• Tidak ada hasil yang ditemukan

Penilaian Sumatif Tengah Semester II Bahasa Jawa Kelas 5 Semester 2

N/A
N/A
ERICHA CINDY ARTANTI

Academic year: 2024

Membagikan "Penilaian Sumatif Tengah Semester II Bahasa Jawa Kelas 5 Semester 2"

Copied!
4
0
0

Teks penuh

(1)

YAYASAN AR ROIS

SEKOLAH DASAR ISLAM TERPADU (SDIT) AL HAROMAIN Desa Sidorejo Kecamatan Sawahan Kabupaten Nganjuk JAWA TIMUR Kode POS 64475 Email: [email protected]

ASSESMENT SUMATIF TENGAH SEMESTER II TINGKAT SEKOLAH DASAR (SD) TAHUN AJARAN 2023/2024

Tanda tangan Orang tua

Mata pelajaran : Bahasa Jawa Kelas/Semester : 5 /2

Hari/Tanggal : Rabu/20 Maret 2024 Waktu : 07.40-08.40

Nama :...

Nomor Induk : ...

Sekolah :...

Nilai

A. Wangsulana pitakon ing ngisor iki kanthi milih salah siji wangsulan kang bener!

Gatekna Wacan ing ngisor iki ! ( kanggo jawab soal nomer 1-5) Kebun Teh Jamus

Kebun teh jamus mapan ana ing kutha Ngawi. Papan iki kalebu papan wisata unggulan kang bisa dadi jujugane para wisatawan. Saben wayah preian mesthi akeh para wisatawan sing padha plesiran ing papan kene. Saliyane hawane adhem papan iki uga nyuguhake sesawangan kang endah nyengsemake ati. Nalika para wisatawan mlebu ing papan iki bakal disuguhi wit-witan teh kang ijo royo-royo. Ing papan kono uga, ana sawijining sumber lanang lan wadon kang banyune bening tur seger. Mula ora mokal menawa papan iki dadi aset wisata kang perlu dilestarekake.

1.Wacan ing ndhuwur yen dideleng saka isine kalebu jinise teks….

A. narasi C. eksposisi B. dheskripsi D. argumentasi

2. Kebun teh jamus mapan ana ing kutha…

A. Madiun C. Ngawi B. Nganjuk D. Malang

3. Kebun teh jamus kalebu papan wisata unggulan buktine….

A. ramene mung yen pas preian C. papane adhem lan akeh wit-witane B. dadi jujugane para wisatawan D. mlebune kudu tuku karcis dhisik

4. Saben wayah preian mesthi akeh wisatawan sing padha plesiran ing papan kene. Tembung “plesiran”

tegese….

A. Sinau B. rekreasi C. mondok D. nginep

5. Saliyane nyuguhake sesawangan wit-witan kang asri papan iku uga nyuguhi….

A. warung-warung C. sawah kang ombo

(2)

B. sumber lanang lan wadon D. alas kang wingit

6. Teks sing nggambarake sawijine bab kanthi kahanan sing sabenere kang ndadekake para pamaca kaya- kaya weruh dhewe, ngrasakake dhewe, lan ngalami dhewe bab sing diandharake diarani teks….

A. Dheskripsi B. Eksposisi C. Narasi D. Komplikasi 7. Sing kalebu strukture teks dheskripsi yaiku….

A. dheskripsi umum, komplikasi, lan dheskripsi bagian B. idhentifikasi umum, idhentifikasi bagian, lan klasifikasi C. dheskripsi umum, klasifikasi, lan dheskripsi bagian D. idhentifikasi umum, komplikasi, lan idhentifikasi bagian

8. Gancaran kang isine njlentrehake kedadeyan kanthi urutan wektu diarani teks….

A. Dheskripsi B. Eksposisi C. Narasi D. Komplikasi 9. Salah sijine ciri utawa titikane teks dheskripsi yaiku…

A. nggambarake kedadean kanthi cetha B. isine mujudake asil laporan kegiatan C. nggambarake panyaruwe saka penulis D. isine mujudake rerangkene crita sing urut 10. Sing kalebu strukture teks dheskripsi yaiku….

