• Tidak ada hasil yang ditemukan

PIWULANG MORAL SAJRONE SERAT ATMAWIYATA (Tintingan Filologi)

N/A
N/A
Protected

Academic year: 2021

Membagikan "PIWULANG MORAL SAJRONE SERAT ATMAWIYATA (Tintingan Filologi)"

Copied!
13
0
0

Teks penuh

(1)

1

PIWULANG MORAL SAJRONE SERAT ATMAWIYATA (Tintingan Filologi)

Lisa Risdayanti

S-1 Pendidikan Bahasa dan Sastra Daerah, FBS, Unesa dan lisarisdayanti@mhs.unesa.ac.id Pembimbing

Dra. Hj. Sri Wahyu Widayati, M.Si

Dosen Pendidikan Bahasa dan Sastra Daerah, FBS, Unesa ABSTRAK

PIWULANG MORAL SAJRONE SERAT ATMAWIYATA

Serat Atmawiyata minangka objek panliten iki, klebu salah sawijine reriptan sastra kang tuwuh sajrone pangrembakan sastra Jawa klasik. Serat kasebut diripta ing kraton Surakarta dening Tuan Karele Pradrik Winter. Isine ngrembug samubarang bab kang ana gegayutane karo moral. “Atmawiyata” dumadi saka tembung “atma” tegese sukma lan “wiyata” tegese piwulangan, mula serat iki isine ngenani piwulang moral kang gegayutan karo jiwa. Wigatine, ngrembug tumindak becik utawa ala sajrone panguripane manungsa. Tumidak kang bisa nuwuhake kabungahan utawa kasusahan, nalika manungsa nglakoni urip sesomahan.

Andharan ing ndhuwur nuduhake yen prakara kang nuwuhake underane panliten yaiku (1) kepriye deskripsi lan isi naskah Serat Atmawiyata?, (2) kepriye suntingan teks naskah Serat Atmawiyata? lan, (3) kepriye piwulang moral sajrone naskah Serat Atmawiyata?. Panliten iki nduweni ancas (1) ngandharake deskripsi lan isi Serat Atmawiyata, (2) ngandharake suntingan teks Serat Atmawiyata lan, (3) ngandharake piwulang moral sajrone Serat Atmawiyata. Naskah ditintingi nganggo prinsip filologi modern. Teori moral uga digunakake kanggo njlimeti isi naskah. Dene metodhe panliten yaiku analisis deskriptif kualitatif lan teori hermeneutika dibutuhake sajrone napsirake isi naskah.

Asile panliten nuduhake yen Serat Atmawiyata ngemot piwulang moral sajrone jejodhohan, balewisma, sesrawungan lan agama. Mula panliten iki dikarepake bisa migunani mligine nalika tiba mangsane urip sesomahan sajrone bebrayan.

Tembung wigati : piwulang, moral, serat Atmawiyata

PURWAKA

Sastra Jawa minangka sarana panggulawentah sajrone urip padinan, prelu disinaoni kanthi premati amrih bisa nuwuhake paedah kang prayoga tumrap patrape bebrayan. Jagade kasusastran Jawa wis kondhang kaloka nduweni sipat kang adiluhung, mula kasusatran Jawa wis antuk kawigaten mirunggan saka panliti Indonesia uga panliti manca negara. Adhedhasar pangrembakane kasusastran Jawa diperang dadi sastra Jawa Kuna, sastra Jawa Madya, sastra Jawa Baru lan sastra Jawa Modern (Suwarni, 2016:1), dene miturut Poerbatjaraka (1957) kasusastran Jawa diperang dadi patang periode (1), kasusastran jaman Kuna, (2) kasusastran jaman tengahan, (3) kasusastran jaman Islam, lan (4) kasusastran jaman Surakarta wiwitan.

Periode sastra Jawa Kuna, sastra Jawa Madya lan sastra Jawa Baru wis ngasilake reriptan sastra kang maneka warna. Reriptan sastra kang diasilake ing periode Jawa Kuna yaiku kakawin, kang biyasane nduweni titikan kaprabawan sastra India, sajrone wujud lan isine. Reriptan sastra kang diasilake ing periode Jawa Madya kayata kidung, kang biyasane nduweni titikan anane budaya Jawa lan India sajrone reriptan mau, banjur reriptan kang diasilake ing periode Jawa Baru kang disebut sastra Jawa pesisiran lan sastra Klasik, sing biyasane nduweni titikan anane prabawa Islam. Adhedhasar pangrembakane sastra Jawa Baru digolongake dadi sastra Jawa Pesisiran lan sastra Jawa Klasik. Sastra Jawa pesisiran ngrembaka ing daerah pesisir pulo Jawa. Isine sastra Jawa pesisiran biyasane luwih akeh

▸ Baca selengkapnya: ajaran moral sajrone teks anekdot mujudake wejangan utawa wewarah kang nduweni sipat praktis jalaran

(2)

2

ngrembug ing bab ajaran agama Islam, kayata akhlak, syariat lan akidah, dene reriptan sastra kang ngrembaka ing kraton biyasane ngrembug bab piwulangan kanggo bebrayan. Bab mau bisa dideleng sajrone bukune Suwarni (2016:3-4) kang ngandharake yen Pujangga kraton tansah produktif lan kreatif nalika ngasilake reriptan sastra. Reriptan mau saperangan awujud piwulang. Tuladhane kayata reriptan-reriptan kang diasilake dening Pakubuwana IV, Serat Wulang reh, Wulang Dalem, Wulang Putri, Wulang Sunu lsp. Reriptan-reriptan sastra saka periode lawas mau disebut sastra Jawa Klasik. Reriptan kang wis disebutake mau anduweni sipat didaktis lan moraltis, kaya kang dadi objek panliten iki yaiku Serat Atmawiyata. Serat Atmawiyata yaiku serat kang sajrone kinandhut piwulang moral. Serat Atmawiyata utawa bisa dicekak dadi SA yaiku serat kang wis disalin dening Ngabehi Darsa Pradata 1882 dadi awujud tembang macapat. Sadurunge SA diripta dening Tuan Karele Pradrik Winter ing Surakarta nalika taun 1870 kang wujude gancaran. SA dumadi saka limang pupuh antarane Dhandhanggula, Maskumambang, Kinanthi, Asmarandana, lan Sinom. Isine onjo ing babagan piwulang moral kang gegayutan karo panguripan balewisma.

