mlebu ing tengahing sagara.

Wayah bangun esuk Pangeran mriksani wadya Mesir saka ing tugu geni lan mega sarta karsa numpes balane. Rodha-rodhaning kreta njempalik, nganti padha njungkel. Mula wong Mesir padha ngucap, ”Ayo ditinggal mlayu bae umat kae, awit Pangeran mitulungi perang nglawan kita”.

Lan Pangeran ngandika marang Musa, “Athungna tanganmu ing sagara, kareben banyune ngelebi wong-wong Mesir, kreta lan prajurite jaranan”. Bareng Musa ngathungake astane ing sagara wayah byar esuk, sagara bali kaya maune, banyu methukake wong-wong Mesir kang padha keplayu lan Pangeran ngerobi wong-wong mau ing tengahing alun. Banyu bali ngelebi kreta-kreta lan prajurit jaranan balane Pirngon, kang padha ngoyak mudhun ing sagara. Siji bae ora ana kang slamet.

Dene putra-putrane Israel mbacutake lakune ngambah tengah-tengahing sagara kang garing. Banyu kaya dene tembok, ngadeg ing sakiwa-tengene.

Dina iku Pangeran ngluwari umat saka tangane wong-wong Mesir. Wong Israel padha nyipati wong-wong Mesir sing wis dadi mayit ana ing pasisiring sagara, nyipati asta agung sing diagem Pangeran nglawan wong-wong mau. Umat wedi marang Pangeran lan marang Musa abdi Dalem. Ing kono Musa lan putra-putra Israel padha ngucapake kidung-kidungan konjuk ing Pangeran.

Makaten sabda Dalem Gusti.

U Sembah nuwun konjuk ing Gusti.

(27)

Gereja Santo Aloysius Gonzaga Mlati

W

14. SEMBAHYANGAN

I Ayo padha munjuk:

Allah ingkang mahakuwasa, pangeram-eram Dalem ing jaman kina taksih katingal sumunar ing jaman samangke. Rumiyin Gusti karsa ngluwari bangsa satunggal saking panguya-uyaning panjajah ngagem asta Dalem ingkang kuwasa; samenika mugi karsaa ngluwari bangsa kathah ngagem toyaning kalairan enggal. Pramila kawula sami nyuwun, mugi sadaya manungsa ing saindenging donya keparenga pantes dados putranipun Bapa Abraham saha pantes dados putra pilihan Dalem. Lantaran Sang Kristus, Gusti kawula.

U Amin. 15. WAOSAN IV

P Pethikan saking Kitab Nabi Isaias (54:5-14)

“Kanthi katresnan langgeng kowe kinasih dening pangeran, Panebusmu”

Kang nyipta kowe ngarsakake kowe dadi garwane. Dene asmane: Pangeraning balatantra. Lan Panebusmu ngarsakake jumeneng Mahasuci ana ing Israel. Dene asmane: Allahing alam sawegung. Gusti Allahmu ngandika, "Kaya dene wanita kang ditinggal sisihane lan sedhih atine, kowe tinimbalan bali dening Pangeran.

Apa iya sisihan ing mangsa mudha arep tetep ditampik? Mung sadhela ang-gonmu Daktilar, nanging marga kadereng tresna linuwih kowe Dakpundhut bali.

Mula kalane Aku duka, wadana-Ku Daksingidake, aja nganti kowe weruh. Na-nging kanthi katresnan langgeng anggon-Ku tresna marang kowe” Mangkono sabda Dalem Pangeran, Panebusmu.

"Dene tumrap Aku kaanan iki kaya ing jamane Bapa Nuh: kaya kalane Aku sumpah, yen banjir bandhang ora bakal ngelebi lumahing bumi maneh, Aku saiki sumpah, manawa ora bakal paring deduka marang kowe maneh, lan ora bakal

(28)

Gereja Santo Aloysius Gonzaga Mlati

W

Sanadyan gunung-gunung padha mingser lan gumuk-gumuk padha kedher, nanging sih katresnan-Ku ora bakal ngoncati kowe, lan janji bedhami-Ku ora bakal diganggu gugat maneh."

Mangkono sabda pangandikaning pangeran, kang kasok tresnane marang kowe."Kowe sing katindhes, katempuh prahara lan tanpa panglipur!

