Assalamu ‘alaikum Wr. Wb,
Ingkang dhahat kinurmatan bapak naib saking Kantor Urusan Agama Kecamatan Jogonalan
Dhumateng kluarga ageng, Bapak Wisnu Sunandar saha Bapak Slamet Pratikno ingkang winantu ing karahayon.
Para pinisepuh saha para tamu ingkang minulya
Saderengipun sumangga kawula dherekaken manengku puja hangestu padha, ngaturaken pamuji syukur dhumateng Gusti Allah SWT, nun inggih awit paring sih kanugrahan ingkang tanpa pepindhan, saged kempal manunggal ing wismanipun Bapak Slamet Pratikno sakaliyan kinen suka paseksen tumapaking adicara ijab qobul wonten ing wanci menika.
Para rawuh ingkang minulya, boten ateges cumanthaka kawula wonten ing ngarsa panjenengan sami anamung piniji minangka pambiwara lampahing adicara ijab qabul tumrap calon pinanganten, Ayu Maulida Cahyasari putrinipun Bapak Slamet Pratikno saha Ibu Mega Kartikasari, ingkang pidalem wonten ing Dusun Gatak, Karangdukuh, Jogonalan mriki. Kaliyan Raka Mas Alfino Sunandar, putra kakungipun Bapak Wisnu Sunandar saha Ibu Murti Rahayu, ingkang pidalem wonten ing Bentangan, Kalikotes.
Salajengipun, kaparenga kula ngaturaken reroncening adicara wonten ing enjing punika
1. Pambuka
2. Waosan kitab suci Al-Quran
3. Praptaning Calon Temanten Kakung 4. Ijab qabul
5. Dhaoping temanten kekalih
6. Hanapakasmani Pustaka Pikukuhing Palakrama 7. Ngrasuk Kalpikaruk
8. Dokumentasi 9. Panutup
Mekaten kala wau menggah rantamaning adicara ing dinten menika. Sumangga tumapak gatining laksana ingkang kapisan inggih menika pambuka. Minangka pambukaning adicara, kula dherekaken sami ngunjuk raos puji syukur wonten ing ngarsanipun Gusti Allah SWT, dedonga kula dherekaken ……. Cekap, matur nuwun. Mugi Gusti Allah SWT tansah paring berkah satemah adicara menika lumampah kalis ing rubeda.
Adicara salajengipun inggih menika waosan ayat suci Al-Quran ingkang badhe dipunwaos dening Bapak Syafiq Khoiri. Wekdal kula sumanggakaken ..….. Matur nuwun dhumateng Bapak Syafiq Khoiri.
Para rawuh ingkang kinurmatan,
Ing salajengipun nuninggih menapa ingkang sampun karantam wiwit kaantu-antu, inggih menika praptaning calon temanten kakung Alfino Sunandar kailiring sagung kulawarga hanyarengi ungeling ladrang wilujeng ….
Para tamu kakung putri ingkang bagya mulya,
Wus tinata wonten ing sangajenging papan menika, calon temanten kakung sakulawarga tumuli dipunkanthi tumuju ing sasana dhaop. Wekdal kula sumanggakaken dhumateng Bapak Naib saking Kantor Urusan Agama Kecamatan Jogonalan.
IJAB QABUL….
Sagung para tamu kakung sumawana putri ingkang minulya, adicara ijab qabul sampun kalaksanan kanthi sakral, ananging saderengipun sumangga kita pirsani \ sesarengan dhaoping temanten kekalih. Sekar-sekar ngambar arum angurmati wiyosing temanten putri, Ayu Maulida Cahyasari katampi dening panampi temanten, nalika semanten anapak dening garwanipun Mas Alfino Sunandar.
Salajengipun temanten kekalih badhe hanapakasmani pustaka pikukuhing palakrami lajeng ingkang badhe dipuntiti kaliyan Bapak Naib saking Kantor Urusan Agama Kecamatan Jogonalan.
Adicara salajengipun inggih menika ngrasuk kalpikaruk, temanten kekalih badhe angagem tandha ingkang sanyata awujud kalpika ingkang endah werninipun.
Menika badhe kapasangaken kaliyan garwanipun Mas Alfino Sunandar ugi makaten Mbak Ayu Maulida Cahyasari.
Adicara salajengipun inggih menika dokumentasi, mangga para sesepuh saking temanten kekalih saged dherek wonten ing ngajengan foto sesarengan, ……. Matur nuwun.
Para rawuh ingkang satuhu kinabekten. Atur uninga, bilih sapunika sampun dungkap paripurnaning adicara. Nugraha saha sih wilasa dalem Allah SWT andayani lampahing upacara saking purwa, madya, dumugi swasana pinaringan wilujeng kalis saking rubeda, kalis saking sambekala. Minangka pratandha raos panuwun sumangga sesarengan asung puji syukur konjuk ngarsa dalem Allah SWT, wonten pungkasaning adicara ing kalenggahan punika. Sumangga kula dherekaken.
Alhamdulillahi rabbil'alamin. Cekap, matur nuwun.
Bapak Ibu, tuwin para tamu kakung miwah putri ingkang minulya,
Mbok bilih Bapak Slamet Pratikno sekaliyan anggenipun ngacarani rawuh panjenengan sami kirang mranani penggalih, lan anggenipun atur palenggahan saha pasugatan kirang murwat, mawantu-wantu panyuwunipun Bapak saha Ibu Slamet Pratikno keparenga panjenengan sedaya paring pangaksama ingkang agung.
Konduripun para tamu, panjenenganipun namung saged nderekaken kasugengan.
Kula ingkang nindakaken ayahan minangka paranatacara, mbokbilih wonten atur saha patrap ingkang mboten ndadosaken sarjuning penggalih, inggih awit saking taksih cupeting sacubluking seserepan kula ing reh subasito, basa tuwin sastra, kula namung tansah tumadhah paringipun pangaksama.
Wasana sugeng kondur, sugeng pepisahan, mugi-mugi tansah rahayu ingkang sami pinanggih. Nuwun matur nuwun.
Kasuwun dhumateng panganten sarimbit, Bapak Slamet Pratikno sekaliyan saha Bapak lan Ibu Wisnu Sunandar, keparenga jengkar saking wisma upacara, lajeng jumeneng wonten sangajengipun wiwara, asung pakurmatan konduripun para tamu kanthi jawat asta. Sumangga, nuwun.
Wassalamu'alaikum warahmatullahi wabarakatuh.