Sajrone reriptan sastra lan reriptan seni liyane kang becik mesthi ngandhut telung unsur penting yaiku saintifik, estetik, lan kang kaping pungkasan yaiku etik (Purnomo, 2013:151). Ora lali ing sangarepe tembung sastra uga kerep diwenehi ater-ater Su- kang tegese endah, becik, saengga istilah susastra bisa ditegesi piwulangan kang kawujudake sajrone tulisan kang isine bab-bab kang becik lan endah. Susastra utawa bellesleters, yaiku reriptan sastra kang luwih akeh ngrembug aspek kaendahan (basa, wujud uga isine). Reriptan mau biyasane awujud fiksi. Segi basa reriptan-reriptan mau diowahi nganggo basa Jawa kang ngandhut stilistika. Sajrone basa Jawa disebut basa rinengga utawa rerengganing basa (Hadiwidjana sajrone Suwarni 2016:19).

Reriptan sastra bisa diperang dadi loro yaiku kapisan awujud tulis lan kaping pindhone

awujud lisan. Laras karo apa kang diandharake dening Nurgiyanto (2013:163) manungsa bisa mujudake ide lan gagasane sajrone reriptan sastra. Reriptan mau awujud tulis lan lisan. Reriptan kang awujud tulis asring diweruhi ing buku-buku kapustakan , media cethak lan media elektronik. Reriptan sastra kang awujud lisan adate amung kasebarake kanthi cara kethuk tular utawa saka manungsa siji marang manungsa liyane. Kahanan kang mangkono nyebabake ora cethane asal dumadine reriptan mau mula pangriptane bisa diarani anonym, kajaba ora cetha sapa kang nganggit uga ora ana angka taun kawedhare. Reriptan sastra ora amung fiksi, sajrone sastra ngemot bab kang kebak gayute karo panguripan bebrayan lan uga minangka pangilon panguripane masyarakat. Sastra ngemot wewatone urip, adat istiadat, wewatone agama, lan cathetan prastawa ing sakubenge pangripta. Kajaba iku uga wujud kristalisasi lan dokumentasi masyarakat panyengkuyunge (Suwarni, 2016:120).

Reriptan Jawa uga ngandhut piwulang kasusilan, mula kuwi bisa dianggep yen wiwit jaman kuna, bebrayan Jawa wis ngawruhi konsep piwulangan sajrone nindakake bab wulang wuruk konsep-konsep moral ing generasi panerus. Sanajan ajaran mau isih kaprabawan India, nanging nganti saiki isih bisa ditrepake ing jaman globalisasi (Supriyatno, sajrone Suwarni, 2016:121). Pasinaon tumrap SA ditindakake supaya ngasilake utawa ngerteni babagan piwulang-piwulang becik (moral) tumrap manungsa sajrone urip bebrayan. Bab iki wigati tur migunani ing jaman kang sarwa modern. Manungsa saya kelangan patrap lan unggah-ungguh ing jaman kang sarwa modern mula supaya ora kliwat wates, manungsa mbutuhake piwulang-piwulang minangka wewatone uripe, mligine piwulang moral.

Pepiling utawa piwulang moral kang kinandhut sajrone serat mau ora mung saderma diripta tanpa upama. Sastra ora amung asil ide-ide salah sawijine pujangga, lan lumantar dheweke saka masyarakat, sing sepisan mumbul lan sepisan kelem, sastra uga nduweni

(3)

3

jejibahan kang aktif lan dadi paugeran kanggo dina tembe, yen saupama dianggo minangka buku pituduh utawa dadi pedhoman kanggo bebrayan, yaiku saliyane mbayangake pamikir, uga mujudake norma, prayogane kanggo wong saiki utawa sabanjure (Robson,1978:7). Sajrone konsep lawas, pujangga dikramatake amerga ing jaman mau para pujangga gumantung marang wahyu. Mula kuwi kaprigelane ora amung gumantung ing kakuwatan utawa fisik wae, ananging uga kasengkuyung daya supranatural (Purnomo, 2013:89). Pamawas mau nuduhake yen sajrone asil reriptan ngadhut bab adiluhung kang dibutuhake dening bebrayan.

Bab adiluhung kang ana sajrone asil reriptan jaman lawas bisa dadi pituduh utawa minangka pedhoman sajrone nglakoni panguripan. Tetinggalan kasusastran ing jaman lawas kang bisa menehi katrangan kanthi cetha yaiku naskah (Soeratno, 1997:9) lumantar naskah para pangripta bisa nyerat samubarang kang dumadi lan bab-bab kang adiluhung sajrone kadadeyan mau. Ora lali panjenengane uga menehi katrangan tanggal, taun, mangsa pamrentahan, lan njlentrehake sapa utawa apa kang dadi punjere naskah mau. Naskah yaiku tinggalane leluhur kang tinulis tangan ing lontar, dluwang, kulit kayu, lan rotan, Djamaris (2003:3). Tegese naskah jaman biyen isih nggunakake godhong tal utawa kulit kayu kang isih prasaja banget. Saiki wis jarang diweruhi naskah kang nggunakake godhong tal amerga kemajuan jaman lan naskah paninggalan mau wis dimuseumake mula kang bisa diweruhi yaiku arupa salinan teks ing kertas anyar. Tetinggalan kasusastran jaman lawas mau uga dadi objek pasinanon nganti seprene, Baried, (1994:6) ngandharake yen naskah kuna yaiku objek studi filologi. Naskah kuna disimpen ing museum-museum, yayasan naskah kuna utawa dhuweke pribadhi. Paninggalan kang aran naskah, ngemot pawarta jaman biyen sing nuduhake asil pamikiran, pangrasa, kapitayan, adat, lan nilai-nilai kang dadi paugeran ing jaman lawas.