Sabenere kowe nedya Dakdhasari watu item, lan watu marmer sing minangka jrambahmu. Tembokmu Dakrerengga mawa akik aji lan gapuramu tinretes mutiara; dene tembok ing jero dipasangi sesotya edi peni.

Kabeh anak-anakmu dadi muriding Pangeran, lan karta raharja kang padha tinampa, lan kowe binangun mawa dhasar kajujuran.

Panindhes bakal adoh saka kowe, mula ora perlu kosumelangake maneh, lan sakehing paneabaya adoh saka kowe, awit wis ora wani nyerak maneh. Yen kowe nganti ditempuh ing mungsuh iku dudu Aku sing paring dhawuh; sing sapa ngrabasa kowe, bakal kalindhih.

Makaten Sabda Dalem Gusti.

U Sembah nuwun konjuk ing Gusti.

16. KIDUNG PANGLIMBANG: Dak Tanduri Roh Anyar (KP 675)

17. SEMBAHYANGAN

I Suwawi sami munjuk:

Allah ingkang mahakuwasa tuwin langgeng, mugi karsaa ngamping-ampingi kawula ing salebetipun upacara baptisan menika. Kaparingana daya ilahi saha karentahana Hyang Roh Suci, amrih ingkang sami lair saking sumbering baptis, estu kaangkata dados putra-putra Dalem ingkang enggal. Lantaran Sang Kristus, Gusti kawula.

(29)

Gereja Santo Aloysius Gonzaga Mlati

W

18. WAOSAN V

P Pethikan saking Kitab Nabi Isaias (55:1-11)

“Sowana Aku lan kowe bakal urip, lan Aku bakal yasa prajanjian langgeng karo kowe.”

Kabeh bae sing padha ngelak, mara ngombea banyu! Sing ora duwe dhuwit, mara padha teka. Ora usah tuku gandum, tekaa lan mangana bae!

Samono uga ngombera anggur lan pohan kanthi lelahanan. Yagene dhuwitmu koijolake sing dudu pangan? Lan pametumu koijolake sing ora maregi? Rungokna Aku, kowe mesthi mangan enak, lan ngrasakake sing luwih nikmat. Tilingna kupingmu lan sowana Aku, rungokna lan kowe bakal urip. Aku bakal yasa prajanjian karo kowe, kaya sing Dakteguhake ana ing janji-Ku marang Dawud. Dawud Dakangkat minangka seksi tumrap sakehing taler, panguwasa lan paprentahan.

Kowe bakal ngundang bangsa sing durung kotepungi, lan bangsa-bangsa sing durung kotepungi mau bakal age-age teka marani kowe karana Pangeran Allahmu, pepundhening Israel, kang wus njunjung kowe. Padha ngupayaa Pangeran mumpung isih bisa ketemu, sesambata marang Pangeran mumpung isih celak.

Wong duraka ninggala kadurakane, wong murang sarak ninggala gagasane. Padha martobata marang Pangeran supaya nampa kawelasan lan padha balia marang Allah kira, supaya nampa pangapura. Jer mula bener, gagasan-Ku dudu gagasanmu, lan dalan-Ku didi dalanmu. Mangkono sabda Dalem Pangeran. Awit kaya dene langit iku luwih dhuwur tinimbang kowe, samono uga dalan-Ku ya luwih luhur tinimbang dalanmu. Kaya dene udan lan salju sing tumurun saka langit, iku ora bakal bali tanpa ngelebi bumi lan nuwuhake tanduran, sarta aweh pangan lan wiji marang sing nandhur, samono uga sabda sing mijil saka tutuk-Ku, ya ora bakal bali marang Aku, tanpa ngleksanani apa sing dadi karsa-Ku, sarta nggayuh apa sing dadi dhawuh-Ku.

Makaten Sabda Dalem Gusti.

U Sembah nuwun konjuk ing Gusti.

19. KIDUNG PANGLIMBANG: Dak Tanduri Roh Anyar (KP 675)

20. SEMBAHYANGAN

I Suwawi sami munjuk:

Allah ingkang mahakuwasa tuwin langgeng, namung Gusti ingkang kawula jagekaken. Lumantara wewcaning para nabi kekeran panebusan kawula sampung kawartosaken. Keparenga kawula langkung urmat dhateng panebusan wau, awit tanpa sih pitulungan Dalem kawula boten saged tumindak sae. Lantaran Sang Kristus, Gusti kawula.

