• Tidak ada hasil yang ditemukan

sabdatama bupati klaten

N/A
N/A
Protected

Academic year: 2023

Membagikan "sabdatama bupati klaten"

Copied!
11
0
0

Teks penuh

(1)

BUPATI KLATEN

SABDATAMA BUPATI KLATEN WONTEN ING ADICARA MANGAYUBAGYA HADEGING

KABUPATEN KLATEN KAPING 215 WARSA 2019

SURYA, 28 JULI 2019 Bismillahi rakhman nir rokhim;

(2)

Assalammu‘alaikum waraokhmatullahi wa barakatuh;

Katentreman, kabahagian miwah kamulyan saking sih wilasaning Gusti Ingkang Maha Agung, mugya tansah manjing kajiwa lan kasalira dateng kulo lan panjenengan sedaya lumeber lan wuradin sagung dumadi.

 Dumateng para sesepuh, pini sepuh tuwin para pepunden dalasan tokoh masyarakat Klaten ingkang pantes kinabekten;

 Dumateng para pangarsaning Organisasi Wanita ingkang kulo hormati;

 Dumateng para pangarsaning Ormas keagamaan ingkang kulo hormati;

(3)

 Dumateng para pangarsaning Ormas Kepemudaan ingkang kulo hormati;

 Dumateng Sekda Klaten, para Asisten, Staf ahli, anggota DPRD, Kepala OPD lan sedoyo para pangarsaning pamarintahan ing sadengah tataran ingkang sinudarsana, sumrambah para penderek Upacara ingkang bagyo mulyo.

Kanugrahan ingkang agung saking Allah Subhannahu wa Ta’ allá, injih Gusti Ingkang Maha Mirah lan Maha Asih, Hanyarengi sumunaring sang Bagaskoro ing wanci enjang meniko, kula lan panjengengan sedaya saged kempal manunggal anggelar “UPACARA PENGETAN HADEGING KABUPATEN

(4)

KLATEN INGKANG KAPING 215 (KALIH ATUS GANGSAL WELAS) WARSA 2019 (KALIH EWU SONGOLAS)” kanti swasana kebak ing karohmatan lan kabahagian.

Sinartan panyuwunan dongo lan pamuji mugi sedaya warga masyarakat Kabupaten Klaten mliginipun keluarga ageng Pamarintah Kabupaten Klaten tansah ginanjar gesang ingkang ayem, tentrem, bagas waras wilujeng, sumimpang saking gudo rencono cinaketno ing karaharjan, lan tansah tinuntun dateng margi ingkang leres, saenggo saged nindakaken jejibahan luhur mujutaken Kabupaten Klaten ingkang maju, mandiri lan berdaya saing.

(5)

Ugi tetep pinunjul lan misuwur ing Nagari Indonesia.

Dumateng para sepuh, para kadang sutresna sedaya warga Klaten ing bagya mulya,

Kanti pengetan Adenging Kabupaten Klaten ingkang kaping 215 (kalih atus gangsal welas) punika, kula hanggadahi panyuwunan dateng sedaya para pangarsaning pamarintahan ing sadengah tataran, lan sedaya masyarakat ing Kabupaten Klaten, mugi saged gesang tembayatan kanti Guyub Rukun Nyawiji Hambangun Nagari jumbuh kalian thema Pengetan Hadeging Kabupaten

(6)

Klaten Warsa 2019 (Kalih Ewu Songolas) meniko.

Awit kulo hanggadahi pemanggih bilih majenging wewangunan ing Kabupaten Klaten meniko, mapan wonten tanggel jawabipun sedaya pangarsaning pamarintahan ingkang sinangkuyung dening warga ageng masyarakat Kabupaten Klaten, kanti meniko, warga Klaten kedah sregep lan sengkut, gumregut makarya. Utaminipun para abdining nagari kedah saged leladi dateng masyarakat kanti tumindak ingkang lembah manah, sumeh lan sumanak. Sanesipun meniko para abdining nagari kedah saged njagi pakurmatan diri, gegulang lampah utomo lan luhur saha nebihaken saking tumindak

(7)

nisto lan culiko, ingkang sak lajengipun kulo ugi ngajak dateng para kadang pemuda lan pemudi ing Kabupaten Klaten, mugi mboten kerut lan kentir saking ombaking jaman modern, kadosto miras, narkoba, pasrawungan bebas ingkang tanpo winates lan ugi sak lebetipun ginakaken media sosial kedah saged milah lan milih pundi pawartos ingkang leres lan pundi pawartos ingkang palsu utawi hoax.