Isi naskah utawa dokumen tartamtu ngandharake sakabehe aspek panguripan manungsa utawa bangsa kang ana gandheng cenenge, kayata : panguripan religi, system filsafat, kapitayan utawa bab-bab liyane , kayata: pangobatan, arsitektur, pangupajiwa, pangajaran utawa katrampilan, sarta sakabehe aspek panguripan liyane (Baried sajrone Purnomo, 2013:7). Salah sawijine Naskah kang isine ngemot pangajaran, yaiku SA. Isine SA yaiku ngemot piwulangan moral sajrone bebrayan, mligine sajrone bab mangun bale wisma, bab agama, lan sipat trimah marang apa kang dadi kersane Gusti kang Maha Agung. Kajaba iku naskah uga bisa diperang adhedhasar isine, kaya kang diandharake Pigeud, sajrone Suwarni (2016:120) dheweke merang sastra Jawa miturut isine dadi patang kagunan, (1) agama lan kasusilan, (2) sejarah lan mitologi, (3) susastra, lan (4) bunga rampai. Panliten ngenani sastra Jawa mligine SA uga dirasa narik kawigaten amerga piwulangan kang kinandhut ngrembug bab wigati sajrone panguripan wiwit manungsa nindakake jejodhohan, mangun balewisma nganti ngrilakake sakabehe marang kersane Allah. SA uga durung tau ditliti. Kajaba iku, panliten ngenani naskah lawas cacahe ora pati akeh, mula ing kalodhangan iki panliten ngenani naskah lawas diajab bisa nambahi kawruh lumantar isi kang kinandhut sajrone naskah. Isine SA luwih akeh ngenani wejangan kang sipate moral utawa etik. Naskah kang sipate etik utawa kasusilan, sajrone sastra Jawa disebut sastra piwulang (Suwarni, 2016:18). Sastra piwulangan ing jaman saiki dirasa dadi bab kang wigati banget amerga saya akeh bebrayan kang kelangan nilai moralitas lan etika sajrone nglakoni panguripan. Anane bab mau bisa dumadi, salah sawijine amerga proses globalisasi kang ngemot budaya manca mlebu marang budaya Nuswantara sing njalari owah gingsire budaya daerah.

Supaya nggampangake pamaca anggone ngerteni bab kang wigati sajrone SA, mula bakal dionceki kanthi luwih cetha lan diperang dadi bab lan sub bab. Panliten kang wiwitan iki

(4)

4

nuduhake yen kang paling onjo sajrone SA yaiku ngenani piwulang moral mula ing kalodhagan iki kang dadi objeke panliten yaiku aspek moral. Suwarni (2016: 121) ngandharake sajrone bukune yen moral yaiku becik alane tingkah lakune manungsa. Manungsa diarani nduweni moral yen tumidake laras karo tata cara lan norma sajrone masyarakat.

Adhedhasar bab mau mula panliten iki nduweni irah-irahan yaiku Piwulang Moral sajrone Serat Atmawiyata (Tintingan Filologi). Filologi dianggep trep minangka tintingan panliten iki amerga kang dadi objeke panliten yaiku naskah lawas. Jinise panliten iki yaiku kualitatif (panliten kang ngutamakake kualitas dhata) tegese, SA mau bakal dianalisis lan diandharake kanthi cara analitik deskriptif kualitatif, mula cara napsirake lan nyuguhake asil panliten sajrone wujud dheskriptif. Kajaba iku, sajrone panliten iki uga nggunakake kritik teks kang diajab bisa ngasilake edhisi ilmiah teks. Sadurunge ngolah sawijine teks kanggo edhisi ilmiah, prelu ditindakake suntingan. Bab kang prelu ditindakake sajrone suntingan teks antarane yaiku inventarisasi naskah, dheskripsi naskah lan transliterasi. Anane suntingan teks uga klebu sawijine cara kanggo nggampangake panliti nalika mbabar isi kang kinandhut sajrone SA, dene kritik teks panliten iki, nggunakake prinsip filologi modern. Prinsip mau digunakake kanthi ancas supaya ora ngowahi naskah asline.

Filologi nduweni ancas yaiku ancas umum lan ancas khusus. Ancas umume sajrone panliten iki yaiku ndhudhah nilai-nilai budaya jaman lawas. Nilai-nilai budaya jaman lawas prelu didhudhah amerga bisa dadi salah sawijine alternative pangrembakan kabudayan kontemporer. Njlimeti nilai budaya kang kinandhut sajrone teks kudu didhasarake nalika jaman naskah lan teks mau diwedharake. Sanajan mangkono saka asil mau bisa ditindakake panapsiran maneh (reinterpretasi) tumrap saben-saben nilai. Nalika njlimeti nilai-nilai mau bisa uga ditindakake upaya revitalisasi, tumrap saperangan nilai kang isih relevan karo pangrembakane jaman, dene ancas

khususe yaiku nyuguhake teks sajrone wujud kang bisa diwaca dening masyarakat jaman saiki, yaiku sajrone wujud suntingan. Nyunting salah sawijine naskah kang dianggep paling murni utawa paling memper karo asline sajrone edhisi ilmiah kang dirasa paling representative. Teori kang digunakake yaiku teori hermeneutika kang cocog dianggo lelandhesan nintingi reriptan sastra, salah sawijine reriptan sastra mau yaiku SA. Teori hermeneutika luwih nengenake panapsiran saka panliten, nalika ngerteni isi kang kinandhut sajrone naskah. METODE PANLITEN

Ancangan panliten ditindakake kanggo ngrancang bab kang arep ditliti. Ancangan mau dikarepake bisa ngasilake panliten kang bener pener lan becik. Sumber dhata kang digunakake sajrone panliten kualitatif ilmu sastra yaiku reriptan, naskah lan dhata panliten. Dhata panliten yaiku tembung-tembung, ukara lan wacana. Metodelogi panliten kualitatif yaiku panliten kang ditindakake kanthi ora ngutamakake angka-angka, nanging ngutamakake pamahaman kang jero tumrap interaksi antarane konsep kang ditintingi kanthi empiris (Endraswara, 2003:5).

Panliten sajrone SA klebu jinise panliten kualitatif, miturut Ratna, 2013:47 yen metode panliten kualitatif luwih nengenake cara-cara napsirake lan nyuguhake dhata kanthi dheskriptif, dene sumber dhata kang digunakake sajrone panliten kualitatif ilmu sastra yaiku reriptan, naskah, dhata panlitene, minangka dhata formal yaiku tetembungan, ukara lan wacana.