(30)

Gereja Santo Aloysius Gonzaga Mlati

W

(Bakda waosan sing wekasan, lilin altar disumed lan sarampunge sembahyangan terus diwiwiti Kidung “Minulya Allah” dibarengi unining lonceng lan klinthing.)

(31)

Gereja Santo Aloysius Gonzaga Mlati

W

22. SEMBAHYANG PAMBUKA

I Allah ingkang Mahaasih, dalu adi menika kasunaran ing wungu Dalem Sang Kristus. Mugi karsaa nglestantunaken nugraha semangatipun putra angkat wonten ing umat Dalem ingkang enggal, supados jiwa raganipun estu kaenggalaken lan lajeng saged ngabdi Gusti kanthi manah murni. Lantaran Sri Yesus Kristus, Gusti kawula.

U Amin 23. EPISTOLA

P Pethikan saking Seratipun Rasul Santo Paulus dhateng Umat ing Roma (6: 3 - 11). “Sang Kristus wungu saka seda lan ora bakal seda maneh.”

Para sadulur, baptis kang njalari kita ngrasuk ing Sang Kristus, iku njalari kita ndherek seda Dalem. Srana kabaptis ing seda Dalem, kita iki padha ndherek dikubur, supaya bisaa urip sing anyar, kaya dene Sang Kristus anggene wungu saka seda krana panguwasaning Rama Dalem. Lha yen kita nunggal ing Sang Kristus mawa pralambanging seda Dalem, kita uga bakal ndherek wungu Dalem.

Awit kita mangerti, yen manungsa lawas wis katut kasalib, supaya raga dosa kita ilang dayane lan kita ora ngabdi maneh marang dosa. Sing sapa mati, wis bebas saka dosa. Mula yen kita wis mati ndherek Sang Kristus, kita yakin yen bakal urip ndherek Sang Kristus. Jalaran kita mangerti yen Sang Kristus sawuse wungu saka seda ora bakal seda maneh.

Pati kelangan daya tumrap Sang Kristus. Awit seda Dalem seda tumrap ing dosa, sapisan kanggo salawase; dene sugeng Dalem konjuk ing Allah. Iki dadia kayakinanmu, manawa kowe wis mati tumrap dosa, nanging urip konjuk ing Allah ing Sang Kristus Yesus.

Makaten Sabda Dalem Gusti.

U Sembah nuwun kunjuk ing Gusti.

(32)

Gereja Santo Aloysius Gonzaga Mlati

W

25. INJIL SUCI

I Gusti manunggala

U Kaliyan kula sadaya

I Pethikan Injil Suci anggitane Markus (16: 1-8)

“Sri Yesus saka Nasaret kang sinalib wus wungu.”

Bareng dina Sabat wis kapungkur, Maria Magdalena, Maria Ibune Yakobus, lan Salome padha tuku wangi-wangi, arep kanggo njebadi Gusti Yesus. Lan esuk umun-umun sawise srengenge mlethek, padha mangkat menyang pasarean. Anggone rerasan, “Sapa mengko sing nulungi ngglebagake watu tutup lawanging pasarean?”

Nanging bareng dicedhaki, jebul watu sing gedhe banget mau wis gumlebag. Bareng mlebu ing pasarean, weruh pemudha sing nganggo jubah putih, lungguh ing sisih tengen. Para wanita padha kaget. Nanging pemudha mau kandha, “Aja padha wedi. Kowe rak padha nggoleki Sri Yesus saka Nasaret kang sinalib? Panjenengane wis wungu, wis ora ana ing kene. Delengen gilo papane sing kanggo nyarekake. Saiki padha muliha bae, kabarana murid-murid Dalem lan Petrus: Gusti wis ngrumiyini tindak menyang Galilea. Ana ing kana kowe bakal weruh Panjenengane, kaya kang wus dipangandikakake.”

Wong-wong mau nuli padha mlayu metu ninggal pasarean, awit padha ndredheg, gumeter lan gugup. Lan saking wedine ora wani omomg karo sapa-sapa. Rahayu kita kang uripe salaras karo sabda Dalem, lan ngugemi dhawuh-dhawuh Dalem.

U Rinesepna sabda Dalem Gusti, ing manah kawula. 26. HOMILI

C. LITURGI BAPTISAN

(Liturgi baptisan diadani ana ing Greja Mlati,

dene ing Kapel Tambakrejo langsung Upacara Nganyarake Prajanji Baptis.)