Dumateng para sepuh, para kadang sutresna, sedaya warga Klaten ing bagya mulya,

Wonten wekdal ingkang sae lan kebak ing kabahagian meniko, kepareng

(8)

kulo ugi bade caos pirso dateng para sesepuh, pini sepuh dalasan para tamu sedayanipun, lan para panderek upacara, bilih awit panyengkuyung panjenengan sedaya Kabupaten Klaten ing Tahun 2019 (Kalih Ewu Songolas) meniko, katah pikantuk pangaji-aji saking pamarintah Propinsi menopo dene pamarintah pusat ing antawisipun:

1. Ingkang sepisan pangaji-aji saking Badan Pemeriksa Keuangan Republik Indonesia (BPK – RI) babagan palaporan keuangan Warsa 2018 (Kalih Ewu Wolulas) inggih puniko WTP;

2. Ingkang ongko kalih pangaji-aji saking Departemen Pertanian babagan Varietas pari Rojolele ingkang dipun paring asmo Srinar lan Srinuk;

(9)

3. Ingkang ongko tigo saking Menteri Pendayagunaan Aparatur Negara babagan SAKIP ingkang nilainipun B;

4. Ingkang ongko Sekawan saking Badan Nasional Penanggulanangan Bencana (BNPB) babagan Sikap Tanggap Bencana dateng Bupati Klaten;

5. Pikantuk predikat Kabupaten Layak Anak Tingkat Madya saking Kementrian Pemberdayaan Perempuan dan Perlindungan Anak Republik Indonesia

Lan tasih katah pangaji-aji sanesipun, ananing senajanto mekaten ugi tasih wonten gegayuhanipun Kabupaten Klaten ingkang dereng ginayuh, ing antawisipun pangaji-aji babagan karesikan Kuto Klaten ingkang Arupi, piala Adipura. Pramilo

(10)

monggo kanti pengetan Adeging Kabupaten Klaten ing dinten meniko, kulo ngajak dateng sedaya warga Klaten sesarengan makaryo lan mbudidoyo njagi karesikan lan endahing lingkungan kanti sregep gotong royong amrih Klaten Tetep Bersinar.

Dumateng para sepuh, para kadang sutresna ingkang minulya,

Kanti raos mongkok lan bingahipun manah, kula aturaken panuwun dumateng para kadang-kadang panawung krida ingkang sampun makarya nyamektakaken upacara punika. Atur panuwun ugi kula aturaken dumateng para lenggah, para Forkopimda, para pangarsa paprentahan mliginipun para pandherek anggrasuk

(11)

busana kejawen jangkep kagem mangayubagya wiosan Kabuparen Klaten Klaten ing dinten punika.

Sugeng makarya, sugeng

hanindakaken gati, mugi Allah Subhanahu wa Ta’ala tansah hangajabahi sedaya dongo miwah panyuwunan sedayanipun.

Makaten ingkang saged kula aturaken.

Rahayu, rahayu, rahayu ingkang samya pinanggih.

Wabillahi Taufiq wal Hidayah.

Wassalamu’alaikum Warahmatullahi Wabarakatuh.

BUPATI KLATEN Hj. SRI MULYANI

Referensi

Dokumen terkait

RANTAMAN TITILAKSANA UPACARA MENGETI HADEKING KABUPATEN KLATEN INGKANG KAPING 215 Dinten/surya : Minggu, 28 Juli 2019 Wanci tabuh : 07.30 WIB Papan Upacara : Alun-Alun Klaten Pangarsa

Salary Gnde Basic Salary perXonth Relevant Educatbn Relevant Erperience Relevant Training Eligibility Place of Assignment One 1 TTDE OBSERVER Not/Applicable Php 12,019.00