• Tidak ada hasil yang ditemukan

Naskah Drama Jawa Ande Ande Serigala

N/A
N/A
Protected

Academic year: 2017

Membagikan "Naskah Drama Jawa Ande Ande Serigala"

Copied!
15
0
0

Teks penuh

(1)

DIBUAT OLEH

FAIZ AGIL WIRAWAN

DIPUBLIKASIKAN DI

BLOG

BURUNG-NET.

COM

ANDA BOLEH MEMAKAI

NASKAH DRAMA INI

JIKA INGIN

MEMPUBLIKASIKAN

ULANG DI BLOG ANDA,

HARAP CANTUMKAN

SUMBER

TERIMAKASIH :D

(2)

ANDE ANDE SERIGALA

Drama Basa Jawa Kelas XII AK 3 SMKN 1 Banyumas

1. Ande” Serigala – Faiz Agil Wirawan

2. Ramane Ande – Eka Setyaningsih

3. Biyunge Ande – Intan Kartika Putri

4. Mbok Rondo Dadap – Agustina

Setyaningrum

5. Reporter – Endah Pamiluna

6. Yuyu Kangkang – Anditha Maydiana

7. Pengawal – Dwi Agustina

8. Biyunge Klenting – Endah Daryati

9. Klenting Kuning – Fitria Rahayu Suwendah

10.Klenting Abang – Anita Setia Pratiwi

11.Klenting Ungu – Dwi Retnoningsih

12.Klenting Ijo – Desi Setyaningrum

13.Peri Siji– Aidzina Nur Fitriani

14.Peri Loro – Aulia Dina Lestari

15.Timun Mas – Lani Safitri

16.Ibu Timun Mas – Endang Tika

(3)

Neng salah sawijining negeri, urip bocah bagus sing jenenge Ande Ande Serigala. Ande Ande Serigala urip neng keluarga sing sugih, tentrem lan bahagia. Tapi Ande Ande Serigala ora betah karo keadaane sing serba enak. Si Ande pengin berkelana, berpetualang kaya Dora The Explorer. Nggoleti halangan lan rintangan lan nemukna wit jati, eh maksude jati dirine. Akhire Ande Ande Serigala kabur sekang umah. Lan marekna rama biyunge khawatir

Skenario SIJI

Tempat : Umaeh Ande Ande Serigala

Sing main : Biyunge Ande, Bapak Ande, Reporter, Toto

Reporter : Para pemirsa, wonten bocah abg naminipun Ande Ande Serigala sampun kabur sekang umah. Ngantek siki kabare durung jelas. Teng mriki kulo bade ngewawancarai rama lan biyunge Ande Ande Serigala. Bu, kepripun perasaane ngerti anake ngantek siki durung ketemu

Biyunge Ande : Kiye wis mlebu TV kye

Reporter : Sampun bu, kepripun perasaane bu

Biyunge Ande : Perasaane ya.. primen yah, sedih banget pokoke lah. Enggane cah bagusku, anak siji sijine koh ngantek ilang. Ujaku ya wis tek rumat aben dina, wis diempani, diwei sangu . Koh bisa ya kabur sekang umah. Jan, ora patut yakin.

Reporter : Oh kados niku nggih, lajeng bapake kepripun perasaane pak ? sedih sedoyo pak ?

Ramane Ande : Lah ya ora lah. Lah wong bocah wis bujang ya patut pengin lunga lunga. Masa enggane ngkon angrem bae neng jero umah. Wis jorna bae lah kon berpetualang, ngko angger wis puas tulih mbalik maning kaya dara.

Biyunge Ande : Ya ora kaya kue pak, masa maring anake dewek kaya kuwe. Ora patut lah

Ramane Ande : Kyeh, tulih rapapa. Lagian angger ora ana Ande Ande Serigala kan dewek dadi bebas. Bisa bulan madu maning lah kaya gemiyen…

Biyunge Ande : Jan.. Bapake lah pikirane kaya kuwe

(4)

Biyunge Ande : Jawab sing bener pak. Ora patut lah, dewek lagi mlebu TV , didelengi akeh wong.