27a. TIM KERJA INISIASI PAROKI MASRAHAKE PARA CALON BAPTIS

P Rama minangka Tim KerjaInisiasi Paroki, keparenga kula masrahaken putra-putra calon baptis, wonten ing ngarsanipun Rama. Para calon baptis menika sampun sawetawis dangu ndherek wucalan magangan, lan sampun sami ndherek ujian baptis. Saking wawasan kula, kanthi kabantu para guru agama ing wilayah-wilayah, putra-putri calon baptis menika pinanggih pantes badhe dados “warganing Pasamuan Suci”. Pramila mugi ing dalu menika, Paduka Rama karsaa maringaken Sakramen Baptis dhumateng para putra menika.

(33)

Gereja Santo Aloysius Gonzaga Mlati

W

27b.DIPUN TAMPI DENING RAMA

I Matur nuwun dhumateng Tim Kerja Inisiasi Paroki, ingkang dalu menika sampun kersa masrahaken para calon baptis.Putra calon baptis ing dalu menika badhe sinengkakaken ing ngaluhur, dados warganing Pasamuan Suci kanti nampi sakramen baptis. Nanging kedah dipun emut-emut, bilih dados warganing Pasamuan Suci menika boten gampil tuwin boten entheng sesanggenipun. Pramila dumateng para bapak/ibu/sdr. sadaya, ing dalu menika karsaa ndherek nyembahyangaken para calon baptis lan ing salajengipun karsaa tansah ngamping-ampingi/mituturi para baptisan enggal anggenipun dados warganing Pasamuwan Suci.Mangga, Upacara Baptisan kita wiwiti.

28. PANGAJAK

I Para sadulur kinasih, ayo padha ngamping-ampingi para sadulur calon baptis iki srana ngrewangi nenuwun. Muga Allah kang mahakuwasa lan mahawelas karsaa paring sih kawelasan lan sih pitulungan marang para sadulur kang arep lair anyar krana sakramen baptis.

29. LITANI KATUR PARA SUCI (mirunggan ing Greja Mlati)

K: Gusti nyuwun kawelasan U: Gusti nyuwun kawelasan Sang Kristus nyuwun kawelasan Sang Kristus nyuwun kawelasan Gusti nyuwun kawelasan Gusti nyuwun kawelasan K: Dewi Maria U: Nyuwun pangestu Dalem Ibu Marganingsih Nyuwun pangestu Dalem Santo Mikael Nyuwun pangestu Dalem Para malaekating Allah Nyuwun pangestu Dalem Santo Yohanes Pembaptis Nyuwun pangestu Dalem Santo Yusuf Nyuwun pangestu Dalem Santo Petrus Nyuwun pangestu Dalem Santo Paulus Nyuwun pangestu Dalem Santo Andreas Nyuwun pangestu Dalem Santo Yohanes Nyuwun pangestu Dalem Santa Magdalena Nyuwun pangestu Dalem Santo Stefanus Nyuwun pangestu Dalem Santo Ignatius Nyuwun pangestu Dalem Santa Perpetua Nyuwun pangestu Dalem Santa Felisitas Nyuwun pangestu Dalem Santo Gregorius Nyuwun pangestu Dalem Santo Agustinus Nyuwun pangestu Dalem Santo Atanasius Nyuwun pangestu Dalem Santo Basilius Nyuwun pangestu Dalem Santo Martinus Nyuwun pangestu Dalem

(34)

Gereja Santo Aloysius Gonzaga Mlati

W

Santo Fransiskus Xaverius Nyuwun pangestu Dalem Santo Yohanes Vianey Nyuwun pangestu Dalem Santa Katarina Nyuwun pangestu Dalem Santa Teresia Nyuwun pangestu Dalem

(Santo-santa pangayomane para baptis…) Nyuwun pangestu Dalem… Para suci Dalem Nyuwun pangestu Dalem Instrumen …

K Allah ingkang Mahawelas U Nyuwun luwar Gusti Saking sawarnining dosa Nyuwun luwar Gusti Saking pejah langgeng Nyuwun luwar Gusti Krana manjalma Dalem Nyuwun luwar Gusti Krana seda lan wungu Dalem Nyuwun luwar Gusti Krana tedhak Dalem Hyang Roh Suci Nyuwun luwar Gusti Instrumen …

