• Tidak ada hasil yang ditemukan

CONTOH TEKS PRANATACARA

N/A
N/A
Protected

Academic year: 2017

Membagikan "CONTOH TEKS PRANATACARA"

Copied!
2
0
0

Teks penuh

(1)

CONTOH TEKS PRANATACARA ( Perpisahan

Kelas XII )

Assalamualaikum Wr.Wb

Kepala SMA N 1 Sentolo ingkang dahat kinurmatan , para guru saha karyawan ingkang kinurmatan, Para Wali murid , tamu undangan ingkang kinurmatan, lan para kanca kadhang ingkang kula trenani

Sumangga langkung rumiyin kula dherekaken muji syukur dhumateng Gusti Allah SWT ingkang sampun kepareng paringa kanugrahan ingkang arupi kasasaran satemah ngantos wekdal menika kula lan panjenengan sedaya saget rawuh ing acara perpisahan kelas XII SMA N 1 Sentolo menika

Para rawuh ingkang kinurmatan, langkung rumiyin kula pranatacara badhe ngaturaken menggah urut reroncening adicara ingkang sampun rinacik dening para kadhang panitia :

1. Pambuka

Mekaten wau rantamaning adicara ingkang badhe lumampah ing wekdal punika

Para rawuh ingkang kinurmatan , ngengeti wekdal ingkang sampun dungkap siyang langkung prayogi menawi adicara menika enggal dipunwiwiti. Tumampak ing adicara angka setunggal inggih menika Pambuka. Sumangga adicara menika dipunwekasi ndedonga adedasar agaminpun piyambak-piyambak, ndedonga kula dherekaken sumangga

... Ndedonga ...

Adicara ingkang angka kalih inggih menika Tanggap wacana saking Kepala SMA N 1 Sentolo, panjenenganipun Bapak Sulistiyo, dhumateng Bapak Sulistiyo kasumanggakaken ... Tanggap wacana ...

Matur nuwun dhumateng Bapak Sulistiyo. Adicara saklajengipun inggih menika Tanggap wacana saking Wakil Kelas XII, dhumateng sedherek ... kasumanggakaken

... Tanggap wacana ...

Matur nuwun dhumateng sedherek ... Mekaten wau Tanggap wacana saking Wakil Kelas XII . adicara saklajengipun inggih menika Tanggap wacana saking Wakil Kelas X/XI , dhumateng sedherek ... kasumanggakaken

... Tanggap wacana ...

Adicara saklajengipun inggih menika Selingan, sinambi para rawuh ngunjuk saha dhahar nyamikan, sumangga mirsani kesenian tarian tradisional saking para kanca kelas X/XI SMA N 1 Sentolo

... Selingan ...

(2)

... Ndedonga ... Matur nuwun.

Para rawuh ingkang kinurmatan kula minangka pranatacara ngaturaken agunging samudra pangaksama dhumateng para rawuh sedaya mbok bilih wonten lepating atur anggen kula matur . Jenang sela wader kali sesondheran, apuranta menawi wonten lepat kula. Pungkasaning atur

Referensi

Dokumen terkait

Dudutan saking panaliten punika inggih menika antawisipun, (1) gadhah lelewaning basa ingkang kathah dipun agem wonten sandiwara Jawa Becik Nitik, Ala Pilara

Makna saking tembung andhahan ingkang kadhapuk kanthi wuwuhan sesarengan {-in-/-an} ing data asiling panaliten inggih menika ‘sing di- <lingga>- i’ saha ‘(Jejer) kenging

Asiling panaliten ngandharaken bilih unsur mistik magis ingkang kapanggihaken ing novel Dhayoh Bengi Sangu Maesan anggitanipun Esmiet antawisipun inggih menika :

Watesaning prakawis ingkang wonten panaliten menika langkung konsen ing proses damel buku sinau maos saha nyerat aksara Jawa kanthi irah-irahan “ Caraka ”

Humor permainan kata (Pun) inggih menika humor ingkang awujud pocapan saking tembung – tembung ingkang sami ananging gadhah teges ingkang beda. Perkawis ingkang lucu wonten

Sumangga kita aturaken shalawat saha salam dhumateng junjungan kita wiwit jaman peteng dumugi ing jaman ingkang padhang, inggih punika Nabi Muhammad SAW.. Nabi sejuta umat, Nabi Agung

Saklajengipun sambutan sangking bapak RT,…Wekdal kulo aturaken sumonggo Matur nuwun sambutan saking bapak RT Dening acara selajengipun penutup monggo acara ing dalu puniko kito tutop