Jinis panliten kualitatif sajrone panliten iki asipat kualitatif deskriptif analitik. Metode kualitatif deskriptif analitik ditindakake kanthi cara ndheskripsikake banjur nganalisis, isih miturut Ratna 2013: 53 metode mau bisa digathukake karo metode liya, selagi isih magepokan, diwiwiti kanthi cara ndndheskripsikake dhata kanggo nemtokake unsur-unsure, banjur dianalisis, bisa uga dibandingake. Panganggone ancangan kualitatif deskriptif analitik sajrone panliten iki diajab bisa ngasilake gegambaran kang cetha lan

(5)

5 objektif ngenani suntingan teks lan piwulang-piwulang kang ana sajrone SA.

Metode kritik teks sajrone panliten iki ngunakake metode naskah tunggal kanthi cara panerbitan teks sajrone edhisi standar utawa edhisi biyasa, miturut Purnomo, 2013:51, edhisi standar utawa edhisi biyasa yaiku nalika nerbitake naskah ditindakake emendasi utawa mbenerake kaluputan-kaluputan, bab kang ora disengaja, anane teknis kang nyimpang, sawetara pangejane digawe laras karo katemtuan normative kang diakoni. Sajrone edhisi standar utawa biyasa digatekake aspek pungtuasi, pambageyan tembung, ukara, panganggone tanda-tanda diakritik, lan diwenehi cathethan utawa panyaru, ngengingi panyimpangan teks (Purnomo, 2013:51). Anane metode mau bisa luwih nggampangake pamaca nalika napsirake isi kang kinandhut sajrone naskah. Bageyan-bageyan teks kang luput utawa nyimpang bakal diwenehi cathetan lan panyaru yaiku minangka wujud tanggung jawabe panliti naliki milah lan milih perangan teks tartemtu.

Bab kang wigati sabanjure yaiku sumber dhata. Sumber dhata dadi perangan kang utama amerga bab kang dadi objeke panliten kasil saka sumber dhata mau. sawijine panliten ora bisa kalaksan yen ora ana sumber dhata. Sumber dhata kang awujud buku, dokumen, panliten ilmiah, lsp klebu sajrone sumber dhata tulis.

Sumber Dhata lan Dhata

Sumber dhata utama lan dadi punjer sajrone panliten iki yaiku SA kang disimpen ing museum Radya Pustaka Sala kanthi No.Inventaris 40 118 SMP. SA diserat dening Tuan Karele Pradrik Winter ing Surakarta banjur disalin dening Ngabehi Darsa Pradata. Serat kang maune awujud gancar banjur diowahi dadi wujud tembang macapat. Serat mau diserat nalika taun 1870 lan disalin ing taun 1882, dadi kang dianggo minangka sumber dhata yaiku salinan SA dening Darsapradata. Njlimeti lan ngonceki isine SA prelu

ditindakake dening panliti supaya dhata kang awujud tembung-tembung sing kasimpen sajrone SA bisa kawedhar kanthi gamblang.

Kawawas kanthi konkret, dhata panliten awujud sakabehe ‘tembung-tembung’ lan ‘tumindak’ saka piranti-piranti kang dadi sumber dhata utama (purnomo, 2013:134) dadi ing kene wujud konkret dhata yaiku nilai-nilai moraltik lan didaktik kang kasimpen sajrone SA.

Dhata mujudake sakabehe piranti kang arep ditintingi. Sumber dhata kang digunakake arupa reriptan utawa naskah minangka dhata formal kang awujud tembung-tembung, ukara lan wacana. Dhata kang bakal ditliti sajrone panliten iki yaiku sakabehe tembung-tembung lan ukara kang ana ing SA. Dhata kang dijlimeti mau ngener marang piwulang-piwulang kang ana sajrone SA, mligine njlimeti bageyan-bageyan kang ngemot pangajaran moral lan agama.

Instrumen Panliten

Sawijining panliten mesthi ora luput saka piranti panliten. Instrumen panliten yaiku piranti kang digunakake sajrone panliten kalangsungake. Adhedhasar sipate instrumen panliten diperang dadi loro, miturut Sugiyono (2011:222) ana kang diarani instrumen utama lan instrumen tambahan. Instrumen utama yaiku panliti minangka panindak ing sawijine panliten.

Panliti minangka panyusun ancangan panliten, ngumpulake dhata, nganalisis, napsirake dhata, lan pungkasane nggawe pelapuran tumrap asil sawijine panliten, dene instrumen tambahan yaiku sakabehe instrumen kang nyengkuyung instrumen utama. Instrumen tambahan sajrone panliten iki yaiku kamera digital kang dianggo njukuk gambar SA minangka koleksi pribadhi. Instrument tambahan liyane arupa cathethan, pulpen, lan garisan lan kartu dhata.

Teknik Ngumpulake Dhata

Kawawas kanthi subjective ( adhedhasar objektivitas tartamtu) panliti bisa nemtokake dhata kang dikumpulake. Ing kene analisis

(6)

6

dhata dintindakake kanthi terus-terusan lan wiwit ngumpulake dhata saka pamurwaning panliten, nganti laporan panliten kasil ditliti (Purnomo, 2013:135-136). Teknik nyathet sajrone panliten ngenani SA ditindakake kanthi cara menehi tetenger ing tembung-tembung kang nuduhake piwulangan-piwulangan kang dirasa trep karo ancase panliten ing wiwitane. Teknik pangumpule dhata ing panliten iki yaiku kanthi cara,

1) Teknik maca apresiatif, kanthi cara maca SA.

2) Transliterasi naskah, alih aksara yaiku ngowahi tulisan naskah menyang aksara liyane, yen ing SA yaiku saka aksara Jawa diowahi dadi aksara latin.

3) Ngidentifikasi kahanan lan kaanan SA. 4) Nyatet bab-bab kang ngemu

piwulangan-piwulang moral sajrone SA.

5) Njlimeti piwulangan-piwulang moral kang ana sajrone SA banjur diperang adhedhasar jinis lan kagunaane.

6) Nggayutake teori-teori kang jumbuh karo bab kang digayutake.

7) Nggolongake dhata kang wis diasilake supaya runtut banjur dilarasake karo kahanan kasunyatan ing masyarakat jaman saiki.