Ramane Ande : Oke oke, TOTO !!

Toto : wonten nopo nimbali kulo pak bos

Ramane Ande : Pokoke koe siki kudu nemukna Ande Ande Serigala. Aja mbalik ngeneh maning sedurunge koe nggawa bali anakku. OKE ?

Toto : tenang pak bos, anake pak bos mesti tek gawa bali.

Akhire ramane ande mrentah Toto, si pembantu rumah tangga ngkon nggoleti si Ande Ande Serigala. Nah sementara kuwe, si Ande Ande Serigala wis kabur ngantek alas.

Skenario LORO

Tempat : Alas

Sing main : Ande Ande Serigala, Toto

Ande : Akhire nyong bisa kabur kang rama biyung. Bosen rasane lah urip neng kana, ora ana tantangane. Nyong tulih pengin berpetualang kaya Dora the Explorer.

(ijig ijig Toto teka)

Toto : Eee koe Mas Ande Ande Serigala ya ! Ayuh bos bali, wis digoleti kaeh neng bapake.

Ande : Loh, deneng koe nang kene ? ujaku koe miki tembe diprentah koh ? deneng cepet temen wis gutul ngeneh ?

Toto : hahahaha.. kuwe rahasia bos. Mung nyong karo sutradara tok sing ngerti.

Ande : Oh kaya kue ya

Toto : Iya kaya kue bos

Ande : Trus keprimen ? pokoke nyong bebeh balik ngumah maning.

Toto : Temenan bos ? angger gelem bali ngumah jere arep ditukokna montor neng bapake

Ande : Ora, ngantek kapanpun nyong rabakal gelem bali.

Toto : Tapi jerene arep dijodohna bos karo Julia Perez

Ande : Ngomong apa koe miki ? ngomong apa ?

(5)

Ande : Temenan kue, temenan ?

Toto : Iya temenan bos

Ande : Angger kaya kue pah nyong gelem bali. Wis yuh bali. Aja kesuwen wis kepengin kyeh

Toto : Nah, pet mau ngapa bos. Yuh bali bos (Toto mlaku, ande ngikuti. Ijig ijig Toto mandeg)

Ande : Loh deneng mandeg. Ujare lampu merah apa to

Toto : Ngapurane bos, balike si tuk ngendi ya bos ?

Ande : Loh, deneng ra ngerti. Lha miki kepriwe bisa mengeneh ?

Toto : Genah miki dikon mlebu koh bos, aku ya manut bae.

Ande : Berarti dewek kesasar kye, yawis lah mlaku tuk ngendi bae, tuli gutul (lalu exit)

Akhire Ande karo Toto kesasar neng Alas. Nggoleti dalan bali tapi ora ketemu.

Skenario TELU

Tempat : Alas, Umaeh Mbok Rondo Dadapan

Sing main : Ande, Toto, Mbok Rondo Dadapan (calon ibu angkat)

Ande : Priwe kiye to, deneng mbalik maning mengeneh..

Toto : Lha wong panggunge siji tok bos, kepriwe maning

Ande : Ih kae ana umah kae, jajal yuh menganah

Toto : (mbuka lawang) lawange ora dikunci bos, mlebu bae yuh

Ande : Temenan kye rapapa, dewek ya dadi kaya maling

Toto : ih kye ana kalung bos, kayane larang loh angger didol neng pasar banyumas

Ande : Aja kaya kue to, koe lha kaya maling (Mbok Rondo Dadap tekan)

Mbok : Maling ! maling ! (karo nggawa sapu trus nggebugna maring ande lan toto)

Toto : Ampun mbok, aku udu maling . udu maling

(6)

Mbok : Oh kaya kue ya, la trus koe koe pada sapa?

Ande : Kula pengembara mbok, lagi kesasar ora ngerti dalan bali. Niki si teng pundi mbok ?

