• Tidak ada hasil yang ditemukan

Pertumbuhan Ekonomi 001

N/A
N/A
Protected

Academic year: 2017

Membagikan "Pertumbuhan Ekonomi 001"

Copied!
2
0
0

Teks penuh

(1)

NAMA : VARREL A./X-IIS2/36

Pangetan Maulid Nabi Muhammad

Assalamu’alaikum Wr. Wb

Nuwun,

Bapak kepala sekolah dalah bapak/ ibu guru ingkang kinabekten, ketua panitia “Pangetan Maulid Nabi Muhammad” dalah para pengurus ingkang kinurmatan, sumrambah para warga ingkang kula tresnani.

Sakderengipun sumangga kula panjenengan sedaya manungku puja ngunjukaken puji syukur dhumateng Gusti ingkang Maha Agung, ingkang sampun paring rahmat saha hidayahipun, satemah kula penjenengan sedaya saged kempal manunggal wonten SMA”ISLAM” MALANG menika saperlu ngawontenaken pangetan maulid Nabi Muhammmad S.A.W.

Salajengipun, kaparengan kula ngaturaken sugeng rawuh sinartan agunging panuwun awit panjenengansedaya sampun kersa nglonggaraken wekdal saperlu rawuh ing acara menika.

Para rawuh ingkang minulya, salajengipun kaparengan kula ngaturaken rantaman acara pangetan Maulid Nabi Muhammad dinten niki. Wondene rantaman acaranipun inggih menika:

1. Pambuka

2. Atur wacana saking ketua panitia 3. Tanggap wacana saking kepala sekolah

4. Inti acara, pengetan Maulid Nabi Muhammad kalian Ustadz Huda 5. Penutup

Para kadang sutresna, ngengeti wekdal ingkang sampun ndungkap siyang langkung prayogi menawi acara menika enggal dipunwiwiti. Tumampak ing acara sapisan inggih menika pambuka. Sumangga para rawuh sedaya, acara menika dipurwakani ndedonga miturut agaminipun

piyambak-piyambak. Ndedonga kula dherekaken, sumangga ……

Purnaning pambuka, sumangga tumampak acara salajengipun inggih menika atur wacana saking ketua panitia. Dhumateng sedh r k Varrel, wekdal saha papan kula sumanggaaken.ẽ ẽ

………

(2)

………

Para rawuh ingkang minulya, mekanten kalawau tanggap wacana atur saking ibu kepala sekolah. Mugi-mugi saged migunani tumrap kita sedaya. Tumampak acara salajengipun inggih menika pengetan Maulid Nabi Muhammad ingkang badhe diisi kaliyan ustadz. Dhumateng uztadz Huda, wekdal saha papan kula sumanggaaken.

……….

Para rawuh ingkang minulya, mekanten kalawau ceramah saking uztadz Huda. Mugi-mugi saged migunani tumrap kita sedaya. Purwa dumugi wasaning acara sampun kelampahan kanthi sae. Pramila sumangga acara ing siyang menika dipun-pungkasi kanthi dhedhonga sesarengan. Ndhedhonga kula dherekaken, sumangga…

Para rawuh ingkang minulya, kula minangka pranata acara bok bilih wonten lepating atur saha kirangin subasita anggen kula matur, nyuwun pangaksama dhumateng panjenenggan sedaya. Jenang sela wader kali sesondheran, apuranta menawi wonten lepat kawula.

Referensi

Dokumen terkait

Aduh Gusti kula nyuwun pangapura Kula niki sampun kathah dosa Aduh Gusti Ingkang Maha Kuasa Nyuwun luwar saking godha pangrencana. Pra sedulur Tunggal Nusa Tunggal Bangsa

Pengetan Ambal Warsa menika sampun samesthinipun dados wahana tumrap kula panjenengan sedaya kangge mawas dhiri, mulat sarira lan ngukuhaken prasetya sesarengan

Ta’ala ingkang sampun paring mapinten-pinten rohmat, saengga kula saged nyerat Tugas Akhir Skripsi (TAS) kanthi irah- irahan “ Struktur Melodik Tuturan Paraga

ing mriki, awit panjenegan sedaya sampun kersa paring pisumbang awujud menpa kemawon penggalihan, dana, tenaga, ingkang sadaya menika saged damel regeng saha rancagipun

B-S Pambuka: Sederengipun monggo kita aturaken raos puji syukur kita dumateng Allah SWT, ingkang sampun paring rahmat lan karunianipun dumateng kita sedaya!. Saengga kita

Kairing puji syukur konjuk dhumateng Gusti Ingkang Murbeng Dumadi, ing wekdal punika kita sedaya saged hangestreni adicara Kagiatan Eva- luasi Lan Penajaman Palaksanan

Dumateng para lenggah kakung miwah para kadang penderek upacara ingkang kinurmatan, Kula aturaken panuwun dumateng sedaya para kadang panawung krida ingkang sampun makarya anggelar

Duh Gusti Allah Pangeran Kula ingkang Sugih Ing Pangalembana, Sesarengan sumunaring jagat ing rahina punika, kula sedaya ngaturaken sakathahing pamuji miwah panuwun syukur, awit