A. Dheskripsi umum, komplikasi, lan dheskripsi bagian B. Idhentifikasi umum, idhentifikasi bagian, lan klasifikasi C. Dheskripsi umum, klasifikasi, lan dheskripsi bagian D. Idhentifikasi umum, komplikasi, lan idhentifikasi bagian

11. Unen-unen kang gumathok kanggo nyandra perangane awak, solah bawa, lan kahanan adhapuk pepindhan diarani…

A. Panyandra B. Panyendhu C. Pepindhan D. Parikan

12. Ukara kanggo ngumpamakake utawa mindhakake apa bae kang tegese emper-emperan diarani…

A. Panyandra B. Panyendhu C. Pepindhan D. Parikan

13. Unen-unen cacahe rong gatra, gatra kapisan minangka pambuka, dene gatra kang kapindho minangka isine lan nggunakake purwakanthi swara diarani...

A. Panyandra B. Panyendhu C. Pepindhan D. Parikan

14. Unen-unen kang gumathok ora ngemu surasa pepindhan. Kanggo nelakake rasa ora seneng ing ati babagan awak, solah bawa diarani...

(3)

A. Panyandra B. Panyendhu C. Pepindhan D. Parikan

15. Bocah loro kuwi pasedulurane kaya banyu karo lenga, karo dulure ora bisa rukun. Ukara ing ndhuwur nggunakake tembung….

A. Panyandra B. Panyendhu C. Pepindhan D. Parikan

16. Kecik isine sawo, rambut brintik kaya gendruwo. Ukara ing ngene iki diarani….

A. Panyandra B. Panyendhu C. Pepindhan D. Parikan

17. Cukat trengginas kaya sikatan nyamber walang iku kanggo mindhakake…

A. Sesambate B. Tingkah polahe C. Tandang gawene D. Sesumbare

18. Bocah kuwi ayu tenan, rambute ngandhan-andhan, tangane nggandewa pinenthang, bangkekane….

A. jambe sinigar B. nawon kemit C. miji timun D. mucuk eri 19. Bocah iku yen disawang pipine ....

A. manggis karengat B. nyela cendhani C. nduren sajuring D. ngandhan-andhan

20. Ukara ing ngisor iki terusna supaya dadi parikan! Wedang bubuk gula tebu, mata ngantuk….

A. Njaluk turu B. Njaluk dhuwit C. Ngajak mangan D. Entuk melu

B. Soal ing ngisor iki garapen manut prentahe!

21.Apa Sing diarani teks dheskripsi?

Wangsulan:………,………,

………..

22. Sebutna titikane utawa ciri-cirine teks dheskripsi!

Wangsulan:………,………,

………..

23. Apa bedane teks dheskripsi karo teks narasi?

Wangsulan:………,………,

………..

24. Sebutna strukture teks dheskripsi!

Wangsulan:………,………,

………..

25. Apa tujuan e wong nulis teks dheskripsi?

Wangsulan:………,………,

………..

26. Terangna apa sing diarani tembung panyandra!

(4)

Wangsulan:………,………,

………..

27. Terangna apa sing diarani tembung panyendhu!

Wangsulan:………,………,

………..

28. Terangna apa sing diarani pepindhan!

Wangsulan:………,………,

………..

29. Terangna apa sing diarani parikan!

Wangsulan:………,………,

………..

30. Terangna tegese tembung sing dicap kandel jroning ukara ing ngisor iki!

a. Bocah kuwi untune miji timun, yen ngguyu katon manis.

Wangsulan:………,………

b. Wong sing irunge pesek kuwi aja dielokne lo ya!

Wangsulan:………,………

c. Sawangen bocah sing lungguh mburi kae polahe anteng kitiran.

Wangsulan:………,………..

Referensi

Dokumen terkait

KISI KISI SUMATIF TENGAH SEMESTER STS / PENILAIAN TENGAH SEMESTER PTS GENAP TAHUN PELAJARAN 2022/2023 MAPEL : ……… No Muatan Pelajaran Kompetensi Dasar Indikator Soal Bentuk Soal

Soal Asesmen Sumatif Tengah Semester (ASTS) Genap Bahasa Indonesia Kelas 5

2022-2023 1 KUNCI JAWABAN DAN PEDOMAN PENILAIAN SUMATIF TENGAH SEMESTER STS KELAS I SATU SEMESTER GANJIL TAHUN PELAJARAN 2022/2023 Mata Pelajaran : Pendidikan Agama Islam dan

Soal ujian sumatif akhir semester II mata pelajaran Seni Rupa untuk siswa kelas 1 (satu) semester

Penilaian akhir mata pelajaran Bahasa Indonesia untuk siswa kelas 9 semester genap tahun ajaran

Lembar penilaian sumatif akhir semester untuk mata pelajaran Pendidikan Pancasila kelas

Penilaian Sumatif Akhir Semester Mata Pelajaran Matematika Kelas

Soal ujian bahasa Jawa untuk semester pertama siswa kelas 5 yang berisi tentang materi teks