Mbok : Kye neng dusun dadapan. Lha terus arep pada kepriwe kiye?

Ande : Kula nggih mboten ngertos mbok, lawong kesasar.

Mbok : Kepriwe angger koe netep neng kene bae. Ngko koe tek dadikna anak.

Ande : Temenan mbok ?

Mbok : Iya temenan

Toto : le nyong kepriwe mbok ?

Mbok : Ya koe netep bae neng kene. Ngko tek dadikna pembantu

Toto : Deneng kaya kue mbok? Yawis rapapalah manut bae

Akhire Ande Ande Serigala didadekna anak angkat nang Mbok Rondo. Tapi sing jenenge Ande Ande Serigala pancen kurang ajar. Nembe bae diangkat anak langsung pengin digoletna bojo. Akhire kesebar kabar angger Ande Ande Serigala lagi nggolet bojo. Sementara kuwe neng tempat liya, urip Mbok Rondo Klenting karo anak anake.

Skenario PAPAT

Tempat : Umaeh Para Klenting

Sing main : Klenting Kuning, Klenting Abang, Klenting Ijo, Klenting Ungu, Biyunge klenting

Mbok Rondo Klenting : Anake nyong sing ayu ayu kecuali klenting kuning, biyunge rep takon. Koe kan wis pada dewasa, wis wektune koe pada nggolet calon bojo. Pada wis duwe calon apa urung? Jajal jawab tuk siji siji

Klenting Ungu : Aku yung, aku wis due calon. Wonge gagah, gede duwur,murah senyum, eman maning. Kae lo, bakul batagor sing cokan dodol neng sekolah..mbok ganteng banget yung..

Mbok Rondo Klenting : Oalah jan, bakul batagor koh ditaksir. Terus klenting abang !

(7)

Mbok Rondo Klenting : Bukane seneng meng koe, kae kernet mesti klalen ora nariki duit maring ko. Teruse maning klenting ijo !

Klenting Ijo : Aku wis due yung, jenenge Mas Bram. Mbeke ketemu wingi neng terminal. Wingi juga aku boncengan yung karo Mas Bram, dijujugna ngantek umah. Eman banget yung wonge, kang terminal maring ngumah kur mbayar 5000 tok.

Mbok Rondo Klenting : Aduh jan, Mas Bram mesti anu tukang ojek ya. Dasar koe. Berarti intine koe koe pada urung duwe calon ya.

Klenting Kuning : yung, deneng nyong ora ditakoni sih

Mbok Rondo Klenting : Wis ora usah melu melu koe. Nyong wis ngerti koe ra bakale due calon bojo.

Klenting Kuning : Biyunge jahat banget lho…

Mbok Rondo Klenting : Anak anaku sing ayu ayu kecuali klenting kuning, miki biyunge tembe maca neng fesbuk. Ana putrane Mbok Dadapan jengene Ande Ande Serigala lagi nggolet jodoh lan ngadakna seleksi calon istri. Kepriwe , arep pada melu seleksi ora ?

Klenting Ungu : Jelase melu yung. Nyong mesti menang lah. Klenting Ungu gituloh

Klenting Abang : Hus, sing tua ya ngalah lah, jelase nyong sing bakal menang

Klenting Ijo : Aja pada kaya kue, jelase nyong sing bakal menang. Sing paling enom, paling ayu.

Mbok Rondo Klenting : Uwis aja pada tukaran. Mending koe pada dandan sing ayu dadi ngko bisa ulih Ande Ande Serigala

Klenting Kuning : Nyong ulih melu apa ora yung ?

Mbok Rondo Klenting : Wis koe ora usah melu melu. Koe neng ngumah bae, gendenge bocor kaeh nganah dibeneri

Klenting Kuning : Biyunge leh jahat koh

Mbok Rondo Klenting : Yawis yuh pada meng salon, klenting kuning jaga umah. Ora ulih melu seleksi. Yuh meng salon anak anakku (exit)

Mbok Rondo Klenting karo anak anake lunga maring salon. Klenting kuning ditinggal neng ngumah dikon ndandani gendeng bocor. Semenara kuwe, neng tempat liya maning, urip gadis jenengane Timun Mas, karo biyunge.