K Kawula tiyang dosa U Midhangetna panyuwun kawula Keparenga para pinilh menika Midhangetna panyuwun kawula Lair malih krana baptis suci Midhangetna panyuwun kawula Keparenga toya baptis menika Midhangetna panyuwun kawula Sinucekna ing berkah Dalem Midhangetna panyuwun kawula Sri Yesus Putraning Allah Midhangetna panyuwun kawula K Sang Kristus midhangetna panyuwun kawula

U Sang Kristus nyembadanana panyuwun kawula

30.a BERKAHAN BANYU BAPTIS(mirunggan ing Greja Mlati)

I Allah, ingkang ngagem panguwasa ingkang boten katingal sampun makarya ingkang ngeram-eramaken lantaran sakramen-sakramen Dalem, saha ngagem cara maneka warni nyawisaken toya dados pratandha sihing sakramen baptis.

Allah, Roh Dalem rumiyin ing mulabukaning jagad nganglang ing sanginggiling toya, amrih toya sageda nampi daya nucekaken.

Allah, wonten ing bena bandhang sampun katingal gegambaraning kelairan enggal, jer kakiyataning toya menika nglebur kedurakan lan nuwuhaken kasaenan.

Allah, putra-putranipun Bapa Abraham sampun kaparengaken nyabrang saganten Abrit langkung margi ingkang garing, lan srana makaten umat ingkang luwar saking penjajahan wau nggambaraken umat ingkang sampun kabaptis. Allah, Putra Dalem wonten ing bengawan Yordan sampun dipun baptis dening Yohanes saha jinebadan dening Hyang Roh Suci, lan nalika gumantung ing pamenthangan saking lambungipun mili rah tuwin toya; punapa malih sasampunipun wungu saking seda paring dhawuh dhateng para murid,”Mangkata, wulangen kabeh bangsa lan baptisen konjuk ing Asma Dalem Hyang Rama saha Hyang Putra tuwin Hyang Roh Suci”.

(35)

Gereja Santo Aloysius Gonzaga Mlati

W

Mugi wontena renaning panggalih mriksani Pasamuwan Dalem saha mbuka sumber baptis menika. Mugi toya menika dening Hyang Roh Suci karentahana sihing Putra Dalem, amrih manungsa ingkang tumitah miturut citra Dalem, krana sakramen baptis karesikna saking sakathahing dosa tuwin cacad, saha lair malih saking toya tuwin Hyang Roh Suci dados putra-putri Dalem.

(Bongkoting lilin paskah kacelup ing banyu kaping telu)

I Kawula nyuwun, dhuh Gusti, mugi lantaran Putra Dalem toya menika katedhakana daya Dalem Hyang Roh Suci.

Karo ngasta lilin ing banyu diterusake :

I Supados sadaya tiyang ingkang ndherek ing seda Dalem Sang Kristus kakubur ing toyaning baptis, keparenga ndherek gesang malih kaliyan Sang Kristus ingkang wungu mulya. Lantaran Sang Kristus, Gusti kawula.

U Amin

(Lilin nuli diangkat saka ing banyu dibarengi pangucap:)

I Memujia Pangeran, sumber-sumber banyu, mulyakna lan luhurna Asma Dalem ing salawas-lawase.

30.b BERKAHAN BANYU SUCI(lilin umat diurubake)

I Para sadulur kinasih, ayo padha nyuwun ingarsaning Allah Pangeran kita, amrih renaa ing panggalih mberkahi titah banyu iki, kang bakal dikepyur-kepyurake kanggo ngeling-eling baptis kita. Muga-muga Gusti kersaa nganyarake kita, supaya bisaa tetep setya tuhu marang Hyang Roh Suci, kang wus padha kita tampa. Allah Pangeran kawula, midhangetna umat Dalem ingkang tirakatan ing dalu punika, saha wontena renaning panggalih mberkahi toya punika salebetipun kawula sami ngenget-enget pakaryan Dalem ingkang ngeram-eramaken, inggih punika anggen kawula dipun titahaken Gusti saha pakaryan Dalem ingkang langkung ngeramaken malih, inggih punika anggen kawula sampun dipun tebus dening Gusti.

Toya punika dipun titahaken ing Gusti, amrih sageda asung kasuburan, nyekapi kabetahaning badan, sarta damel resik.

