Assalamualaikum
Dumateng poro jamaah takjiah ingkang dipun mulyaaken Alloh SWT.
Nyuwun sewu, ing mriki kulo minongko sesulih keluargo duko ngaturaken angunging panuwun atas rawuh panjenengan.
Namung ngaturaken sugeng rawuh, Ugi sugeng lenggah engkang sekeco,
Ugi mbok bilih anggenipun nampi rawuh panjenengan kirang saking samudoyonipun,
Mboten namung nyuwun agunging pangapunten ingkang sak kathah-kathaipun.
Sak lajengipun kulo ngaturaken panuwun malih bilih penjenengan sampun kerso nglonggaraken wekdal ugi ngiklasaken tenogo saperlu nderek-nderek belo sungkowo atas sedanipun alm ...
Mugi-mugi sedoyo dongak panjenengan dadoso sababiyah, sahinggo alm anggenipun sowan dumatheng ngarsanipun Alloh SWT sageto husnul khotimah.
Ing mriki kulo mboten saget mbales punopo ingkang dados amal sae panjenengan, namung saget ndongakaken mugi-mugi tansah pikantuk piwales ingkang
sakmurwatipun.
Ugi sauntawis njenengan badhe ngersakaken kondur.
Mugi-mugi kondur njenengan saking griyo mriki ngantos daleme njenengan
piyambak-piyambak tansah pinaringan wilujeng mboten wonten alangan setunggal punopo.
Mekaten anggen kulo matur.
Enten kirang langkungipun nyuwun pangapunten.
Wassalamualaikum