MC HALALBIHALAL Assalamu'alaikum Wr. Wb.
Alhamdulilahirobil'alamin
Assyhaduala ila haillah wa assy haduanna Muhammadarosululloh.
Allohumma sholi'ala Muhammad Wa "ala ali Muhammad
"Ama Ba'du
Poro Manggalaning Projo ingkang pantes sinudarsono,
Poro Bp-Para Ibu Muslimin Wal Muslimat ingkang bagyo mulyo.
Gegandengan wekdal sampun kinanci, Pramilo Acara Pengajian Halal Bihalal Keluarga Ageng Masjid Sarmad Bakipandeyan enggal badhe kawiwitan. Nanging Sakderengipun monggo kulo derekaken sesarengan ngaturaken puji syukur Alhamdulillahirobal'alamin wonten ngarsanipun Allah SWT awit ngantos wekdal puniko, kula soho panjenengan tansah pinaringan karaharjan soho katentreman.
Salajengipun kulo Badhe Maosaken urutaning Acara Pengajian Halal Bihalal ing dalu meniko.
- Acara ingkang Sepisan Pembukaan.
- Acara Ingkang angko Kalih Waosan ayat Suci Al Quran ingkang Badhe Katindakaken Denning Panjenenganipun Bapak Fandi
- Acara Ingkang angko Tiga Sambutan Takmir Masjid Sarmad, ingkang dipunaturaken denning Bapak Drs. H. Ahmad Wardimin, M.Esy.
- Acara Ingkang angko Sekawan Sambutan Ketua Panitia Halal Bihalal, Ingkang Badhe Kaaturaken Panjenenganipun Saudara Sigit Dwi Prasetya
- Acara Ingkang angko Gangsal Hiburan.
- Acara Ingkang angko Enem, Inti Pengajian Halal Bihalal Soho Do'a Ingkang badhe Kawedaraken dening Panjenenganipun Bp. Ustadz Syamsul Asrhi. S.Pd. I
- Acara Ingkang angko Wolu Panutup.
Pramilo ngancik acara ingkang sepisan Pembukaan.
Monggo dumateng Muslimin wal muslimat, kito bikak sesarengan acara Pengajian Halal Bihalal ing dalu Meniko kanthi maos BASMALLAH sesarengan
(Bismillahirohmanirohhim)
Tumapak Acara ingkang angka kalih. Waosan ayat suci Al Qur'an Ingkang Badhe Katindakaken dening Bapak Fandi, Dumateng Panjenenganipun Bapak Fandi, Sasono soho Suasono kulo aturaken.
(Qur'an Di Baca).
Makaten sampun purna ing gati waosan ayat suci Al Quran, kanthi waosan ayat suci al quran kolo wau mugi-mugi nambahing iman soho taqwa kulo panjenengan sedoyo.
Tumapak acara ingkang angka Tiga, Sambutan Takmir Masjid Sarmad lngkang Badhe katindakaken dening Bapak Drs. H. Ahmad Wardimin, M.Esy, Pramilo dumateng Bapak Drs. H. Ahmad Wardimin, M.Esy, Wekdal soho panggenan kulo aturaken
(Sambutan)
Paripurna sambutan Saking Takmir Msjid Sarmad.
Kalajengaken Titilaksana ingkang angka Sekawan, nenggih punika Sambutan Saking Ketua Panitia Halal Bihalal, Ingkang badhe Kaaturaken dening Saudara Sigit Dwi Prasetya
Pramilo Dumateng Panjenenganipun Saudara Sigit Dwi Prasetya sasono soho suasono kulo sumanggakaken.
(Sambutan )
Makaten kolo wau lampahing acara Atur sambutan saking Ketua Panitia Halal Bihalal.
Salajengipun Acara ingkang angko Gangsal, Hiburan. D u m a t e n g rencang kito saking Kesenian Hadroh Satriya Laras kulo sumanggaaken.
(Hiburan)
Meniko kolo wau hiburan saking rencang kita, Kesenian Hadroh Satriya Laras, Mugi- mugi saget menghibur Bp-Para Ibu sedoyo.
Salajengipun Ngancik Acara ingkang angko Enem, Inti Pengajian Halal Bihalal. Nanging Sakderengpun dumateng sedoyo Panitia kasuwun pinarak lenggah wonten Panggenan ingkang sampun sumadyo, soho kasuwun sedoyo ingkang rawuh midangetaken Inti Halal Bihalal ing dalu meniko.
Wondene Ingkang Badhe medar sabdo nenggih Panjenenganipun Bp. Ustadz Syamsul Asrhi. S.Pd. I saking Sukoharjo Kota. Pramilo Konjuk Dumateng Panjenenganipun Bp.
Ustadz Syamsul Asrhi. S.Pd. I wekdal soho panggenan kulo aturaken.
(ceramah)
Makaten sampun paripurna inti Pengajian Halal bihalal ing dalu meniko, mugi mugi saget ningkataken amal sholeh kito soho ibadah kito dateng ngarsanipun ALLAH SWT.
Adicoro ingkang terakhir inggih puniko penutup, Pramilo monggo kito tutup Acara Halal Bihalal ing dalu meniko kanti maos HAMDALLAH sesarengan.
(Alhamdulillahuobil"alamin)
Kulo ingkang pinongko pambyoworo mbok balih anggen kulo maosaken urutaning acara halal bihalal wonten ingkang mboten mranani, tansah nyuwun agunging pangapunten
Wassalamu'alaikum Wr.Wb.