• Tidak ada hasil yang ditemukan

SOAL LATIHAN PENILAIAN TENGAH SEMESTER I BAHASA JAWA Kelas IV

N/A
N/A
lia

Academic year: 2023

Membagikan "SOAL LATIHAN PENILAIAN TENGAH SEMESTER I BAHASA JAWA Kelas IV"

Copied!
4
0
0

Teks penuh

(1)

Hal. 1

www.panduanmengajar.com Untuk Guru SD Indonesia

A. Wenehana tandha ping (X) ing aksara a, b, c, utawa d kang koanggep paling bener!

Wacanen kanthi premati!

Sawangen srengenge kae Esuk teka sore lunga Ora kesel. ora nggresula

Gaweane madhangi manungsa ngupaya boga Kabeh kuwi mung netepi pepesthi Wajibe Bathara Surya madhangi ndonya

Tiruwa lakune srengenge Elinga jejere bocah sekolah Wajibe sinau lan maca buku Ora kudu dielingake Ibu

Sebab ngelmu kalakone kanthi laku Saranane sekolah sowan guru

1. Wacan ing dhuwur awujud puisi jawa arane …

a. pantun b. paribasan c. geguritan d. syair

2. Irah-irahan kang jumbuh karo surasane wacan yaiku

a. Sawangen Lintang c. Sawangen Rembulan b. Sawangen Srengenge d. Sawangen Mendhung

3. Gaweane madhangi manungsa ngupaya boga, tegese ngupaya boga yaiku …

a. golek rejeki b. golek duit c. golek pangan d. golek kamulyan 4. Dasanamane Bathara Surya yaiku …

a. srengenge b. rembulan c. lintang d. mendhung

5. Wajibe bocah sekolah kudu …

a. golek pangan b. tuku buku c. maca crita d. sinau lan maca buku 6. Pitutur luhur saka geguritaning ndhuwur yaiku …

a. Dadi bocah sekolah kuwi kudu sregep sinau supaya bisa kelakon gegayuhane b. Bocah sekolah kudu niru kaya srengenge.

www.panduanmengajar.com

SOAL LATIHAN PENILAIAN TENGAH SEMESTER I

TAHUN PELAJARAN 2023/2024

MATA PELAJARAN :BAHASA JAWA NAMA SISWA : ...

KELAS :IV (Empat ) No. Induk : ...

WAKTU :90 MENIT

NILAI : ...

(2)

Hal. 2

www.panduanmengajar.com Untuk Guru SD Indonesia

c. Dadi bocah kuwi sing sregep sowan marang guru.

d. Bocah sekolah menawa sinau kudu dielingake ibu.

7. Isine geguritan ing ndhuwur menehi piwulang kanggo …

a. bocah cilik c. para guru

b. bocah sekolah d. bapak lan ibu

8. 8. Kosok baline tembung" nggresula" yaiku …

a. ikhlas b. sabar c. susah d. seneng

Wacanen crita wayang ing ngisor iki kanthi premati!

Prabu Puntadewa uga Asring Sinebut Yudhistira

Prabu Puntadewa iku pambarepe Pandhawa lan dadi ratu ing Amarta (Ngamarta). Prabu Puntadewa uga asring sinebut Yudhistira. Prabu Puntadewa nduweni garwa asmane Dewi Drupadi, putrane Prabu Drupada saka negara Pancala. Saka garwa Prameswari Dewi Drupadi iki, Prabu Puntadewa duwe putra siji, yaiku Raden Pancawala. Saliyane kuwi, Prabu Puntadewa duweni jeneng liya. yaiku:

1. Ajatasatru. "ora duwe musuh"

2. Bharata, "keturunane Maharaja Bharata- 3. Dharmawangsa." keturunane Dewa Dharma"

4. Kurumukhya, "pemuka bangsa Kuru"

5. Kurunandana. "kesayangan Dinasti Kuru"

6. Kurupati, " ratu Dinasti Kuru"

Prabu Puntadewa utawa watak pandhita. Watake sabar lan ikhlas. lila donya lila ing pati.

Sajake urip ora tau goroh lan ora nate perang . Sanadyan dipeksa dening Prabu Kresna supaya kersa goroh kanggo kemenangane Pandhawa. nalikane Pandhita Drona jumeneng Mahasenapati ing perang Bharatayuda, Prabu Puntadewa tetep ora kersa. Prabu Puntadewa tetep ngendika jujur ''ingkang pejah Hesthitama".Mung olehe ngendika "Hesthi" lirih, "Tama"

ne banter. Amarga saking banget ngati-atine, ora kersa gawe seriking liyan, mula Prabu Puntadewa digambarake wong sing ludirane seta. Saking sucine uripe.

