TATA BAHASA JAWA
(WIDYA TEMBUNG & WIDYA
MAKNA)
Widya makna podo karo semantik, tata makna.
Widya tegese ilmu lan makna tegese arti utawa Surasa.
Widya makna kalebu ilmu basa kang ngrembug bab teges lan bab-bab kang magepokan karo ilmu teges lan gandheng-cenenge.
Widya Suara, widya tembung lan widya ukara kudu nggatekake Widya makna. Menawa ora nggatekake widya makna, kabeh bisa tanpa guna.
Conto: iwak mangan kucing
Sing dirembug ing widya makna yaitu sinonim, antonim, homonim, hiponim, Polisemi, ambiguitas, jinising makna, lan tanda sarta simbol
Sinonim yaiku tembung-tembung kang wujud lan panulisan duwe teges padha utawa meh padha.
Sinonim ana ing basa Jawa diarani dasanama.
Sinonim basa Jawa akeh banget. Isa digoleki ana ing basa ngoko,ngoko lugu, ngoko andhap antyabasa, ngoko andhap basa antya, ngoko éndah, ngoko kasar (basa kasar), bagongan ngastina, basa kadéwatan, wrédha krama, mudha krama, kramantara, krama inggil, krama kasa (dêgsura), krama éndah, krama miring, madya krama, madyantara, lan madya ngoko conto: turu, tilem, sare, nendra, micek, mbathang, lll.
Conto:
wong kae asmane Sedya Siswodikrama Wong kae jenenge Sedya Siswadikrama
Conto sinonim ing ukara:
Aku uwis numpak motor kuwi Motor kuwi uwis daktumpaki Conto sinonim ing frasa:
Pak krama iku simbah kakungku Pak krama iku bapake bapakku
Antonim yaiku tembung utawa ukara kang duwe teges walikan, contoh gedhe-cilik, bungah-susah.
Gedhe-cilik ayo padha rawuh nang alun-alun mirsani layar tancep.
Bungah susah kudu dilakoni
Conto antonim wujud frasa bisa nganggo tembung:
ora, dudu.
Iki motor anyar
Iki motor ora anyar Iki blangkon jogja
Iki dudu blangkon jogja
Antonim basa Jawa diperang Dadi papat yaiku:
1. Antonim mutlak, contone mati-urip?, lanang-wadon lara-waras
2. Antonim tingkatan utawa berjenjang,
contone enom-tuwa, sugih-mlarat, dawa- cendhak
3. Antonim arah, contone: lor-kidul, wetan- kulon, ngisor-ndhuwur, kiwa-tengen
4. Antonim walikan, contone: laki-rabi, dokter pasien, kaki-nini
Homonim yaiku tembung siji kang tulisan lan pengucapannya sarwa padha. Sanajan mangkono ora ateges maknane uga melu padha nanging maknane malah beda Jalaran asale saka tembung kang Beda.
Dadi homonim iku tembung kang padha pangucape nanging beda teges utawa surasane.
Conto:
Ngukuri, guling, duka
Homonim dipilah dadi loro, yaiku homofon lan homograf
1. homofon, sing dipentingake swara utawa uni. Homofon yaiku rong tembung utawa luwih kang unine padha nanging tegese beda, utawa beda tulisan lan surasane nanging uni utawa pocapane meh padha utawa padha. Conto: parap-parab
2. Homograf, rong tembung utawa luwih kang padha panulisane nanging ora padha tegese, conto teken, cemeng, kendel, bebek, lll.
Hiponimi
Yaiku tembung kang tegese kaanggep dari perangane tembung liya, utawa surasane tembung iku ana ing panguwasane tembung liya. Ana ing basa Indonesia, kayadene kata umum lan kata khusus.
Conto:
Abang-putih, ijo, kuning kuwi kagolong panguwasaning tembung warna
Polisemi, yaiku tembung kang ngemu teges luwih saka siki. Polisemi isa dingerteni karepe yenta tembung iku dumunung ana ing ukara. Polisemi bisa kanggo sarana ngrembakakake istilah.
Conto: sampun, kalih.
Ambiguitas, yaiku tembung, frasa, utawa ukara kang mangro teges utawa maknane isa ditapsirake liya. Conto: ngukuri
Jinising makna
1. Makna kang mringkus, yaiku maknaning tembung kang surasane saya mringkus.
contone tembung sujana biyen nduwe teges:
wong kang pinter utawa linuwih lan cubriya.
Saiki tembung sujana ngemu teges cubriya (ing basa Indonesia curiga).
tembung laki, tegese bojo/suami, wong lanang, lan sanggama. Saiki mung ngemu teges
sanggama
pasar-pasar kewan -pasar kembang
-pasar maling -pasar malem
2. Makna kang melar
yaiku makna kang luwih bawera tinimbang sakdurunge, conto: kembang, amplop, apel
conto: kembang -kembang - wong ayu
3. Makna kang geseh
sawijining tembung biasa geseh surasane amarga obah-owaning kaanan. Conto: germa, preman.
4. Makna kognitif
diarani uga makna deskriptif utawa denotatif.
Makna konotatif nuduhake anane sesambungan antarane gagasan kang ana ing pikiran utawa konsep lan kasunyatan. Conto wedhus kendhit
5. Makna konotatif
makn konotatf nuduhake menawa surasaning tembung utawa surasane frasa iku ora kaya kang ana ing tembung utawa frasa kasebut, nanging ana teges liya utawa surasa liya kang melu nempel ing tembung utawa frasa iku. Conto: kembang, ngobongi
6. Makna leksikal lan gramatikal
makna leksikal iku makna sawijining tembung nalika tembung iku isih madeg
dhewe/mardika/isih bebas.
conto, putri solo
7. Makna referensial
yaiku makna kang langsung nunjuk marang tembung kang dikarepake, utawa maknane ana sesambungane karo kasunyatan lan biasane minangka “hasil kesepakatan bersama”. Conto
sikil (Jawa)-kaki (Melayu)-suku (Sunda)
gegayutane karo simbol menawa ana gambar sendhok lan porok.
tembung sendhok lan porok mujudake lambang utawa simbol sarana kanggo mangan, mujudake pikiren, ide, utawa konsep, dene gambar sendhok lan porok mujudake acuan.
8. aspek, kala, lan modhus
A. aspek bisa nuduhake suwening tumindak lan jinising tumindak kang ana ing tembung kriya, mula ngandhakake sawijining kaanan utawa
situasi. Conto: wiwit, lagi, uwis Purwa, madya, wasana?
Tuladha liyane: isih, biasa, kerep, kadhang, tansah, arang, arep, kepengin
B. Kala, kanggo nuduhake wayah. Conto biyen, wingi, wingine, sesuk, sesuke, sukmben,
wingi awan, wingi sore, wingi esuk, wingi mbengi, wingi senin, lst.
C. Modhus, modhus iku tumempel ing tembung kriya lan ngandhakake kaanan
kajiwan sawijining tumindak manut tafsirane awake dhewe utawa kepiye sikape uwong kang micara tumrap ukara kang kaucapake dhewe. Conto: arep, mesthi, bisa, entuk, kepengin, kudu, arep bisa, mesthi arep, manut pangiraku, miturut panemuku
D. Arah
Arah ing basa Jawa padha karo ing basa Indonesia, kayata lor, kidul, kulon, lan lor. Antarane wetal lan kidul disebut kidul wetan, lst
bablas/lempeng, ngiwa banjur nengen?