• Tidak ada hasil yang ditemukan

Download

N/A
N/A
Nguyễn Gia Hào

Academic year: 2023

Membagikan "Download"

Copied!
11
0
0

Teks penuh

(1)

BUPATI KLATEN

SABDATAMA BUPATI KLATEN WONTEN ING ADICARA PRENGETAN

DINTEN AGENG WIOSAN RADEN AJENG KARTINI KAPING 137

WARSA 2016

KAMIS, 21 APRIL 2016

(2)

Bismillahi rakhman nir rokhim;

Assalammu‘alaikum waraokhmatullahi wa barakatuh;

Mugi tentrem rahayu sih wilasaning Gusti Ingkang Maha Agung, mugya tansah kajiwa kasalira, tumedak tumanduk, lumintu dalasan lumintir dumateng panjenengan dalasan kula sumarambah sedaya warga ageng Kabupaten Klaten.

 Dumateng para kadang Muspida Kabupaten Klaten;

 Dumateng para sepuh aji sepuh miwah para pepunden ingkang tuhu kinabekten;

(3)

 Dumateng para kadang pangenbaning praja pangarsaning paprintahan ing Kabupaten Klaten ingkang sinudarsana;

 Marambah keluarga ageng Pemerintah Kabupaten Klaten saha para lenggah ingkang bagya mulya.

Kanugrahan ingkang agung saking Allah Subhannahu Watta Alla mapan ing Alun-Alun Kuta Klaten, kula miwah panjengengan sedaya saged makempal manunggal nyawiji anggelar “UPACARA DINTEN AGENG PRENGETAN WIOSAN RADEN ANJENG KARTINI KAPING 137

(4)

(satus tigang dasa pitu) WARSA 2016 (kalih ewu enem belas)” kanti swasana kebak ing karohmatan.

Lumantar prengetan wiosan punika, kula hanggadahi pangajab lumampahing wewangunan Kabupaten Klaten kalangkung wicaksana sabab mboten ngiwakaken budidaya wanita.

Watawis 137 (satus tigang dasa pitu) kepengker, satunggaling wanita tama mijil saking Jepara, nun injih Raden Ajeng Kartini sampun kagungan sedya miwah pangimpen luhur supados putra- putri Indonesia, mliginipun wanita tanah Jawi saget majeng kuncara ing nuswantara.

(5)

Wanita punika mboten namung pepaes griya. Wanita ugi mboten

namung kagem jejangkep

panggesangan, satemah sedaya tindak- tandukipun kedah miterat para panguwaos. Wanita cinipta mring Gusti kajibah mijilaken wiji luhur amrih lestarining panggesangan manungsa.

Sampun trep lan limrah, mbokbilih wanita kedah pinter ing reh samukawis, amrih samangke bangsa Indonesia punika hanggadahi tedak turun ingkang pinunjul.

Dumateng para lenggah kakung miwah para kadang penderek upacara ingkang minulya,

(6)

Raden Ajeng Kartini anyerat ing nawala dumateng Nyonya Vink Soer warsa 1900 (sewu sangatus). “Wanita mboten pengin ngasoraken mring para kakung, kejawi pemanggih miwah adat lupiyo ingkang tanpa piguna. Wanita ingkang pinter lan pinunjul bade anyurung wibawaning kakung”.

Dumateng Nyonya Van Kool warsa 1901 (sewu sangatus siji), Kartini anyerat “Sedyaning pawiyatan makaten mboten andamel wanita tanah Jawi kedah kadya para Walandi, ananging kadospundi para wanita tanah Jawi hanggadahi pakarti kang endah satemah handayani bebrayan agung”.

(7)

Gegayuhan luhur Kartini punika ingkang kedah dipun mangertosi sedaya para wanita Indonesia zaman puniki. Para wanita Indonesia kedah

cantut gumregut gumregah

nggulawentah diri miwah

kapribadenipun kanti kaprigelan- kaprigelan ingkang mangpangat tumrap sedaya panggesangan. Ambangun pakarti ingkang luhur satuhu perkawis wigati sabab wonten astaning para wanita mapan jejeg lan doyongipun jagak-ing nagari.

Ibu nedahaken guru ingkang sejati mring keluarga. Mujutaken putra kang pinter, sugih pakarti luhur, ngabekti dumateng tiyang sepuh, mengertos ing

(8)

reh jejibahan, sregep ngibadah, andap asor lan sanesipun sedaya kalawau ambetahaken asta-asta sabar para wanita.

Dumateng para lenggah kakung miwah para kadang penderek upacara ingkang sadu ing budi,

Bab punika kedah dipun mangertosi sedaya pangreh praja kang anyepeng pusering adil negari bilih wewangunan kang lumampah kedah adil mring para wanita. Mboten namung jejangkep lan pepaes babagan pembangunan, ananging wanita kinarya sumbering kabecikan jer sedaya

(9)

kalawau mapanaken wanita minangka paraga wigati.

Kalebet kadospundi patrap perangan kadang muda ingkang mboten sekedik dawah ing babagan narkoba, minuman keras lan pasrawungan ingkang tanpa winates saugi ambetahaken budidaya para wanita ingkang jejer minangka ibu.

Para kakung kedah pinter andamel bungahing garwa estri. Para kakung kedah saget andamel tentreming batin para ibu. Kakung kang adil lan amanah samangke bade handayani kiyat lan bakohipun bangunan keluarga.

Bakohipun bangunan keluarga ing

(10)

pungkasanipun mahanani kiyat jejegipun bangsa lan negari.

Dumateng para lenggah kakung miwah para kadang penderek upacara ingkang kinurmatan,

Kula aturaken panuwun dumateng sedaya para kadang panawung krida ingkang sampun makarya anggelar sedaya rerangken pengetan wiosan Kartini warsa 2016 (kalih ewu enem belas) punika. Panuwun ugi kula aturaken sedaya para kadang panyengkuyung pakaryan punika. Ing wasana sugeng makarya miwah budidaya sedaya wanita Indonesia.

(11)

Majulah wanita Indonesia, sebab di tanganmu martabat bangsa diukir. Kesabaranmu adalah kekuatan dan doamu menjadi jalan kemudahan”.

Makaten ingkang saget kula aturaken.

Kanti asesanti rahayu - rahayu - rahayu ingkang samya pinanggih.

Wassalamualaikum Warrah matullahi wabarokatuh.

BUPATI KLATEN HJ.SRI HARTINI SE

Referensi

Dokumen terkait

Temperaturdrift ≤ ±10 % ≤ ± 15 %, ≤ ‐25 °C v ≥ +70 °C Hysterese 3…15 % Elektrische Daten Betriebsspannung 10…30 VDC Restwelligkeit ≤ 10 % Uss DC Bemessungsbetriebsstrom ≤ 200 mA