Assalamu’alaikum Wr Wb
Ingkang kinurmatan KH, Mashuri Abdurrohim, Bapak Kepala Sekolah Ust Mualif
M.Pd ugi Ustadz lan Ustadzah ingkang satuhu luhuring budi lan rencang-rencang SMP Unggulan ingkang kula tresnani
Sepindah sumangga kula lan panjenengan sedoyo ngaturaken puji syukur marang Gusti Allah ingkang maha luhung lan tansah paring nikmat lan rahmat sahinggo kula lan panjenengan taksih saged golek ilmu, yaiku nindakaken sekolah.
Kaping kalih, jumeneng kula wonten ngajenge panjenengan sedoyo minangkakagem ngaturaken sesorah bab keragaman budaya.
Indonesia sugih ajeng seni lan budaya, amargi Indonesia madeg saking kathah suku, bangsa, basa, tarian, lan kathah sanesipun. Dados tuladha acara Gelar Karya P-5 sak menika ingkang mendhet tema Bhinaka Tunggal ika, wiwit saking desain panggung, peserta lan panitia ngangge rasukan adat saking pinten-pinten macem laladan.
menika wajib kita lestarekake lan diamalake kagem mujudake pengarep- arep cita-cita kamardikan urip makmur, adil lan sejahtera.Yaiku minangka pelajar / murid, kita wajib semangat lan mempeng
anggenipun sinau. Lan minangka pemuda (usia produktif) kita kedah semangat lan sregepanggenipun ngelestariaken budaya bangsa Indonesia.
Menika inkang punika tuladha maneka-werni budaya Indonesia rupinipun tarian laladan saking pinten-pinten macem laladan.
Cekap semanten atur kawula
Numpak sepur nggawa tali Mbok bilih wonten klenta-klentunipun atur kula nyuwun agunging pangaksamiWassalamu’alaikum Wr. Wb.