Tugas Filsafat Jawa
“Joglo”
Nama:
1. Estu Aditya Pratama (24020230055) 2. Rizki Muhamad (24020230078)
A. Ontologi
Joglo inggih menika omah tradhisional ingkang wonten saking asiling kabudayan arsitektur Jawa, mliginipun saking jaman Kasultanan Mataram Islam. Kala rumiyin, Joglo menika namung kepanggih wonten ing Kraton utawi Ndalem Kepangeranan. Pramila, Joglo menika saged dados pralambang kalenggahan utawi kasta saking sawijing tiyang. Ananging, wekdal samenika kawontenan Joglo menika boten katingal kraton-sentris malih amargi sampun kathah wonten ing masarakat umum.
B. Epistimologi
Joglo menika asalipun saking tembung ‘tajug loro’ minangka pralambang gunung ingkang cacahipun loro. Gunung loro menika saged katingal saking perangan ingkang dipunwastani
‘tumpangsari’ saha katingal saking perangan ‘payon’ ingkang dhuwur kados dene gunung. Gunung menika pralambang sawijing papan ingkang inggil. Amargi, saking kabudayan Hindu-Buddha menika pitados bilih papan ingkang inggil menika suci saha kiyat gayutanipun kaliyan para Dewa.
Wonten ing salebeting Joglo menika wonten kathah perangan, inggih menika:
1. Saka Guru: utawi ‘sakaning guru’ awujud 4 saka tengah minangka pralambang 4 arah mata angin ingkang winastan Manunggaling Kiblat Papat utawi Kiblat Papat Lima Pancer.
Ruwang ingkang wonten ing salebeting saka guru menika ugi minangka pralambang ‘jagad alit’ (manungsa) lajeng, ruwang ingkang wonten ing sajawinipun saka guru menika pralambang ‘jagad gedhe’ (jagad raya) ingkang gayut kaliyan Kosmologis Jawa.
2. Tumpangsari: blabag ingkang dipuntumpangaken wonten sainggiling saka guru.
Tumpangsari minangka pralambang gunung kala wau saha pralambang manungsa saha Gusti, katingal saking tumpangsari menika lancip wonten ing pucukipun saha awit wontenipun ‘nanasan’ ingkang ngandhut teges “Hablum minannas”.
3. Umpak: kadamel saking watu ingkang dipunukir kanthi motif ‘sekar padma’ minangka pralambang kasucen, kiyat, saha teteg. Sekar padma menika ugi asiling kabudayan saking jaman Hindu-Buddha, inggih menika pralambang jagad kadewan.
C. Aksiologi
Kados dene ingkang sampung dipunandharaken wonten ing nginggil, wonten ing rikala semanten Joglo menika dipunginakaken minangka ndalem utawi griya, mliginipun dening para Pangeran utawi Sentana Dalem. Dados, ancasipun Joglo menika, minangka kagiyatan padintenan para priyayi agung. Ananging, awit saking Joglo menika sampun boten kraton-sentris kemawon wonten ing wekdal samenika, dados Joglo menika ugi saged ancas kangge babagan sanesipun, inggih menika:
• Dipunginakaken wonten ing acara adat utawi acara ingkang gayut kaliyan kabudayan, kados dene panggih temanten, gladhen saha ngantos pagelaran kesenian, lan ugi acara- acara sapiturutipun.