Teknik Pangolahe Dhata

Teknik pangolahe dhata miturut Purnomo, (2013:136) ana loro yaiku kaping pisan, minangka pawujudan praktis metode hermeneutic sajrone bab iki, klebu teknik analisis isi ‘content analysis’ lan teknik analysis dheskriptifdeskriptive analysis’. Teknik kapisan dugunakake nalika nganalisis sasaran panliten awujud naskah lan teks sastra lawas Jawa minangka sumber nilai-nilai estetik kang dionceki, mula panggone metode hermeneutika dirasa prelu supaya bisa nggampangake panliti sajrone napsirake isi kang kinandhut sajrone naskah.

Teknik kang kapindho digunakake kanggo ndheskripsiake sosial-budaya kang ana sajrone teks lawas Jawa, nilai-nilai guna, lan makna simbolik kang sumimpen sajrone teks. Kanthi hipotetif sajrone gandheng cenenge karo

kahanan sosial masyarakat kang nyengkuyung nilai-nilai mau, sarta kanggo mujudake lan nindakake nilai-nilai mau sajrone panguripan masyarakat kontemporer Indonesia. Ancas pangolahe data ing kene supaya bisa ngasilake analisis sing cundhuk lan gathuk marang ancase panliten. Pangolahe dhata sajrone panliten iki bakal diandharake ing ngisor iki.

1) Dheskripsi naskah lan teks

Ndheskripsikake naskah kaya kang wis diandharake dening Purnomo (2013:40) yaiku nggambarake naskah kanthi cetha ing bageyan panggon panyimpenane naskah, nomer naskah, panulis, bahan naskah, ukuran naskah, cacahe padha, jinis tulisan, kahanan tulisan, kaanan naskah, lan samubarang bab kang an gayute karo khanane naskah.

2) Suntingan Teks

Suntingan teks mujudake cathetan ngenani sawijine teks kang wis dibenerake utawa emendasi, mbenerake wacan, menehi cathetan perangan kang nyimpang saka paugeran guru lagu, wilangan lan guru gatra. Bab mau amerga objek panliten iki yaiku SA kang wujude tembang macapat. Kaluputan-kaluputan mau banjur ditransliterasi sajrone aparat kritik lan komentar, supaya ngasilake terbitan edisi ilmiah teks kang bisa diwaca lan dingerteni dening pamaca.

3) Njlentrehake Piwulang-Piwulang sajrone SA

Piwulang-piwulang kang ana sajrone SA ana loro yaiku piwulang moral lan piwulang bab agama. Kaya filsafat lan agama, sastra nyinaoni bab manungsa. Kanthi lelandhesan, ancas, lan cara kang mungguh. Sastra, filsafat lan agama asring disawang minangka salah sawijine sarana kanggo nuwuhake jiwa “humanitat” yaiku jiwa kang alus, manusiawi lan ngugemi budaya (Purnomo, 2013: 152). 4) Menehi dudutan

Tahap iki dikarepake bisa ngasilake lan nyuguhake dudutan saka sakabehe asil panliten. Disuguhake kanthi nggunakake basa kang lumrah lan bisa dingerteni dening para pamaca, saengga underane panliten bisa kawangsulan lan utamane yaiku bab piwulangan-piwulangan

(7)

7

kang kasimpen sajrone SA bisa kawedhar lan bisa dadi wewaton kanggo panguripan masyarakat ing jaman saiki.

ANDHARAN

Dheskripsi naskah klebu tumindak kang kudu dilakoni dening panliti nalika ndhudhah samubarang kang magepokan karo panliten naskah. Dheskripsi naskah ngandharake seluk beluk naskah wiwit saka kahanan naskah nganti saka isine naskah. Irah-irahane naskah, nomere naskah, ukurane naskah, wujude naskah, lan sapanunggalane, klebu bab kang diandharake nalika nggambarake kahanane naskah.

SA yaiku asil reriptane Karele Pradrik Winter kang ditulis ing Surakarta. Katrangan mau bisa dideleng ing manggala SA. Wiwitane reriptan mau wujude gancaran kang wis diterbitake ing taun 1870. Nalika taun 1882 reriptan anggitane tuan Karele mau diowahi dening Ngabehi Darsapradata dadi tembang macapat kang dirembug bebarengan kanthi nggatekake pamawase Ngabehi Wangsalukita lan Mas Ngabehi Reksapraja. Andharan mau nuduhake yen kang dadi objek sajrone panliten iki yaiku SA kang wis disalin dening Ngabehi Darsa Pradata amerga wis awujud tembang macapat, dudu SA kang awujud gancaran asil reriptane tuan Winter. SA yaiku asil tulisan tangan kang ngemot piwulang adiluhung tumrap panguripan bebrayan. Piwulangan mau yaiku piwulang moral, mligine piwulang kang kebak gayute karo panguripan balewisma. Kahanan mau nuduhake yen SA akeh ngemot piwulang moral sajrone bab jejodhohan, mangun balewisma kang prayoga, nganti ngrilakake uripe marang Gusti Allah, mula SA dirasa isih laras yen dianggo salah sawijine wewaton panguripan, mligine nalika manungsa tiba mangsane nglakoni urip sesomahan.

Tembang macapat yaiku reriptan utawa dhapukane basa mawa paugeran tartemtu (gumathok) kang macane kudu dilagokake nganggo seni swara. Paugeran sajrone tembang macapat yaiku guru lagu, guru gatra lan guru wilangan (Padmoesoekotjo,1955:25).

Tembung macapat saka jarwa dhosok yaiku anggone maca papat-papat (Hutomo sajrone Suwarni, 2016:25). Pamawas liyane ngenani macapat yaiku saka tembung maca lan cepet. SA kang wis wujud tembang macapat mau banjur diperang dadi limang pupuh. Pambukane serat utawa manggala serat ditulis ing perangan kang beda, tegese ora kaiket paugeran tembang macapat (guru lagu, wilangan lan gatra). Katrangan mau manggon ing bageyan wiwitan antarane kaca siji lan kaca loro sajrone naskah.

