Keong Mas
Wis setaun suwene mangsa ketiga dialami desa Dhadapan. Krana kuwi uripe warga katula-tula, akeh lelara lan dadi larang pangan. Ing Dhadapan ana wadon tuwa sing lola tanpa dulur, yaiku mbok Randha. Kanggo nyambung uripe, mbok Randha luru krowodan ing alas kewan sabendinane.
Kewan kali kang nyisa ing sawedhing mbebegan. Sanajan kahanan kaya mangono nanging dheweke ora nggresula. Malah saya nyaketake marang Gusti.
“Duh Gusthi paringana pepajar ing desa kula mugimugi inggal kalis saking prahara punika.”
Sawijining esuk, mbok Randha golek panganan ing alas. Nalika lagi milang-miling weruh cumlorot cahya saka sak tengahing kali kang asat.
“Kok cumlorot kaya emas, cahya apa kuwi?” ing atine tuwuh pitakon, banjur mbok Randha nyedaki sumber cahya mau. Bareng dicedaki jebul sawijining keong Mas kang nyungsang ing antara watuwatu kali. Keong banjur digawa mulih tekan ngomah dicemplungake genthong.
Mbok Randha menyang alas kaya biyasane, nanging nasibe lagi apes, urung entuk krowodan nganti meh surup, dheweke banjur mulih ngelanthung ora entuk opo- opo.
Sawise leyeh-leyeh ing emperan dheweke menyang pawon menawa wae ana krowodan kang bisa ganjel weteng kang luwe. Mbok Randha kami tenggengen amrgi ngerti panganan kang ana ing pawone. Sopo sing ngeteri panganan kuwi, ing batine kebak pitakon. Sebab mulih saka alas, pawone mbok Randha wis cumepak panganan, mengkono iku kedadeyan ing saben dina. Sawijining dina kanthi
sesideman, mbok Randha ndedepi sapa tho wong kang mlebu ing pawone.
Keong Mas mau metu saka genthong lan malih dadi putri kang ayu. Mbok Randha kaget ora kinara. Saben ditinggal lunga mbok Randha, Keong Mas mau malih wujud.
Mbok Randha banjur nakoni sapa sejatine putri kang ayu kuwi.
“Nduk wong ayu sliramu iki sapa kok nganti kedarangdarang ing alas lan jilmo Keong Mas?”
“Yung aku iki garwane Raja ing Jenggala, Raja Inukerta, aranku Candrakirana”
“Lho kok bisa dadi Keong Mas lan awakmu bisa tumeka ing alas Dhadapan kuwi larah-larahe kepiye tho cah ayu?”
Banjur, Dewi Candrakirana njlentrehake menawa ing sawijining dina dicidra Raja Jin Sakti kang kareb ngepek garwa. Ananging dheweke wegah, ora gelem nuruti karepe Jin. Jin muntab, Dewi Candrakirana sinebda dadi Keong Mas banjur diguwang adoh saka kraton Jenggala menyang kali.
Tujuane supaya ora bisa ketemu karo garwane Candrakirana, Raja Inukerta.
Anehing kahanan ana ing nalikane kali kecemplungan Keong Mas banyune dadi garing, kaline asat. Asate banyu iku mau kang njalari Keong Mas nyungsang ing watu-watu nganti nemahi tiwas. Bejane ditemu, akhire banjur diopeni Mbok Randha Dhadapan.
Raden Gatotkaca
Raden Gatotkaca mujudake putrane Raden Werkudara saka ibu Dewi Arimbi. Sarehne sang ibu mujudake bangsa raseksa mulane Raden Gatotkaca duwe dedeg kang gedhe dhuwur.
Raden Gatotkaca mujudake satria kang pilih tandhing. Saking sektine Raden Garotkaca kawentar duwe otot kawat lan balung wesi.
Nalika isih bayi, Raden Gatotkaca nate diuncalake menyang kawah Candradimuka. Ajaibe, orane mati nanging bayi mau malih rupa dadi satriya kang gedhe dhuwur, sekti, lan bagus.
Kasaktene Raden Gatotkaca sing paling kawentar yaiku bisa mabur ing langit senajan ora duwe lar kaya sing diduweni bangsane manuk.
Raden Gatotkaca seneng banget tetulung marang sapadha. Raden Gatotkaca duwe akeh julukan salah sijine yaiku Raden Tetuko.
Marang panguwasa sing tumindak kaya mangkene. Raden Tetuko ora sungkan kanggo menehi paukuman kang abot.
Salah siji panguwasa kang nate paukuman saka Raden Tetuko yaiku Prabu Boko kang dicritakake duwe kraton ing cedhake gunung Lawu.
Raden Tetuko kapeksa menehi paukuman abot marang Prabo Boko lantaran kang ditindakake Prabu Boko wis kliwat wates.
Salah siji tumindake Prabu Boko kang dianggep kliwat wates yaiku
karemenane Prabu Boko mangan daging manungsa. Pawongan kang dadi kurbane Prabu Boko iki akeh-akehe rakyate Prabu Boko dhewe.
Sawijining dina Raden Tetuko nantang Prabu Boko perang. Perang antarane Prabu Boko lan Raden Tetuko iki rame banget.
Maneka pusaka sekti duweke Prabu Boko ditamakake ing awake Raden Tetuko, nanging ora ana sing bisa gawe tatu ing awake Raden Tetuko.
Sawalike ing sawijining wektu Raden Tetuko kasil nugel siyunge Prabu Boko. Sawise kasil nugel siyunge Prabu Boko. Raden Tetuko kasil njentusake mustakane Prabu Boko menyang watu gilang nganti dadi tiwase.
Sawise Prabu Boko tiwas, uripe rakyate dadi ayem sateruse.