Skenario LIMA

(8)

Sing main : Timun mas, biyunge timun mas

Biyung : Timun mas, ngeneh tek omongi

Timun Mas : Ana apa yung, arep ngomong apa. Kayane penting banget loh..

Biyung : Kyeh, biyunge arep crita sesuatu maring koe..

Timun Mas : Wis aja kesuwen yung, dadi penasaran kyeh yung..

Biyung : Timun mas, jane gemien biyunge pernah njaluk maring Buto Ijo supaya dinei anak. Tapi syarate angger anake wis gede garep dijiot

maning neng Buto Ijo. Lah, anake kuwe koe.. Timun Mas..

Timun Mas : lha trus kepriwe yung, masa nyong garep dijiot neng Buto Ijo. Ih, buto ijo si ngganteng apa ora yung

Biyung : Ngganteng ndas trek, wonge kuwe gede, lemu, ora ngganteng ora..

Timun Mas : Aduh jand.. trus nyong kudu kepriwe yung ?

Biyung : Biyunge miki tembe krungu, ana bocah bagus jenenge Ande ande Serigala lagi nggolet jodoh. Mending siki koe lunga maring Desa Dadapan lan melu seleksi sedurunge koe dijiot neng buto ijo..

Timun Mas : Oh kaya kuwe ya yung.. Ya wis nyong lunga disit ya, assalamualaikum

Biyung : Ih ngko disit. Kyeh koe tek wei garem. Angger koe ketemu buto ijo neng ndalan, untalna bae gareme. Buto ijo kuwe wedi karo garem.

Timun Mas : Oke yung, maturnuwun

Akhire timun mas lunga sekang umah, maring Desa Dadapan nggo melu seleksi calon istri Ande ande Serigala. Tapi jan sing jenenge Timun Mas lagi sial banget, neng ndalan dioyok oyok nang buto ijo.

Skenario ENEM

Tempat : Jembatan Serayu

Sing main : Yuyu kangkang, klenting ijo, klenting abang, klenting ungu, timun mas

Timun Mas : Tulung..tulung… ana buto ijo !!! (karo mlayu)

(9)

Timun Mas : Awas aja medeki nyong ! Rasakna kyeh garem, rasakna ! (karo nguntalna garem)

Buto Ijo : Aduh aduh, ngko disit cah ayu. Nyong udu buto ijo, nyong yuyu kangkang !!

Timun Mas : Temenan kuwe ? temenan?

Yuyu Kangkang : Iya temenan, nyong Yuyu Kangkang. Masa diarani Buto Ijo..

Timun Mas : Lha wong ibuku ngomong jere buto ijo wonge gede, lemu, trus ora ngganteng, ya ujaku kowe lah buto ijo

Yuyu Kangkang : Sembarangan koe ! angger koe cah lanang wis tek ceburna kali serayu

Timun Mas : Iyalah maaf,nyong tuli khilaf. Trus ana apa kiye, yuyu kangkang?

Yuyu Kangkang : Koe arep liwat jembatan serayu mbok ? garep meng desa Dadapan.

Timun Mas : iya, emange ngapa ?

Yuyu Kangkang : Angger arep liwat tuk jembatan serayu, ora kena sekepenake. Kudu ana syarate

Timun Mas : Apa syarate ? Aja sing aneh aneh lo

Yuyu Kangkang : Ora aneh ora, cukup foto selfie karo nyong, trus tek tandatangani tanganmu. Gampang mbok ?

Timun Mas : Yawislah manut. (terusan yuyu kangkang karo timun mas selfie, bar kuwe tangane ditandatangani nang yuyu kangkang)

Yuyu Kangkang : Nah, wis. Koe ulih liwat jembatan kiye.

