Panata Hadicara Ing Pahargyan Manten
Sagung para tamu ingkang winantu ing suka rahayu,kula pun Sundari ingkang kapiji minangka Panata hadicara,keparenga ngaturaken urut reroncening
pahargyan ing dinten menika inkang sampun karantam dening kadang panawung kridha.
Titi laksana urut sepisan nuninggih pambuka
Adicara urut kalih
Atur pambagya harja basuki saking ingkang hamengku gati,ing samangke bade dipun selirani Bp.Suwarta.
Pasrah pinanganten kakung rinonce ung adicara urut tiga,paraga ingkang kapiji Bp.Suwandi
Adicara candakipun nuninggih panampining pasrah pengantin kakung ingkang bade dipun paragani panjenenganipun Bp.Sudibya.
Minangka parujuning adicara nuninggih sabda tama utawi Mauidhotun khasanah ingkang bade kaasta Rama KH abdul Mungin saking Magelang,kalajengaken Hastungkara penutup.
Mekaten menggah reroncening adicara ingkang bade hangregengi ing pawiwahan dinten menika,Pramila manga adicara dipun purwakani kanthi waosan umul kitab sesarengan
Maturnuwun mugiya kanti waosan umul kitab kala nembe,lampahing adicara wiwit, purwa madya dumugi wasana saget lulus raharja kalis ing sambikala
Sagung adilenggah ingkang tansah pinaringan berkah,adicara urut kalih nuninggih atur pambagya harja basuki samangke bade dipun selirani Bp.suwarta Pramila dumateng Bp.Suwarta sumangga……mekaten menggah wijiling gantha babaring pangandika hatur pambagya harja saking ingkang hamengku gati lumantar Bp.suwarta.
Bapak ibu tamu sedahan ingkang winengku ing karaharjan menggah adicara urut kalih nuninggih pangandika pasrah pengantin kakung,paraga ingkang kapiji nuninggih Bp.Suwandi,Pramila sasana wara kula aturaken sumangga ……….
Satuhu tatas,titis lan tetes pangandika pasrah saking kadang besan kinasih ingkang dipun sulihi Bp.Suwandi.
Ingkang satuhu pantes nampi ing pakurmatan,para tamu sedaya menggah ingkang badhe hananggapi pangandika pasrah nuninggih Bp.Sudibya,sasana wara kula aturaken sacekapipun. Ketingal sambegana miwah hanawung kridha sabda pangandika Bp.Sudibyo.
Sagung para tamu sutresna,minangka punjering adicara nuninggih Mauidhotun hasanah utawi sabda tama sak mangke badhe kababar panjenenganipun Romo KH Abdul Mungin saking magelang. Saparipurnaning ing mangke kasuwun paring puji dunga kagem hamungkasi adicara. Dhumateng Romo KH abdul Mungin sasana wara kula sumanggakaken.
Mekaten menggah babring sabda tama saking Romo KH Abdul Mungin,mugi saget kacandi pinda jimat paripih,minangka oboring lampah ing madyaning agesang.
Sagung para tamu ingkang minulya,pahargyan ing dinten menika sampun paripurna,kula ingkang nderekaken lampahing adicara nglenggana katah kekirangan lan kalepatanipun Pramila kupat janure tuwa sedaya lepat nyuwun pangapura.