Suparmin
RENGGEPING
WICARA
1.Tegesipun Tembung
Tegesipun renggep : JANGKEP. Renggeping wicara utawi renggeping pangandikan, basanipun wujud ngoko alus/ngoko krama utawi krama alus (krama inggil) katata mawi tatanan basa /parama sastra,
pamilihipun tetembungan maton lan pas pedotan ukaranipun, lagu membat mentul manut tegesing ukara, tuwin unggah
ungguh basa.
RENGGEPING WICARA
Basa Jawi renggep, asifat luwes tegesipun tetembungan boten mligi tembung -tembung jawi kemawon, ananging saget dipun campuri
tembung-tembung sanjawinipun Basa Jawi, uger boten ngirangi lungitipun Basa Jawi punuka piyambak.
Basa Jawi ngoko alus, krama alus ingkang renggep, badhe kuwawi
andamel sengsem tumrap tiyang ingkang dipun ajak rembagan menapa dene tiyang ingkang mirengaken. Pramila Basa Jawi asring dipun sebat basa ingkang lungit, liripun basa ingkang sae lan alus
garapanipun,
Kadang panatacara langkung prayogi ginakake basa rinengga, ananging ampun ndakik-ndakik andamel boten mangertosi pun tamu ingkang
midhangetaken satemah ngecap BASA ANGEL.
2. Renggeping Wicara ing
Pambiwara
Sawatawis prayogi dipun wuningani/mangertosi dening panatacara/pambiwara:
1.Ricikan tembung runtut, pamilihipun tembung jumbuh kalian tujuanipun.
2.Basanipunn gampil tinampi ingkang mirengaken.
3.Pedhotan ukara kanthi linambaran lagu ingkang luruh.
4.Pangandikan tansah asikep anoraga nengeneken tatakrama.
5.Tindak tanduk maraga sarwa prasaja, pasuryan sumringah boten kaladuk gegojegan
6.Wasis sarawung tanpa mbeda-mbedakaken sinten lan punapa kalenggahanipun tiyang.
3. RENGGEPING WICARA KANGGE
NGERANGKANI WEDARING PANGANDIKAN
Adat ingkang sampun lumampah,
pangandikan basa jawi ngoko punapa
krama, saben wilayah ing tanah jawi
tamtu beda cak-cakan lagu
pangandikanipun. Bilih cak-cakanipun
basa sami
B. KAWRUH PAMBIWARA
Pambiwara utawi pambyawara saking
tembung byawara utawi biwara ateges
kabar, pikantuk ater-ater pa, pambiwara
utawi pambyawara ateges tiyang ingkang
ayahanipun mbyawarakaken lampahing
tatacara. Kaprah sinebat protocol utawi
master of ceremony (MC).
1. SANGUNING PAMBIWARA
Basa ingkang laras tuwin leres, laras liripun saget sekeca lan indah dipun mirengaken para tamu. Leres liripun jumbuh paramasastranipun lan trep pamilihing tembung.
Wijang wijiling pangandikan, sedaya ingkang dipun ngendikakaken gampil dipun tampi piyantun sanes lan cetha pikajengipun.
Supados ayahan pambiwara saged murakapi saha damel rancag lan endahing pasamuan, pambiwara kedah nggadhahi sangu ingkang
antawisipun :
Saget ngungak swasana, liripun swasana menapa, saha kalian sinten ngendikan, boten keladuk ngandar-andar.
Jangkep sangu babagan kaweruh tatacara upacara. Tatacara punika urutan adicara ingkang trep. Upacara inggih punika ubarampe ingkang dipun
ginakaken ing tatacara
Titen dumateng gending pangiring.
Andhap asor anoraga, liripun kedah siaga tepang rembag kalian
sedaya piyantun utawi kadang krida darma ingkang hanyengkuyung lampahing tatacara.
Jumbuh pangageming busana.
C. TULADHA
MAMBIWARA ING
TATACARA MANTEN, WIWIT MURWAKANI, NYANDRA, NGANTOS
MUNGKASI ADICARA
Kaweruh Medar Sabda
Pamedar sabda inggih punika piyantun ingkang mahyakaken estining sedya diri pribadi utawi
piyantun sanes.
Ingkang kalebet medar sabda : 1.Sesorah (sambutan Ind).
2.Atur pambagyaharja.
3.Medar sabda pasrah.
4.Tanggap sabda, atur panampi pasrah.
5.Tanggap wacana, atur pamanggih utawi pamrayogi wonten parepatan, sarasehan lsp.
6.Wasita adi, wasita tama.
Wewaton medar sabda
• Salam pambuka
• Atur puji syukur
• Atur
pakurmatan
1.PURWAKA BASA
• Estining sedya (wosing gati)
• Pangajeng ajeng
2. SURASA BASA • Nyuwun
pangapunten
• Salam
pamungkas
3. WASANA BASA