Timun Mas : Maturnuwun yuyu kangkang… (mudun panggung)

Yuyu Kangkang : Alhamdulillah uwis ulih siji. Kapan yah ana sing teka maning.. ih kae ana bocah ayu rombongan arep nyebrang, asik asik

Klenting Ungu : Aduh jan.. enake bar kang salon

Klenting Abang : Nyong ayu banget yah, mesti arep dipilih kye

Klenting Ijo : Sing tua ngalah, sing garepan dipilih ya nyong sing esih enom

Klenting Abang : Oh kaya kuwe ya, koe nantang gelut apa

Klenting Ungu : Gelut bae gelut, suwen gelut.

(Para klenting mengobrol dan tidak menghiraukan si Yuyu Kangkang)

(10)

Klenting Ijo : Kayong ana sing ngomong apa yah

Klenting Ungu : Iya koh kaya ana suara suara

Klenting Abang : Udu nyong loh sing ngentut

Yuyu Kangkang : Kye sing ngomong neng kene kiye. Yuyu Kangkang !

Klenting Ijo : Oh, koe ya. Ujaku watu gede

Klenting Ungu : Ujaku ya iya koh

Klenting Abang : Ujaku malah gerobag

Yuyu Kangkang : Jan sial banget sih dina siki. Miki diarani buto ijo, siki watu gede karo gerobag. Jan… jan,,

Klenting Ijo : Le trus ana apa ? ngapa nyeluk nyeluk?

Yuyu Kangkang : Angger koe pada arep liwat tuk jembatan kiye, ora kena sekepenake, ana syarate.

Klenting Abang : Syarat apa kue ? mesti sing aneh aneh

Yuyu Kangkang : Ora aneh ora. Mung foto selfie karo nyong, trus tanganmu tek tanda tangani. Kaya kuwe tok

Klenting Ungu : Angger kaya kuwe si gampang. Yuh cepetan, wis gugup kyeh

(pada foto selfie trus ditandatangani yuyu kangkang)

Yuyu Kangkang : Nah, wis. Maturnuwun cah ayu, nganah pada liwat. (para klenting lewat)

Skenario PITU

Tempat : Umaeh Klenting

Sing main : Klenting kuning, peri, peri2

Klenting Kuning : Aduh jan, miki jane pengin melu, malah ngkon

ndandani gendeng bocor, ya aku ra bisa lah. Priwe ya.. jan pengin banget melu koh..

(para peri mlebu)

Peri : Tenang klenting kuning, dewek bakal mbantuni koe

Klenting Kuning : Hah, sapa koe ? dedemit yah ?

Peri : ih, aja sembarangan, aku kuwe peri. Peri siji, kiye sedulurku

Peri 2 : Aku peri loro..

(11)

Peri : Kan aku wis ngomong, dewek kuwe rep mbantuni ko

Peri 2 : Iya klenting kuning, koe mbok pengin melu seleksi neng Desa Dadapan?

Klenting Kuning : Tapi kepriwe carane ? angger lunga siki ya jelase wis telat..

Peri : Tenang bae klenting kuning, dewek due cara, peri loro !

Peri 2 : Tetoret toret… Sapu..Ijuk… (gayane kaya gayane doraemon)

Klenting Kuning : Ooh.. dadi dewek lungane nunggang sapu ijuk ya ? kaya Harry Potter ?

Peri 2 : Ora kaya kue, kiye kur sapu ijuk biasa

Klenting Kuning : Lha terus kepriwe nggole maring Desa Dadapan ?

Peri : Karo mlaku lah, yuh suwen mbokan telat

Klenting Kuning : Lha trus ngapa miki ngetokna sapu ijuk..aneh banget koh. Yawislah, yuh lunga

(Klenting kuning lan para peri lunga maring desa dadapan)

Akhire klenting kuning lunga maring desa dadapan dijujugna nang peri peri. Gutul jembatan Serayu, kaya biasane, ana Yuyu Kangkang sing njagani.