Toya ugi dipun karsaaken dados sarananing sih kawelasan Dalem: umat Dalem luwar saking panjajahan margi toya; nalika sami kasatan wonten ing ara-ara samun sami dipun paringi toya; para nabi martosaken prajanjian enggal, ingkang dipun wontenaken kaliyan manungsa; mawi toya; ngagem toya ingkang sinucekaken wonten ing Yordan krana baptisipun Sang Kristus Gusti mbabar enggal kodrat kawula ingkang sampun risak margi dosa.

Pramila mugi toya punika ngengetna baptis kawula, lan sesarengan kaliyan sadherek-sadherek ingkang kabaptis ing Paskahan punika, keparenga kawula sami ndherek bingah saha munjuk sembah nuwun ingarsa Dalem Gusti. Lantaran Sang Kristus Gusti kawula.

(36)

Gereja Santo Aloysius Gonzaga Mlati

W

30.c (PRAJANJI BAPTIS LAN) NGANYARAKE PRAJANJI BAPTIS

I Para sadulur calon baptis, apa padha nyingkur setan lan kabeh pagawean, sarta akal pokaling setan?

C Inggih, kula nyingkur.

I Apa padha saguh mbrantas sakehing kadurakan ing atine dhewe lan masyarakat kiwa tengene ?

C Inggih, kula sagah.

I Apa padha saguh ninggal sawarnaning panggodha sing wujud gugon tuhon lan kasukan sing murang susila ?

C Inggih, kula sagah.

I Apa padha saguh nglawan sarupaning tindak murang adil, sing nglanggar hak wewenanging manungsa sing baku ?

C Inggih, kula sagah.

I Apa padha ngandel ing Allah, Rama kang mahakuwasa, kang nitahake bumi langit?

C Inggih, kula pitados.

I Apa padha ngandel ing Gusti Yesus Kristus, Putra Dalem ontang-anting, kang miyos saka Ibu kenya Maria, nandhang sangsara, seda lan kasarekake sarta wungu saka seda, mekrad ing swarga, pinarak ing satengening Allah Rama Sang Mahakuwasa?

C Inggih, kula pitados.

I Apa padha ngandel ing Hyang Roh Suci, Pasamuwan Katulik kang Suci, panunggaling para Suci, pangapuraning dosa, tangining badan, sarta urip langgeng?

C Inggih, kula pitados.

30.d. BAPTISAN (mirunggan ing Greja Mlati)

I Samangke dumugi titi wancinipun para sadherek nampi sakramen. Mila kasuwun majeng saking satunggal. Dene bapak utawi ibu baptis kasuwun ngamping-ampingi lan numpangaken asta ing pundhakipun ingkang badhe kabaptis.

(Rama Imam ngecurake banyu baptis ing bathuking calon baptis kaping telu karo ngucapake:)

I NN ... KOWE DAKBAPTIS KONJUK ING ASMA DALEM HYANG RAMA, SAHA HYANG PUTRA, TUWIN HYANG ROH SUCI.

(Lenga Krisma diparingake ing sirah)

I Para sadulur kinasih, Gusti Allah wus nglairake panjenengan saka banyu lan Roh Suci sarta paring pangapura sakeh dosa-dosamu. Para sadulur diangkat dadi putra-putri Dalem lan katunggalake karopasuwunan Dalem. Saiki para sadulur bakal dijebadi mawa lenga krisma kaya dene Sang Kristus dijebadi dening Hyang Roh Suci minangka imam, nabi, lan Ratu.

(Baptisan maju siji-siji nampa Krisma)

I Muga Gusti Allah paringa pangayoman amrih bisaa dadi warganing pasamuwan suci kang setya nganti tumekening urip langgeng. (

)

(37)

Gereja Santo Aloysius Gonzaga Mlati

W

30.e KIDUNG BAPTISAN

Prajanji Baptis (KP215)

(38)

Gereja Santo Aloysius Gonzaga Mlati

W

(Sawuse baptisan, kabeh umat jumeneng karo ngasta lilin kang diurupake lan nampa kepyuran banyu suci saka Rama)

D. LITURGI EKARISTI

31. KIDUNG PISUNGSUNG: Sang Kristus Wungu Mulya (KP 216)

32. SEMBAHYANG CECAWIS PISUNGSUNG

I Sumangga Gusti, mugi karsaa nampi aturipun umat Dalem saha caosan pisungsungipun. Mugi kaparenga sinucekaken ing kekeran Paskah menika, lan krana sih pitulungan Dalem dadosa sarana kangge gesang langgeng. Lantaran Sang Kristus, Gusti kawula.