Tulisan kang digunakake sajrone SA yaiku aksara Jawa. Panulisan naskah nggunakake tinta kang werna ireng. Tulisane uga ajeg saka perangan wiwitan nganti perangan pungkasan naskah katon tumata. Ora ana tulisan kang saya gedhe utawa saya cilik. Style panulisan saben panganggit mesthi beda antara siji lan sijine. Ana kang mucuk eri, ngetumbar lan ana kang mbata sarimbag. Dene style panulisan sajrone SA bisa kagolongake style tulisan kang mbata sarimbag.

Tabel 3 Panulisan Aksara Jawa sajrone SA No. Aksara Latin Panulisan Sajrone Naskah 1. Ha 2. Na 3. Ca 4. Ra 5. Ka 6. Da 7. Ta

(8)

8 8. Sa 9. Wa 10. La 11. Pa 12. Dha 13. Ja 14. Ya 15. Nya 16. Ma 17. Ga 18. Ba 19. Tha 20. Nga 21. Le 22. Re

Tabel ing ndhuwur nuduhake sakabehe aksara kang ana sajrone SA. Dideleng saka tabel mau, nuduhake yen sanajan naskah

kasebut tulisan tangan dudu asil cetak, nanging kahanan tulisan isih cukup becik lan bisa diwaca.

Tabel 4 Panulisan pasangan No. Pasangan Aksara Latin 1. Ha 2. Na 3. Ca 4. Ra 6. Ka 7. Da 8. Ta 9. Sa 10. Wa 11. La 12. Pa 12. Dha

(9)

9 13. Ja 14. Ya 15. Nya 16. Ma 17. Ga 18. Ba 19. Tha 20. Nga

Tabel 5 Panulisan Sandhangan No. Sandhanganla Katrangan 1. Wulu 2. Pepet 3. Suku 4. Taling 5. Layar 7. Cakra keret 8. Cicak 9. Wignyan 10. Taling tarung 11. Cakra

Tabel-tabel mau nuduhake siji mbaka siji aksara kang ana sajrone SA. Panulisan pasangan uga sandhangan diandharake kanthi cetha lumantar gambar-gambar sajrone tabel, mula andharan mau dikarepake bisa nggampangake pamaca sajrone njlimeti SA. Suntingan Teks

Nyiyapake naskah siyap cethak utawa wis siyap kanggo diterbitake kanthi nggatekake perangan sistematika suguhan, isi lan basa (ejaan, diksi lan aspek struktur) kang digunakake sajrone naskah. Bab mau disebut suntingan teks.

Piwulang Moral

Masyarakat Jawa nduweni pamawas, yen ana wong Jawa kang nindakake samubarang kang ora prayoga, manungsa mau dianggep durung njawani (ora duwe moral utawa ora ngerti etika lan ora paham sopan tur santun) . Ana maneh kang ngarani yen manungsa mau ora ngerti basa utawa unggah-ungguh. Suwalike, manungsa kang nindakake utawa wis paham, tumrap budaya Jawa kanthi tumemen, mula manungsa mau dianggep wis njawani. Saben tumindake (lageyan lan solah bawane) mesthi nggambarake kapribadhen Jawa kang

(10)

10

kebak unggah-ungguh utawa sopan santun (Endraswara, 2018:6) .

Moral Jawa utawa etika Jawa yaiku sakabehe norma lan pangaji-aji kang digunakake kanggo ngerteni kepriye kudune (wong Jawa) nglakoni uripe (Suseno, sajrone Endraswara 2018 : 154). Moral utawa etika klebu perangan saka falsafah aksiologi. Sajrone panguripan prelu anane sesrawungan, supaya urip mau bisa migunani, mula prelu kasinungan moral. Moral mau magepokan karo sawenehe bab panguripane manungsa, wiwit saka manungsa Jawa minangka anggota kaluwarga, masyarakat lan Negara. Kaya kang wis diandharake dening Suwarni, (2016:124) yen bab moraltis akeh kang kinandhut sajrone kasusastran Jawa, utamane luwih ngrembaka nalika periode sastra Jawa Klasik.

Naskah Serta Atmawiyata iki uga klebu perangan saka pangrembakan sajrone sastra Jawa Klasik, kang isine wis mesthi akeh gayute tumrap bab moral. Piwulang moral kang kasimpen sajrone SA mau bakal dionceki lan ditapsirake kaya ing ngisor iki. Antarane yaiku (1) piwulang moral sajrone jejodhohan, (2) piwulang moral sajrone balewisma, (3) piwulang moral sajrone sesrawungan lan, (4) piwulang agama kang gegayutan karo balewisma. Piwulang-piwulang sajrone SA mau diajap bisa dadi wewaton nalikane ngayahi jejibahan sajrone panguripan.

Piwulang Moral sajrone Jejodhohan

Sajrone panguripane manungsa, ana babakan kang nuduhake lumakune uripe. Babakan-babakan mau antarane yaiku kalairan, diwasa utawa akil balig, jejodhohan lan kematian. Babakan mau sipate universal, sakabehe manungsa kang urip ing ndonya mesthi ngalami, kajaba ing babakan jejodhohan. Ana sabab-sabab tartemtu kang njalari manungsa ora nindakake jejodhohan, nanging umume babakan-babakan mau sipate alamiah kang amung bisa ditrima, tanpa prelu ngerteni, manungsa kang nrima mau sarujuk utawa orane.

Jejodhohan, nduweni kalungguhan kang wigati sajrone babakan-babakan ing uripe manungsa. Jejodhohan yaiku sesambungan lair trusing batin antarane wong lanang lan wong wadon minangka sesomahan. Bab mau nduweni tujuwan nerusake keturunan kanthi cara welas asih, mujudake keturunan kang nduweni kwalitas, nggayuh kabungahan sejati, tentrem lan aman (sakinah, mawaddah, warahmah), (Tim Dosen PAI Unesa, 2014:231). Jejodhohan yaiku anane karep kanggo urip, bab alamiah kanggo nglestarekake keturunan saka jinis kang padha (Afif, 2012:117) .

Pamawas-pamawas mau bisa didudut yen jejodhohan yaiku sesambungan lair batin kang kaiket, antarane wong lanang lan wong wadon kanggo mujudake panguripan balewisma kang rukun, bungah, aman, lan laras sarta padha-padha setya tuhu salawase. Piwulang moral jejodhohan kang ana sajrone SA antarane yaiku (1) kudu antarane lanang lan wadon, (2) mantep pikire, (3) blaka suta, (4) tulus, (5) luhur budine lan, (6) siyap jejodhohan.

