• Tidak ada hasil yang ditemukan

bupati klaten

N/A
N/A
Protected

Academic year: 2023

Membagikan "bupati klaten"

Copied!
12
0
0

Teks penuh

(1)

BUPATI KLATEN

SABDATAMA BUPATI KLATEN WONTEN ING UPACARA MENGETI

HADEGING KABUPATEN KLATEN INGKANG KAPING 218 (KALIH ATUS

WOLULAS) WARSA 2022 (KALIH EWU RO LIKUR)

SURYA KAPING 28 JULI 2022

(2)

Bismillahi rakhman nir rokhim;

Assalamu‘alaikum warakhmatullahi wa barakatuh;

Kawilujengan, katentreman, miwah kamulyan awit saking sih wilasaning Gusti Ingkang Maha Agung, mugya tansah manjing kajiwa lan kasalira dumateng kulo lan panjenengan sedaya lumeber sagunging dumadi.

➢ Dumateng pangarsaning pamarintahpusat , pamarintah Provinsi, tokoh masyarakat lan para tamu kinurmatan ingkang mboten saget kasebat setungal mboko setunggal;

➢ Dumateng anggota DPR RI Komisi IV Bapak H. Sunarna, SE.,M.Hum ingkang kinurmatan;

Dumateng Bupati/Walikota sa - Solo Raya utawi ingkang mewakili ingkang kinurmatan;

Dumateng para kadang Forkopimda

(3)

Kabupaten Klaten ingkang kinurmatan;

Dumateng para sesepuh, pini sepuh tuwin para tamu sinedahan ingkang pantes kinabekten lan sinubo ing pakurmatan;

Dumateng Sekda Kabupaten Klaten, para Asisten, Staf ahli, anggota DPRD, Kepala OPD lan sedoyo para pangarsaning pamarintahan ing sadengah tataran ingkang sinudarsana;

Dumateng para pangarsaning Organisasi Wanita, Ormas keagamaan, Ormas Kepemudaan ingkang kulo hormati;

Dumateng para penderek Upacara lan sedoyo wargo Kabupaten Klaten ingkang Bagyo Mulyo.

(4)

Alhamdulillah Alhamdulillahirobbil ‘Alamin, Kanugrahan ingkang agung saking Allah Subhannahu wa Ta’ allá, Gusti Ingkang Maha Mirah lan Maha Asih, Hanya rengi sumunaring suryo Bagaskoro ing wanci enjang meniko, mapan ing Stadion Trikoyo Klaten, kula lan panjengengan sedaya saged kempal manunggal anggelar “UPACARA MENGETI HADEGING KABUPATEN KLATEN INGKANG KAPING 218 (KALIH ATUS WOLULAS) WARSA 2022 (KALIH EWU RO LIKUR) kanti swasana kebak ing karohmatan lan katentreman.

Dumateng para pini sepuh, para kadang sutresna

(5)

sedaya warga Klaten ingkang bagya mulya;

Kanti pengetan Hadeging Kabupaten Klaten ingkang kaping 218 ( kalih atus wolulas) punika kula hanggadahi panyuwunan dateng sedaya para pangarsaning pamarintahan ing sadengah tataran lan sedaya masyarakat ing Kabupaten Klaten mugi saged gesang tembayatan kanti NYAWIJI HANGGAYUH MUKTI jumbuh kalian thema Pengetan Hadeging Kabupaten Klaten Warsa 2022 (Kalih Ewu Ro Likur) meniko. Sedaya pangarsaning praja, lan ugi para bayangkari negari miwah warga ageng masyarakat Klaten saget guyub rukun manunggal lan makarya amrih rumesep ing wewangunan wonten ing sedaya tlatah

(6)

Kabupaten Klaten.

Kula suwun pemerintah lan warga Klaten saget manunggal mujudaken cagak ingkang kiyat, ingkang jejeg lan bakoh supados pembangunan Kabupaten Klaten saget lumampah kanti gancar miwah saged handayani kamulyaning sedoyo wargo ing Kabupaten Klaten.