U Amin

(39)

Gereja Santo Aloysius Gonzaga Mlati

W

34. SEMBAHYANG PUJI PANUWUN AGUNG

35. RAMA KAWULA PELOG (KA140)

36. KIDUNG CEMPENING ALLAH (KP 341)

(40)

Gereja Santo Aloysius Gonzaga Mlati

W

38. SEMBAHYANG BAKDA KOMUNI

I Ayo padha munjuk:

Gusti mugi kawula karentahana Rohing katresnan Dalem, saha keparenga kawula sasampunipun pinaringan kekeran Paskah menika, tansah saged rukun krana asih tresna Dalem. Lantaran Sang Kristus Gusti kawula.

U Amin

E. PANUTUP 39. ATUR PANUWUN DENING DEWAN PAROKI 40. BERKAH PANUTUP

I Gusti manunggala

U Kaliyan kula sadaya

I Para sadulur kinasih, kita padha bungah ing ati, jer ing riagung Paskah iki anggon kita padha memule sangsara lan seda Dalem Gusti wus kaleksanan sapenuhe. Sang Kristus wus wungu mulya. Pangarep-arep anyar tumrap kita saiki wus sarwa tinarbuka.

Ya kaya mangkono iku gambaraning urip kita. Kita uga bakal nggayuh kamulyan ing swarga, manunggal supeket ing Sang Kristus, Sang Pamarta. Mula minangka panutuping pangibadah, ayo padha nyuwun berkah Dalem Gusti.

(Rama Imam ngungkulake asta.)

I Muga Allah kang mahaasih Mahakuwasa, karana riagung Paskah kang semuwa tinebihna kita saka sakehing dosa.

(41)

Gereja Santo Aloysius Gonzaga Mlati

W

I Muga krana wungu Dalem Sang Pamarta, Allah maringana kita nugraha urip

langgeng sing sampurna.

U Amin

I Muga Sang Kristus kang unggul yuda maringana ati kita tansah gambira sajerone lelana nuju paskahan swarga.

U Amin.

I Muga kita umat Dalem binerkahana dening Allah kang mahakuwasa: Hyang Rama, saha Hyang Putra, tuwin Hyang Roh Suci.

U Amin.

I Para sadulur kinasih, bojana kurban ekaristi wus paripurna. Aleluyah. Aleluyah.

U Sembah nuwun konjuk ing Allah. Alleluya. Alleluya.

Referensi

Dokumen terkait

Kita harus memperdalam dan memperluas pengertian mereka tentang Allah Bapa dan Yesus Kristus, tentang dosa dan anugerah, tentang wujud dan panggilan Gereja, tentang

Dalam persatuan dengan seluruh Gereja, kami merayakan hari yang amat suci ini, saat Yesus Kristus Tuhan kami bangkit dari mati; juga, kami mengenang dan menghormati; terutama

Sebagai Gereja Presbyterian yang menerima Pengakuan Iman Westminster, maka kami mengakui Yesus Kristus sebagai Tuhan dan Juruselamat. Kami mengakui Alkitab sebagai Firman Allah

Dengan rasa syukur dan terimakasih kepada Bapa kita dan sukacita dari Yesus Kristus Kepada Gereja, HKBP Distrik VIII DKI Jakarta Raya telah melakukan Sinode Distrik dalam

“Terpujilah Allah dan Bapa Tuhan kita Yesus Kristus, yang karena rahmat-Nya yang besar telah melahirkan kita kembali oleh kebangkitan Yesus Kristus dari antara orang mati,

L: Bagi mereka yang diam-diam meninggalkan Gereja. Allah Bapa Maharahim, tuntunlah mereka kembali ke arah bintang Keselamatan yang sejati, Tuhan Yesus Kristus sendiri,

Santo Montfort mengakui salah satu kebenaran teologis bakti ini adalah “Yesus Kristus penebus kita, sungguh Allah dan sungguh manusia, harus menjadi tujuan akhir segala bakti

Saya bersyukur bahwa selain Perjanjian Lama dan Baru, Tuhan, melalui para nabi Gereja Yesus Kristus dari Orang-orang Suci Zaman Akhir, telah menambahkan tulisan suci lain