Piwulang Moral sajrone Balewisma

Pangrembakane piwulang adiluhung ngenani panguripan diwiwiti saka panguripan kang dilokoni sajrone balewisma. Bapak lan ibu kudu siyap nggula wentah para putrane supaya bisa dadi manungsa kang migunani samagsane uripe.

Sadurunge bab mau katindakake, antarane bapak lan ibu kudu nyawiji kanthi wewaton rasa welas asih kang bisa agawe kahanan sajrone balewisma tansah maremake.

Kahanan kang kaya mangkono bisa luwih nggampangake anggone padha sinau bab panguripan bebarengan. Antarane siji lan sijine padha sih sinihan lan tansah nyengkuyung ing sakabehe kahanan kang dialami, sajrone kasusahan utawa kabungahan. Bisa nuwuhake rasa rukun lan ora gampang nemahi cecongkrahan.

Manungsa bisa antuk piwulangan saka sakabehe kang ana ing sakubenge. Bisa sajrone balewisma, paguyuban, sekolahan, masyarakat lsp. Nalika manungsa ana ing salah sawijine

(11)

11

pakumpulan dheweke kudu bisa ngerti tumrap bab subasita amrih bisa nuwuhake karyenak tyasing sasama utawa nyenengake atine sapadha-padha. Bisa uga diarani memayu hayuning sasama.

Piwulang Moral Sajrone Sesrawungan Manungsa minangka makhluk individu kudu bisa sesrawungan karo liyan supaya bisa njangkepi kabutuhane. Mula dheweke uga disebut makhluk sosial. Sesrawungan yaiku lelakone anggota masyarakat kanggo ngerteni lan mahami kabudayan masyarakat ing sakubenge (Tim, ISBD Unesa,2008:36). Piwulang sajrone SA uga ana saperangan kang ngrembug ngenani piwulang moral sajrone bab sesrawungan.

Piwulang Moral Kang Gegayutan Karo Agama

Agama minangka sawijining bab kang bisa ngendhalekake tingkah polahe sakabehe makhluk kang cinipta ing marcapada. Kajaba ing SA bab agama uga kinandhut sajrone serat

Wedhatama anggitane KGPAA

Mangkunegaran IV. Kasusastran kang uga klebu ngemot piwulang moral mau antuk kawigaten kang mirunggan ing saidenging bebrayan Jawa. Bab agama mau karembugake sajrone tembang pangkur gatra kang paling pungkasan kang unine “agama ageming aji” tegese ilmu agama bisa dadi wewaton ing sakabehe bab. Ora amung sajrone panguripan wae nanging uga ngrembug sajrone bab kematian. Wong kang sinau agama mesthi bakal kadunungan aji sajrone uripe.

Piwulangan moral agama kang kinandhut sajrone SA luwih ngener marang panguripan sajrone balewisma. Nalika nglakoni urip sesomahan kudu tansah gegondelan marang piwulangan kang ana sajrone agama amrih bisa nggayuh kasampurnaning ngaurip, antarane yaiku kanthi cara (1), iman (2) eling (3), nrima (4),ora ngangsa-angsa lan, (5) sareh.

Nalika nyinaoni bab agama, wong Jawa luwih akeh nggayutake antarane bab agama lan filsafat. Sajrone Islamdiperang dadi patang

perkara yaiku, (1) syariat, (2) tarekat, (3) hakikat lan,(4) makrifat. Patang bab mau amung saperangan umat kang bisa nindakake. Biyasane kang akeh ditindakake yaiku ing bab syariat lan tarikat.

Sastra Jawa akeh kang ngrembug bab mau. kasusastran kang ngemot patang perkara ing ndhuwur biyasane dianggit sajrone wujud kitab

suluk lan wirid. Dene piwulangane disebut ilmu tasawuf (Suwarni, 2016:155). Tasawuf yaiku kawruh kang nyinaoni cara lan laku, kepriye kudune nalika wong Muslim bisa tansah cedhak marang Gusti Allah (Nasution, sajrone Purnama, 2011:50-51).

PANUTUP

Panintingan Serat Atmawiyata kanthi nggatekake paugeran panliten ilmiah mau, prelu didudut amrih luwih cetha tur luwih gampang anggone ngerteni asile. Dudutan kang diasilake yaiku adhedhasar pangumpulan lan panganalisisan data.

Panliten kang wis kasil ditindakake nuduhake yen objek sajrone panliten iki yaiku Serat Atmawiyata kang wujude tembang macapat. Naskah mau disalin dening Ngabehi Darsa Pradata. Isine ngrembug ngenani piwulang moral kang kebak gayute karo panguripan jejodhohan, balewisma, lan sipat rila marang Gusti Allah. Panulisan serat dumunung ana ing kraton Surakarta, nalikane taun 1870. SA uga klebu kasusatran ing periode sastra Jawa klasik.

Teori kang digunakake yaiku prinsip teori filologi modern amerga ora nengenake keaslian utawa kumurnian sawijine naskah. Nalika napsirake isi kang kinandhut sajrone serat nggunakake teori hermeneutika. Panganggone teori mau, amerga sawijine kasusastran prelu ditapsirake, sajrone basa nduweni teges kang sinirat sing disengaja lan ngener marang bab tartemtu mula dibutuhake teori panapsiran kayata hermeneutik. Kajaba iku uga kasengkuyung dening konsep moral kanggo njlimeti isi naskah. Laras karo isine

(12)

12

kang onjo sajrone bab moral, mula isi serat bisa diperang dadi 3 konsep, ing antarane (1) kepriye dheskripsi lan isi Serat Atmawiyata?, (2) kepriye suntingan teks Serat Atmawiyata lan, (3) kepriye piwulang moral sajrone Serat Atmawiyata? telung konsep mau diajab bisa njlentrehake piwulang moral kang kinandhut sajrone serat.

