• Tidak ada hasil yang ditemukan

SAMBUTAN SYAWALAN RT

N/A
N/A
NADYA HAFIDZATUN N N

Academic year: 2024

Membagikan "SAMBUTAN SYAWALAN RT "

Copied!
2
0
0

Teks penuh

(1)

SAMBUTAN SYAWALAN RT Assalamualaikum warahmautullahi wabarakatuh

Ingkang kinabekten Bapak RT Ingkang kinurmatan Para Panitia

Ingkang minulya Bapak/ Ibu lan para hadirin sedaya

Sak derengipun sumangga dherekaken puji syukur dhumateng Allah subhanahu wata’alaa ingkang paring rahmat lan hidayah satemah saged kempal ing acara syawalan

menika. Sholawat saha salam panjenengan dalasan kula aturaken dhumateng Nabi Muhammad sallallahu alaihi wassalam ingkang panjenengan dalasan kula tengga-tengga syafaatipun ing yaumil qiyamah.

Para rawuh ingkang minulya,

Kasebataken dening pranata adicara, bilih kula minangka pangarsaning panitia syawalan minangka wakil saking sedaya panitia kula ngaturaken agunging panuwun dhumateng para rawuh sedaya Rt 07 Rw 15 ingkang sampun kepareng nglonggaraken wekdal saperlu ngrawuhi adicara menika lan matur nuwun dhumateng sedaya panitia ingkang sampun paring pambiyantu arupi tenaga menapa bandha. Mugi-mugi amal kasaenan panjenengan pinaringan piwales ingkang langkung kathah tuwin langkung sae saking Gusti Allah subhanahu wata’ala. Aamiin.

Para rawuh ingkang minulya,

Kawula ngawontenaken adicara syawalan menika gadhah ancasipun inggih menika kagem ngraketaken silaturahim. Kanthi menika, mugi-mugi panjenengan dalasan kula sami saged nggayuh hikmah saha manfaat wonten ing panggosangan, masyarakat, bangsa tuwin negari.

Para rawuh ingkang minulya,

(2)

Kula minangka pangarsaning panitia wakil sedaya panitia tansah nyuwun pangapunten. Awit anggenipun kula ngaturi papan palenggahan mbok bilih kirang mranani dhumateng manah panjenengan sedaya.

Mbok menawi cekap semanten ingkang dados atur kula wonten ing adicara menika, wonten kiranging basa kula tansah nyuwun sih agunging pangaksami.

Wassalamualaikum warrahmatullahi wabarakatu.

Referensi

Dokumen terkait