Skenario WOLU

Tempat : Jembatan Serayu

Sing main : Klenting Kuning, Peri, Peri2, Yuyu Kangkang

Yuyu Kangkang : Dina siki uwis ulih 5 bocah ayu. Tapi esih kurang lah, ana maning si ngapa. Ih, kae ana bocah ayu garep maring ngeneh..Asik asik, korban berikute..

(klenting kuning dan para peri berjalan, lalu dicegat oleh Yuyu Kangkang)

Yuyu Kangkang : Ettt.. ora kena sekepenake.. angger pengin liwat jembatan Serayu kudu foto selfie disit karo nyong !

Klenting Kuning : Loh, deneng sih kaya kuwe.. kiye mbok jembatan umum. Deneng ana syarat syarate

Yuyu Kangkang : Pokoke kudu ! angger ora gelem ora ulih liwat.

Peri : Kepriwe angger dewek nggawe perjanjian bae

Yuyu Kangkang : Perjanjian apa ?

(12)

Peri 2 : Iya, bentuk aslimu mbok udu kaya kiye. Koe dikutuk neng dewa kan dadi Yuyu Kangkang..

Yuyu Kangkang : Loh deneng ngerti, yawislah tek terima. Asalkan nyong bisa mbalik maring wujud asliku, koe koe pada bisa liwat jembatan kiye

Peri : Oke, gampang. Aku lan sedulurku kiye bakal nggawe koe mbalik maring wujud aslimu. Ayuh, dimulai

Peri 2 : Yuh dimulai

(peri 1 & 2 nglakukna sesuatu )

(tapi ana sing aneh, yuyu kangkang malah meneng bae, ora obah)

Klenting Kuning : Loh, deneng Yuyu Kangkang dadi kaya kuwe? meneng bae , ora obah ? Jere arep dibalikna maring wujud asline ?

Peri : Kyeh klenting kuning, wujud asline Yuyu Kangkang kuwe watu gede. Trus dikutuk nang dewa mulane dadi Yuyu Kangkang..

Klenting Kuning : Bukane kewalik ya ? deneng mbingungi temen.

Peri 2 : Uwis koe manut bae klenting kuning, mendingan siki koe maring Desa Dadapan.

Peri : Iya klenting kuning, dewek mung bisa njujugna ngantek ngeneh.

Klenting Kuning : Yawis, makasih ya, peri1, peri2

Peri 1 & 2 : Iya pada pada

Akhire Klenting kuning ngelanjutna perjalanan maring Desa Dadapan. Sementara kuwe neng desa Dadapan, Si Ande Ande Lumut lagi diwawancarai neng reporter

Skenario SANGA

Tempat : Umaeh Mbok Rondo Dadapan

Sing main : Para Klenting, Ande, Toto, Mbok Rondo, Reporter

Reporter : Ya para pemirsa, saiki kula lagi neng dalame Ande Ande Serigala sing lagi ngadakna seleksi calon bojo. Langsung bae kula badhe ngewawancarai si Ande Ande Serigala

Reporter : Niki bener namine Ande Ade Serigala ?

Ande : Iya bener

Reporter : Kok namine mirip ya kaliyan bocah sing kabur sekang umah ?

(13)

Reporter : Oh kados niku nggih, lajeng mas Ande Ande SRIgala, apa karakterisitike calon bojo panjenengan ?

Ande : karakteristike, sing pertama ya kudu ayu. Sing keloro kudu pinter dalam segala hal. Tapi udu pinter nglomboni loh ya. Sing ketelu, calon bojone nyong kuwe kudu wadon. Angger lanang nyong moh.

Reporter :Oke oke, maturnuwun mas Ande Ande SRIgala. Lajeng Mbok Rondo dadapan, kepripun pendapate panjenengan ngerti anake lagi nggolet bojo ?

Mbok Rondo : Ya, seneng lah . Ngko kan bojone bisa mbantu mbantu ngresiki umah.

