• Tidak ada hasil yang ditemukan

SAMBUTAN BUPATI KDH TK II KLATEN

N/A
N/A
Protected

Academic year: 2023

Membagikan "SAMBUTAN BUPATI KDH TK II KLATEN"

Copied!
13
0
0

Teks penuh

(1)

BUPATI KLATEN

SABDATAMA BUPATI KLATEN WONTEN ING ADICARA UPACARA PENGETAN DINTEN AMBAL WARSA

KABUPATEN KLATEN KAPING 214

SURYA, 28 JULI 2018

(2)

Bismillahi rakhman nir rokhim;

Assalammu‘alaikum waraokhmatullahi wa barakatuh;

Kula nuwun

 Dumateng para kadang sutrisna Forkompinda Kabupaten Klaten;

 Dumateng para sepuh aji sepuh miwah para pepunden ingkang tuhu kinabekten;

 Dumateng pangarsaning Panawung Krida Pengetan Ambal Warsa Kabupaten Klaten miwah para penderekipun,

 Dumateng Sekda, Para Asisten, Staf ahli, Para anggota DPRD, para

(3)

kadang pangenbaning praja pangarsaning paprintahan ing Kabupaten Klaten ingkang sinudarsana; marambah keluarga ageng Pemerintah Kabupaten Klaten saha para lenggah ingkang bagya mulya.

Kanugrahan ingkang agung saking Allah Subhannahu Watta Alla mapan ing Alun-Alun Kuta Klaten, kula miwah panjengengan sedaya saged makempal manunggal nyawiji anggelar “UPACARA PENGETAN DINTEN AMABAL WARSA KABUPATEN KLATEN KAPING 214

(4)

(KALIH ATUS SEKAWAN WELAS) ” kanti swasana kebak ing karohmatan.

Lumantar pamuji punika mugi sedaya warga masyarakat mliginipun keluarga ageng Pemerintah Kabupaten Klaten tansah ginanjar bagas waras wilujeng, tansah tinuntun ing pitedah miwah bebener murih anindakaken jejibahan luhur mujutaken Kabupaten Klaten ingkang maju, mandiri miwah berdaya saing. Aamiin.

Dumateng para sepuh, para kadang sutresna sedaya warga Klaten ing bagya mulya,

(5)

Sesarengan sumunaring bagaskara ing rahina punika miwah sesarengan lumampahing wekdal, Kabupaten Klaten sampun angancik yuswa 214 (kalih atus sekawan welas) taun. Para leluhur miwah para sepuh sampun asung labuh labet kang ageng, amrih kamulyan para putra wayah, kalebet panjenengan lan kula raosaken zaman punika. Makarya sepi ing pamrih rame ing gawe punika nedahaken pakarti luhur para sepuh dukrikala semanten. Demen laku gotong-royong, panggesangan guyub rukun amrih kamulyaning bebrayan, nedahaken mutiara gesang ingkang kedah dipun

(6)

dadosaken piwulang becik putra bangsa zaman punika, mligi warga Klaten.

Warga Klaten kedah pinter piwulang sejarah. Sampun ngantos para putra bangsa supe mring sejarah. Bangunlah jiwanya, bangunlah badannya. Piwulang luhur sejarah menika sinimpen endah ing lagu Indonesia Raya, ngemutaken supados amrih santosaning bangsa lan negara, sedaya putra bangsa Indonesia kedah ambangun miwah angiyataken jiwa, kanti pakarti-pakarti endah, pakarti-pakarti kang becik. Pemimpin ingkang jujur, amanah lan adil nedahaken jiwa kang endah. Abdi negara makarya kanti becik, tanggel jawab, tresna ing pakaryan amrih

(7)

kamulyaning warga nedahaken jiwa kang endah. Panggesangan guyub rukun, mboten demen laku maksiat, remen ing ngibadah, suka laku tetulung saugi nedahaken jiwa kang endah.

Pengetan dinten ambal warsa Kabupaten Klaten warsa puniki, mendet sesorah Ati, lati lan pakarti nyawiji ambangun Klaten kang edi peni, nedahaken panggayuh supados warga Klaten mligi abdining negara mematut miwah memantes diri, dados pribadi pinunjul kanti pakarti kang endah.

Kabupaten Klaten saget maju, mandiri miwah berdaya saing kanti kewangunan

(8)

guyub rukun, miwah sugih labuh labet kang ikhlash mligi amrih kamulyaning warga sarta berkah saking Allah Subhannahu Watta Alla. Punika piwulang wigati, kagemipun sedaya warga miwah para abdi negari menawi Kabupaten Klaten, pengen tumuju ing kamulyan miwah kemakmuran.

Dumateng para sepuh, para kadang sutresna sedaya warga Klaten ing bagya mulya,

Klaten ingkang maju, mandiri miwah berdaya saing nedaheken tanggel jawab miwah amanah sedaya warga Klaten.

(9)

Sedaya warga Klaten kedah sengkut makarya. Para pangarsaning praja kedah saget minangka tepa palupi miwah patuladan kang becik. Para abdining negara kula suwun satuhu anjagi pakurmatan diri, gegulang prilaku luhur, anjagi amal ibadah, kagungan pakarti ingkang indah nalika lelados mring masyarakat. Miwah ingkang langkung wigati para abdi negari saget makarya kanti jujur, adil miwah tanggel jawab.

Kula pitados sesanggeman punika nedahaken jejibahan ingkang awrat.

Namung kula pitados menawi sedaya abdi negara miwah warga Klaten gumregah

(10)

kanti jiwa-jiwa ingkang endah, Kabupaten Klaten linambaran teteken ati kang tekun samangke bade katekan Klaten ingkang maju, mandiri miwah berdaya.

Kula nyuwun pangestu dumateng sedaya para sepuh miwah pepunden, para kadang Forkompinda, para rawuh miwah sedaya warga Klaten ing samangke, taun- taun ingkang bade dateng, kula ingkang piniji minangka pusering adil Kabupaten Klaten saget makarya kanti becik, sinengkuyung sedaya abdining negara saget mujutaken masyarakat Klaten ingkang adil lan makmur.

Kula pitados wewangunan ingkang dipun rancang pamarintah mboten saget

(11)

lumampah kanti gancar, minawi mboten wonten panyengkuyungipun sedaya para warga Klaten. Kula nyuwun pangestunipun dumateng sedaya para lenggah warga masyarakat Klaten, amrih wewangunan punika saget lumampah jumbuh ingkang ginayuh, sembada ingkang sinedya.

Dumateng para sepuh, para kadang sutresna ingkang minulya,

Kula ngaturaken panuwun dumateng para kadang- kadang panawung krida ingkang sampun makarya nyamektakaken

(12)

Klaten. Atur panuwun ugi kula aturaken dumateng para lenggah, para Forkompinda, para pangarsa paprentahan maligi para penderek upacara ingkang sampun kepareng anggrasuk busana kejawen jangkep kagem mangayubagya wiosan Kabupaten Klaten ing dinten punika.

Sugeng Ambal Warsa Kabupaten Klaten Kaping 214 (kalih atus sekawan welas). Mugi Allah Subhanahu Watta Alla hangijabahi panyuwunan panjenengan sedaya miwah kula.

(13)

Rahayu, rahayu, rahayu ingkang samya pinanggih. Wassalamualaikum Warrah matullahi wabarokatuh.

BUPATI KLATEN HJ. SRI MULYANI

Referensi

Dokumen terkait

Fungsi dari manajemen merupakan suatu dasar dalam proses manajemen bahwa manajer atau karyawan yang mempunyai wewenang dalam suatu organisasi dapat menggunakan fungsi