Pusakane Prabu Puntadewa wujud kitab jenenge Layang Kalimasada Pustaka Jamus.

Prabu Salya klakon seda ing paprangan merga pusaka iki. Kajaba iku, pusaka liyane wujud tumbak lan payung, jenenge Tumbak Karawilang lan Payung Tunggulnaga.

9. Pambarepe Pandhawa yaiku …

a. Puntadewa b. Janaka c. Nakula d. Sadewa

10. Yudhistira iku ratu ing …

a. Madukara b. Pringgodani c. Amarta d. Jodhipati 11. Jeneng liya Prabu Puntadewa "Kurupati" tegese …

a. ora duwe musuh c. kesayangan Dinasti Kuru b. pemuka bangsa Kuru d. ratu Dinasti Kuru

(3)

Hal. 3

www.panduanmengajar.com Untuk Guru SD Indonesia

12. Garwane Prabu Puntadewa asmane .

a. Dewi Banowati b. Dewi Drupadi c. Dewi Shi nta d. Dewi Gandawati 13. Prabu Puntadewa nduweni watak …

a. licik, seneng aweh pitulungan, seneng goroh b. seneng maeka, duraka, sabar

c. sabar,jujur, ikhlas

d. jujur, seneng perang, brangasan

Gatekna gambar tokoh wayang ngisor iki!

14. Tokoh Puntadewa katuduhake gambar nomer …

a. 1 b. 2 c. 3 d. 4

15. “ingkang pejah Hesthitama”.

Pejah tegese …

a. mati b. urip c. gesang d. langgeng

B. Isenana ceceg-ceceg ngisor iki nganggo tembung sing mathuk!

Kanggo mangsuli pitakon nomer 16-19 wacanen geguritan kanthi premati!

Bapak

Makarya rana-rana saben dina budhal esuk tumekane lingsir wengi Tanpa rasa kesel lan sambat

karana duweni tanggung jawab Kanggo mulyakake kaluwarga

16. Paraga kang dicritakake geguritan ing ndhuwur yaiku … 17. Basa kramane budhal yaiku …

18. Saka geguritan kasebut, bapak nduweni sipat … 19. Tembung liyane saka tembung "makarya"yaiku …

20. Prabu Puntadewa iku pambarepe Pandhawa. Pambarepe tegese … 21. Tembung "goroh" tegese …

22. Prabu Puntadewa duwe putra siji kang asmane …

23. Pusakane Prabu Puntadewa kang awujud kitab jenenge … 24. Garwane Prabu Puntadewa asale saka …

25. Amarga saking banget ngati-atine. ora kersa gawe seriking liyan. mula Prabu Puntadewa digambarake wong sing ludirane seta. Tembung ludira basa ngokone yaiku …

(4)

Hal. 4

www.panduanmengajar.com Untuk Guru SD Indonesia

C. Wangsulana pitakon-pitakon ngisor iki kanthi pratitis!

Wacanen kanthi premati kanggo mangsuli pitakon nomor 26-28!

Tresna asih ibu

Ora ana kang bisa ngganteke Kesabaran ibu kang kebak wutuh Ora bisa daklalekake

Donga ibu kang tulus Tansah ngiringi lakuku

Pengorbanane kang tanpa wates Ora bisa winales

26. Tulisen pitutur luhur saka geguritan pada (bait) kaloro ing dhuwur!

27. Kepriye gancarane geguritan pada siji? Jlentrehna!

28. Tulisen 3 wae kepriye pengorbanane ibu marang anakke!

29. Sebutna 3 wae jeneng liyane Prabu Puntadewa!

30. Tulisen watake Prabu Puntadewa manut crita ing dhuwur, teluwae!

- - - selamat mengerjakan, semoga sukses - - -

Referensi

Dokumen terkait

The rubber oil boiled and evaporated into accumulated steam in the refining barrel with the temperature of 270 ºC, then was processed by condenser set to liquid condensation at room

Assignment Learning Outcome Instruction Sign/Steps/Scope Evaluation Instructions Rubrics Remarks 1 First Chapter - Evaluation of Finance Determine similarities anddissimilarities