• Tidak ada hasil yang ditemukan

Teks Pranatacara Pengajian dan Silaturahim Jamaah IPHI

N/A
N/A
Casava Nissi Sampaguita casavanissi.2022

Academic year: 2025

Membagikan "Teks Pranatacara Pengajian dan Silaturahim Jamaah IPHI"

Copied!
2
0
0

Teks penuh

(1)

TEKS PRANATACARA

PENGAJIAN DAN SILATURAHIM JAMA’AH IPHI CABANG JOGONALAN

Assalamu'alaikum Warahmatullahi Wabarakatuh.

Innalhamdalillaah, nahmaduhu wanasta’inuhu wanastaghfirruhu, wana’uudzubillahi min syuruuri anfusina wa min sayyiati a’maalina, may yahdihillahu falamudzillalah wa may yudlill fala haadiyalah, asyhadu alaailaaha illallaah wahdahu laa syariikalah wa asyhadu anna muhammadan

‘abduhu warasuuluh. Amma ba’d.

Ingkang satuhu kinurmatan Pelaksana IPHI Ranting Gondangan, saha Ingkang kawula hormati Pengurus Cabang IPHI Jogonalan.

Sumangga saderengipun kawula dherekaken ngunjuk raos puji syukur dhumateng Gusti Allah SWT, awit sih wilasa dalem gusti kita sedaya saged makempal wonten ing adicara Pengajian dan Silaturahim Jama’ah IPHI Cabang Jogonalan ing dinten menika Jumat Pahing, 14 Februari 2025.

Shalawat sarta salam, ugi tansah kaaturaken dening junjungan kita Nabi Agung Muhammad SAW, para garwa, putra, tuwin kulawarganipun, saengga benjing ing Yaumul Akhir mugi-mugi kita tansah pikantuk syafaatipun.

Jama’ah rahimakumullah. Kaparenga langkung rumiyin kula Ibu Hj. Uki, S.Psi., minangka pambiwara wonten ing adicara siyang menika.

Salajengipun kula badhe ngaturaken reroncening adicara ing siyang menika, 1. Pambuka & Talbiyah

2. Waosan Ayat Suci Al-Quran dening Bapak H. Suyono

3. Nyekar Indonesia Raya saha Mars IPHI dening Ibu Hj. Wulan, S.T.

4. Atur pangandikan saking: (1) Pelaksana IPHI Cab. Jogonalan, (2) Pengurus Cab. IPHI Jogonalan 5. Adicara inti kajian dening Bapak H. Sugiyanti, S.Ag.

6. Lain-lain 7. Panutup

Tumapak gatining adicara ing siyang menika, pambuka. Minangka pambukaning adicara, sumangga sareng-sareng kita bukak kanthi waosan ...

Adicara salajengipun inggih menika waosan ayat suci Al-Qur'an, wekdal kawula aturaken dhumateng Bapak H. Suyono

(2)

Adicara salajengipun inggih menika nyekaraken Indonesia Raya saha Mars IPHI ingkang badhe dipuntiti kaliyan Ibu Hj. Wulan, S.T.

Para rawuh rahimakumullah. Adicara salajengipun inggih menika atur pangandikan utawi sambutan saking (1) Pelaksana IPHI Cab. Jogonalan, (2) Pengurus Cab. IPHI Jogonalan. (wekdal kawula sumanggakaken)

Para rawuh rahimakumullah, adicara ingkang salajengipun inggih menika adicara inti kajian, wekdal kawula sumanggakaken dhumateng Penasehat IPHI Cabang Jogonalan, Bapak H.

Sugiyanto, S.Ag.

Saderengipun dipuntutup, bok bilih wonten pengumuman adicara sanes-sanesipun. Kawula sumanggakaken

Minangka panutuping adicara sumangga sareng-sareng ngunjuk raos puji syukur ing ngarsanipun Gusti Allah, kanthi waosan hamdallah sesarengan.

Para rawuh rahimakumullah, kawula ingkang dherekaken adicara saking purwa dumugi swasana bok bilih pinanggih atur saha patrap ingkang kirang mranani penggalih, kawula nyuwun agunging samudra pangaksami.

Wasana sugeng kondur, Wabilahi Taufiq Wal Hidayah, Wassalamu'alaikum Warahmatullahi Wabarakatuh.

Referensi

Dokumen terkait

Asiling panaliten menika wujudipun data panambang wonten ing cerkak kalawarti Sempulur warsa 2011-2012, data ingkang dipunpanggihaken inggih menika ukara-ukara,

Ngrimbag inggih menika ndhapuk/ ngudhal tembung ingkang nggadhahi nama-nama.. piyambak (rimbag menika saged ndhapuk lan

Jinis panaliten ingkang dipunginakaken wonten ing panaliten menika inggih menika content analysis utawi analisis isi kangge ngandharaken kados pundi cara

Bapak-bapak, ibu-ibu, tuwin para lenggah ingkang dahat kinurmatan, ndungkap acara ingkang angka tiga inggih menika atur pambagyaharja saking pangarsaning

Saben wujud tindak tutur menika kadhapuk saking tigang jinis ukara inggih menika deklaratif (pawarta), interogatif (pitakenan) saha imperatif (prentah). Ingkang

Gegancangan lampahira / gandhek sampun prapta nuli / jeng sultan Cerbon ngandika / ana apa sira mantri / gandhek umatur aris / kawula inggih ingutus /

Humor permainan kata (Pun) inggih menika humor ingkang awujud pocapan saking tembung – tembung ingkang sami ananging gadhah teges ingkang beda. Perkawis ingkang lucu wonten

Dentawyanjana ingkang lumrah nggadhahi teges aksara untu, nanging ing mriki tegesipun carakan inggih menika urut- urutaning aksara Jawa ingkang dipunwiwiti saking a dumugi z ingkang