Reporter : Oh nggih maturnuwun mbok Rondo. Lajeng Mas Toto kepripun perasaane mas, ngerti bose arep golet bojo?

Toto : Ya seneng banget lah. Apamaning angger bar kiye gari aku sing digoletna bojo.

Reporter : Moga bae doane terkabul mas toto..

Para klenting & Timun Mas : Assalamulaikum..

Ande dkk : Wa’alaikumsalam..

Toto : Nah, kye calone wis pada teka, ayuh pada mlebu (trus pada mlebu)

Reporter : Para pemirsa, niki calon calon bojone Ande Ande SRIgala..ayu ayu banget kan..

Mbok Rondo : Koe arep milih sing ndi anakku, pilih sing bener bener koe seneng

Ande : Ora ana sing tek pilih bu, mergane kabehan wis dadi pacare yuyu kangkang. Kuwe buktine Wis ana tanda tangane neng tangane.

Klenting Ungu : udu mas Ande, aku udu pacare Yuyu Kangkang

Klenting Abang : Aku juga udu pacare Yuyu Kangkang

Klenting Ijo : Iya, kiye anu tanda tangan tok

Timun Mas : Bener kuwe bener

Ande : Ora ana alesan, angger ana tanda tangane berarti anu pacare yuyu kangkang..

Klenting Kuning : Assalamualaikum

Kabeh : waalaikum salam

Klenting Ungu : Loh, klenting kuning

Klenting Abang : Deneng klenting kuning nang kene

(14)

Toto : kepriwe kiye bos, ana sing telat. Apa garep diterima bae ?

Ande : Akhire ketemu juga jodohku.. aku milih klenting kuning bae..sing udu pacare yuyu kangkang

Mbok Rondo : Temenan le ? koe arep milih klenting kuning ?

Ande : Iya, aku ra nglombo. Temenan.

Klenting Kuning : Alhamdulillah, aku bisa dadi bojone Mas Ande .. (kontestan liyane lunga)

Reporter : Mba klenting kuning, kepripun perasaane sampun dipilih teng mas Ande ?

Klenting Kuning : Seneng banget, aku ngantek ora percaya bisa dipilih

Reporter : Lajeng mas Ande kepripun perasaane ?

Ande : Seneng juga. Akhire bisa ulih jodoh sing pas. Akhire dramane bisa rampung .

(15)

Referensi

Dokumen terkait

Dari hasil analisa teknis dan ekonomis yang diharapkan dapat. mewakili/mendekati keadaan yang sebenarnya di masa mendatang,

[r]

Dari jumlah penduduk miskin di atas, tidak semuanya mendapatkan pelayanan JAMKESMAS dan yang belum mendapat pelayanan kesehatan melalui program Jaminan Kesehatan Nasional

ANALISIS DAN PERANCANGAN SISTEM INFORMASI PENJUALAN BERBASIS WEB PADA RESTO AYAM PENYET JAKARTA MENGGUNAKAN BAHASA PEMOGRAMAN PHP-MYSQL DAN JAVASCRIPT DENGAN AKSES CLIENT-..

Penelitian ini bertujuan untuk mendeskripsikan: 1)pembentukan karakter disiplin dan percaya diri melalui ektrakulikuler Tapak Suci di SD Muhammadiyah Plus

Berdasarkan hasii penelitian yang telah dilaksanakan oleh peneliti ditemukan bahwa jumlah sumber daya aparatur yang berstatus pegawai negeri sipil pada Kantor Pertanahan Kabupaten

Data yang diperoleh dari hasil observasi, lembar respon siswa, dan wawancara ini, selanjutnya digunakan untuk kebutuhan analisis data secara kualitatif,

Adapun tujuan dari program PUAP bertujuan untuk: (1) Mengurangi kemiskinan dan pengangguran melalui penumbuhan dan pengembangan kegiatan usaha agribisnis di perdesaan sesuai