Asil dheskripsi lan suntingan teks nuduhake yen objek panliten nduweni irah-irahan Piwulang Moral Sajrone Serat Atmawiyata. Serat mau disimpen ing museum Radya Pustaka Solo kanthi nomer inventaris 640 W-S. Ditulis ing dluwang kang cacahe 17 lembar. Kahanane isih apik tur jangkep, dene basa kang digunakake yaiku basa Jawa, lan kawuwuhan basa Kawi lan Arab. Asiling panliten nuduhake yen piwulangan moral kang luwih onjo sajrone Serat Atmawiyata yaiku piwulang moral kang ana sajrone balewisma. KAPUSTAKAN

Afif, Afthonul. 2012. Ilmu Bahagia :

Menurut Ki Ageng Suryamentaram.

Jawa Barat : Kepik

Antunsuhono.1952.

Reringkesaning

Paramasastra

Basa

Djawi.

Yogyakarta : Soejadi

Baried,

dkk.1994.Pengantar

Teori

Filologi.Yogyakarta:

Badan

Peneletian dan Publikasi Fakultas

(BPPF)

Bertens, K. 1993. Etika. Yogyakarta:

Kanisius

Departemen Pendidikan Nasional.2008.

Kamus Bahasa Indonesia. Jakarta :

pusat

Bahasa.

Departemen

Pendidikan Nasional.

Djamaris, Edwar. 2003. Metode Penelitian

Filologi. Semarang : Fasindo

Endraswara,

Suwardi.2008.

Metode

Penelitian Sastra. Yogyakarta: Med

Press

_________________.2018. Falsafah Hidup

Jawa. Yogyakarta: Cakrawala

Istanti, Kun Zachrun. 2013. Metode

penelitian filologi dan penerapannya.

Yogyakarta : elmatera

Nurgiyanto,

Burhan.

2013.

Teori

Pengkajian Fiksi. Yogyakarta : Gajah

Mada University

Padmosoekotjo. 1955. Patine Paramasastra

Jawa. Djakarta: Noordhoff-Kolff

Poerbatjaraka, R.M.Ng. 1957. Kapustakan

Djawi. Djakarta:Djamabatan

Poerwadarminta. 1939. Kamus Bausastra

Jawa. Batavia: J.B Wolters Uitgevers

Maatchhappij N.V. Groningen

Poespoprodjo, W.1999. filsafat Moral:

Kesusilaan dalam Teori dan Praktek

(edisi revisi). Bandung : Remaja

Karya

Pranowo, Sudaryanto. 2001.Kamus Pepak

Basa Jawa. Yogyakarta : Badan

Pekerja Konggres Bahasa Jawa

Purnomo, S. Bambang. 2011. Kesastraan

Jawa Pesisiran. Surabaya :Bintang

________________. 2013. Filologi dan

Studi Sastra Lama. Surabaya : PMN

Ratna, nyoman Kutha.2007. Sastra dan

Cultural Studies: Representasi Fiksi

dan Fakta. Yogyakarta: Pustaka

Pelajar

_______________. 2014. Teori Metode dan

Teknik Penelitian Sastra. Yogyakarta

: Pustaka Pelajar

_______________. 2011. Teori Metode dan

Teknik Penelitian Sastra. Yogyakarta

: Pustaka Pelajar

Robson. 1978. Pengkajian Sastra-Sastra

Tradisional Indonesia. Jakarta: Pusat

Pengembangan

&

Pengembangan

(13)

13

Salahudin,

Anas.

2013.

Pendidikan

Karakter. Bandung : CV Pustaka

Setia

Saptono.

2011.

Dimensi-Dimensi

Pendidikan

Karakter.

Jakarta

:

erlangga

Suseno. 2001. Kuasa dan Moral. Jakarta:

Gramedia Pustaka Utama

Suwarni. 2013. Sastra Jawa Madya.

Surabaya : PMN

________________. 2016. Sastra Jawa

Klasik. Surabaya : Bintang

Soedarsono dkk. 1985. Pendidikan Moral

lan Ilmu Jiwa Jawa. Proyek Penelitian

dan Pengkajian

Sugiyono.

2011.

Metode

Penelitian

Kuantitatif Kualitatif. Bandung :

Alfabeta

Unesa, Tim Dhosen PAI. 2011. Pendidikan

Agama Islam di Perguruan Tinggi

Umum. Surabaya : Unesa University

Press

Winter.

2007.Kamus

Kawi-Jawa.

Gambar

Tabel 3 Panulisan Aksara Jawa sajrone SA  No.  Aksara  Latin  Panulisan Sajrone  Naskah  1
Tabel  ing  ndhuwur  nuduhake  sakabehe  aksara  kang  ana  sajrone  SA.  Dideleng  saka  tabel  mau,  nuduhake  yen  sanajan  naskah
Tabel 5 Panulisan Sandhangan  No.  Sandhanganla  Katrangan  1.  Wulu  2.  Pepet  3.  Suku  4

Referensi

Dokumen terkait

Escherichia coli dan jika dibandingkan dengan ekstrak pada penelitian yang lain, maka pada hasil penelitian ini dapat disimpulkan bahwa kemungkinan hasil daya hambat

Kesimpulan: Hasil penelitian menunjukkan bahwa ekstrak etanol tunas bambu apus mempunyai daya antibakteri terhadap Escherichia coli dan Staphylococcus aureus dengan

1) Manusia adalah suatu makhluk sosial “berkeinginan”, dan keinginan ini menimbulkan kebutuhan yang perlu dipenuhi. Keinginan atau kebutuhan ini bersifat

WO yang diterima oleh ADMSR adalah WO yang dibuat oleh Stock Kepper yang kemudian ditandatangani oleh ADMSR, Administration Head (ADH), Bagian Pool dan Supplier itu sendiri.

memberikan kemudahan untuk mengetahui jumlah pinjaman, mengecek angsuran pinjaman oleh anggota/ non anggota koperasi, mengetahui profil anggota secara cepat dan mengetahui

Dalam tampilan menu informasi cuti karyawan ini user yang login sebagai personalia atau karyawan dapat meng input kan nomor pengajuan cuti karyawan pada

Hal ini bisa disebabkan karena komposisi gambut pada kelapa sawit <6 tahun cenderung masih belum terdekomposisi lanjut sehingga selulosa yang merupakan sumber

Tanaman Kelapa sawit (Elaeis guineensis Jacq) merupakan tanaman yang memiliki sebaran adaptasi cukup luas, dapat tumbuh pada berbagai agroekosistem dengan baik dan