Dumateng para pini sepuh, para kadang sutresna lan sedaya warga Klaten ingkang bagya mulya;

Wonten wekdal ingkang sae meniko kepareng kulo ugi bade caos pirso dhumateng para sesepuh, pini sepuh dalasan para tamu sedayanipun lan para panderek upacara, bilih awit panyengkuyung

(7)

panjenengan sedaya Kabupaten Klaten ing Tahun 2022 (Kalih Ewu Ro likur) meniko p i n a r i n g a n pangaji - aji

saking pamarintah Provinsi menopo dene pamarintah pusat ing antawisipun :

- Ingkang sepisan pangaji-aji saking Badan Pemeriksa Keuangan Republik Indonesia (BPK RI) babagan palaporan keuangan Warsa 2021 (Kalih Ewu Selikur), awit pangaji – aji meniko Kabupaten Klaten kasil hanggayuh 4 (sekawan) Opini Wajar Tanpa Pengecualian (WTP) turut temurut ingkang sampun kawiwitan saking warsa 2018 (kalih ewu wolulas) dumugi 2021 (kalih ewu selikur);

- Ingkang ongko kalih pangaji-aji saking Menteri Dalam Negeri babagan

(8)

Akuntabilitas Kinerja;

- Ingkang ongko tigo pangaji-aji saking Menteri Pemberdayaan Perempuan dan Perlindungan Anak babagan Anugerah Parahita Ekapraya Tingkat Madya;

- Ingkang ongko sekawan pangaji-aji saking Komisi Perlindungan Anak Indonesia (KPAI) babagan Kabupaten Layak Anak (KLA) Peringkat Madya;

- Ingkang ongko Gangsal pangaji-aji saking Menteri Kesehatan babagan Kesehatan Lingkungan, Apresiasi Protokol Kesehatan;

- Ingkang ongko enem Pangaji-aji saking Kepala Arsip Nasional babagan Pengawasan Kearsipan;

- Ingkang ongko Pitu Pangaji-aji saking

(9)

Badan Kependudukan dan Keluarga Berencana Nasional (BKKBN) babagan progam Bangga Kencana;

- Ingkang ongko Wolu pangaji – aji saking Menteri Pendayagunaan Aparatur Negara babagan Pelayanan Publik;

- Ingkang ongko Sanga pangaji – aji saking Kementerian Pertanian babagan Hak PVT Varietas pari Rojolele Srinar, Srinuk;

- Ingkang ongko sedasa pangaji-aji saking Menteri Dalam Negeri babagan Kabupaten Inovatif.

Lan tasih katah pangaji-aji sanesipun kadosto pangaji – aji TOP BUMD, pangaji – aji istimewa Bupati peduli Tembakau, ugi pangaji – aji saking MURI babagan penyemprotan eco enzyme. Mugi – mugi pangaji – aji puniko dados panjurung

(10)

dhumateng kita sedaya satemah Kabupaten Klaten langkung mulya lan kuncoro hanjayeng bawono.

Sagung para rawuh lan sedaya penderek upacara ingkang winantu suka rahayu;

Ngaturi uningo bilih pageblug Covid – 19 dereng sirna, sanadyan sampun wonten kelonggaran kagiyatan masyarakat lan kahanan nagari kelebet kahanan ing Kabupaten Klaten sampun sae, namung kulo nyuwun dumateng sedoyo wargo masyarakat ing Kabupaten Klaten supados tansah njagi kasarasan lan tetep taat Protokol Kesehatan. Pramilo wonten wekdal ingkang sae puniko kula ngaturaken matur nuwun dumateng kadang Forkopimda, TNI –

(11)

POLRI, dokter, perawat lan para relawan awit panyengkuyunganipun saenggo lumampahing pamarintahan lan utaminipun penanganan Covid – 19 saged lumampah kanti sae lan lancar.

Dumateng para pini sepuh, para kadang sutresna sedaya warga Klaten ingkang bagya mulya;

Mekaten ingkang saget kula aturaken, ing mangajab mugi – mugi sedaya pakaryan ingkang nembe lan badhe kita tindakaken wonten ing Pamarintahan Kabupaten Klaten punika saget nuwuhaken kasil ingkang langkung sae, manfaat, sarta saged mujutaken visi Kabupaten Klaten ingkang maju, mandiri lan sejahtera. Sugeng makarya, sugeng hanindakaken gati, mugi Allah Subhanahu wa Ta’ala tansah hangijabahi

(12)

sedaya dongo miwah panyuwunan sedayanipun. Kirang lan langkungipun nyuwun agunging pangaksami.

Tindak Prambanan Mirsani Candi;

Minggah Sekedik dumugi Gunung Merapi;

Sedoyo Wargo Klaten Kakung lan Putri;

Monggo sesarengan Nyawiji Hanggayuh Mukti.

Cekap semanten, Matur Nuwun;

Wabillahi Taufiq wal Hidayah.

Wassalamu’alaikum Warahmatullahi Wabarakatuh.

BUPATI KLATEN Hj. SRI MULYANI, S.M.

Referensi

Dokumen terkait

For this reason, efforts to use land and nature that are focused on the establishment of the Leuwikeris dam, which is located in Ciamis Regency, are at least able to

Keywords Lekra, priyayi, persecution, postcolonial, third space, subalternization INTERROGATING INDONESIAN NEW ORDER’S NARRATIVE OF GESTAPU The Leftist Nobles and the Indonesian